Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Jane Ngapa Ta, Kudu Dadi PNS?

Apriyanto Dwisantoso oleh Apriyanto Dwisantoso
3 Oktober 2018
A A
Bagikan ke WhatsAppBagikan ke TwitterBagikan ke Facebook

MOJOK.CO – Sapa sing pengin dadi PNS? Ngacung!!!

Seminggu kepungkur ibuku takon, ”Le, apa kowe ora ndhaftar PNS? Kae lho, ana bukakan lowongan akeh.”

Saka pitakone ibuku aku dadi kepikiran, ngapa akeh wong sing pengin banget dadi PNS. Apa iya dadi PNS kuwi penak. Apa iya dadi PNS kuwi mesthi bisa bagya mulya?

Pancen saiki aneng ngendi wae lagi padha ngomongake babagan bukakan PNS. Saka masalah registrasi sing angel nganti cacahe lowongan sing dibukak, dadi bahan pacelathon sing gayeng. Saliyane iku, ana wong sing ngomongake babagan ngantri SKCK nganti golek surat bebas NAPZA. Kabeh sarwa PNS.

Dadi PNS kuwi dadi impen-impene wong akeh. Akeh wong sing ngomong dadi PNS kuwi kepenak. Dadi PNS bakal kejamin uripe. Saben sasi bakal nampa gaji sing lumayan gedhe. Durung maneh yen wis pensiun, bakal oleh gaji pensiunan sing lumayan kanggo nikmati dina-dina tuwane, iku yen umure nganti tuwa.

Saka rasa penasaranku babagan PNS mau, aku coba takon marang kanca-kancaku alesane padha ndhaftar PNS. Kebetulan kancaku pancen akeh sing ndhaftar PNS taun iki. Rata-rata kabeh pengin dadi PNS amarga gaji sasen sing gedhe lan oleh dhuwit pensiunan. Ananging, akeh uga kancaku sing duwe alesan liya.

Alesane kancaku iku macem-macem. Saka sing klebu nalar nganti alesan sing ora nalar. Saka alesan sing wagu nganti sing gawe guyu. Ing ngisor iki saperangan alesan kanca-kancaku pengin dadi PNS.

1. Dadi PNS supaya Dadi Buronan Maratuwa

Alesan iki dadi alesan sing akeh dikandhakake kancaku. Jarene, maratuwa iku seneng duwe mantu PNS. Lha, geneya?

Kapisan, wong kang duwe mantu PNS iku bakalan bombong utawa bangga. Mantu PNS kuwi drajate dianggep dhuwur. Saka alesan iku, drajate wong mau lan anake uga bakal kaangkat.

Kapindho, wong kang duwe mantu PNS iku ayem amarga anake ora bakalan kurang mangan. La iya, gaji PNS+tunjangan+remunirasi+sertifikasi, iku bakalane cukup, paling ora isa turah tuku beras kanggo urip sesasi.

Saka alesan-alesan mau, kalebu nalar yen akeh wong tuwa golek mantu PNS. Ora kabeh maratuwa kaya ngono kuwi. Nanging, akeh-akehe maratuwa kuwi kaya ngono kuwi. Mula, dadia PNS sik, ben diburu para maratuwa.

2. Dadi PNS supaya Gampang Golek Utangan

Wis ora kena diapusi, yen PNS iku duwe gegayutan karo bank. Ora bisa dimungkiri yen PNS iku dadi sasaran empuk marketing bank.

SK pengangkatan PNS bisa kanggo jaminan sing entheng kanggo nyilih dhuwit neng bank. Angsuran utang bakal dipotong saka gajine si PNS. Ya kaya ngono kuwi. Yen utange entek, njupuk meneh. Pokoke yen butuh dhuwit lumayan akeh, PNS gampang golek potangan ning Bank.

Alesan iki dadi alesan sing lucu. Nanging, nyatane pancen bener lan akeh kedaden. PNS lan utangan bank kuwi wis dadi kanca sing angel dipisahake.

Iklan

3. Dadi PNS amarga Dipeksa Wong Tuwa

Akeh wong kang ndhaftar PNS amarga dipeksa wong tuwa. Wong tuwane kepengin anake dadi PNS. Temtu wae wong tuwa mau pengin anake bisa urip kepenak.

Biyasane, wong mau wis duwe penggawean sing ora jumbuh karo ijazahe. Penggawean mau biyasane penggawean sing cocog karo atine. Nanging, gandheng didhawuhi wong tuwane ndhaftar, ya kepeksane ndhaftar PNS. Mosok ya arep duraka marang wong tuwa? Bisa-bisa disabda utawa dikutuk dadi enthung mengko, lah kan repot.

