Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Wong Tuwane Generasi Tik Tok Iku Generasi Tahu Tek

Eko Bambang Trivisia oleh Eko Bambang Trivisia
13 Juli 2018
A A
Bagikan ke WhatsAppBagikan ke TwitterBagikan ke Facebook

MOJOK.CO – Lek duwe anak sing seneng dolan Tik Tok, aja dilarang, tok. Coba dijak ngomong, sik areke ora penasaran.

Sik tas wae aku mudun teka sepeda motor sak marine mulih kantor, lha kok bojoku mara-mara metu teka lawang mburi omah ambek ngomel-ngomel. Duh kah, mosok nggak isa ngenteni aku mlebu omah dhisik, lungguh ngopi-ngopi ambek ngemil jajan karine riyaya ben awak istirahat sak marine sedinoan kerja. Lha iki, wis awak sik kesel, kemringet ambek seragam kantor mambu lebus langsung disrangap omelane bojo.

“Sik ta lah. Onok apa kok raimu abang ireng ambek ngomel-ngomel nggak karuan koyok ngono?”

“Deloken ta anakmu iku, Yah, Si Lintang. Iku mau aku nggak sengojo ndelok HP-ne, lha kok nemu video Yutub sing isine arek iku ngomong nggak jelas ambek bolak-balik misuh. Mbok ya kandhanana areke, nek perlu senenana. Nggak seneng aku.” Jare bojoku. Lambene mecucu meh rong senti.

“Video apa?” Aku takon alon-alon gawe ngedem atine. Bojoku nggak njawab tapi mari ngono mlebu omah maneh terus nggak let suwe, mbalik ambek nyerahna HP-ne anakku sing nomer loro iku nang aku.

“Nyoh, deloken dewe.”

Tibakna tenan. Bareng tak delok videone anakku sing sik kelas telu SD iku, aku malih dadi rodok bingung. Antarane heran, kudu ngguyu ambek mangkel sitik. Asli aku nggak nyangka.

Anakku sing sik umur wolung taun iku nggawe semacam vlog sing isine ngomong sak karepe dewe mbuh mbahas apa wae. Ya jane nggak patek beda ambek video-video ne Bayu Skak ngono iku. Tapi sing marakna aku rodok kemekel iku merga anakku ngomong ndik videone nganggo Bahasa Indonesia logat Jakartaan, terutama nek pas areke ngomong gue-elu, rodok marai gatel ning kuping nek dirungokna. Ya isa koen bayangna dewe, arek sing sak bendina ilate medok basa Indonesia campur Medura mara-mara nggawe vlog berbahasa ibukota. “Memangnya gue tak lebur ngedhingaghi?”

Mung masiya ngguyokna, aku ya gregeten tepak ndelok anakku ndik video iku bolak-balik muni “brengsek”, “bangsat lu”, “anjrit” sampek “emangnya lu mau gue tabokin apa?”

Ya Allah. Ngguyuku langsung ilang malih dadi mangkel. Bener jare bojoku, arek siji iki kudu tak kandani nek perlu tak seneni ben nggak tuman.

Jane kepingin tak celuk anakku sing sak kala iku mumpung ketok lungguh ndik ngarepe tivi ndelok film kartun. Tapi kondisiku sing siktas mulih kantor, kesel, luwe, marakna aku mikir, iki nek tak seneni saiki isa-isa aku akehan emosine timbangane ngandanine. Ya wis nek ngono engkuk wae sak marine aku adus.

Banyu adem sing mancur teka shower tibakna lumayan isa ngedemna ati ambek ngekeki aku wektu gawe mikir. Aku terus eling statuse Mas Teguh Arifandi, konco facebook sing kerja ndik bagian pelayanan masyarakat, Kementerian Kominfo. Mas Teguh nulis status, nek aplikasi Tik Tok katene di-blokir ndik Indonesia. Tibakna tenan. Masiya mung rong dina, aplikasi sing jarene ‘goblok’ iku diblokir merga akeh bukti sing nduduhna nek Tik Tok sering disalahgunakna, sak nggak-nggak e kebablasan.

Aku jane termasuk sing nggak patek setuju solusi blokir koyok ngono, soale nek jareku nggak bakal isa marekna masalah. Justru malah isa nambah masalah anyar. Kan wis gudu jaman Orde Baru, Rek. Sithik-sithik bredel, sithik-sithik blokir. Sing rodok keterbukaan apa a koyok biyen janjine tepak kampanye pemilu.

Terus terang aku nggak ndelok bahayane aplikasi Tik Tok. Masiya ngono, nggak berarti aku kesenengen ndelokna video-video sing meh kabeh alay- geje– bocah ngapa yak ndik aplikasi gaweane aseng iku. Pancen ana sing termasuk kebangeten nggawe joget lucu-lucuan niru adegan sholat. Ana arek wedok sing joget ndik ngarepe mayite mbahe sing wis matek. Ya nggak sithik video sing menjurus pornoaksi.

Iklan

Tapi tetep wae aku nggak setuju pemblokiran aplikasi Tik Tok.

Soale sing tak delok masalahe mung siji… kesenjangan pola pikir, terutama antarane generasiku, generasine wong sing umure telungpuluh taun menduwur ambek generasine arek-arek jaman now.

Lha wong nek tak pikir, sing paling gatel pengen melok joget alay memberangus aplikasi-aplikasi tunggale Tik Tok, Kwai, Bigo ambek sing liyane iku ancene wong-wong tuwek angkatan reformasi sing nggak nerima Iqbaal meranke Minke. Sing nggojloki entek-entekan remaja sing nulis Pramoedya Ananta Toer iku jare penulis anyaran sing cuma katene ndompleng ketenaran mantan anggotane Coboy Junior iku.

