Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Jan-jane, Apa Paedahe Ngurusi Kapan Nambah Anak Maning, Sih?

Margaretha Diana oleh Margaretha Diana
27 Februari 2019
A A
Bagikan ke WhatsAppBagikan ke TwitterBagikan ke Facebook

MOJOK.CO – Ora mung sing ora duwe anak thok, sing diurusi. Perkara arep kapan nambah anak maning, uga padha ngurusi.

Kapan kae, kancane nyong ngresulah. Deweke crita, pas arisan keluarga ana lilike sing gujih pisan. Bolak balik takon, arep kapan nambah anak maning, mumpung kancane nyong esih enom dadi gampang nggole meteng, gampang uga lairane.

Lilike uga ngomong maring kancane nyong, nek nduwe anak kuwe aja detunda-tunda kaya mbayar listrik. Nek detunda-tunda, mbok deputus aliran listrike neng PLN, lih umahe peteng dhedet ora teyeng ngapa-ngapa. Asem, nyong ngakak kowh, pas deweke crita kaya kuwe. Trembelane pisan, depadhakna karo mbayar listrik kowh.

Kancane nyong jan-jane tah uwis nduwe anak 2 lanang kabeh. Siji umur sepuluh tahun, sing sijine umur pitung tahun. Ya jane lagi repot pisan ngurusi bocah. Apamaning bocah lanang sing langka mandege, isine anteng kitiran. Uplek baen, sing dolanan layangan, sing bal-balan, sing dus-dusan neng kali, lah embuh apa baen. Urung maning nek lagi padha kerah, jiyan, ngalahna anak kucing rebutan gulungan benang. Nek urung ana sing mbeker, urung mandeg.

Jere lilike kancane nyong, masiya kancane nyong uwis nduwe anak, ning urung nduwe anak wadon. Mulane kon gagehan nduwe anak maning, sapa ngerti metune wadon. Dadi anake genep, ana lanange, ya, ana wadone.

Nyong dadi ngguyu. Lah iya, nek temenan gagehan meteng njur metune anake wadon. Nek lanang maning, apa nggane kon deleg maning. Apa detukerna neng toko ben dadi wadon? Mbok aneh pisan lah. Ujare, nggawe anak padha karo nggawe roti, sing teyeng dibentuk sekarepe tangane sing nggawe. Mbok kabeh mau kuasane Gusti Allah, rep dinei lanang, rep dinei wadon. Mbok ora teyeng ngenyang kaya ngenyang rega lombok neng pasar.

Ngenyang rega lombok neng pasar baen kadang diplerokei, dimenjepi bakule, kowh. Apamaning kiye ngenyang maring sing nggawe urip, maen temen. Sekti apa?

Perkara kaya kiye, jane ora pisan tek rungokna. Ora mung sekang kancaku siji kuwe, ning pirang-pirang tunggale. Nyong dewek ya tau ngalami. Ana sing brisik pisan, gujih pisan bolak-balik nyindiri, takon, nganti prentah ya ana. Jere nyong kon gagehan meteng maning, tambah anak maning. Mumpung esih enom, esih kuwat ngeden, kan urung nduwe anak lanang. Jere ben dadi genep, ana lanang ana wadon anake.

Prentah sih gampang njah, la rumangsane nggedekna anak kuwe ora nana ragate apa njah. Gur delairna, lair klower, njur dejorna engko gedhe dewek. Apamaning nek ngomong mumpung esih enom, esih kuwat ngeden. Lah deomong esih nom ya uwis ora enom pisan. Deomong esih kuwat ngeden, la rumangsane nglairna kuwe kaya wong lagi wahing apa. Wong kene ngeden ping seket njaran baen. Bocah loro ora nana sing teyeng metu liwat dalan, kabeh kudu operasi sesar merga pinggule nyong jere sesek. Ora teyeng bukaan sepuluh kaya wong-wong normal liyane.

