MOJOK.COOra usah ngangkon anakmu dadi petani, mesakke. Dol wae sawahe dienggo gawe apartemen utawa perumahan. Mesakke investor ra duwe lemah!

Aku wis mulai ora percoyo karo unen-unen: “Sopo seng nandur bakal manen.”

Kon percoyo piye yen kahanan seng tak rasakke tur deloki dewe koyo mengkene.

Sekirane rong sasinan kepungkur, tonggo teparo termasukke aku rame-rame ngawiti nandur brambang. Bibit brambang seng regane selangit sap pitu kae tetep kudu dituku. Ora mung kuwi, rabuk seng biasane mblader nek lagi ora dibutuhke ujuk-ujuk dadi longko, golekkane angel koyo kowe nak arep ditagih utang, tur ngono regane yo larang.

Maneko werno obat-obatan kanggo nyemprot, koyok toh obat kanggo mateni suket, obat kanggo nyuburke godong brambang, obat kanggo nggedekke brambange, obat kanggo ngabangke brambang gen koyok lambemu, obat kanggo jamur, obat kanggo uler, obat kanggo kaper, lan obat kanggo liya-liyane. Kabeh mau ora ono seng murah nak kanggo dompete petani koyok aku iki.

Ora mung bibit, rabuk karo maneko werno obat-obatan seng dibutuhke. Tenogo kanggo ngrekasani kuwi yo ora maen-maen. Isuk, awan, sore, bengi ora leren leh ngrumati, koyok ngrumat bayi.

Isuk-isuk pajar ireng seng sak jane enak-enakke kanggo kelon, wong tani kuwi wis kudu mangkat neng sawah karo nggendong semprot. Rampung nyemprot terus mbubuti suket sekalian metani siji-siji tandurane kanggo ngecek nak menowo ono ulere utowo penyaket liyane.

Baca juga:  Carane Dakwah kanggo Masyarakat sing Wis Mawut

Sore-sore yen kowe-kowe mbok lewati karo ngombe kopi sinambi nyawang wit kates utowo rondo bolongmu neng pekarangan, terus menikmati senja seng nangikke kenanganmu ambi cemceman seng wes dadi bojone koncomu dewe kuwi ora mashok nek kanggo wong tani, Mas. Ora mareki. Sore-sore yo mangkat makaryo maneh neng sawah, gaweane ora ono rampunge pokokke.

Wayah mbengi seng sak jane wayahe ndelok Mbak Andin karo Mas Aldebaran ambung-ambungan tapi ra sido-sido kuwi wahe petani tetep mangkat neng sawah. Lapo Mbak bengi-bengi neng sawah? Ajak tikus, Lek!

Rekosone koyok ngono kuwi yo ora opo-opo yen wayah panen regane kuwi mantesi. Ora usah larang-larangan lho ora opo-opo. Seng penting iso cukup dienggo nyarutang bank seng dienggo modal nandur mau karo ambi mangan sedino-dinone. Wong tani kuwi gampang syukure pokoke.

Lha seng marahi nggatheli petani kuwi yen wayah panen ujug-ujug regane mudun, mrosot jerune pol koyok loro atimu yen cemcemanmu ditelikung konco curhatmu. Rego brambang sekilo mung payu telung ewu lur, dienggo tuku wedak bagoran we iseh kurang. Jagung sekilo nek wayah panen ngunu kuwi yo mung wolung atus rupiah, pikiren jal. Nandur opo wae kok tukule utang.

Masalahe opo kok iso koyok ngene? Yo embuh, kuwi ora tugase wong tani. Tugase wong kae-kae seng sawangane pinter-pinter, sandangane resik-resik, gaweane neng kantoran seng ora ngrasakke udan panase nggarap sawah tapi duwe tanggung jawab momong petani seng koyok mengkene iki.

Baca juga:  Duwe Gawe Nggunakake Corong Genderuwo Kuwi Sontoloyo!

Mulo kuwi, wis ora usah duwe cita-cita dadi petani. Rekoso! Yo ora usah ngangkon anakmu dadi petani, mesakke. Dol wae sawahe dienggo gawe apartemen utawa perumahan. Mesakke investor kae ra duwe lemah. Dol wae sawahe dinggo modal dadi TKI. Dadi pahlawan devisa. Dol wae sawahe dinggo dadiyo pejabat wae utowo buzzer, sawangane kepenak.

Jarene Bung Karno, petani kuwi seng nyonggo tatanane negoro Indonesia. Lha terus kepiye yen ora ono maneh seng gelem dadi petani, sopo maneh seng arep ngolah tanah Indonesia seng subur iki?

Tenangno pikirmu poro sedulurku. Ora usah sumelang yen neng Indonesia wis ora ono petani maneh amergo kapok dadi wong tani. Pemerintahe awake dewe ki cerdas tur sugih-sugih. Petani bladrah wae impor opo maneh ora ono petani.

Nek masalah ngolah tanah tambah ora perlu dibingungke. Tanah neng Indonesia ki pancen subur. Ora mung tongkat seng dicublesno neng lemah seng iso thukul dadi tanduran. Semen karo wesi we yo iso tukul dadi sembarang kaler kok. Dadi hotel, dadi perumahan, dadi apartemen lan sak piturute. Bener orak lur? Ngono wae kok repot.

MONGGO KULO ATURI MAOS Vaksin Gratis Kanggo Masyarakat DIY Dibayari Danais? lan seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.