MOJOK.COIsih mending koyo Pujakesuma mau, senadyan kolo-kolo ono ukara sing bedo, ning tetep rumangsa mongkog nganggo basa Jawa.

“Mas, awak nyelang kretane riko, yo. Arep blonjo nang pajak, ambek Yuk Fitri. Ben deke sing mbonceng,” jare Yuk Juni salah sawijining dino. Coba, kowe ngerti ra karepe opo?

Basa Jawa ngene iki bakal thok temoni ono ing daerah Sumatra Utara karo Riau lan sak kiwo tengene. Penuture biasane wong peranakan Jawa sing lahir lan gede ing Sumatra. Maksud omongan mau, Mbak Juni arep nyilih motorku (kreto). Arep dinggo lunga blonjo nang pasar. Mergo Mbak Juni rung iso numpak motor, dekke ngajak Mbak Fitri. Dadi mbak Fitri sing mboncengke Mbak Juni. Kowe mumet? tenangno atimu, sing sabar… aku dewe mbiyen yo ra mudeng karepe opo. Lha piye maneh, wong pancen model ngono basane.

Yen kowe wong Jawa asli, ngumbara ana ing tlatah Sumatra, bakal gampang ketemu sedulur-sedulur sing ngaku Pujakesuma utawa Putra Jawa Kelahiran Sumatra. Sedulur-sedulur iki rata-rata keturunan wong Jawa sing ngumboro jaman mbah-mbah mbiyen. Yaiku wong Jawa sing diboyong Londo dadi buruh perkebunan, utawa keturunan seko transmigran jaman Pak “Piye enak jamanku” kae.

Asline, Pujakesuma kuwi jeneng paguyuban seko daerah Sumatra Utara. Yo sesuai karo arane, Paguyuban Putra Jawa Kelahiran Sumatra, sing tetep pingin nguri-uri kabudayan Jawa, lan ngarah ora kepaten obor. Suwe ning suwe Pujakesuma dadi istilah umum, ora gur mligi dadi jeneng paguyuban thok.

Sedulur Pujakesuma rata-rata yo pinter basa Jawa, ananging ojo kaget, yen akeh ukara-ukara asing sing dinggo wong Jawa asli marahi ndlongop ora mudeng maksude opo. Semono uga kanggone Pujakesuma, ojo pisan-pisan kowe ngajak ngobrol nganggo basa Jawa alus, opo maneh krama inggil.

Baca juga:  Tumungkula yen Dipunsukani

Rata-rata (ora kabeh lho, ya) ra mudeng babar blas. Iso-iso kowe diarani dalang sing lagi pamer kabisan.

Ora gur motor roda loro dadi kreto, pit onthel sebutane liring (“I” diwoco e koyo nang ukara lele), pajak iku maksude pasar, dene nek wong kuwi ngomong pasar, iku maksude malah dalan. Yuk iku singkatan seko “Yayuk”, sing maksude mbak opo mbakyu. Ono meneh mbonceng iku malah sing nyetir, dudu sing numpak mburi, awak ki artine aku, lan isih akeh maneh ukara lan sing wis geseh maknane seko basa Jawa sing sak benere.

Nek nang Jawa, ono istilah wolon, utowo rolasan. Wolon, iku maksude leren nyambut gawe, sekitar jam wolu utowo jam sepuluh esuk. Biasane diselingi mangan jajanan, ngopi opo ngeteh. Dene rolasan kuwi istirahat jam rolas awan utawa isoma (istirahat, solat, mangan). Ananging kanggone Pujakesuma, kabeh istirahat kerjo arep jam piro wae kuwi jenenge yo wolon. Arep jam wolu, jam sepuluh, jam rolas opo jam telu sore, kabeh podo istilahe. Wolon!

Gesehe makna kuwi rasaku amargo pengaruh seko bahasa Medan. Proses akulturasi antarane peranakan wong Jawa karo bahasa setempat. Dene iso nyebar, amargo Pujakesuma asal Sumut iki yo seneng merantau ing daerah Sumatra liyane koyo to, Riau, Aceh, Jambi, Sumbar, lan daerah sak kiwa tengene.

Isih akeh conto liyane. Mbasan wis rampung anggone nganggo kreto, eh, motor, Mbak Juni anggone matur nuwun tembunge bedo.

“Kulo nuwun yo, Mas.”

Jane dipikir-pikir kok yo ono benere. Kulo ngaturke panuwun disingkat kulo nuwun. Ning hamosok tak jawab, monggo? Lha yo ramashokkk, Jo, Paijo!

Proses iki yo wajar wae, lha piye wong wis lumaku kawit jaman Londo tekan saiki. Wis berproses puluhan malah atusan taun, ding. Sukur bage sedulur-sedulur Pujakesuma iki isih bangga dadi wong Jawa. Isih gelem nganggo basa Jawa, padahal wis pindah bedo pulo tur wis mbuh keturunan kaping piro. Bedo sing tak temoni perantau Jawa ono ing Jakarta lan sak kiwo tengene.

Baca juga:  Ada Tukang Parkir Resah, Nggak Ada Tambah Resah

Wong Jawa sing ngrantau nang Jakarta malah koyone isin nek ketemu podo-podo wong Jawa njur ngobrol nganggo basa ibune. Mbuh isin mergo ndak diarani ndesit, medok, ora mbois opo piye, aku yo ra mudeng. Pisan maneh, ojo digebyah uyah lho, yo. Ora kabeh, ning rata-rata ngono.

Padahal ngrantau yo ora adoh-adoh banget, ijih sak pulo malahan. Ketambahan maneh, rata-rata yo keturunan Jawa asli, sing bapak ibune isih manggon ing Jateng, Jogja, opo Jatim. Mlebu Jakarta langsung salin basa lu gue, lu gue padahal ngobrole yo ro podo Jawane. Iki isih generasi pertama lho, ya. Malah ketok saru tur lucu rumangsaku, logat Betawi ning dirasake nang kuping tetep medok.

“Udah makan, lu?”

“Udah tadi, gue makan sama endog.”

Dyarrr!

Nek anak-anake utowo keturunane rata-rata malah babar blas ra mudeng basa Jawa. Mungkin mergo bojone bedo suku, yo iso dimaklumi nek anake ra diajari. Ning nek bojone podo Jawane kok koyo eman, anake ra paham karo basa leluhure.

Mungkin nek ning Jakarta, ketok medok Jawa kuwi ra keren, ngisin-isini, marahi minder po piye. Padahal sak rumangsaku, arep ditutup-tutupi opo arep difaseh-fasehke anggone ngomong, nek logat ki piye-piye tetep angel ilang. Dadi yo mending koyo Pujakesuma mau, senadyan kolo-kolo ono ukara sing bedo, ning tetep rumangsa mongkog nganggo basa Jawa.

MONGGO KULO ATURI MAOS Sandyakala Sinoman, Pasukan Sunggi Baki sing Mulai Ora Payu lan seratan sanesipun ing rubrik RERASAN