Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Nek Wong Wadon Ora Isa Manak, Emange Batal Dadi Wadon?

Margaretha Diana oleh Margaretha Diana
23 Januari 2019
A A
Bagikan ke WhatsAppBagikan ke TwitterBagikan ke Facebook

MOJOK.CO – Nek wong wadon sing ora isa manak kiye dudu wadon sing sempurna, apa ya onderdile kudu ana sing diganti?

Jenenge bocah wadon, kiye uwis umum olih wejangan sekang biyunge, ninine, karo bulik-bulike. Khususe, perkara kepriwe dadi wong wadon sing sempurna, dieman bojo, lan desayang mertua. Supaya sempurna, wadon kudu pinter 3 M.

Yaiku, jan-jane ora adoh-adoh sekang perkara domestik neng rumah tangga, alias: sumur, dapur lan kasur. Nek dejlantrahna, 3 M kuwe ya singkatan sekang Masak, Macak lan Manak. Jerene, 3 M kuwe perkara sing kudu delakoni wong wadon, sing uwis dadi kodrate. Intine, kudu pinter nyenengna atine wong lanang.

Iya nek sing digawe seneng atine kiye wonge nyenengke, nek nggatheli? Eh.

Jere biyunge, nyong kudu pinter masak, ngrumati panganan, ben bojone betah madhang neng umah. Ora lalar turut warung nggolet panganan. Nyong deomongi kaya kuwe ya tek semauri. Nek nyong tah pancen pinter neng dapur. Apamaning nek kon ngrumati panganan sing neng dapur, mesthi tek rumati temenan. Mulane panganan sing neng dapur kuwe akeh enteke timbang debuange. Kabeh-kabeh tek rumati, tek lebokna weteng.

Apamaning nek perkara neng nduwur kasur. Kuwe tah ora baen-baen, nyong juara pisan nek perkara neng nduwur kasur. Mulane sih, nyong paling angel kon tangi gasik, tangi subuh uput-uput. Kuwe kan merga saking pintere nyong neng nduwur kasur mbok lah. Nek nyong ora pinter neng nduwur kasur, mesthine nyong ora betah mlungker neng kasur. Ora jere malah tangine bedhug apa meh ashar.

Krungu saurane nyong, biyunge kayane tah anyel pisan. Ya buktine ora trima gur njenggung sirahku. Ning lengenku uga dijiwit karo diomong, nek jere nyong pancen bocah embuh: paling angel dekandani.

Lah kepriben jali, jaman ayahwene, apa nggane 3 M kuwe esih relevan karo kahanan saiki? Kahanan sing uwis mulai mikirna kesetaraan gender, sing uwis terbuka, karo sing jenenge pembagian kerja sing imbang, antarane wong lanang karo wong wadon. Urung maning, jenenge wong jejodohan. Bebojoan jaman saiki ya uwes ora padha, karo wong jejodohan jaman gemiyen.

Nek jaman gemiyen, ana wong rumah tangga kabeh perkara nggolet duwit, kabruk maring bahune wong lanang. Wong wadon gur trima beres, olih setoran, jatah nafkah sekang sing lanang. Wong lanang, ngertine kabeh urusan rumah tangga ya uwis beres, rapi kabeh, kopen kabeh. Ana sandingan panganan enak, umahe bersih, bocahe resik tur pinter ora nakal. Kuwe kabeh tanggung jawabe wong wadon. Sing pegaweane gur neng umah, ora nggolet duwit kaya wong lanang.

Lah, jaman saiki kan sejen, uwis beda adoh karo jaman gemiyen. Jaman saiki, jenenge wong umah-umah, kabeh ya detanggung wong loro, ana rembuge. Uwis ora nana jamane, wong lanang gur ngertine aweh duit tok, njur kabeh beres, rampung. Padha karo uwis ora jamane, wong wadon ya gur ngedeng karo wong lanang, nggantungke kabeh butuh maring wong lanang.

Sekiye, uwes umum, ana wong wadon sing uga melu nyambut gawe, melu kerja nggolet upa. Ora mung trima butuhe urip sing uga uwis beda karo jaman gemiyen. Jaman saiki, lowongan pegawean nggo wong wadon ya uwis pirang-pirang, ting njlantrah ora karuan. Lowongan pegawean kuwe, ora mung kanggo bidang domestik rumah tangga, misale ngrewangi tanggane umbah-umbah, apa resik-resik umah. Ning uga akeh bidang liyane. Saiki, wong wadon sing dadi pilot, dosen, direktur perusahaan apa menteri baen pirang-pirang mbok lah.

