MOJOK.COYen masa cilikane anakmu kui bahagia, tumeka gedhe ya mesthi wae nduwe pikiran sing amba. Lak kudune ngono to?

Sawijining dina aku liwat ing ngarep les-lesan. Maca plakat menawa yen ing kono mau ana les maca kanggo anak-anak. Genah wae aku terus eling karo anakku sing wektu iki lungguh ing TK Besar. Les maca, tak gagas-gagas kok ya kepingin nglebokake dheweke amarga bocahe kuwi pancen durung bisa maca aksara. Lagi teka hurup A lan I. kuwi wae kerep sing lali.

Sasuwene corona teka, dheweke pancen angel yen didawuhi sinau ning omah. Tugas-tugas saka Bu Guru sing dikirim lewat hape ya mung digarap saklumrahe. Yen ora ana tugas, ya ora gelem sinau. Garap tugas wae kudu direwangi padudon sik karo ibune. Yen wis nangis-nangis, lagi gelem garap tugase. Jan-jane ya mesakke, ketok ora bahagia.

Aku dhewe ya mumet jan-jane, nanging ya piye neh. Ngendikane Bu Guru kae, yen bocahe ora gelem, aja dipeksa. Ananging yen ora dipeksa, nyatane ya wurung anggone sinau. Yen wis SD utawa SMP ngono wae, tugas ditampa banjur digarap dhewe. Yen ora isa lagi takon ibune. Lha yen TK ki lak ya kudu didhampingi, wong pancen lagi wae arep sinau aksara.

Lha, nalika weruh tulisan ing plakat les-lesan kuwi mau, atiku kaya-kaya ya kepingin. Wong yen dibandhing kanca-kancane, bocah kuwi mau, sanajan ora keri banget, ananging gregete sinau ora ana blas. Gek bocah saiki kuwi modhele yen disinauni bapak utawa ibune ora gelem. Ora ana wedi lan ngajenine kaya yen diwulang Bu Guru ing sekolahan. Nek dipeksa, kok kayane wong tuwane tok sing bahagia.

Jaman saiki sekolah PAUD lan TK mbledug ing panggonan ngendi wae. Mula, bocah-bocah cilik sing notabene durung wayahe sekolah, padha cepet-cepet dilebokake. Malah aku nate krungu, ana ibu sing ngomong, ora ngetren yen anake ora mlebu Kelompok Bermain. Adoh karo jaman cilikanku. Isa maca wae nalika wis kelas telu. Sekolah ya langsung mlebu SD. Ana sing TK ndhisik, ana sing ora.

Lha bareng jaman saiki, bocah telung taun wae wis akeh sing sekolah. Jare yen wiwit cilik luwih apik. Ya pancen bener, tapi yen keciliken, apa ora mesakne? Jan-jane, yen sekolah ing PAUD utawa Kelompok Bermain kuwi ora ana wulangane. Mung diwulang dolanan, sesrawungan, lan diajari tumindak sing becik. Intine bocah kui kudu bahagia.

Wulangan kaya itung-itungan durung kena diwenehake. Tapi ya ora sithik wong tuwa sing geger kepingin anake pinter wiwit cilik. Termasuk itungan sing jan-jane durung wayahe diwenehake.

Aku dhewe nate takon salah sijining guru ing PAUD. Pancen, anak umur semono kuwi durung oleh diwarai itungan utawa pelajaran. Wis ben sak bahagiane, ngendikane guru mau. Tapi kenyataan sing ana ing lapangan, akeh wong tuwa malah nglebokake anak-anake ing les-lesan, padahal isih umuran PAUD utawa TK. Sajak kaya mburu sepur, sumelang yen keri kancane.

Dadi wong tuwa ing jaman saiki kuwi pancen dilematis. Anak pinter bingung, ora pinter apa maneh. Yen arep bertahan karo ukara, “ben sak kalire” wedine bocah dadi keri karo liyane. Jan-jane ya durung wayahe ngerti nanging yen keri saka kancane lak ya bapak ibune sing bingung, bocahe ya dadi minder, blas ora bahagia.

Sing angel maneh ki yen ngugemi ukara “umume”. Umume mlaku umur semene. Umume maca umur semene. Lah padahal kemampuan lan karep bocah kuwi kan beda-beda. Mbokyao dipeksa nganti nangis yen durung isa nangkep ya sami mawon. Malah ora apik kanggo perkembangan mentale bocah. Apa maneh yen nganti bocah kena bullying amarga durung bisa “ngumumi” kancane. Bisa marakake bocah wedi lan minder.

Ngoyak kepinteran kuwi apik, ananging ya kudu mikir bocahe barang. Aja nganti kekarepane wong tuwa marakake bocah tertekan, ora bahagia. Sinau ki ya pancen kudu, nanging ya dipaske karo wayah.

Bocah sing wayahe isih dolanan lan seneng-seneng, aja nganti krana peksan wong tuwane dadi ora bahagia uripe. Kamangka masa kanak-kanak kuwi ora bakal bisa dibaleni. Tur ya dadi masa emas.

Tegese, apa-apa sing dialami bocah nalika cilik, bakal dieling-eling salawase. Yen masa cilikane bahagia, tumeka gedhe ya mesthi wae nduwe pikiran sing amba. Nyerep apa wae ya gampang. Suwalike, yen wiwit cilik ora bahagia, tertekan, teka gedhe ya bakal angel panampane.

Dadi wong tuwa kuwi pancen gampang angel. Nanging luwih angel dandani atine bocah sing ora bungah wiwit cilikane.

MONGGO KULO ATURI MAOS Nalika Tayangan TV Melu Nyuntik Mati Profesi Dukun Bayi lan seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.