Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Golput Iki Dudu Perkara Keren, sing Ana Malah Nyebahi

Paksi Raras Alit oleh Paksi Raras Alit
3 April 2019
A A
Bagikan ke WhatsAppBagikan ke TwitterBagikan ke Facebook

MOJOK.CO – Mbok kira, dadi golput iki iso gawe kowe keren? Ya, ora, Ndes. Sing ana, kowe malah ketok nyebahi.

Aja golput. Golput kuwi golongane wong nyebahi. Wong sing nek mikir apa-apa dianggep kleru, luput, ora dadi karepe, sambat, nggresula, pokmen nyenyengit lah.

Sakdhonge wis akeh banget tulisan utawa artikel sing mbahas bab golput. Wiwit seka sing akademis nganti sing nyinyir. Nanging dinggo rame-rame para pandhemen lan sutresna basa Jawa, saiki artikele ditulis nganggo basa Jawa neng Rerasan.

Ing donya iki, ing sakitare kancamu dolan utawa kanca kampus wae, mesthi ana wong sing jinise nyebahi ngono kuwi. Apa-apa ora cocok, mbedani, kudu ketok eksklusif timbangane kanca-kanca liyane. Gatekna seka sandhangane, carane ngomong, carane mikir, mesthi kepengin ketok unboxing out of the box.

Jinis wong kaya ngene iki akeh banget neng golongan kaneman utawa remaja. Utamane neng sosmed. Ciri-cirine biyasane posting sing bab aneh-aneh, ora posting bab kuliner sing ‘lu mesti banget cobain’, utawa posting bab gambar kucing, nanging nyinyiiiiiiiir terus. Ra tau positip ndelok apa wae.

Ana maneh, biyasane wong-wong anti kemapanan ngene iki yen posting bab ‘now playing’ neng sosmed, mesthi lagu-lagu aneh sing nek isa followerse ora dhong. Trus ditambahi caption ‘buat yang tau aja’. Pitikih…. ha mbok sisan kowe posting now playing lagu daerah Ekuador kono nek niate arep ketok mbedani bab selera musik.

Sing luwih nyebahi meneh, pawongan ngono kuwi banjur duwe ideologi anti politik. Fuck politic ujare sablonan kaose wong-wong kuwi. Ben saya ketok anggone ora normal kaya liyane, banjur macak golput. Alesan utawa argumene ngapa kok golput wis disiapke nganggo cara mikire sing anti-mainstream ngono kuwi mau. Pancen biyasane wong-wong sing ngono rada mletik lan kritis. Ati-ati lho ndie… indie… yen kowe kritis banget mengko sing isa nangangi ya mung rumah sakit.

Pokoke piye carane ben ketok beda karo liyane. Yen kanca-kancane kalebu golongan cebong lan kampret, rombongan cah nyebahi iki gawe kelompok dhewe, ben tansah mbedani. Mbok ya sing eling mbedani merga kreatif lan mbedani merga nyebahi kuwi beda lho. Bisa wae pikiran anti-mainstream mu kuwi dijumbuhke karo daya kreatifmu ben dadi karya sing bisa nyenengake wong akeh lan migunani tumraping klien liyan.

Ha nek kepengin mung ketok beda tumraping manungsa normal, mbok njajal saiki digawe beda carane mangan sisan. Yen kancamu kuwi mangane sega lawuh jangan, njajal kowe mangan lawuh tlethong ngono. Utawa rasah ambegan nganggo irung ndak kaya wong lumrah, nanging ambegan nganggo sikut ngono. Hiiiisssh… gemes banget aku karo golongan ngono kuwi, rasane kepengin tak templing ben sadhar uteke ngono, ha nanging piye? Aku ki ra wani gelut, dadine isane ya mung padu liwat tulisan ngene iki.

Eling ya, pemilu Amerika wingi saking kakehan warga sing nyebahi lan macak ora perduli marang politik, tembe mburine padha getun utawa nyesel nalika sing kepilih presiden Trump.

Aku sih isih percaya yen watak nyebahi kuwi mung fase, mung tataran urip gebyare cah enom sing apa-apa kudu nyleneh. Aku ki ya sakelingku mbiyen wis tau golput, lan sengit karo kabeh-kabeh. Nanging kuwi sakdurunge entuk enlightment utawa hidayah politik yen tumindak apolitik ngono kuwi ki ora pener. Anggonmu ngetrapke peran kanggo bangsa negara Indonesia iki bisa diwiwiti kanthi nyoblos. Yen kowe isih nganti mikir, ”Ha, aku ra seneng karo Indonesia, ra setuju aku karo konsep politik neng Indonesia!” Ya kana pindhaha Ekuador.

