Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Serat Kangen Kagem Ibu, Tetep Lebaran Senajan Ora Salaman

Paksi Raras Alit oleh Paksi Raras Alit
24 Mei 2020
A A
lebaran kangen ibu MOJOK.CO

lebaran kangen ibu MOJOK.CO

Bagikan ke WhatsAppBagikan ke TwitterBagikan ke Facebook

MOJOK.CO – Nyuwun dongane ngge kula nggih Bu, muga-muga kahanane gek ndang lancar malih anggone nyambut damel. Lebaran iki kulo mboten saged mudik.

Serat katur Ibu,

“Bu, dos pundi kabaripun? Mugya Ibu tansah sehat, lahir lan batin nggih.

Kula ten riki sehat uga Bu, tetep piye carane kudu semangat saben dinane, senajan ora bisa mulih Lebaran taun iki. Kahanane pancen pait ngeten Bu. Ning bejane iki dudu mung kula thok sing ngrasakake paite urip neng paran lebaran ora bisa mulih, meh kabeh uwong neng kene uga ngalami kahanan sing padha. Ibu maklum nggih, lebaran taun iki piyambakan neng ndalem.

Kula kangen. Saestu…

Kangen banget pingin isa Lebaran neng ndalem ngancani Ibu. Wis setaun mboten saged kepanggih Ibu. Kok ya ndilalah, rencanane mudik taun iki batal merga pandemi korona niki.

Kula kangen pengin sungkem. Sungkemku sing pisanan sing mesthi kagem Ibu yen bubar salat Ied. Kaya-kaya durung lega anggone nglebur dosa setaun yen dereng sungkem ing ampeyane Ibu. Kangen dibisiki lan diwejangi Ibu yen bar sungkem. Kepengin banget.

Lagi Lebaran taun iki nggih Bu saumur urip kula mboten kepanggih Ibu. Muga-muga ampun dadi penggalihe Ibu uga ya, ben Ibu mboten kepikiran.

Kula uga kangen banget ngrasakake kahanan ndesa yen riyaya. Adate angger bar sungkeman kalih Ibu, banjur sak desa nganakake syawalan neng ngarep mesjid kae lho Bu. Kabeh warga padha kumpul, salaman lan halal bi halal ujung mubeng, ora perduli kuwi warga sing muslim apa sing udu, ning kabeh warga neng ndesane awak dhewe mesthi melu kumpul, ngrayake riyaya lan syawalan bareng-bareng. Kompak banget nggih Bu wargane ndesane awak dhewe niku.

Nanging Lebaran taun iki lagi ora pikantuk salaman. Ibu uga ampun ngeyel nggih, mboten sah salam-salaman karo tangga teparo. Bismillah mawon Bu, niate sae kok, tetep memaafkan senajan ora bisa salaman. Sing penting niku atine pun lebar lan ikhlas anggene ngemot salah lan masalah. Yen wonten sanak utawa sedulur badhe ujung sowan ten ndalem, nggih pripun carane mboten sah kemawon. Mergane mbebayani, sapa ngerti nek sing dha ujung kuwi pembawa virus tanpa gejala. Kan Ibu uga ora pirsa.

Kelingan kahanan ngomah dadi tambah kangen. Sakdhonge sing paling marahi kangen kepati-pati kuwi yaiku masakane Ibu. Angger bubar salat Ied, syawalan ndesa wis lebar, banjur mulih ngomah kula mesthi kesusu marani meja makan. Anggone pasa sesasi nutug kaya banjur didudhah, diwales kanthi nyidhuk opor anget lan kupat.

Ana siji meneh sing kudu mesthi ana lan kula kangeni, yaiku sambel goreng ati lan krecek masakane ibu, sing dicemplungi pete rese lan mlandhingan. Opor lan sambel goreng ati sing wis mesthi disiapke lan dimangsak ibu kawit sedina sakdurune bada, lan mesthi wis umep sakdurunge takbiran, nanging karo Ibu mesthi dinggeng geni anglo sewengi ben sesuke santene kenthel, lan tambah manteb rasane. Kula nulis niki mawon kao ngeces ples mbrebes mili saking kepingine.

Ana meneh sing wajib lan mesthi kudu diicipi, tape ketan damelane Bulik. Sing nek maem disendhok nganggo emping nika lho Bu…

Kanca-kancaku lan para tangga neng kampung uga tak kangeni. Tulung ndherek titip salam nggih Bu kagem kanca-kancaku kawit cilik kae. Sing angger arep Lebaran mesthi padha sregep kerja bakti neng lapangan masangi tali rafia kanggo shaf salat Ied, trus dibablaske bengine masangi toa neng mobil kol, dinggo takbiran mubeng kecamatan.

Iklan

Nanging taun iki mesthi ra ana kerja bakti gayeng-gayengan ngoten niku nggih Bu. Merga pancen dipenging pemerintah ora kena nggelar salat Ied neng lapangan. Ya lagi sepisan niki ta Bu, bada tanpa salat ied neng lapangan. Kamangka kenanganku marang salat Ied ki akeh banget. Salah sijine mbiyen dhek cilik angger bar salat Ied neng lapangan, baline mesthi dipundhutke Bapak endog abang.

