MOJOK.COHa ra ndedet ra papa, sing penting entheng ngadhepi pagebluk. Gugur gunung, kui tradisine wong Jowo sing ampuh dinggo nglawan sing jenenge pagebluk koyo corona iki.

Saka kahanan bencana pageblug corona kita banjur bisa ngilo, reflektif, marang perkara-perkara lan kedaden ing sakitar. Aja jeleh ya Lur, nek pancen tulisane iki isih ana gandheng cenenge bab corona. Ben kita ora lena, eling, soale kahanan sing diadhepi iki ora baen-baen.

Amarga sela lan pancen ora ana gawean, kita banjur isa ndelok kanthi luwih cetha lan luwih jembar pandhangane marang kahanan sakiwa tengen. Salah sijine yaiku sipate manungsa ngadhepi bebaya iki, sipat tulung tinulung, gugur gunung. Muncule lan katone rasa kamanungsan tumraping liyan. Kaya ta gerakan-gerakan sing dipandhegani lan dilakokne prakanca ing Jogja, sing tujuane kanggo mbiyantu sapadha sing kena imbas corona.

Wujud nyatane gugur gunung iku akeh banget. Ana sing inisiatip gawe APD, ana gerakan ngedum sembako kanggo masyarakat, nyedhiyani pangan kanggo warga, nyepakake wisma kanggo nginep tim medis, lan liyane. Kabeh kuwi gerakan swa-asta, swadaya. Kanthi niat tetulung marang warga, uga nulungi Pamarentah sing imbas-imbis ora gek thas-thes ngrampungi masalah.

Yen kok gatekake neng Jogja, mulai akeh pating jedhul gerakan kaya mangkono, lan kuwi kabeh dilaksanakake kanthi ikhlas, tulus, tanpa pamrih. Ning pancen kok, salah sijine sipate wong Jawa, apa meneh wong Jogja, rasa welas asih marang sapadha isih gedhe banget. Seneng yen dijak kerja bakti.

Istilahe sing luwih lawas, gugur gunung, tandang gawe bebarengan, sayuk rukun lila lan legawa kanggo mulyaning warga, holobis kuntul baris!

Maneka komunitas, embuh kuwi mahasiswa, seniman, pengusaha, yen ana bencana neng Jogja mesthi langsung gage tumandang kerja bakti. “Ora nganggo mengko!”

Elingana, kawit jaman gempa 2006, Merapi njeblug sing dadi lengganan bencana neng Jogja saben patang taun pisan, udan awu Lawu 2014, tambah meneh saiki pageblug covid-19 iki, masyarakat Jogja langsung obah tanpa ndadak ngenteni dhawuh Pamarentah, LSM/NGO, utawa bantuan liyane. Sing penting obah dhisik, rasah ngenteni peraturan, tetulung gugur gunung kuwi rasah nganggo Undang-Undang. Relawan mesthi langsung cumepak ana.

Baca juga:  Virus Corona Bikin Serie A Ditunda, Italia Lock Down, Bagaimana dengan Liga 1?

Masyarakat sing kulina dadi relawan, suka lila tanpa mikir bayar kanggo tetulung warga iki pancen dadi salah siji ciri karakter kabudayan Jogja. Dadi yen ditakoni apa wae wujude tradisi kabudayan Jogja kuwi? Ora mung Kraton, tari bedhaya, jathilan, gamelan, nanging uga sipat welas asih para wargane sing seneng tetulung sasama.

Tak wenehi conto nyata. Aku lan kanca-kanca saiki lagi mbentuk Majelis Mau Jahitin (@mamajahit) yaiku nglakokake gerakan #jahitAPDbersama lan dibagi gratis kanggo para medis neng rumah sakit lan papan pelayanan kesehatan. Kumpulan pelaku UKM jahit kuwi awale mung sangu niat apik, niat mbiyantu. Hla kok ndilalah sing duwe gayut ngewangi dadi akeh banget.

Nganti dina iki wis ana 30 punjul UKM jahit sing gelem nyengkuyung. Warga sing padha duwe rejeki linuwih, uga bantu donasi dhuwit. Sing luwih nggumunke maneh, banjur akeh kanca-kanca sing uga pengin melu nulungi.