Ngene weteng uwis dededel pindo, apa nggane kon dededel sepisan maning nggo ngetokna anak sing ketelu? Wong nek ngerti kaya kuwe, ya mending gemiyen depasangi slerekan sisan njah. Ora kangelan ndadak dadal dedel baen. Eh, ora ding lah, pindo baen senggrang senggring perihe kadang esih krasa, kowh. Dadi kemayu sisan, nek nggotongi barang sing abot-abot uwis ora olih. Masa nggane preman, nggotong beras selawe kilo thok njaluk tulung, mbok ngisin-ngisina pisan saiki.

Mulane, nek ana wong wadon sing gujih, ngomongi, jere nyong apa ora kepengin nambah anak maning, kan urung nduwe anak lanang. Biasane tah saurane nyong mandan sementlep kaya tangan kenang panci panas.

“Lah, kae, mbarep lanange baen cokan ngakukna ati, kon nambah anak lanang maning. Apa bojone rika baen ngeneh, tek rumati. Dadi bontotane nyong, ngko tek keloni ben ndina.”

Biasane tah, nek tek sauri kaya kuwe, wonge ora trima mbesengut, mecucu. Ning njur lunga sipat kucing karo anyel. Njur bisa depastikna, ora bakal takon-takon maning perkara nambah anak karo nyong. Hahaha….

Lah, salaeh sapa, ndadak nggolet perkara. Ana wong meneng dejak gelut. Giliran debales, kesuh. Sing prentah sapa jajal?

Iklan

Ning ana siji perkara njelehi sing ana hubungane karo perkara anake lanang utawa wadon kabeh. Kadangan, ana baen wong lanang, sing nggolet-nggolet alesan arep mbojo maning, njur perkara anak sing dienggo alesan. Lah, sing kiye, ora trima njelehi. Alesan sing dienggo nggolet benere dewek, ‘adol’ perkara anak, padahal asline kudu dedupak.

Kuwe sing nyong cok gething pisan, nek ana wong lanang sing kaya kuwe. Nyalahna bojone, perkara ora teyeng nglairna anak lanang lan wadon. Kiye jelas, wong lanang model kaya kiye, model-modele wong njaluk dikeplak.

Padahal mbok, nek neng pelajaran Biologi, babagan reproduksi, uwis dijelasna cetha wela-wela. Nek gender-e bayi sing lair neng ndunya, kuwe ya sekang ramane, ora sekang biyunge. Ya nek kepengin penjelasan sing lewih cetha, jajal, bukak maning buku sekolahe, sing pelajaran Biologi, bab reproduksi. Ana apa ora? Nek bukune uwis entek depangan rayap, ya jajal gugling. Apa takon maring dokter kandungan li pirang-pirang, aja cokan mbodo. Api-api ora ngerti, njur nggolet benere dewek, lan nyalahna wong wadon, jere ora pinter nggawe anak.

Sih, dupak sisan!

Terakhir diperbarui pada 27 Februari 2019 oleh

Tags: duwe anaknambah anakNikahpoligami
Margaretha Diana

Margaretha Diana

Ibu dua anak. Tinggal di Semarang,

Artikel Terkait

Cerita Mahasiswa Jatim Rela Melepas UGM Demi Masuk Jurusan Kependidikan di UNY, Menyesal Kemudian karena Dapat UKT Selangit dan Lingkungan Kuliah Toksik.mojok.co
Kampus

Cerita Mahasiswa UM Malang Nyaris Gagal Nikah Gara-gara Wisuda Mundur Hampir Setahun, Ada yang Rugi Jutaan Rupiah

29 Februari 2024
Orang-orang yang Ngasih ‘Jatah’ Mantan Sebelum Nikah, Ingin Tuntaskan Rasa yang Tertinggal MOJOK.CO
Ragam

Orang-orang yang Ngasih “Jatah Mantan” Sebelum Nikah, Demi Kepuasan dan Tuntaskan Rasa yang Tertinggal

19 Februari 2024
mahasiswa UMY S3 kuliah sambil resepsi nikah.MOJOK.CO
Kampus

Perjuangan Mahasiswa S3 UMY Tetap Kuliah Online Saat Resepsi Nikah, Awalnya Datang ke Jogja Modal “Dengkul”

20 Januari 2024
Saya Ditinggal Nikah, tapi Saya Tidak Sakit Hati! MOJOK.CO
Kilas

Saya Ditinggal Nikah, tapi Saya Tidak Sakit Hati!

