Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Nrawang Nasibe Parpol Peserta Pemilu 2019 Saka Othak-Athik Gathuk Nomer Urute

Sugito H.S oleh Sugito H.S
22 Maret 2018
A A
partai
Bagikan ke WhatsAppBagikan ke TwitterBagikan ke Facebook

MOJOK.CO – Wong Jawa iki ancen seneng ngothak-ngathik gathuk. Salah sijine kanggo nrawang nasibe parpol peserta pemilu 2019 saka nomor urute.

Aku nggumun tenan karo Mbah Wagimun. Wong cakrike ora ngalor ora ngidul kok dhayohe teka-lunga? Gek ampuhe kuwi jane apa?

Coba taktakonane, ngiras-ngirus njajal kasektene, “Mbah, nek manut petungane Njenengan, pemilu taun ngajeng niku sing bakale menang partai napa, nggih?”

Lambeku durung nganti mingkem, Mbah Wagimun njur mecucu tur muni sero, “Goblogmu mbok disuda! Ya wis genah yen sing menang mengko mesthi sing swarane paling akeh. Ngono kok ditakonke….”

Ora takunggahi malah takasori, “Mula niku, maksud kula, sing potensial angsal swara pemilih paling kathah niku partai napa?”

Wonge mbengok meneh, “Bodho kok mempeng! Kuwi ya wis cetha. Sing oleh swara paling akeh mesthi wae partai sing paling disenengi wong akeh.”

Takdlosori lan takoyak, “Lah nggih, Mbah, njur sing disenengi wong akeh niku jenenge partai napa?”

“Aku kokpadhakke lembaga survei? Mendho kok dipek dhewe.” Swarane wis kendho.

Gregeten, takjebleske pisan, “Kula takon sebab Njenengan niku kondhange pinter maca masa depan. Jebulane maca pemilu taun ngarep mawon ora jedhag. Getun kula, Mbah, ngalem Njenengan.”

“Dhapurmu kaya munthu. Yen mung nrawang partai sing bakale menang kuwi gampang. Saka nomer urute wis genah isa takwaca.”

Lah iki, klakon kepancing. Gelis taksusuli, “Dados, pripun keterangane nek nomer urute 1?”

Wonge meneng sedhela. Mripate merem. Melek meneh. Ngempak udud, terus ngomong, “Angka 1 kuwi lambange gunung, watake ndableg. Durung karuhan lima besar ning nekad ndableg-ndablegan ngajokke wakil presiden.”

Wuuuooh… apik iki! Rada cocog temenan. “Njenengan teruske, Mbah….”

“Angka 2 ya padha karo KB, dua anak cukup. Nasibe mengko mung cukupan. Ora mlorot ning ya ora ndedel. Beda karo sing nomer 3. Lambange putri. Mulane uga diarani angka tri. Watake putri genah cugetan. Nek ora keturutan njur nglunthung rai. Kuwi mbebayani. Yen wis ngono biasane njur kabeh padha wedi, apa penjaluke bakal dituruti.”

Iklan

Nek iki jane ketara mung trawangan ngawur. Tapi yawis ben. Upama takpaido mengko malah mutung, kojahe ora sida rampung.

“Nomer urut 4 kuwi lambange banyu kali. Watake banyu kali kuwi sugih melik, kakehan sing arep diangkah kepara kurang jangkah. Nomer urut 5 kuwi mengko genah ketitisan Pendhawa. Nasibe pijer ketula-tula, dikisruhi sedulure dhewe.”

“Nomer urut 6 lan 7 niki partai anyar, Mbah. Pripun gambarane?”

“Angka 6 kuwi lambange walang. Mesthi apes, wong walang kuwi watake jirih, wedi getih, lan dhasare pancen ora duwe getih. Nomer 7 bakale ya mung meh padha. Bungah oleh nomer 7 semboyane arep andum pitulungan, ora ngira malah dheweke dhewe sing sambat butuh pitulungan.”

Aku ya mung mesem karo manthuk ben ora didakwa nyepelekke omongane wong tuwa. Jane prekara banyu kali, njur prekara walang kuwi mau arep taktakonke. Maksude apa kok angka 4 dadi dilambangi banyu kali? Walang kok ya njur dadi lambange angka 6? Ah, wis ben dirampungke kojahe.

“Nomer 8 lambange gajah, watake clingus: isinan. Jane gedhe prebawane ning ora sembada ngadeg dhewe. Melu rombongan sing menang rumangsa isin. Arep melu barisan sing kalah rumangsa eman. Isih lowung nasibe partai nomer urut 9. Lambange pega; keluk; kebul. Jenenge ndedel munggah dhuwur senajan bareng tekan ndhuwur kana, ya mung blas ora duwe daya.”

Disemak tenan jane ya wis patut loh. Mung ya pancen angel golek wanci sing nyocogi atine. Ngene iki genah pas condhong rasane. Kamangka biasane yen muni mung njalari lara ati.

“Angka 10 kuwi basane sedasa. Asale saka tembung das: endhas. Dadi, sesuk partai nomer 10 kuwi mung duwe endhas nanging ora duwe awak. Ya malah mung kaya memedi.”

Takcegati, “Awas! Nomer 11 nggih partai anyar, Mbah.”

“Sewelas kuwi angkane kembar. Yen manut petungane wong main togel, angka kembar kuwi angel tangguhe. Diudhoni angel metu, bareng ditinggal malah metu. Partai lawas kudu ngati-ati karo partai anyar nomer 11 iki.”

Lah tenan ta? Tiwas dialem, sing ngalem durung nganti lambene garing, malah wis mblender. Ganti nganggo petungane wong main.

