MOJOK.COKartini gak yo wong Jeporo? Laopo neng filem ngomonge dadi mBantul koyo ngono?

Aku lagek wae bar ndelok “Kartini”, pilem rongewu enem gaweane Hanung Bramantyo. Krosone ketanggor maneh, ora bedo karo pas bar ndelok “Tjokro” mbiyen. Piye… ngono. Angger ndelok pilem sing latare Jowo, opo maneh Jowo biyenan, krosone kok koyo no Jogja.

Kartini gak yo wong nJeporo, leh? Lha, nJeporo iku kan kulone Tuban kono wae—yo dipisah karo Rembang tambah Pati sithiklah. Tegese, bosone ora mungkin adoh karo bosone wong nggonanku, Lamongan, sing mung kedangdangan kali cilik karo daerah Tuban. Wis ngono, awak dewe iki kan yo podo pesisire toh? Kudune Kartini ne takok lak yo nganggo “leh” to? Opo malah nganggo “bae”, koyo wong Brondong. Lha, laopo ngomonge do koyo kethoprakan ngono?

Ne ngene iki dadi eling pas ndelok “Tjokro” no beskop, rong taun kepungkur. “Tjokro” iku wong Suroboyo, lak ngono ta, Rek? Tegese, kudune, yo cerito Suroboyoan. Tapi wong sing tau urip no Jogja koyo aku mesti langsung saknaliko ngerti ne pilem iku (podo dene karo “Kartini”) krosone Juogja.

Cobak pikir, wayah Gupermen lagek nyengit-nyegite, ono Bagong trembalangan no Kembang Kuning. Wis ngono bosone Endonesa. Wis ngono, rendang-rendeng karo bocah setengah Londo sing ngomong Endonesa wae nyengkal. (Bayangno, ne arek loro iku ketemu Cak Blonthang, lak yo dikethaki karo diseneni: “Olahopo kon iku, kathik kemenyek nganggo boso kulonan barang?”)

Durung maneh terus metu bakul dingklik sing praupane mBantul-tul iku. Ne rai thok rapopo. Lha, jebule sak ngomong-ngomonge yo mBantul—untunge Cak Munawar wis matek, ne ora arek iku mesti dicathek. Mangkane, bagian paling apik ko pilem “Tjokro” iku dudu pas Darsono nyanyi “Internationale”, tapi pas Kartolo mecungul.

Lha, masalahe, mung sak plekenyik, sak uuuithik!

Sakjane ora aneh ne wong etanan koyo Tjokro opo wong loran koyo Kartini malih dadi wong kidul-kulonan—koyok-koyoke wong-wong iku lahirane no Kotagede opo nJero Beteng, terus dolane no Pasar Ngasem, terus ne dino Ngahad blajar nglangi no Mbangtirto. Lha piye maneh, sing nggawe ancene arek-arek njar kono. Tapi, wong koyo Garin opo Hanung (opo murit-murite, opo sing pingin dadi murit-murite) kudune kan paham ne Jowo iku ora siji, Jowo iku akeh, “manekowarno cacahe,” ne jare ibu kosku no Sapen mbiyen. Jowo iku ora Jogja thok sing jelas, opo maneh kok mung mBantul.

Baca juga:  Film yang Boleh dan Tidak Boleh Ditonton Sebelum Mudik

Ngenteni Kartini opo Sosrokartono, opo Tjokro, metu omonge Jowo sing penak dirungokno wis uuuangel ora pakat, lha begitu metu Jowone sing pas, e, lhadalah… lha kok Jowo ala “Mbangun Deso”? Ala Pak Bina, ala Den Baguse Ngarso, ala Yu Beruk.

***

Tak ceritani yo…. Pas kawitan teko no Jogja rong puluh taun kepungkur, pirang-pirang ndino aku ngguya-ngguyu dewe saben ngomong karo ibu kos utowo bakul panganan. Wani kithing, prasaku koyo krungu wong main kethoprak. Guyuku tambah ra karu-karuwan pas aku takok soal pisuhan sing paling kasar no Jogja. “Yo asu karo bajingan, opo dirangkep sisan,” jare konco kosku. Lha ra ngguyu piye, wong no omah aku nduwe budhe sing celuk-ane “Mbokwak Su”, terus koncoku sing jenenge Suyatno celuk-ane yo “Si Su”. Terus… ngko disik, tak ngguyu… mosok misuh kok bajingan. Lha sing dipisuhi kan malah ngguyu….

