Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Aja Kakehan Nyumet Mercon

Bonari Nabonenar oleh Bonari Nabonenar
15 Mei 2019
A A
Bagikan ke WhatsAppBagikan ke TwitterBagikan ke Facebook

MOJOK.CO – Wulan Ramadan biasane identik karo sing jenenge mercon. Nyumet mercon dianggep isa nyenengke lan wis mbudhaya wiwit jaman biyen.

Mlebu wulan Ramadan utawa sasi Pasa taun iki, ana kang beda karo taun-taun sadurunge. Ning kampungku ora pati keprungu bledhose mercon. Iki kahanan kang maremake. Taun-taun sadurunge, nalika ing Jakarta sidhang isbat durung rampung, ing desa-desa wis pating jledhor suwarane mercon.

Yen miturut dhawuhe Mbah Yai, wengi-wengine wulan Pasa kuwi rak becike pancen diramekake. Kanthi pengajian, tadarus, lan rondha thethek nggugah kang padha arep pasa ing wayah saur. Aja dipadhakke nggugah Kumbakarna. Mula ora usah nganggo nyumet mercon. Cukup nganggo rondha thethek wae.

Arep menging utawa nglarang supaya babar pisan ora ana maneh kang nyumet mercon kok ya rasane saru. Wong nyatane kuwi wis mbudhaya wiwit jaman ja-mbejuja. Pokoke wis kawit dhek biyen banget. Mula, sabisa-bisa ayo dikurangi, sokur bisa diniyati mantang saka awake dhewe-dhewe.

Untunge apa ta wong nyumet mercon kuwi? Seneng? Rasa seneng? Meh padha karo kang numpak motor nganggo knalpot blong-blongan kuwi? Yen butuhe seneng krungu suwara jumedhor, rak kudune bisa diakali kanthi nyetel swara bledhosan apa ta apa kono ing hape njuk disalurke nyang kupinge dhewe nganggo headset. Lagi krasa seneng yen suwara bledhosan kuwi mlebu kupinge tanggane? Lah, yen wus tekan nggon kene, tegese wis wiwit ora sehat. Piye yen ana tanggane kang jantungen? Yen ana tangga cedhak kang lagi lairan?

Sok ya ana sagrombol cah nom ing pinggir dalan, padha sangu mercon, mengko yen ana pit apa pit montor saka kadohan njuk wiwit siyaga, nyumet mercon kanthi niyat ngagetake kang lagi liwat dalan kono. Senajan mercon kang disumet cilik-cilik, patrap kang mangkono kuwi kudune wis bisa digolongake: bibit penyakit. Penyakit mental. Rumangsa seneng yen bisa neror ngagetake liyan.

Kesenengan nyumet mercon kuwi mbokmenawa uga bisa kasurung dening karep: pamer. Ben dianggep onjo, ora eman nglebar dhuwit akeh mung kanggo ramen-ramen sagedhagan. Yen mung arep pamer, rak ora usah ditokokake mercon. Dhuwite kuwi diijolke pecahan limang ewonan utawa puluhan ewon njuk didum-dumke bocah-bocah, rak ya luwih ana gunane.

Atine kang menehi seneng, kang nampa ya seneng. Utawa, budhala menyang pasar manuk. Pira dhuwitmu tukokna manuk ombyokan. Njuk gawea acara ngeculke manuk kang cacahe puluhan utawa nganti atusan. Mesthi akeh kang seneng nontoni acara kuwi. Tegese, acara ngeculke manuk kuwi uga bisa dadi acara kang nyenengake. Tur, kanthi sesidheman uga bisa diniyati pamer.

Pengin kang luwih gayeng? Coba, kang diculake kuwi trowelu utawa pitik. Bedane karo ngeculke manuk mau, trowelu lan pitik kuwi bakal dadi duweke sok sapaa kang bisa ndemak. Mesthi gayeng tenan. Yen ora gayeng ya kebangeten.

Senajan bisa diarani akeh mudarate tinimbang paedahe, acara nyumet mercon kuwi kerep uga ditindakake dening lembaga pamarentah. Upamane, karang taruna ing desa-desa, kanthi nyisihake dhuwit organisasi. Ora mung satus-rongatus ewu, bisa entek mayuta-yuta. Kuwi lagi sadesa. Yen sakecamatan ana sepuluh desa gawe acara kang padha? Yen sakabupaten? Yen sa-Indonesia Raya? Coba dietung, mesjid pira kang bisa dibangun saupama dhuwite ora diobongi sawise diwujudake mercon utawa kembang api.

Mula, sepisan maneh, yen ta ora bisa mareni babarpisan, coba ayo disuda olehe nyumeti mercon. Sokur yen Mas lan Mbak Bro gelem melu-melu nyengkuyung pangajak iki, upamane kanthi gawe gerakan: #RamadanTanpaMercon. Mesthine rak ya bisa diniyati ngibadah. Kanggo nyegah dumadine kurban jiwa merga kebledhosan mercon. Sabisa-bisa, aja nganti wulan Ramadan taun iki ana kabar pabrik mercon njeblug lan bocah pira dadi lola merga kelangan wongtuwa. Aja nganti ana Mbak Bro utawa Mas Bro bali njomblo gara-gara mercon. Aja nganti ana adhik-adhik kang kepeksa kelangan driji utawa jempolane. Lan sateruse.