Wong sing duwe alesan iki biyasane mung menang cacak kalah cacak. Tegese, ketampa ora ketampa ora masalah. Ketampa ya alhamdulillah, ora ketampa iku wis ginaris Gusti Kang Maha Pemurah.

4. Dadi PNS amarga Pengin Sugih

Salah siji alesan wong pengin dadi PNS yaiku pengin sugih. Jelas, alesan siji iki rada bahaya. Amarga niyat awale kepengin dadi sugih, wong bisa lali marang tugas utamane dadi PNS, yaiku ngabdi.

Ora masalah yen ana wong kepengin sugih, iku malah wajib. Nanging, yen niyat pisanan pengin dadi PNS amarga kepengin sugih, bahayane wong mau bakalan golek bandha saka ngendi-ngendi. Akire, wong mau bakal nglakoni dalan sing ora pener, yaiku korupsi. Kanthi korupsi wong mau pancen bakal cepet sugih, nanging gawe susahe kawula dasih.

Iku ora kabeh bener sih. Aku ya emoh duwe prasangka sing ala. Mungkin wae pas dadi PNS isa irit, wong mau ya bisa sugih, temtu tanpa korupsi.

5. Dadi PNS amarga Melu-Melu Kancane

Disadhari apa ora, akeh wong ndhaftar PNS amarga mung melu-melu kancane. Wong kaya ngene iki ora duwe pendhirian. Niyate mung melu-melu, dadi ora kepikiran bisa ditampa apa ora. Pokoke, wong mau melu dhaftar mung kanggo nggayengake gelaran CPNS.

Nanging aja salah, ora kabeh wong sing melu-melu iki bisa diremehake. Kadhang kala, wong sing mung melu-melu iki malah ketampa. Mungkin, wonge kuwi pinter, nanging malesan. Mungkin uga, wonge kuwi ora pinter, nanging begja.

Yen masalah begjane wong ki wis ora isa dipaido. Begja orane wong kuwi wis diatur Gusti Allah. Wong pinter, bisa kalah karo wong begja. Wong begja kudune bisa waspada, yen dadi PNS.

 

Wingi ibuku takon maneh marang aku, ”Le, wis isa ndhaftar durung?”

Lah, aku wae durung ndhaftar. Ya wis, aku alesan yen jaringan pendhaftarane isih sibuk. Iku pancen kasunyatan. Pancen angel tenan kanggo registrasi ndhaftar PNS iki. Butuh kasabaran. Kaya-kaya yen kowe nge-chat de’e, nanging mung di-read, wonge chatingan karo wong liya. Hemmm… Hemmm… Hemmm. Sabar… Sabar….

Saka pitakone ibuku mau, aku banjur mikir maneh. Apa ya kudu dadi PNS? Yen dakpikir-pikir meneh, dadi PNS iku ora pati penting. Maksude, dadi PNS iku dudu siji-sijine tujuan urip.

Pola pikir dadi PNS iku pola pikire wong kuna, wong jaman biyen. Saiki jaman wis maju. Saiki jamane mikir kreatif. Saiki jamane kerja kanthi kesenengan lan dadi jago neng bidhang sing disenengi.

Kudune para mudha bisa mikir dadi wirausaha apa enterpreneur. Para mudha kudu duwe semangat gawe usaha. Syukur-syukur usaha iku bisa sukses. Usaha iku mau bisa gawe lapangan penggawean kanggo wong liya. Usaha iku idhep-idhep bisa ngewangi negara kanggo mbrantas jumlah pendhudhuk miskin.

Isih pengin dadi PNS? Apa iya arep njaluk dibayari negara terus?

Dadi PNS iku dibayari negara, Bung. Ya, yen nyambut gawene temenan sih gak apa-apa. Wediku, yen dadi PNS, banjur leda-lede, lha malah ora apik tah. Isa-isa malah dadi omongan wong liya.

Ibuku mau esuk takon maneh, ”Wis isa durung pendhaftarane?”

Sakjane aku mangkel. Saben dina mung ditakoni ibu babagan pendhaftaran PNS. Nanging, minangka anak sing bekti, sanadyan kepeksa aku kudu tetep mesem marang ibuku, ora kaya kembang kacang, mbesengut, ndak dadi bocah duraka.

Banjur ibu dakwangsuli, ”Wong kula niki kan sampun PNS, Bu. Pegawai Neng Swasta.”

Ibuku mesem. Katone guyune ibuku kaya mung guyu pait, nggeguyu jawabanku. Kamangka, satemene neng ati, aku pancen anyel, atiku dadi ”PNS” (P-A-N-A-S-Red)  ditakoni ibu terus.

Ibuku mangsuli, ”Si Joko kae ya PNS, Le. Pengangguran Nanging Sarjana.”

