MOJOK.COMilih TK kuwi saiki ruwet lan garai bingung. Bukane ora ana sing apik, malah pilihane saiki akeh dan kakehan sing apik.

Saiki lagi anget-angete ngomong masalah zonasi sekolah. Kabeh padha bingung milih sekolahan. Akeh ibu-ibu sing protes merga zonasi iki. Ora sithik sing bingung milih sekolah anake. Padahal kan zonasi iki jan-jane ben gampang sing milih sekolah. Eh… malah padha bingung.

Nganggo zonasi apa ora, yen kaya aku, nyatane ya tetep bingung nalika arep nyekolahke anak. Padahal anakku lagi wae arep TK. Kudune, durung kangelan yen arep milih TK gawe sekolahane. Nanging ya justru kuwi sing marakake ruwet. Merga akehe sekolahan kayadene jamur ing mangsa udan.

Saiki coba itungen ing daerahmu, pira wae sekolah negri lan swasta. Mesthi wae akehe ora umum. Mesthi apik kabeh. Ya iya, mosok enek sekolah sing elek? Kabeh nawarke keunggulane. Gurune, programe, fasilitase~

Mbiyen, jamane aku isih SMP kira-kira taun 2003, aku mburu sekolah negri sing dadi favorit ing kacamatanku kene. Pancen, jaman dhisik durung usum gratisan biaya saka pemerintah. Eneke mung bantuan kanggo murid tidak mampu utawa miskin. Masiya bayarane larang, nyatane ndisik sekolah negri pancen sing diburu-buru.

Nanging nontono saiki, Lur. Sekolah negri lan swasta padha akehe. Padha apike. Malah saiki, kaya-kaya akeh sing padha milih TK utawa sekolah swasta. Malah, kancaku ana sing nyekolahke anake ing sekolah swasta mung merga seneng yen mulihe sore.

“Lumayan, ora kesel sing ngabani ning omah.” ngono kandhane.

“Itung-itung titip momong anak ing sekolahan.” ngono ujare liyane. Pancen sekolah swasta sing mulihe nganti sore kuwi cocok banget kanggo wong tuwa sing sibuk lan ora duwe wektu nyinaoni anak ing omah.

Ana maneh, sing alesane merga jajanan. Yen ning sekolah negri, biasane padha jajan ing njaba alias wong tuwane kudu nyangoni saben esuk. Jajanan jaman saiki ya aneh-aneh sing akeh marai wong tuwa kuatir merga ora higienis, bakule ora resikan. Yen sekolah swasta, (iki sing lagi tak omong SD) masiya siki luwih larang, ananging mangan wis kapetung ing jero. Malah sak sarapane. Iki manfaat banget kanggo ibu-ibu sing esuk-esuk wegah masak.

Baca juga:  Surat Balasan untuk Yang Protes Sistem Zonasi Sekolah Pak Muhadjir Effendy

Sekolah sing mbledug kaya saiki iki, uga gawe ruwet. Ruwete milih TK nganti kaya milih calon mantu. Kudu diseleksi saking akehe. Sing tak maksud kudu diseleksi kuwi ora nyeleksi kualitase, merga rata-rata saiki sekolah wis apik kabeh. Nanging nyeleksi sing jumbuh karo kanthong alias dhuwit lan kemampuan utawa karaktere bocah. Kaya aku iki sing lagi ruwet milih TK nggo anakku.

Jan-jane yen masalah sekolah, aku iki ora kagolong ibu-ibu rempong. Aku kuwi ora masuk golongan sing kakean penjaluk. Aku iki penganut unen-unene wong Jowo yaiku “ndeleng githok” sing tegese nonton kemampuane dhewe. Ngomong ora nduwe dhuwit wae kok mbulet.

Akeh sekolah ing cerak omahku kene. TK sing wiwit aku cilik ya isih berdiri tegap. Ditambah akeh sekolah swasta sing ora kalah apike. Sing marai mumet milih TK kuwi ora soal sekolahe, ananging anakku dhewe.

Bocahe kuwi rodok nakal sithik. Yen jare guru PAUD saiki jenenge kreatif apa aktif alias ora gelem meneng. Ing papan ngendi wae mesthi kakehan polah. Kuwi durung hobi jajane sing marai sirah mumet lan kanthong njerit.

Bocahku kuwi durung bisa dikandhani. Yen dikandhani mesthi malah nesu lan jotosi ibukne. Saka gurune ing PAUD, njuk aku disaranke supaya nglebokne ing sekolah sing tenaga pengajare mumpuni, maksude, sing ora kakean muride supaya bisa ngayahi anak didike.

Baca juga:  Rabi Kiye Ora Mung Perkara Nduwe Jodoh, tok!

Jan-jane aku ya mathuk karo sarane Bu Guru. Tak tonton-tonton, sekolahku TK mbiyen ya ora kalah apik. Saiki gurune malah pirang-pirang. Sing disayangke ing kono, jajane isih umbaran. Sembarang jajanan enek. Saka panganan nganti dolanan.

Yen panganan ngono wae, asal sehat, aku ora apa-apa. Paling limangewu ya wis wareg. Cilakane, yen bocah kuwi mau keblinger karo dolanan. Apa maneh dheweke kuwi milikan. Mau wis tuku werna putih, weruh kancane nggawa abang, njuk njaluk sing abang. Ora mumet piye dadi ibukne? Yen pisan pindho, aku isih lumrah. Kuatire, yen terus-terusan.

Mula kuwi, kepingine ati nyekolahke anak ing almamatere ibukne mbiyen. Ning aku realistis. Ora mung mburu apike sekolah thok. Nanging ya tak tonton karaktere bocahku. Kan ya percuma yen nyeleksi sekolahe nganti ngos-ngosan nanging ora sesuai karo karakter anak. Kamangka bocah seumuran kuwi, yen nuturi ora kena dipeksa kaya cah gedhe. Kudu kanthi alon-alon karo nggremet. Malah sok kadang, lambene ibukne nganti kriting. Hehe.

Sidane, demi kesehatan jiwa dan raga, bocahku iki tak lebokne ing TK sing dudu almamaterku mbiyen. Setelah rapat karo bapakne, aku lan dheweke sepakat milih TK Aisyiyah Bustanul Athfal sing kira-kira mung let 300 meter saka omah. Lumayan, ngirit bensin.

Adoh cerak, sing penting cocok karo karakter anak. Saiki ora modhel meksa anak sekolah kaya kepinginane wong tuwa. Ora kayadene jamanku sing padha mburu sekolah ing SMA. Lha saiki, malah padha akeh sing padha ngleboni SMK.

Tapi ya kuwi miturut pendapatku sih. Kabeh pribadi kan duwe opini masing-masing. Sing perlu digatekne, aja nganti ngorbanke anak mung merga nuruti kepinginane wong tuwa. Apa maneh ing masa-masa penting pertumbuhan sing kudune oleh perhatian lebih saka wong tuwane.



Tirto.ID
Loading...

No more articles