30 Juli 2023
Muat Lebih Banyak
Tinggalkan Komentar

Terpopuler Sepekan

Warteg Singapura vs Indonesia: Perbedaan Kualitas Langit-Bumi MOJOK.CO

Membandingkan Warteg di Singapura, Negara Tersehat di Dunia, dengan Indonesia: Perbedaan Kualitasnya Bagai Langit dan Bumi

22 Desember 2025
Olahraga panahan di MLARC Kudus. MOJOK.CO

Regenerasi Atlet Panahan Terancam Mandek di Ajang Internasional, Legenda “3 Srikandi” Yakin Masih Ada Harapan

23 Desember 2025
Gedung Sarekat Islam, saksi sejarah dan merwah Semarang sebagai Kota Pergerakan MOJOK.CO

Upaya Merawat Gedung Sarekat Islam Semarang: Saksi Sejarah & Simbol Marwah yang bakal Jadi Ruang Publik

20 Desember 2025
Safari Christmas Joy jadi program spesial Solo Safari di masa liburan Natal dan Tahun Baru (libur Nataru) MOJOK.CO

Liburan Nataru di Solo Safari: Ada “Safari Christmas Joy” yang Bakal Manjakan Pengunjung dengan Beragam Sensasi

20 Desember 2025
Anugerah Wanita Puspakarya 2025, penghargaan untuk perempuan hebat dan inspiratif Kota Semarang MOJOK.CO

10 Perempuan Inspiratif Semarang yang Beri Kontribusi dan Dampak Nyata, Generasi ke-4 Sido Muncul hingga Penari Tradisional Tertua

23 Desember 2025
Terpaksa jadi maling, buronan polisi, hingga masuk penjara karena lelah punya orang tua miskin MOJOK.CO

Terpaksa Jadi Maling-Mendekam di Penjara karena Lelah Punya Orang Tua Miskin, Sejak Kecil Hanya Bisa Ngiler ke Hidup Enak Teman Sebaya

22 Desember 2025

Video Terbaru

Petung Jawa dan Seni Berdamai dengan Hidup

Petung Jawa dan Seni Berdamai dengan Hidup

23 Desember 2025
Sepak Bola Putri SD Negeri 3 Imogiri dan Upaya Membangun Karakter Anak

Sepak Bola Putri SD Negeri 3 Imogiri dan Upaya Membangun Karakter Anak

20 Desember 2025
SD Negeri 3 Imogiri Bantul: Belajar Bergerak dan Bertumbuh lewat Sepak Bola Putri

SD Negeri 3 Imogiri Bantul: Belajar Bergerak dan Bertumbuh lewat Sepak Bola Putri

18 Desember 2025

Konten Promosi



Summer Sale Banner
Google News
Ikuti mojok.co di Google News
WhatsApp
Ikuti WA Channel Mojok.co
WhatsApp
Ikuti Youtube Channel Mojokdotco
Instagram Twitter TikTok Facebook LinkedIn
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

Tentang
Kru
Kirim Artikel
Kontak

Kerjasama
Pedoman Media Siber
Kebijakan Privasi
Laporan Transparansi

PT NARASI AKAL JENAKA
Perum Sukoharjo Indah A8,
Desa Sukoharjo, Ngaglik,
Sleman, D.I. Yogyakarta 55581

[email protected]
+62-851-6282-0147

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.