Aku guyu cekikikan. Ibuku jebule isa guyon. Anyelku dadi ilang. Mungkin, ibuku ngakon aku ndhaftar PNS amarga pengin uripku bisa bagya mulya. Ibu ngendi sih sing ora kepengin anake bagya mulya.

Pungkasane rerasan iki, aku mung bisa nunut weling, sapa wae yen besok ketampa dadi PNS, lanjarana kanthi ati sing iklas. Nyambut gawe supaya maju negarane. Ngadhohi korupsi lan nyugehake dhiri pribadi. Dadia aparat sing ora duwe sifat keparat.

Upamane gagal dadi PNS ya ora apa-apa. Ora usah gela lan kuciwa. Pepesthene Gusti Allah iku sing paling apik. Kabeh penggawean dilakoni kanthi becik. Insyaallah berkah sanadyan asile mung sethithik.

Terakhir diperbarui pada 2 Oktober 2018 oleh

Tags: Daftar CPNSHutang Bankkayalowongan pekerjaanMenantu idamanorang tuapekerjaan masa depanpendaftaran CPNS 2018PNS
Apriyanto Dwisantoso

Apriyanto Dwisantoso

Artikel Terkait

S3 di Bandung, Istri PNS Makassar- Derita Jungkir Balik Rumah Tangga MOJOK.CO
Esai

Jungkir Balik Kehidupan: Bapak S3 di Bandung, Istri PNS di Makassar, Sambil Merawat Bayi 18 Bulan Memaksa Kami Hidup dalam Mode Bertahan, Bukan Berkembang

1 Desember 2025
Jadi dosen non PNS (honorer) di kampus swasta dapat gaji yang bikin nelangsa. Nyesel kuliah sampai S2 MOJOK.CO
Ragam

Berambisi Jadi Dosen biar Terpandang dan Gaji Sejahtera, Pas Keturutan Malah Hidup Nelangsa

18 Oktober 2025
Sarjana susah cari kerja modal ijazah s1. Tertolong toko kelontong orangtua yang diremehkan tapi beromzet besar MOJOK.CO
Ragam

Modal Ijazah S1 Susah Cari Kerja, Awalnya Gengsi tapi Pilih Jaga Toko Kelontong Ortu yang Diremehkan tapi Cuannya Saingi Gaji PNS

17 September 2025
Ingin kuliah PTN tapi dicekal ortu. Mati-matian kuliah sambil kerja untuk biaya UKT setelah jadi sarjana sukses ortu malah menuntut balas budi MOJOK.CO
Ragam

Mati-matian Kuliah PTN Bayar UKT Sendiri, Pas Jadi Sarjana Sukses Ortu Tiba-tiba Tuntut Balas Budi

15 Agustus 2025
Muat Lebih Banyak
Tinggalkan Komentar

Terpopuler Sepekan

Lulus S2 dari UI, resign jadi dosen di Jakarta. MOJOK.CO

Lulusan S2 UI Tinggalkan Karier Jadi Dosen di Jakarta, Pilih Jualan Online karena Gajinya Lebih Besar

5 Desember 2025
Transformasi Wayang dalam Sejarah Peradaban Jawa

Transformasi Wayang dalam Sejarah Peradaban Jawa

30 November 2025
Banjir sumatra, Nestapa Tinggal di Gayo Lues, Aceh. Hidup Waswas Menanti Bencana. MOJOK.CO

Tragedi Sumatra Timbulkan Trauma: “Saya Belum Pernah Lihat Gayo Lues Seporak-poranda ini bahkan Saat Tsunami Aceh”

2 Desember 2025
Bakpia Mojok.co

Sentra Bakpia di Ngampilan Siap Jadi Malioboro Kedua

1 Desember 2025
Menanti kabar dari keluarga, korban bencana banjir dan longsor di Sumatera. MOJOK.CO

‘Kami Sedih dan Waswas, Mereka seperti Tinggal di Kota Mati’ – Kata Keluarga Korban Bencana di Sumatera

1 Desember 2025
Bencana Alam Dibuat Negara, Rakyat yang Disuruh Jadi Munafik MOJOK.CO

Bencana Alam Disebabkan Negara, Rakyat yang Diminta Menanam Kemunafikan

3 Desember 2025
Summer Sale Banner
Google News
Ikuti mojok.co di Google News
WhatsApp
Ikuti WA Channel Mojok.co
WhatsApp
Ikuti Youtube Channel Mojokdotco
Instagram Twitter TikTok Facebook LinkedIn
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

Tentang
Kru
Kirim Artikel
Kontak

Kerjasama
Pedoman Media Siber
Kebijakan Privasi
Laporan Transparansi

PT NARASI AKAL JENAKA
Perum Sukoharjo Indah A8,
Desa Sukoharjo, Ngaglik,
Sleman, D.I. Yogyakarta 55581

[email protected]
+62-851-6282-0147

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.