Gak, aku ora pingin mbanggakno pisuhan-pisuhan coro etanan. Jancuk, kakek-anmu, matamu suwek, opo sing paling kasar (sing biasane marai cah-cah cilik gelutan): t****e mbokmu, piye-piye o jareku tetep luwih sangar. Tapim duduk no kono masalahe. Sing pingin tak omongno, masio awak dewe iki podo Jowone, model Jowo sing siji karo Jowo liyane iku ora kalah asing lan anehe dibanding karo boso liyane.

(Cobak ne awakmu koyo aku, sing diguyu wong Jogja naliko ngomong nganggo sampean. Padahal, iku siji-sijine boso kromo, sak liyane dalem, sing diulangno emakku.)

Rungokno yo, korok-i kupingmu, kanggo cah pesisir koyo aku, pas jaman cilik mbiyen, dikongkon guru Boso Jowo ngapalno ukoro “dong dinging suworo kang pungkasan” iku ora luwih gampang dibanding pas ngapalno “I want to introduce myself”. Karo-karone, prasaku, yo podo-podo bosone wong njobo. (Boso Endonesa yo podo ae!)

Dadi, tak baliki maneh, Jowo iku ora siji. Ora siji iku tegese bedo-bedo. Terus, bedane kadang yo ora semu-semu, ora tipis, tapi cetho, terang-trewoco. Mungkin awak dewe ngerti Jowo jenis liyo, tapi soal kosakota, dialek, langgam, nada pas ngomong, paribasan, pisuhan, lan samubarange, jelas-jelas gampang ditengeri. Lha, ne kabeh-kabeh pok padakno, pok gawe mBantulan, yo bar gawene! Ne Tjokro opo Kartini kabeh-kabeh di-Jogja-no, terus awak-awak dewe sing mung putune pangone Aryo Penangsang iki komanan opo?

Baca juga:  Nyai Ahmad Dahlan Layak Mendapat Film yang Lebih Baik

Amrozi?

***

Aku iki suuuweneng cerito-cerito ludruk. Kawit cilik, sakliyane Brama Kumbara, Kamandanu, jagoanku yo Joko Sambang, Bambang Sutejo, Joko Rawono, Joko Dolok, Sarip Tambak Oso, Branjang Kawat, Berandal Lukojoyo, lan sakpinunggalane. Saiki wis gede, aku iso ngarang, iso nggawe cerito dewe, jelas iku mergo goro-garane wong-wong iku. (Ne kowe tau moco Dawuk [cobak ngaku ra tau, tak tempiling!], kowe mesti iso ngerteni koyo opo utangku karo jago-jago iku). Mangkane, kadang-kadang ono kepikiran, malah—ne pas lagek kumat—kadang dadi cita-cita, ne sakwayah-wayah cerito-cerito koyo iku mau tak garap maneh, opo sekedar tak cangkok-cangkok.

Opo ne ora ngono yo aku duwe angen-angen: kapan-kapan iso ndelok cerito-cerito model ngono iku no beskop. Mesti rame ne ono sutradara iso nggambarno Bambang Sutejo—karo numpak jarane putih aran Mayang Seto—ngobongi pabrik-pabrik gulo no daerah Pasuruan, karo ngguyu lakak-lakak, karo bengok-bengok nantangi Londo sak abang cindile. Durung ono sejarahe no pileme awak dewe, misale, ono cerito bacok-bacokan antarane anak-e lurah daerah Njombang-an karo Kumpeni mung goro-goro suket pakane jaran.

Tapi, ne ndelok “Tjokro” opo “Kartini”, gak iso gak, aku dadi mermer, waswas, kemrungsung ne jare Panjebar Semangat. Piye bakale ne Sarip Tambakoso dipilemno, umpamane, sementara sing nggawe wong Jogja. Pas Sarip sumbar kirim ancaman karo Paidi, sing kudune munine, “Cak Paidi, Cak Paidi, sampean digoleki Cak Sarip, kate diodol-odol ucus ndiko!” ojo-ojo malah metune clekopan ala ledok Kali Code: “Mas Paidi, situ dirajang wetenge purun mboten?”

Terus, misale Branjang Kawat metu pileme. Oke, ra masalah, sing dadi Branjang Kawat Reza Rahadian—yo, pek kabeh kono, karep-karepmu, pokok-e payu. Tapi, mergo Reza nJakartani, dikongkon sumbar boso Meduro bundel ilate, akire batur-bature digolekno sing lokal-lokal. Mak bedunduk, sing dadi Pak Colok sido Marwoto. Markasan-Subakri-ne Jonet karo Dalijo. Kuatir kurang nyeni, ditambahi ono Semar nglangi ko Meduro menyang Tegal-Pekalongan. Sing dadi Semar-e: Doktorandus Pawiro.

Yo wis, pasangi angkringan sisan!

Komentar
Add Friend
No more articles