MOJOK.COBola-bali wong Jawa, kahanan apa wae tetep isa dadi sarana guyon. Lagi lockdown mergo pandemi virus corona, warga ya duwe cara dinggo guyon. Selo tenan uripe….

Dalan kampung utawa desamu wis lockdown urung, lur?

Dalan ngarep omahku lagi wae wingenane ditutup marang warga desaku. Ora nanggung, olehe nutup dalan dipalang-palangi andha, kayu, empring, blabag kayu, tegoran uwit, lan sapanunggalane. Gatekna nek pas liwat dalan-dalan, meh saben gang saiki ditutup marang warga.

Pancen kahanan bab pageblug Corona iki banjur munculake rasa panik, sumelang nek viruse iki banjur mbabrak neng lingkungan sakitarmu. Para warga umume isih padha bingung marang informasi babagan virus iki. Simpang siur kabar seka WAG lan medsos marai kuwatir tenan.

Ngadhepi kahanan mangkono kuwi, para warga banjur duwe karep mutusake apa sing kudu dilaksanakake. Insiatip, nutup wilayah RT utawa kampunge dhewe-dhewe. Ukarane anyar sing lagi terkenal saiki, lockdown.

Putusane warga kuwi pancen ndhisiki keputusane Pamarentah. Nanging ya piye, Pamarentah ya nganti tulisan iki digawe durung menehi dhawuh sing teges bab pananganan virus iki, kok, kejaba mung anjuran (imbauaaaaan terooossss!!!).

Kamangka, para warga wis keweden tenan lan bingung kudu nggugu karepe sapa meneh bab COVID-19 iki. Dadine sing digugu ya keputusane warga sekitar, yaiku swa-lockdown nganggo piranti apa wae sing dirasa bisa ngalangi dalan, tumrep amane wong kampung.

Sing ndhagel lan dadi guyon, palang-palang kanggo nutupi dalan kampung kuwi banjur dicentheli lan dipasangi tulisan werna-werna. Gatekna foto-foto bab lockdown sing sumebar neng medsos. Akeh banget ukara-ukara sing nek diwaca marai kepingkel-pingkel. Embuh kuwi disengaja utawa pancen kleru anggone nulis lan nyusun kalimat, typo.

Umpamane ana gang kampung sing tulisane malah “lock don’t”, rak ya luput ta kuwi mangsude. Terus ketemu meneh orek-orekan sing biyasane nganggo Pylox kang wujude motivasi lucu, romantis, galak, lan kejem, kaya ta:

Baca juga:  Pengin Percaya Diri Kayak Pak Luhut Binsar yang Nggak Takut Kualat

“Dalane ditutop, ampon ngeyel nggeh, urusane nyowo!”

“Sementara LDR-an dulu ya.”

“Dalan ditutup, jangan biarkan covid merasukimu!”

“Lagi lockdown, nekad smackdown!”

“Lokdon, neng ngomah wae ndak mati.”

“Corona jancok! Cukup kamu saja yang merasukiku, corona jangan.”

“Corona, kalau lu datang cuma mau nyakitin, cewek Indonesia juga bisa.”

“Seteril!”

“Kek kangen vidcal wae!”

“Wes neng ngomah wae, sadaro koe jomblo”

“Covid 19 kuwi jahat kaya mantan!”

Ning sing paling lucu tur kejem pilihanku yaiku “Wahing = Keling”. Ngerti ta keling? Piranti dhuel utawa tawur paling handy, cemekel.

Bola-bali wong Jawa, kahanan apa wae tetep isa dadi sarana guyon. Mbok menawa watak sing kaya ngono kuwi pancen gawan ajaran agama lan pututur luhure mbah buyut: “Saben musibah mesthi ana hikmah.” Dadine pawongan kampung lan desa kuwi pancen wis tatag atine, kulina ngadhepi bebaya ning tetep nek isa dipikir karo santuy lan digawe guyon wae.

Hla ning luwih dhagel meneh, para warga masyarakat kuwi pancen kayane durung sarujuk lan mudheng yen kudune sing diutamakake kanggo mbasmi virus iki yaiku social distancing-physical distancing lan wisuh sabun, tinimbang lockdown. Rak ya lucu banget ta dalan kampunge lockdown tur anggone nutup dalan kuwi malah kerja bakti sak kampung, tanpa masker, tanpa jaga jarak, tur ya ora wisuh sabun.

Nek kowe kulina kerja bakti, mesthi apal kahanan kerja bakti kuwi piye, yaiku le tandang gawe paling mung wong 4 tekan 6, sing dadi mandhor wong sewidak rolas. Nah adate mandhore kuwi karo lungguhan tudang-tuding, nyumet ses, grenengan, ngunjuk teh lan ngedhapi pacitan, pokoke kemruyuk. Gek mengko tekan ngomah rampung kerja bakti, malah ora wisuh sabun.

Baca juga:  Bupati Klaten Nggak lagi Kampanye Kok, Tapi Memang Nggak Tahu Aja

Jagongan cara ngono kuwi rak ya ngalanggar aturan social distancing ta? Ning para warga ya luweh, ora urusan, sing penting melu-melu kampung liyane, gethok tular lockdown. Pokoke angger liyane lagi ngetren ngono, ya kudu melu ngono. Latah. Senajan durung karuan pener.

Kudune kanggo ngatasi kahanan kaya mangkene iki, Pemarentah daerah sakcepete mutusake aturan sing ditrapke ing wilayah masing-masing, ben warga uga ora grusa-grusu nggugu karepe dhewe. Gek digawe tatanan sing bener kanggo ngadhepi virus iki tumrape warga. Desa mawa cara, negara mawa tata. Nek ora ana tatanan sing cetha, wong ndesa bakale mutusake nganggo carane dhewe-dhewe lho, pak (Sinuwun) Gubernur, Pak Presiden.

Eling pituture Ki Hadjar Dewantara, manungsa kuwi nglakoni elmu kanthi 3N; niteni, niru, nambahi. Kedaden inisiatip swa-lockdown ing kampung-kampung saiki kuwi merga warga niteni, niru, nambahi apa sing dilakoni kampung liyane utawa melu latah weruh postingan neng medsos sing pating slebar.

Yen Pamarentah ora gek mutusake tatanan sing pener bab aturan karantina apa lockdown, sing nyumelangi kuwi isa wae para warga banjur melu-melu postingan bab pulisi India sing banjur nyabeti lan nggebuki para warga sing ora manut aturan lockdown. Ngerti dhewe ta, wong kampung ki kepiye senenge nek kon dadi pulisi lan main hakim. Apa meneh kon nyonto bab kekerasan ngono kuwi.

Bisa-bisa krisise geser seka krisis penyakit dadi krisis kekerasan merga wong kampung sing nggawe aturan dhewe. Rak yo njuk dadi ora isa guyon meneh ta satengahe lockdown.

MONGGO KULO ATURI MAOSRabi Kiye Ora Mung Perkara Nduwe Jodoh, tok!” utawi seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.