Lebaran taun iki merga kula ra isa mantuk, uga dadi ra isa ngancani Ibu nyekar ten sareyane Bapak. Yen Ibu badhe nyekar, ndherek titip Al Fatehah kagem Bapak nggih Bu.

Pun ngoten riyin mawon nggih Bu. Pokoke Ibu tetep kudu sehat, dhahar sing pener, disregepi mlaku-mlaku yen esuk, ben seger terus awake. Dongaku mugya diijabah Pangeran, mugya ibu tansah sehat neng ndesa kana, sumringah ati ayem tentrem saben dina.

Oh iya bu, taun iki olehku ngirim transferan THR ora bisa kaya adate ya, nyuwun ngapura, merga mbayare listrik kontrakan mundhak, lan wis rong sasi punjul iki kula mung ten omah ora ana job blas. Kula ya mung sagede nyambi ngiwa-nengen watone dingge obah-obah lan mamah-mamah niki Bu, ra ketang mung sithik idhing. Nyuwun dongane ngge kula nggih Bu, muga-muga kahanane gek ndang lancar malih anggone nyambut damel.

Putrane Ibu,

Paksi Raras Alit

MONGGO KULO ATURI MAOS Yen Ana Sewu Tafsir Pageblug, Iki Salah Sijine utawi seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.

Terakhir diperbarui pada 24 Mei 2020 oleh

Tags: coronaIdul Fitrikangen ibuLebaranMudikopor ayamPSBBsambel gorengsungkeman
Paksi Raras Alit

Paksi Raras Alit

Seniman dan pegiat aksara Jawa.

Artikel Terkait

pulang ke rumah, merantau.MOJOK.CO
Catatan

Duka Setelah Merantau: Ketika Rumah Menjadi Tempat yang Asing untuk Pulang

16 September 2025
THR ludes, libur lebaran selesai, sementara gajian masih lama. Kembali ke perantauan dengan penuh keprihatinan MOJOK.CO
Ragam

THR Ludes sementara Gajian Masih Lama, Kembali ke Perantauan dengan Nelangsa dan Hidup dalam Keprihatinan

6 April 2025
Lebaran 2025 Lebaran Paling Aneh 10 Tahun Terakhir MOJOK.CO
Esai

Mudik Lebaran 2025 Terasa Aneh dan Berbeda: Penumpang Bus Sepi Hingga Pedagang Asongan Menghilang

4 April 2025
Menjadi tolol saat ada saudara pamer pencapaian di reuni keluarga ternyata menyenangkan MOJOK.CO
Catatan

Reuni Keluarga Jadi Ajang Saudara Pamer Pencapaian, Pura-pura Tolol sambil Menyimaknya Ternyata Menyenangkan

4 April 2025
Muat Lebih Banyak
Tinggalkan Komentar

Terpopuler Sepekan

'Aku Suka Thrifting': Dari Lapak Murah hingga Jejak Ketimpangan Dunia dan Waste Colonialism.MOJOK.CO

‘Aku Suka Thrifting’: Dari Lapak Murah hingga Jejak Ketimpangan Dunia dan Waste Colonialism

1 Desember 2025
Lulus S2 dari UI, resign jadi dosen di Jakarta. MOJOK.CO

Lulusan S2 UI Tinggalkan Karier Jadi Dosen di Jakarta, Pilih Jualan Online karena Gajinya Lebih Besar

5 Desember 2025
S3 di Bandung, Istri PNS Makassar- Derita Jungkir Balik Rumah Tangga MOJOK.CO

Jungkir Balik Kehidupan: Bapak S3 di Bandung, Istri PNS di Makassar, Sambil Merawat Bayi 18 Bulan Memaksa Kami Hidup dalam Mode Bertahan, Bukan Berkembang

1 Desember 2025
Kuliah Jurusan Pendidikan Bahasa Mandarin di Unesa. MOJOK.CO

Sulitnya Masuk Jurusan Bahasa Mandarin Unesa, Terbayar usai Lulus dan Kerja di Perusahaan Tiongkok

3 Desember 2025
Relawan di Sumatera Utara. MOJOK.CO

Cerita Relawan WVI Kesulitan Menembus Jalanan Sumatera Utara demi Beri Bantuan kepada Anak-anak yang Terdampak Banjir dan Longsor

3 Desember 2025
Bioskop NSC Rembang, bangunan kecil di tanah tandus yang jadi hiburan banyak orang MOJOK.CO

Bioskop NSC Rembang Jadi Olok-olokan Orang Sok Kota, Tapi Beri Kebahagiaan Sederhana

1 Desember 2025
Summer Sale Banner
Google News
Ikuti mojok.co di Google News
WhatsApp
Ikuti WA Channel Mojok.co
WhatsApp
Ikuti Youtube Channel Mojokdotco
Instagram Twitter TikTok Facebook LinkedIn
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

Tentang
Kru
Kirim Artikel
Kontak

Kerjasama
Pedoman Media Siber
Kebijakan Privasi
Laporan Transparansi

PT NARASI AKAL JENAKA
Perum Sukoharjo Indah A8,
Desa Sukoharjo, Ngaglik,
Sleman, D.I. Yogyakarta 55581

[email protected]
+62-851-6282-0147

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.