Apamaning perkara tanggung jawab maring perkembangane bocah.

Nek gemiyen, ana apa-apane bocah, lara sethithik, apa mbedhik, mesthi biyunge sing deomehi ramane. Jere dadi biyung ora pinter nemen ndidik anak, mulane anake mbedhik, wani karo wong tuwa. Lah saiki, kabeh ya dirembug bareng. Njur ngobrol, kiye anake deneng sih mbedhik, kudu dikapakna. Arep sapa sing ngomongi, ben kira-kira bocahe dadi mandan manut, ora njethathut.

Apamaning perkara butuhe urip. Sing kadang ora dekira, ngerti-ngerti metu duit pirang-pirang. Nek gemiyen kabeh tamblek maring wong lanang. Kon nggolet duit kepriben carane, sing penting butuhe urip kudu ketutup. Saiki, uwis umum, ana wong wadon sing uga mikir butuhe rumah tangga. Dadi melu nggolet duit mbuh kepriben carane sing penting halal.

Iklan

Tur maning, perkara nggolet duit nggo wong wadon, pirang-pirang carane. Ora kudu metu umah mbarang ya ana. Ana sing dodolan liwat onlen. Ana sing malah dadi vloger apa instagramer. Uwes ora usum gengsi-gengsinan.

Padha karo perkara M sing paling keri, perkara manak.

Nek kiye tah jan-jane bahasan sensitip temenan. Nyong kadang nlangsa, nek ana wong wadon sing entheng pisan kaya krupuk nggole ngomong, nek jere wong wadon sing ora manak kiye dudu wong wadon sing sempurna. Lah sih, apa nggane nek ora teyeng nduwe anak, ora teyeng manak, ora sida dadi wong wadon apa? Onderdile ganti kabeh? Apa nggane wong wadon sing ora teyeng manak, terus dadi kwaci? Mbok ora?

Pancen ora kabeh wong wadon kuwe dinei rejeki, teyeng nduwe anak, teyeng nglahirna sekang rahime dewek, ora. Tur maning ora kabeh wong wadon milih urip dadi simbok, ibu, biyung, mama, mace, ya ora. Kabeh mau nduwe pilihan karo dalan urip dewek-dewek, sing ora teyeng depaksakna, padha karo liyane.

Akeh cerita, ana wong wadon sing uwis bebojoan, pirang-pirang tahun, ning urung dinei rejeki bocah neng Gusti Allah. Apa ya nggane deanggep dudu wong wadon? Kan ora, mbok! Apa maning nek njur wonge kuwe ngangkat anake uwong sing ora diopeni neng rama biyunge kandung. Nggole ngopeni ya temenan, derumat nganggo rasa welas asih sing ora lombonan. Apa nggane esih deanggep dudu wong wadon sing sempurna?

Njur nek ana wong wadon sing nduwe anak, ning malah nyiak-nyiakna anak sing delahirna, debuang neng panti asuhan, apa mung deglethakna neng pinggir dalan. Ora perduli ngko anake mbuh arep kepriben nasibe. Apa nggane wong wadon kaya kuwe, tetep deanggep wong wadon sing sempurna, merga uwis teyeng manak?

Kaya maning wong wadon sing milih urip dewekan, ora nduwe bojo merga mungkin uwis tau lara ati nemen. Njur bebeh ngrasakna lara ati maning. Ning uripe gur digawa ngabdi maring masyarakat, ngopeni bocah-bocah pemulung, deajari maca, nulis, sekolah, njur kegiatan-kegiatan sosial liyane, sing bermanfaat kanggo liyan. Apa nggane ya wong wadon kaya kuwe, deanggep wong wadon ora sempurna? Merga milih urip dewekan, ora mbojo, njur ora sempet mraktekna sing jenenge 3 M.

Jamane uwis beda, ana prinsip-prinsip urip sing esih teyeng dienggo. Ning uga akeh prinsip urip,  sing uwis ora patiya pas karo kahanan jaman saiki.

