MOJOK.COAja ngerasa dadi wong paling apes gara-gara pandemi corona iki. Sebab, ning sawetara titik, nyatane awak dewe isih kelewat bekja tinimbang wong liya.

Wis rong wulan mbak sepupuku “diomahke” teka kantor, minangka dadi imbase pandemi corona sing gawe babak belur babagan ekonomi. Jan-jane kondisi mbak sepupuku iki ora nelangsa-nelangsa nemen. Merga untunge, semangsa ora kerja lan kejebak ora iso mudik, sitik akeh kebutuhan uripe disokong karo calon bojone. Tapi mbak sepupuku ini isih wae gampang ngersula, gampang ngeluh, dadi nesuan, lan kondisi atine gak stabil

Maklum wae, mbak sepupuku iki sebenere model wong sing mandiri, pekerja keras, lan ora gampang gumantung marang wong liya. Gek-gek karo calon bojone, ambek wong tuane dewe wae deweke hampir ora tahu jaluk duwit.

Biaya kuliah sampek arep nikah kabeh hasil rekasa golek dewe. Mula, wajar yen akhire mbak sepupuku iki dadi overthinking, kuatir dadi beban kanggo calon bojone sing saiki nanggung kebutuhane. Kuatir yen diarani dadi wong wadon sing ora migunani, isone mung nyusahke. Pikiran kaya mengkene umpama diterus-teruske iso-iso malah marakke kandase hubungan sik sedela maneh wis ngidak pelaminan.

Jalaran dadi adi lan kanca curhat sing apik, aku sak iso-isoku menehi pangerten ning mbak sepupuku supaya ngadepi pandemi corona iki ora mung kanthi jembar ati, nanging yo kanthi pikiran sing padhang. Umpama pantes diarani pitutur, menawa omongku iki banjur iso uga dinggo tuladha kanggo kanca-kanca sing maca tulisan iki.

Kapisan, coba alon-alon ngakoni yen ora kabeh kahanan iso awak dewe kendalikke. Ora kabeh perkara kelakon kanthi sak karepe awak dewe. Tegese luwih akeh perkara sing sak nyatane ana ning jobone kendaline awak dewe.

Umpama nganggo konsepe Filsafat Stoa; siji-sijine perkara sing sepenuhe iso awak dewe kendalikke yaiku mung mindset; cara pikire awak dewe nyikapi utawa ngadepi macem-macem kahanan kayata pandemi corona. Utawa misale ngutip apa jare Jonathan Pangborn (tokoh ning film Dr. Strange), nalika wis ora ana sing iso awak dewe perbuat gawe ngerubah keadaan, mung siji sing isih iso lan kudu awak dewe lakoni; berpikir bijak.

Banjur mengkono, coba miwiti delok pandemi corona iki nganggo “kaca mata” sing liya. Misale, ning pikirane awak dewe tansah dikebaki rasa getun lan pitakon-pitakon kayata; kenapa tho kudu ana pandemi sing akhire gawe pekerjaan kocar-kacir?

Baca juga:  Legenda Peci Putih Mbah Kiai Maimun Zubair

Iki umpama awak dewe gelem madhangke pikiran, dadine malah iso mikir kaya ngene; ah iyo yo, wis sak mestine pandemi iki ana. Merga, lak wis mengkono, awak dewe akhire menyadari yen apa wae sing awak dewe duweni lan banggak-banggakke saiki nyatane ora kelakon suwe.

Awak dewe iso wae entuk kerjaan mapan. Nanging, kerjaan kuwi iso uga ilang ha mung sak kedeping mata. Mula, kanggo apa kudu disesali banget. Merga amblas orane pekerjaan kuwi sejatine mung urusan wektu. Cepet utawa ceket wis mesthi bakal kedadian.

Kapindo, coba sadari yen ora mung awak dewe sing nandang susah ning mangsa pandemi corona iki. Awak dewe ora siji-sijine wong sing jungkir walik diajar corona. Bukak jendela utawa lawang omahe sampeyan, terus coba perhatikke, ning jobo kono malah ana sing nasibe luwih apes tinimbang nasibe awak dewe.