Isa lho tetep keren tanpa kudu nyenyengit. Bisa kok tetep menang tanpa ngasorake netizen. Elinga ilmu pari, tambah tuwa tambah isi kuwi lumrahe tambah ndhungkluk. Tur ya embuh yen jebule jinismu kowe kuwi pari gabug, tetep wae ngadeg negar-negar tanpa andhap asor babar blas nganti tuwa, ha merga kopong isine.

Ana sing nate nulis yen wajar utawa lumrah dadi manungsa sing watake nyebahi, nyenyengit, sinis, skeptis, anti mainstream, indie rebel, sok hipster ing umuran 20 taunan. Nanging yen tambah umur kowe isih kaya ngono, brarti sing salah kuwi kanca dolanmu. Aku ya lali sapa sing nulis iki, Mpu Tantular apa ya.…

Deloken ta contone, Iwan Fals misale. Nalika enom umur 20-an apa-apa diprotes, anti kabeh-kabeh. Sengit marang apa wae nganti teler… tur ya mbasan tuwa rak ya dadi lerem ta? Gelem cukur rambut, trus lagune-lagune banjur lagu cinta sing nyengsemke ati, wis ora mBongkar kiwa tengen meneh.

Iklan

Yen cara wayang, jupuka conto Raden Antasena. Nalika enom ha ora mung pemerintahan raja sing dilawan nanging dewa wae ditantang gelut. Nanging sakgentho-genthone Antasena, nalika kudu mbangun miturut kanggo kabecikan negara, nyatane ya manut-manut wae kok dikandhani.

Wis ta, pikiren meneh yen arep golput. Njuk apa gunane ndadak padu, ece-ecenan, iri drengki, twitwar, adu komen? Nek pancen wani padu ki kudune ya sembada wani milih.

Terakhir diperbarui pada 2 April 2019 oleh

Tags: cah enomgolputPemilu 2019Pemilu AmerikaPilpres 2019
Paksi Raras Alit

Paksi Raras Alit

Seniman dan pegiat aksara Jawa.

Artikel Terkait

Pawai #suarakanCintamu di CFD Jakarta untuk ajak anak muda agar tidak golput di Pemilu 2024. (Dok. Campaign)
Aktual

Pawai #SuarakanCintamu di CFD Jakarta: Upaya ‘Campaign’ Tekan Angka Golput

4 Februari 2024
pemakzulan dan prediksi golput pemilu 2024 mojok
Video

Prediksi Soal Golput di Pemilu 2024 dan Isu Pemakzulan Jokowi Bersama Bilven Sandalista

14 November 2023
anak muda golput mojok.co
Kotak Suara

Bagi Anak Muda, Golput Itu Pilihan dan Keniscayaan dalam Demokrasi

3 Juni 2023
gerakan golput (Mojok.co)
Kotak Suara

Sejarah Golput: Digaungkan Arif Budiman, Diteruskan Megawati untuk Melawan Soeharto

29 Mei 2023
Muat Lebih Banyak
Tinggalkan Komentar

Terpopuler Sepekan

pendidikan, lulusan sarjana nganggur, sulit kerja.MOJOK.CO

Overqualified tapi Underutilized, Generasi yang Disiapkan untuk Pekerjaan yang Tidak Ada

5 Desember 2025
Dari Jogja ke Solo naik KRL pakai layanan Gotransit dari Gojek yang terintegrasi dengan GoCar. MOJOK.CO

Sulitnya Tugas Seorang Influencer di Jogja Jika Harus “Ngonten” ke Solo, Terselamatkan karena Layanan Ojol

1 Desember 2025
Transformasi Wayang dalam Sejarah Peradaban Jawa

Transformasi Wayang dalam Sejarah Peradaban Jawa

30 November 2025
Menanti kabar dari keluarga, korban bencana banjir dan longsor di Sumatera. MOJOK.CO

‘Kami Sedih dan Waswas, Mereka seperti Tinggal di Kota Mati’ – Kata Keluarga Korban Bencana di Sumatera

1 Desember 2025
Maybank Cycling Mojok.co

750 Pesepeda Ramaikan Maybank Cycling Series Il Festino 2025 Yogyakarta, Ini Para Juaranya

1 Desember 2025
Udin Amstrong: Menertawakan Hidup dengan Cara Paling Jujur

Udin Amstrong: Menertawakan Hidup dengan Cara Paling Jujur

2 Desember 2025
Summer Sale Banner
Google News
Ikuti mojok.co di Google News
WhatsApp
Ikuti WA Channel Mojok.co
WhatsApp
Ikuti Youtube Channel Mojokdotco
Instagram Twitter TikTok Facebook LinkedIn
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

Tentang
Kru
Kirim Artikel
Kontak

Kerjasama
Pedoman Media Siber
Kebijakan Privasi
Laporan Transparansi

PT NARASI AKAL JENAKA
Perum Sukoharjo Indah A8,
Desa Sukoharjo, Ngaglik,
Sleman, D.I. Yogyakarta 55581

[email protected]
+62-851-6282-0147

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.