Ana juragan toko kain sing banjur nyumbangke bahan kain APD. Sing duwe mobil pikep banjur nawakke mobile kanggo ngangkut bahan-bahan jahit. Sing duwe usaha katering banjur meh saben awan ngeteri mangan awan lan lawuh kanggo para penjahit sing garap APD iki. Sing tenagane sela banjur padha gelem ngewangi usung-usung, urun okol. Sing isane mung nyumbang komentar positip, “Sehat-sehat lan semangat kabeh ya,” kuwi uga kalebu donga sing muga-muga kabul ngijabah dening Gusti Allah.

Trenyuh, akeh banget wong apikan neng Jogja iki. Kanca-kanca seka Jakarta lan kutha liya nganti gumun kena ngapa kok neng Jogja iki isa semonone banget anggone padha cekat-ceket tetulung.

Budaya gugur gunung iki sakdhonge isa kokgatekake meh neng saben dinane, ora mung wanci bencana thok. Deloken neng desa-desa lan kampung, masyarakat isih kulina kerja sambatan. Sok-sok aluwung ninggalake gaweyan adate kanggo mbiyantu tanggane. Direwangi mbolos nyambut gawe liyane, prei olehe dodolan, kanggo kerja bakti marang tangga.

Neng desaku, mBantul, isih kerep meruhi warga bareng-bareng sambatan ngecor dhak omah tanggane. Sambatan nambal galengan kalen sawah sing kebanjiran. Ana tangga ewuh manten utawa sripah, melu rewang mangsak kanggo nyepaki pangan. Kamangka ora mung sedina-rong dina, sok dhong nganti pirang-pirang dina kerja bakti.

Baca juga:  Perubahan Diksi ‘New Normal’ Jadi ‘Kebiasaan Baru’ Adalah Bukti kalau Pemerintah Kita Kerja

Kuwi kabeh sok ora ana sembulihe dhuwit. Kadhangkala mung isa diijoli nganggo beras, gula, teh, utawa apa sakduwene uwong sing ketulungan. Sok dhong malah mung isa nyangoni matur nuwun marang wong-wong sing ngewangi. Dianggep kepotangan budi, sesuk tembe mburine bakal diwales yen sing ngewangi kuwi gentian nandang gawe utawa nandang ewuh.

Rak ya ora mutu lan ora masuk akal ta nek didelok lan dietung nganggo elmu ekonomi. Ninggalake gaweyan sing kudune ngasilke dhuwit, tur malah milih nandangi gaweyan sambatan sing cetha-cetha ora bayaran.

Karakter masyarakat sing seneng sambatan, kerja bakti, suka lila, kuwi sing marai warga dadi luwih entheng kanggo ngadhepi masalah. Mesthi wae ana sing gelem repot ngewangi. Dhonge meneh ora mung neng kahanan bencana lan kahanan ewuh kampung utawa desa.

Watak wong Jogja sing kaya mangkono kuwi banjur dadi kegawa neng gaweyan. Contone gaweyan seni. Kon ngewangi pentas karyane kanca seniman, tur mung disegani karo disalami matur nuwun. Haha…pancen biyangane tur nyenengke. (Sambat alus…).

Dhuwit dipikir keri. Sing penting guyub lan migunani tumraping liyan. Kuwi mbok menawa sing marai UMR Jogja rendah, bayare sithik. Hla wong kerja ora dibayar wae tetep ditandangi kok.

Tur ya mbok menawa pancen kuwi sing dadi inti sejatine nglakoni urip. Ati ayem, pikiran tentrem, merga bisa weneh lan percaya bakal diwales diwenehi. Dadi ora perlu kuwatir ngadhepi pacobaning donya sing ora kabeh isa dietung nganggo bandha.

Dhuwite sithik ra masalah, sing penting akeh kanca dinggo ngrampungke masalah. Eling ya, Lur, sifat luhur gugur gunung kui kudu dijogo tenan. Ora mung atine yangmu. Ya nek nduwe yang. Wis ra ndedet, ra nde yang. Ngenes.

MONGGO KULO ATURI MAOS Lagi Lockdown, Nekad Smackdown: Lockdown Tetep Guyon utawi seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.