MOJOK.CO – Salam ing basa Jawa saiki bisa dibedakake dadi loro. Ana sing nggunakake tembung sugeng lan ana sing nggunakake tembung wilujeng. Banjur endi sing bener?
Salam kalebu salah sijine jinis abang-abang lambe kang nduweni daya pangaribawa gedhe tumrap bebrayan. Salam bisa nuwuhake sesambungane pawongan saya raket. Wong sing disalami bakal rumangsa diuwongake lan diajeni. Abang-abang lambe ing kene ora ateges ala nanging malah sawalike, senadyan ana sing negesi apus-apus utawa lamis. Abang-abang lambe dhewe tegese tetembungan manis mung samudana. Tegese samudana yaiku ujar manis mawa polatan sumeh.
Wong Jawa nggunakake abang-abang lambe sadurunge medharake karepe kanggo ngecakake prinsip kesopanan. Micara karo wong sing lagi kenal, wong sing luwih tuwa lan drajate luwih dhuwur bakal luwih pener yen kawiwitan lan kapungkasan salam. Micara karo wong sing kaya mangkono kuwi becike ora langsung blaka. Kudu ana abang-abang lambe kanggo nyamudanakake karep sing dipengini. Abang-abang lambe kuwi salah sijine awujud salam.
Manut gumingsire wektu, salame wong Jawa saiki bisa dibedakake dadi loro. Ana sing nggunakake tembung “sugeng” lan ana sing nggunakake tembung “wilujeng”. Banjur endi sing bener? “Sugeng enjing” apa “wilujeng enjing”? “Sugeng makarya” apa “wilujeng makarya”? “Sugeng pepanggihan” apa “wilujeng pepanggihan? Apa loro-lorone kuwi padha wae banjur bisa digunakake kari milih sasenenge udele dhewe-dhewe?
Ing ngelmu basa, salam (greeting) iku asipat konvensional. Tegese konvensional yaiku wis pinathok ora bisa diowahi, wis disarujuki dening penganggo basa wiwit biyen nganti saiki lan mbesuk. Sipat kang kaya mangkono kuwi uga sumrambah ing kabeh basa sadonya. Ing basa Jawa dhewe tembung sing disarujuki lan sing bener kanggo ngucapake salam yaiku tembung “sugeng” dudu “wilujeng”. Tembung “wilujeng” minangka salam sing digunakake wong Sundha dudu wong Jawa.
Ana wong kang nyoba ngowahi penganggone tembung “sugeng” dadi “wilujeng” amarga tembung “wilujeng” iku tegese padha-padha slamete, yen ing basa Indonesia padha karo tembung selamat. Panemu kaya mangkono kuwi salah tur kaco banget. Apa yen ana wong ngucap salam selamat pagi utawa sugeng enjing kuwi tegese pagi yang selamat utawa esuk sing slamet? Apa yen ana sing ngucapake selamat bekerja lan sugeng makarya banjur bisa ditegesi kerja yang selamat utawa kerja sing slamet? Wangsulane ORA BISA. KUWI NGAWUR.
Ana panemu maneh amarga tegese memper utawa meh padha banjur tembung “sugeng” bisa diganti karo tembung “wilujeng”. Kuwi rak ya KACO BALO BANGET. Yen nalar pikire ngono coba saiki ayo dibuktekake kanthi nggoleki tembung ing basa Jawa sing tegese slamet. Ana “yuwana”, “rahayu” lan “slamet”. Pitakone saiki, apa bisa saiki tembung “sugeng enjing” diganti karo “yuwana enjing”, “rahayu enjing” lan “slamet enjing”? Wangsulane ORA BISA. KUWI NALARE KACO BALO. Semono uga tembung “siyang” ing salam “sugeng siyang”, uga ora bisa diganti karo tembung “rina” lan “awan” senadyan tegese padha. Mosok dadi “sugeng rina” lan “sugeng awan”?
