• 377
    Shares

MOJOK.COAkeh cah enom sing ora gelem kawin kanggo cara adat amarga nggawe ruwed lan boros. Jarene, paling wedding goals iki ya kaya ning film hollywood ngunu, neng suket-suket taman lan ora akeh sing diundhang.

Cah enom modheren milenial jaman saiki akeh sing wegah yen umpama rabi kudu salaman karo undangan cacahe 1000-2000 uwong, kang durung karuhan tepung utawa kenal marang sapa wae sing teka lan disalami. Pengine kawin acarane simpel, sedherhana, minimalis, ora kakehan petringsing adat istiadat.

Ko sik, mengko dhisik. Kok banjur apa-apa karepe digawe ringkes lan gampang kuwi kepriye juntrunge? Pancen nuruti tata cara adat kuwi ribet ruwed, lan thirik-thirik anggone nglakoni. Nanging ora banjur kuwi bisa dibusak utawa ditinggalke ngono wae. Sing jenenge adat ing kabudayan sadonya iki mesthi wae asline ribet!

Hla karepe cah enom saiki kuwi kan yen rabi simpel, undangan cukup 100 utawa 200 wae, khusus kanggo kanca-kanca cerak sing kenal akrab. Kaya neng film-film hollywood kae lho. Neng suket-suket taman, neng kapel, neng tengah alas sing akeh wit-witane, yen bisa ekskusip, limited. Ngono.

Wis padha wegah nglakoni tuntunan adicara mantenan sing kudu siramanlah, midodareni-lah, pasang tarub lah, panggih lah. Wegah nganggo kebaya sing pating crenthel payet bordir lan aksesoris manten, wegah paesan cara adat. Karepe raine dirias tipis kaya Meghan royal wedding Inggris wingi, emoh nek bathuke dikerok sinom utawa gelungan.

Sajak kabeh sing mambu ritual adat istiadat lokal kok disengiti. Hla kowe ki urip neng endi?!?!!!11

Lan siji meneh, sing penting emoh salaman lan ketemu karo wong cacahe ewon sing ora kenal, sing kuwi jebule mung tangga adoh, utawa kenalane wong tuwane sing ngrabekke, dudu karib kanca cedhake sing manten.

“Yen ora kenal, ngapa ndadak diundang lan nyuguhi maem prasmanan? Boros… tinimbang dhuwite dibuwang kanggo ropyan-ropyan ewuh mantenan adat ngono kuwi, mendhing wenehna calon mantene dinggo DP KPR utawa tukon kulkas, kompor gas, spring bed, lan sapanunggale isen-isen ngomah.” Mangkono karep ho oh?!

MENGKO DHISIK CAH ENOM… RUNGOKNA SADHELA!

ELING KOWE KI WONG INDONESIA!!1!!1

Sepisan. Ing budayane awakdhewe wong Timur mligine kabudayan Jawa, sing arane rabi utawa kawin kuwi dadi tanggungjawabe wong tuwa. Bapa biyungmu bakalane krasa lunas anggone ngabekti marang peran uripe nalika wus bisa tuntas mantu (utawa ngundhuh mantu), embuh sing endi wae sing penting ngawinke anakke. Kuwi wis turun-temurun dadi urusane wong tuwa.

Baca juga:  Kenalan Yuk Sama Orde Baru alias Ordenya Pak Harto

Aja banjur mikir, “Wah aku cah mandhiri kok, cara Amerika… ora ngarep-ngarep wong tuwa. Yen bisa ki pas aku rabi wong tuwaku ora melu cawe-cawe, kepara malah tak undang rawuh thok. Wis ngono…”

Lhaiya, mandhiri kuwi pancen apik banget. Nanging kan kodratmu lair lan gedhe neng Indonesia, dadi ya ora bisa kepiye-piye. Saka Sabang tekan Merauke kana sing jenenge restu utawa pangestu wong tuwa kuwi isih dadi dhasar lan pathok panguripane anak!

Justru salah sawijining cita-cita utawa pangajabe akeh-akehe wong tuwa ing nuswantara iki kepriye carane nyambut gawe golek dhuwit, nyelengi, nek prelu adol sawah adol alas. Ben bisa ngewuhke kawin anakke kanthi macak mewah, ora ngisin-isini marang tangga, yen bisa dialem. Pancen kudu diakoni yen gengsine wong tuwa Indonesia kuwi gedhe.

Kapindho. Babagan ewuh rabi kok kudu ngulemi undangan 1000-2000 apa ngundang sapa wae sing sakirane tepung ewadene ora akrab utawa mung sedulur adoh apa tangga beda kampung? Kuwi uga dadi salah siji kaunggulane budayane awakdewe. Kuwi nandhakake yen budaya kita kuwi agung, sugih. Ya sugih bebrayan, sugih sesrawungan.