Contone, pekerja serabutan. Bayangke, dina-dina biasa wae deweke wis rekasa lan kepayahan olehe nyambung urip, apa maneh ing mangsa kaya saiki? Mestine tambah gedhe rekasane.

Kanggo mbak sepupuku lan sampeyan kabeh tak tekanke, tulung mandhek aja ngerasa dadi wong paling apes. Pegawe sing kena PHK nyatane yo ora mung awak dewe thok. Ana ewunan pegawe sing kepeksa dikon angkat koper saka kantor.

Ana atusan buruh sing kepeksa dilerenke saka pabrik panggone ngunduh duwit. Ning siji titik, mbak sepupuku iki malah luwih bekja. Hla kepiye ora bekja, wong masio mbak sepupuku iki ora mergawe, nanging ana calon bojo sing kanthi iklas ati siap sedia nyukupi keperluane deweke semangsa nganggur lan kejebak karantina wilayah.

Utawa misale, kondisine awak dewe sing serba kurang iki isih ketulung karo tangga teparo, sedulur, utawa kanca-kanca sing nasibe luwih apik sing wis sukarela ngulurke tangan, menehi bantuan, minimal menehi utangan. Banjur, apa masuk akal yen awak dewe ngerasa dadi wong sing paling babak belur?

Merga ora sitik, kok, wong sing kudu pontang-panting dewekan semangsa ngadepi ontran-ontran pandemi corona iki. Tanpa sanak, tanpa kanca, ateges bener-bener dewekan, ora entuk utangan. Umpama entuk utangan paling yo mentok nyilih ning lintah darat, malah ketambahan apes maneh.

Baca juga:  Kiai Kampung dan Sikap Kebijaksanaan

Mengkono kuwi, pancen iso dadikke awak dewe akhire ngerasa ora enak ati utawa sungkan marang wong sing nulung awak dewe kaya dene sing dialami mbak sepupuku. Tapi ngene, coba tak wenehi tuladha teka pengalamanku pribadi wae ben gampang.

Biyen, nalika awal-awal urip ning Surabaya, aku iki gencer banget ngerepoti mbak sepupuku. Saka daftar kampus, golek kos-kosan, sampek perkara sing liya-liya mesti mbak sepupuku iki tak libatke. Suwe-suwe aku malah ngerasa dadi beban lan isone mung nyusahke, persis kaya apa sing mbak sepupuku rasakke ning calon bojone saiki.

Nanging, jebul sing dirasakke mbak sepupuku—miturut pengakuane deweke—deweke ora ngerasa direpoti babar blas. Deweke yo ora nganthi nganggep aku dadi beban. Justru deweke ngaku seneng iso nulung aku. Yo ngunu kuwi kurang luwihe sing dirasakke calon bojone mbak sepupuku utawa wong-wong sing bantu awak dewe; ora ngerasa disusahke.

Dadi ora perlu mikir aneh-aneh. Ora usah angen-angen apa tho wong sing nulung awak dewe iki keberatan apa ora? Sing penting catet kuwi dadi acuan, mengko yen kahanane kewalik; awak dewe ning posisi luwih bekja, aja lali tinulung marang liyane sing lagi butuhke.

Ketelu, pandemi corona iki pancen gawe uripe awak dewe semrawut, dipecat, ora iso mudik, lan ora iso leluasa makaryo. Nanging, apa tau awak dewe mikir yen nyatane ana puluhan keluarga sing ngerasakke dampak apik teka situasi saiki? Misale, lantaran kebijakan kerja teka omah, akhire wektu kumpul karo keluarga ning omah dadi luwih akeh.

Yen wis ngerti kaya mengkono, kudune awak dewe melu bungah, tho. Dawuhe Gus Baha, bungahe wong liya kudune yo dadi bungahe awak dewe. Mosok awak dewe tega ngersula ning sajerone wong sing lagi bebungah?

Kuwi mana cara mikir sing mentala lan egois, mung mentingke awake dewe. Sepisan maneh, aja ngerasa dadi wong paling apes gara-gara pandemi corona iki. Sebab, ning sawetara titik, nyatane awak dewe isih kelewat bekja tinimbang wong liya.

MONGGO KULO ATURI MAOS Jogja Aman Corona Kui Tenanan Opo Ming Lamis e Pemrentah? utawi seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.