Supaya luwih yakin ayo dibuktekake ing salam basa Inggris lan basa Arab. Ing basa Inggris ana salam good morning, good night lan good–good liyane. Ayo dijajal nggunakake nalar sing KACO mau. Tembung good bisa diganti karo tembung liya sing tegese padha apa ora? Tembung good tegese apik. Ing basa Inggris tembung kang tegese memper yaiku fine lan nice. Yen kaya mangkono apa bisa tembung good morning diganti karo tembung nice morning utawa fine morning? Wangsulane ORA BISA. KUWI NALARE KACO BALO.
Ing basa Arab salam temporal kang nuduhake wektu ana papat yaiku shobakhul khoir (sugeng enjing), naharukas sa’id (sugeng siyang), masaul khoir (sugeng sonten), lan lailatuskas sa’idah (sugeng dalu). Salam kuwi wis ora bisa diowahi utawa diwolak-walik penganggone. Tembung sa’id tegese bagya lan khoir tegese apik. Senadyan tegese memper tembung khoir, sa’id, lan sa’idah ora bisa diijol-ijolake utawa diowahi. Apa bisa salam kuwi diganti shobakhul sa’id, naharukas khoir, masaul sa’idah, lan lailatukas khoir? Wangsulane ORA BISA. KUWI NALARE KACO BALO. Yen ora percaya nyuwun pirsa neng ahli basa Arab utawa Kyai ngendi wae mengko rak wangsulane padha.
Ana maneh sing nduwe panemu yen tembung sugeng digunakake kanggo wong wedok banjur wilujeng kanggo wong lanang. Kuwi nalar sing kaco banget amarga dhasare ora ana. Ana sing nggathuk-nggathukake yen tembung sugeng iku tegese (nuwun sewu) SUsune aGENG. Sing duwe susu ageng iku wong wedok. Banjur tembung wilujeng digathuk-gathukake karo teges (nuwun sewu) kuWI aLUne ing ngaJENG. Sing nduwe barang kaya alu manggon ing ngajeng iku wong lanang. Kuwi nalar kang tanpa dhasar malah kepara kaco.
Panemu pungkasan sing luwih kaco yaiku tembung “sugeng” manut undha usuke luwih asor tinimbang tembung “wilujeng”. Tembung wilujeng luwih alus tinimbang tembung “sugeng”. Yen manut bausastra Jawa tembung “sugeng” iku klebu tembung krama inggil, dene tembung “wilujeng” iku malah klebu tembung krama. Tembung loro kuwi asale saka tembung ngoko slamet. Yen diurutake adhedhasar undha usuke yaiku ngoko: slamet, krama: wilujeng, krama inggil: sugeng. Mula wis cetha, tembung sugeng sejatine luwih dhuwur undha usuke tinimbang tembung wilujeng.
Senadyan kaya mangkono, penganggone salam ora kaiket undha usuk. Tegese, penganggone salam ora dicocogake klawan umur, sesambungan sosial, lan drajat status sosial. Salam “sugeng siyang” tetep diucapake “sugeng siyang” senadyan umure mitra wicara luwih enom, nduweni sesambungan raket lan drajat status sosiale luwih endhek. Salam bakal aneh yen kaiket undha usuk. Mosok salam karo wong sing luwih enom “sugeng siyang” diowahi dadi ngoko malih “slamet awan”? “sugeng dalu” dadi “slamet bengi”? Bab iku merga salam nduweni sipat konvensional kang ora bisa diowahi. Yen meksa ngowahi, cetha wong sing ngowahi kuwi NALARE KACO.
Mula saka iku, ayo saiki padha mbudayakake salam sing bener. Mbudayakake salam bisa mangun lan njaga sesambungan sosial marang sasama. Mbudayakake salam uga mangun karakter grapyak lan seneng aruh-aruh marang sasama. Lan aja lali, anggone salam nggunakake tembung kang bener yaiku SUGENG, DUDU WILUJENG. Sugeng maos. Sugeng asosarira. Sugeng makarya. Sugeng mangun bale wisma. Sugeng pepisahan oh mantan….