Orane lagi ora ngormati ajaran adiluhung sekang wong-wong jaman gemiyen. Ning kiye lagi ngomong, nek kadang-kadang prinsip urip sing jerene apik diterapna pas jaman gemiyen, durung tentu pas nek diterapna karo jaman saiki. Merga butuh kabeh-kabeh, cara mikire uwis beda, karo jaman gemiyen.

Jaman saiki, wong wadon kuwe sing penting justru mung 1 M, yaiku Mikir. Ben teyeng nggedekna anak ora gelagapan—kalah karo perkembangan jaman. Ben teyeng nglindungi awak, ora debodhoni, delomboni, lan demanfaatna neng wong lanang.

Terakhir diperbarui pada 23 Januari 2019 oleh

Tags: macakmanakmasakwong wadon
Margaretha Diana

Margaretha Diana

Ibu dua anak. Tinggal di Semarang,

Artikel Terkait

Bukber di Tempat Makan Menyiksa Juru Masak MOJOK.CO
Ragam

Mahasiswa Aceh Terselamatkan Usai Pindah Jogja: Dianggap Beban Orang Tua, Balas Dendam Lewat Masak

7 Februari 2024
Keluh Kesah Laki-laki Perantau yang Tidak Bisa Masak MOJOK.CO
Uneg-uneg

Keluh Kesah Laki-laki Perantau yang Tidak Bisa Masak

1 Oktober 2023
ilustrasi Kreator Video Masak Nggak Usah Dandan Lebay, Elegan Kayak Chef Renatta Dong mojok.co master chef farah quinn chef devina chef juna
Esai

Mungkin Chef Renatta Diciptakan saat ‘Tuhan’ Menikmati Dessert

16 November 2020
Seperti Yuri, MasterChef Indonesia Bisa Jadi Solusi Member JKT48 di Masa Pandemi
Esai

Seperti Yuri, MasterChef Indonesia Bisa Jadi Solusi Member JKT48 di Masa Pandemi

12 November 2020
Muat Lebih Banyak
Tinggalkan Komentar

Terpopuler Sepekan

Judi Online, judol.MOJOK.CO

Pengalaman Saya 5 Tahun Kecanduan Judol: Delusi, bahkan Setelah Salat pun Doa Minta Jackpot

2 Desember 2025
Guru sulit mengajar Matematika. MOJOK.CO

Susahnya Guru Gen Z Mengajar Matematika ke “Anak Zaman Now”, Sudah SMP tapi Belum Bisa Calistung

2 Desember 2025
Warung makan gratis buat Mahasiswa Asal Sumatra yang Kuliah di Jogja. MOJOK.CO

5 Warung Makan di Jogja yang Gratiskan Makanan untuk Mahasiswa Rantau Asal Sumatra Akibat Bencana

4 Desember 2025
8 tahun merantau di Jakarta akhirnya resign. MOJOK.CO

Nekat Resign usai 8 Tahun Kerja di BUMN, Nggak Betah Hidup di Jakarta dan Baru Sadar Bawa Trauma Keluarga Terlalu Lama

4 Desember 2025
Dari Jogja ke Solo naik KRL pakai layanan Gotransit dari Gojek yang terintegrasi dengan GoCar. MOJOK.CO

Sulitnya Tugas Seorang Influencer di Jogja Jika Harus “Ngonten” ke Solo, Terselamatkan karena Layanan Ojol

1 Desember 2025
Banjir sumatra, Nestapa Tinggal di Gayo Lues, Aceh. Hidup Waswas Menanti Bencana. MOJOK.CO

Konsesi Milik Prabowo di Hulu Banjir, Jejak Presiden di Balik Bencana Sumatra

4 Desember 2025
Summer Sale Banner
Google News
Ikuti mojok.co di Google News
WhatsApp
Ikuti WA Channel Mojok.co
WhatsApp
Ikuti Youtube Channel Mojokdotco
Instagram Twitter TikTok Facebook LinkedIn
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

Tentang
Kru
Kirim Artikel
Kontak

Kerjasama
Pedoman Media Siber
Kebijakan Privasi
Laporan Transparansi

PT NARASI AKAL JENAKA
Perum Sukoharjo Indah A8,
Desa Sukoharjo, Ngaglik,
Sleman, D.I. Yogyakarta 55581

[email protected]
+62-851-6282-0147

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.