Cuma iku masalahe nek jareku.

Antara ego wong tuwek sing sumpek ndelokna tingkah polahe arek jaman saiki sing jarene kebablasan nggak duwe aturan. Ambek mentale arek-arek enom milenial sing kudu diakoni pancene rodok sengak, nyolot, kurang unggah-ungguh ambek lali tata krama.

Soale nek kudu jujur, aku ya mesti ngakoni nek akeh video sing digawe nganggo aplikasi-aplikasi sing tak sebut ndik nduwur iku sing lumayan menghibur, ya lucu ya kreatif pisan. Ambekna apa salahe sih, nek ana arek lanang SMP sing mara-mara terkenal terus njaluk bayaran 80 ewu per-foto bareng ndik acara meet and greet? Apa salahe ana arek wedok ning pelosok Sulawesi Tengah kana sing nganti kebanjiran endorse merga video–ne sing ngaku syantik terus kepingin dadi bojone Iqbaal Aji Daryono iku mendadak viral?

Ya wis jarna wae ta lah. Engko lak ilang-ilang dewe koyok mbiyen nasipe duet Shinta –Jojo Keong Racun ambek Norman Kamaru Bintara Chayya-Chayya iku.

Adus ambek mikir koyok ngono iku lha kok aku malih nggak sida nyeneni anakku. Malah sak marine sholat ashar, areke ambek putune tonggo mburi omah sing sak pantaran tak jak nggawe vlog tentang dunia lain. Mumpung ndik ngarep omahku ana komplek tentara sing wis 10 taun kosong mangkrak, ketepakan langite wis peteng soale meh magrib. Arek loro iku tak jak nggawe video uji nyali.

Kari bojoku sing ngelus dada ndelok aku ambek arek-arek iku goncengan numpak sepeda motor. Malah anakku langsung ‘in-action’ nganggo kamera HP-ne sing disambung ambek tongsis.

“Biar keliatan asli, Yah.” Ngono jarene.

Lha yak apa maneh. Jaman ancene wis berubah. Sing tuwek-tuwek iki kudune aja isa nglarang tok. Mending dikancani, dijak ngomong apa karepe arek-arek enom iku ben isa diarahna.

Nek isane mek nglarang tok tapi nggak ngekeki solusi, ya aja nyalahna sapa-sapa nek arek saiki akeh sing salah dalan.

Terakhir diperbarui pada 13 Juli 2018 oleh

Tags: aplikasi goblokcah enomgenerasi tik toktahu tekwong tuwa
Eko Bambang Trivisia

Eko Bambang Trivisia

Artikel Terkait

Makanan Khas Surabaya MOJOK.CO
Kuliner

3 Makanan Khas Surabaya yang Tak Pantas Jadi Makanan Khas, Bebek Purnama Termasuk Meski Nikmatnya Tak Diragukan

7 Maret 2024
Tahu tek Haji Ali Surabaya
Kuliner

Tahu Tek Haji Ali Surabaya: Berawal dari ‘Rezeki yang Tertukar’

16 Januari 2023
Rerasan

Golput Iki Dudu Perkara Keren, sing Ana Malah Nyebahi

3 April 2019
Pojokan

Kalau Tik Tok Goblok, Memangnya Instagram dan Twitter Nggak?

4 Juli 2018
Muat Lebih Banyak
Tinggalkan Komentar

Terpopuler Sepekan

Guru sulit mengajar Matematika. MOJOK.CO

Susahnya Guru Gen Z Mengajar Matematika ke “Anak Zaman Now”, Sudah SMP tapi Belum Bisa Calistung

2 Desember 2025
Bencana Alam Dibuat Negara, Rakyat yang Disuruh Jadi Munafik MOJOK.CO

Bencana Alam Disebabkan Negara, Rakyat yang Diminta Menanam Kemunafikan

3 Desember 2025
Bakpia Mojok.co

Sentra Bakpia di Ngampilan Siap Jadi Malioboro Kedua

1 Desember 2025
Maybank Cycling Mojok.co

750 Pesepeda Ramaikan Maybank Cycling Series Il Festino 2025 Yogyakarta, Ini Para Juaranya

1 Desember 2025
Bioskop NSC Rembang, bangunan kecil di tanah tandus yang jadi hiburan banyak orang MOJOK.CO

Bioskop NSC Rembang Jadi Olok-olokan Orang Sok Kota, Tapi Beri Kebahagiaan Sederhana

1 Desember 2025
Gen Z fresh graduate lulusan UGM pilih bisnis jualan keris dan barang antik di Jogja MOJOK.CO

Gen Z Lulusan UGM Pilih Jualan Keris, Tepis Gengsi dari Kesan Kuno dan Kerja Kantoran karena Omzet Puluhan Juta

2 Desember 2025
Summer Sale Banner
Google News
Ikuti mojok.co di Google News
WhatsApp
Ikuti WA Channel Mojok.co
WhatsApp
Ikuti Youtube Channel Mojokdotco
Instagram Twitter TikTok Facebook LinkedIn
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

Tentang
Kru
Kirim Artikel
Kontak

Kerjasama
Pedoman Media Siber
Kebijakan Privasi
Laporan Transparansi

PT NARASI AKAL JENAKA
Perum Sukoharjo Indah A8,
Desa Sukoharjo, Ngaglik,
Sleman, D.I. Yogyakarta 55581

[email protected]
+62-851-6282-0147

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.