Gatekne bedane cara sesrawungane wong ing nusantara karo wong-wong barat utawa Amerika kana. Bandhingke! Pawongan barat kuwi cuek-cuek, sajak ora tepung tangga teparo, lingkungan kampung, ora prelu srawung marang sanak kadang adoh utawa sedulur adoh. Pancen budayane kana kuwi nggagas awake dhewe pribadhi. Ora prelu ngrewes kurang lan butuhe tangga.

Coba bandhingke karo tangga lan lingkungane awakdhewe. Uwong sing manggon tangga desa adoh wae isa kenal, yen neng ndalan senadyan ora akrab, nanging tetap aruh-aruh. Ana tangga lagi ewuh bancakan kenduren, tetap diteri besekan neng omah senandyan ora tepung apik.

Piye? Ana meneh dhonge sing ora diduweni wong barat. Yaiku etos utawa semangat kerja bakti! Endi ana wong amerika tanggane ewuh gelem melu usung-usung utawa resik-resik tanpa pamrih tanpa bayar? Sing gelem kaya mengkana kuwi ya mung wong nusantara! Iya apa iya?

Deloken yen ana sripah neng kampung utawa desa. Yen sesrawunganmu kuwi apik marang tangga teparo, nalika kowe lagi nandang duka sripah ngono umpamane, ora prelu nyewa jasa organizer layat. Wis otomatis omahmu cumepak kanggo tampa layon.

Baca juga:  10 Tantangan Terkini Generasi Milenial yang Bisa Menghantuimu Sampai Botak

Gatekna!1!!1 Sapa sing nata kursi, masang tendha deklit? Sapa sing nggolekke debog lan nyiapke ember banyu kanggo nyuceni jenazah? Sapa sing mlayu neng mesjid banjur wara-wara sripah nganggo toa? Sapa sing ngronce mlathi lan nyepaki kapur barus? Kuwi kabeh sing nyepakake wong kampung tangga teparo utawa sanak kadang adoh sing durung karuhan kowe kenal apik lan tetepungan akrab.

Apa ya wong-wong kaya ngono kuwi ora arep kok undang nalika kowe ewuh rabi? Apa ya yen kowe nandang duka sripah ngono kuwi sing pisanan teka mara neng omahmu kanca-kancamu akrab, sohib, utawa relasi penting bisnismu? Sing rencanamu arep kok dadekne tamu VIP, utawa malah dadi bridesmaid mantenanmu? Ora toh??!!11!!

Aja mbok ilang-ilangke perane tangga lan sanak kadangmu. Wong-wong kuwi sing pisanan bakal ketok anak lan cumepak nalika kowe butuh!

Banjur katelu, bab boros! Rumangsamu kabeh acara adat kuwi boros, ora efisien?!

Mengko dhisik. Sing jenenge keyakinan lan kepercayaan, apa maneh yakin marang ritual adat istiadat utawa ngibadah, kuwi ora kena diukur nganggo dhuwit. Eling ya, motivasi utama wong kerja golek dhuwit kuwi sing paling gedhe kanggo nyukupi kabutuhan ritual, religi, ngibadah, lan adat. Isih ora percaya?

Delok kae wong Bali. Saumur uripe wis entek pirang atus yuta kanggo tetuku sajen, kembang, lan ubarampe upacara adat lan agama. Terus apa ya dadi mlarat? Dadi boros? Ora ta?

Wong Toraja, kudu entek pirang milyar kanggo upacara adat rambu solo? Tur tetap bangga ta nggelar upacara adat ngono kuwi? Kanggo dheke kabeh kuwi kalebu ngibadah lho….

Lha wong Jawa kudune ya ora kleru yen kepingin nglakoni tuntunan adicara adat mantenan sing nguras celengan, kudu adol kebon mung dinggo mantenan. Amarga seka ngoyak butuhe adat kuwi, uwong-uwong dadi gelem sregep nyambut gawe lan tumindak becik. Isih ora percaya? Coba gatekna meneh. Ana lho wong sing saumur uripe niate nyambut gawe mung dinggo ngoyak ritual ngibadah. Wong nyelengi munggah kaji contone.

Hla terus, sing bener piye? Dhuwit kuwi ora digawa modar. Dadi ngapa ndadak gemi ngirit lan wedi boros? Wong ya dhuwit kuwi jebul mung dinggo srawung lan ngoyak keyakinan sing ana sajroning ati kok.

  • 377
    Shares


Loading...



No more articles