MOJOK.COPitutur nrimo ing pandum kui wis geser maknane. Wong jaman saiki ming ngerteni nek pitutur kui bab ikhlas nompo kahanan koyo kebo dicucuk.

Sopo wong Jowo sing durung tau krungu pitutur “nrimo ing pandum”? Pitutur iku pancen turun-tinurun diwedharke para sepuh. Semana uga aku jaman cilik. Saben nduwe kepinginan sing ngadi-adi, eyang mesti matur “nrimo ing pandum”.

Saking lumrahe pitutur kuwi, saiki akeh uwong sing salah tampa anggone nguri-nguri piweling para sepuh. Janjane aku ora semonone nyalahke uwong sing salah tampa. Nanging, tambah dino kok tambah nglarakke ati.

Saben ono uwong sing sambat utawa protes, mesti ono sing nyauri, “Mbok wes, dadi uwong kuwi sing nrimo ing pandum.”

Contone ya babagan UMP Jogja. Uwis ora nulungi, malah ngoceh ngalor ngidul koyo pentet kontes. Rumangsane cicilan iku iso disaur nganggo pitutur iku. Lha kok semangkeyan?

Monggo bebarengan medhar pitutur iku wau. Nrimo ing pandum iku artine nampa opo sing diwenehke kanthi ikhlas lair bathin. Pitutur iku ngelingke supoyo awak dewe ora cluthak anggone duwe kekarepan. Opo sing uwis diwenehi saka Gusti Allah iku kudu ditampa lan disyukuri.

Aku ora nyalahke pitutur iku. Saestu, pitutur iku sejatine wong Jowo nglampahi urip. Anggone urip ing donya iki ora perlu gasgasan koyo rebutan balung. Nanging, opo bener wong Jowo iku kudu inggah-inggih nampa rezeki uga kahanan. Opo wong Jowo ora keno nduwe kekarepan sing luwih mulya?

Baca juga:  Body Shaming kanggone Wong Jawa Kuwi Wis Kaya Kremikan Saking Kulinane

Aku ora sarujuk babagan ing duwur. Ora merga pitutur nrimo ing pandum, wong Jowo dadi nglokro anggone nguripi panguripane. Para leluhur wis maringi conto, nek wong Jowo kuwi ora mung inggah-inggih lan manut koyo kebo dicucuk irunge.

Menawi njenengan kelingan suwargi Pangeran Diponegoro, opo piyambake kuwi mung inggah-inggih marang Londo?

Pangeran Diponegoro ora gelem manut lan waton nampa nalika pathok pasareyan leluhure digeser Londo. Ora mung muring lan ngrasani, piyambake wani perang nglurug Londo kanthi seda ing paran.

Suwargi Sri Sultan HB IX uga podho. Ngarsa Dalem ora gelem manut ngadepi Londo lan Jepang. Piyambakipun tetep wani adu arep naliko Bumi Mataram iki dinggo jak-jakan penjajah. Menawi Ngarsa Dalem HB IX ora wani nglawan Londo lan Jepang, iso wae saiki awak dewe isih dijajah.

Conto loro iku wau tak kiro wis cukup. Sakjane, isih akeh conto kanggo awak dewe ngartekke pitutur nrimo ing pandum. Saiki coba njenengan utak-utik dhewe, opo poro leluhur iku uwis nglakoni pitutur nrimo ing pandum opo durung?

Nrimo ing pandum kuwi ora mung perkoro nampa opo sing uwis diwenenhke. Pitutur kuwi ora marakke wong Jowo iso diidak-idak uripe. Pitutur iku nduweni teges sing luwih luhur. Mulo salah tampa iki kudu diluruske nganti lempeng koyo pring pethung.

Pitutur iku duwe teges: dadi uwong ojo murko anggone duwe kekarepan. Opo sing uwis diduweni, kudu disyukuri kanthi ati ikhlas. Dadi wong iku ora kena nggugu hawa nafsune dewe. Sakkabehe sing uwi diduweni, bakal balik dumateng Sing Maha Kuwaos. Mulo orasah gasgasan anggone nguripi panguripan. Cukup sakdermo lan sakmadya. Urip kanthi prasojo iku bakal tentrem lahir bathin.

Baca juga:  Body Shaming kanggone Wong Jawa Kuwi Wis Kaya Kremikan Saking Kulinane

Nanging, ojo dumeh kudu nampa iku wau, malih diidak-idak lan disabet panguripane. Menapa urip lan panguripanmu dikisruh uwong, njenengan kudu wani nglawan koyo suwargi Pangeran Diponegoro.

Wani njogo opo sing dadi kanyatane dhewe-dhewe iku coro ngaturke syukur lan puja-puji dumateng Sing Maha Kuwaos. Mosok uwis diparingi urip lan rezeki, malah meneng wae disabet wong cluthak. Opo tumon?

Semana uga babagan uwong protes nganti demo babagan UMP Jogja. Ora sithik-sithik njenengan nyuwarani “nrimo ing pandum”. Sejatine, protes iku cara mbelani panguripan sing wis diparingke dening Gusti Allah. Mulo yen urip iku ora adil lan tentrem, awakdewe kudu wani adu arep njogo panguripane. Ora sithik-sithik nyuwara “nrimo ing pandum”.

Coba saiki njenengan matur koyo ngono marang suwargi Pangerang Diponegoro utawa Sri Sultan HB IX. Coba njenengan matur, “Mbok nrimo ing pandum” nalika Pangeran Diponegoro gerilya ing Slarong. Opo tekan atimu?

MONGGO KULO ATURI MAOS Sejatine, Dadi Bocah Cilik Kuwi Kudu Pinter apa Kudu Bahagia? lan seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.