Luwih becik maneh yen televisi uga gelem ngabarake anane patroli saka kapulisen, nekani pabrik-pabrik mercon lan kembang api. Kang legal lan apamaneh kang illegal. Perlune, kanggo ngaweruhi apa sistem jaminan keamanan-e wis lumaku kanthi becik. Dene pabrik kang illegal, kudune ya di-tindak miturut ukum.

Lincak utawa lapak-lapak kang ndhasarake utawa dodolan mercon lan kembang api uga prelu diawasi. Kanggo njamin yen ora nyedhiyakake mercon kang mbebayani. Kawruhana, satemene lapak-lapak kembang api lan mercon kuwi banget luwih seksi tinimbang warteg kang dibukak ngeblak awan-awan ing wulan Ramadan.

Terakhir diperbarui pada 15 Mei 2019 oleh

Tags: #MerconcumplengRamadanwulan pasa
Bonari Nabonenar

Bonari Nabonenar

Artikel Terkait

Perang sarung dulu buat seru-seruan kini jadi tindakan kriminal MOJOK.CO
Ragam

Perang Sarung Kini Jadi Tindakan Kriminal, Apa Sih yang Sebenarnya Para Remaja Ini Perlukan?

13 Maret 2025
anak sma dari jogja ngajar ngaji di jepang.MOJOK.CO
Aktual

Anak SMA dari Jogja Dakwah di Jepang Selama Ramadan, Emak-emak Semangat Minta Diajar Ngaji Sampai Tengah Malam

3 April 2024
Minta Tanda Tangan Imam di Ramadan itu Merepotkan MOJOK.CO
Ragam

Minta Tanda Tangan Imam di Bulan Ramadan, Kegiatan yang Pernah Dianggap Imam Masjid Merepotkan dan Membuang Waktu

28 Maret 2024
Acara Bukber di Tempat Makan Menyiksa Juru Masak MOJOK.CO
Ragam

Bukber di Tempat Makan Adalah Acara yang Menyiksa Juru Masak, Sebel Masak Ratusan Porsi untuk Orang yang Sok Berbuka Padahal Nggak Puasa

27 Maret 2024
Muat Lebih Banyak
Tinggalkan Komentar

Terpopuler Sepekan

S3 di Bandung, Istri PNS Makassar- Derita Jungkir Balik Rumah Tangga MOJOK.CO

Jungkir Balik Kehidupan: Bapak S3 di Bandung, Istri PNS di Makassar, Sambil Merawat Bayi 18 Bulan Memaksa Kami Hidup dalam Mode Bertahan, Bukan Berkembang

1 Desember 2025
banjir sumatera. MOJOK.CO

Bencana di Sumatra: Pengakuan Ayah yang Menjarah Mie Instan di Alfamart untuk Tiga Orang Anaknya

1 Desember 2025
Judi Online, judol.MOJOK.CO

Pengalaman Saya 5 Tahun Kecanduan Judol: Delusi, bahkan Setelah Salat pun Doa Minta Jackpot

2 Desember 2025
Dari Jogja ke Solo naik KRL pakai layanan Gotransit dari Gojek yang terintegrasi dengan GoCar. MOJOK.CO

Sulitnya Tugas Seorang Influencer di Jogja Jika Harus “Ngonten” ke Solo, Terselamatkan karena Layanan Ojol

1 Desember 2025
Bioskop NSC Rembang, bangunan kecil di tanah tandus yang jadi hiburan banyak orang MOJOK.CO

Bioskop NSC Rembang Jadi Olok-olokan Orang Sok Kota, Tapi Beri Kebahagiaan Sederhana

1 Desember 2025
Menanti kabar dari keluarga, korban bencana banjir dan longsor di Sumatera. MOJOK.CO

‘Kami Sedih dan Waswas, Mereka seperti Tinggal di Kota Mati’ – Kata Keluarga Korban Bencana di Sumatera

1 Desember 2025
Summer Sale Banner
Google News
Ikuti mojok.co di Google News
WhatsApp
Ikuti WA Channel Mojok.co
WhatsApp
Ikuti Youtube Channel Mojokdotco
Instagram Twitter TikTok Facebook LinkedIn
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

Tentang
Kru
Kirim Artikel
Kontak

Kerjasama
Pedoman Media Siber
Kebijakan Privasi
Laporan Transparansi

PT NARASI AKAL JENAKA
Perum Sukoharjo Indah A8,
Desa Sukoharjo, Ngaglik,
Sleman, D.I. Yogyakarta 55581

[email protected]
+62-851-6282-0147

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.