“Nomer 12 kuwi angkane urut 1 banjur 2, kaya bocah ajar ngetung. Nasibe partai iki mung bakal mbolak-mbalik ora tekan-tekan. Lah yen angka 13 kuwi jumlahe padha karo rokokku, cap 76. Aku seneng iki. Bakale aku nyoblos iki.” Mbah Wagimun muni ngono karo udude diothang-athungke nyang ngarep irungku.

Taktututi keterangane sing keri iki, “Tegese partai nomer 13 bakale menang, Mbah?”

Lah kok mung dijawab sengak, “Sing kandha sapa?”

“Nek dereng kantenan menang kok Njenengan pilih?”

“Aku seneng kok. Ya sakarepku ta. Wong tuku togel kae sing dipilih ya angka sing disenengi. Nyatane angka sing dipilih kuwi durung genah yen tembus. Pemilu kuwi drajate padha karo togel, Le. Mung sebatas hiburan. Aja digawe angel!” Mesem ngece sedhela njur takon, “Dibacutke ora iki?”

“Lah sumangga….”

“Nomer 14 nek diwalik dadi 41. Cah saiki wis ora seneng dolanan remi 41. Wis ora jamane.”

“Mpun ngaten niku thok andharane kangge nomer 14?”

“Wis. Wis rampung. Gek ayo saiki budhal jajan.”

“Loh, dereng, Mbah. Tesih wonten susulan. Partai nomer 19.”

“Lah, nomer 19 iki apik. Pemilune digelar taun 2019, taun sing kakehan wong mumet sirahe. Kabeh padha mbutuhke obat mumet cap 19.”

“Sing bakal menang nomer 19 niku?”

“Ya durung karuhan. Barang sing mesthi dibutuhke kuwi durung mesthi dimenangke, Le. Contone, aku saiki cetha butuh nyilih dhuwitmu kanggo jajan merga lagi pengin mangan sate gule. Senajan ngono, yen bar diulungi dhuwit aku dikon ngapik-apik kowe neng ngarepe kancamu, lah ya cetha emoh. Apik-eleke jenengmu kuwi dudu urusanku.”

Diamput. Wong tuwa golek menange dhewe.

Terakhir diperbarui pada 22 Maret 2018 oleh

Tags: kampanyeno urut parpolPemilu 2019wong jawa
Sugito H.S

Sugito H.S

Artikel Terkait

Tidak Boleh Asal Menempel Stiker Kampanye MOJOK.CO
Kotak Suara

Menempel Stiker Kampanye Ternyata Tidak Boleh Sembarangan, Ada Aturannya

8 Oktober 2023
Arsjad Rasjid Ditunjuk Jadi Ketua Tim Pemenangan Ganjar MOJOK.CO
Kotak Suara

Mengenal Arsjad Rasjid, Bos Kadin yang Ditunjuk Jadi Ketua Tim Pemenangan Ganjar Pranowo

6 September 2023
kampanye di sekolah mojok.co
Kotak Suara

Polemik Kampanye Pemilu di Sekolah, Bisa Jadi Potensi Ancaman Kekerasan bagi Anak?

27 Agustus 2023
Peserta pemilu bisa menggelar kampanye di kampus
Kotak Suara

Sejumlah Catatan yang Perlu Diperhatikan kalau Peserta Pemilu Menggelar Kampanye di Kampus

22 Agustus 2023
Muat Lebih Banyak
Tinggalkan Komentar

Terpopuler Sepekan

Warung makan gratis buat Mahasiswa Asal Sumatra yang Kuliah di Jogja. MOJOK.CO

5 Warung Makan di Jogja yang Gratiskan Makanan untuk Mahasiswa Rantau Asal Sumatra Akibat Bencana

4 Desember 2025
Pelaku UMKM di sekitar Prambanan mengikuti pelatihan. MOJOK.CO

Senyum Pelaku UMKM di Sekitar Candi Prambanan Saat Belajar Bareng di Pelatihan IDM, Berharap Bisa Naik Kelas dan Berkontribusi Lebih

3 Desember 2025
jogjarockarta.MOJOK.CO

Mataram Is Rock, Persaudaraan Jogja-Solo di Panggung Musik Keras

3 Desember 2025
Maybank Cycling Mojok.co

750 Pesepeda Ramaikan Maybank Cycling Series Il Festino 2025 Yogyakarta, Ini Para Juaranya

1 Desember 2025
Para penyandang disabilitas jebolan SLB punya kesempatan kerja setara sebagai karyawan Alfamart berkat Alfability Menyapa MOJOK.CO

Disabilitas Jebolan SLB Bisa Kerja Setara di Alfamart, Merasa Diterima dan Dihargai Potensinya

2 Desember 2025
Lulus S2 dari UI, resign jadi dosen di Jakarta. MOJOK.CO

Lulusan S2 UI Tinggalkan Karier Jadi Dosen di Jakarta, Pilih Jualan Online karena Gajinya Lebih Besar

5 Desember 2025
Summer Sale Banner
Google News
Ikuti mojok.co di Google News
WhatsApp
Ikuti WA Channel Mojok.co
WhatsApp
Ikuti Youtube Channel Mojokdotco
Instagram Twitter TikTok Facebook LinkedIn
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

Tentang
Kru
Kirim Artikel
Kontak

Kerjasama
Pedoman Media Siber
Kebijakan Privasi
Laporan Transparansi

PT NARASI AKAL JENAKA
Perum Sukoharjo Indah A8,
Desa Sukoharjo, Ngaglik,
Sleman, D.I. Yogyakarta 55581

[email protected]
+62-851-6282-0147

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.