MOJOK.COPelajaran basa Jawa iku ora gampang. Akeh sing kudu dipelajari. Mung, sing gelem dan isa dadi guru basa Jawa, iku ora akeh.

Golek guru iku gampang, Lur. Tapi, golek guru basa Jawa iku ora gampang. Contone ing sekolah nggonku ngajar, saben wulan ana wae lamaran ngajar sing diajukake. Nanging calon-calon guru iku mau ijasahe ora ana sing saka jurusan Basa Jawa. Kadang ana, wong pinter basa Jawa tapi ra nduweni daya, nalika ngadeg ing ngarep kelas ngadepi bocah-bocah. Semana uga, akeh guru utawa wong kang wis biasa ngomong ing ngarep kelas, tapi kemampuan basa Jawane pas-pasan.

Pisan maneh, golek guru basa Jawa iku ora gampang. Tapi, dadi guru basa Jawa iku luwih ora gampang. Luwih gampang ngajar basa Inggris tinimbang basa Jawa, tak kandani. Kursusan basa Inggris wis kaya jamur, nang ngendi-ngendi panggonan ana. Tapi golekana kursusan basa Jawa, coba! Nang ngendi ana???!!

Ya ngono iku wis lumrah. Sebabe kabeh wong mikir, basa Jawa iku ora usah dipelajari wis padha isa. Ra butuh kursus. Sebab saben dina digawe. Apa meneh yen awakmu manggon ing kampung. Bocah-bocah cilik ing kampung wis padha ngecipris ngomong Jawa. Tapi ya Jawa ngoko. Basa Jawa kang wis lumrah digawe saben dinane.

Nah, masalahe saiki, ing pelajaran basa Jawa—sing diajarke ing sekolah-sekolah—iku akeh bab piranti kang dibahas. Ora mung basa ngoko. Basa ngoko iku amung siji bahasan cilik. Ana bahasan liyane sing isa gawe sirah ngelu, kaya tha: Basa Krama (iki mengko ya dibagi maneh dadi krama lugu lan krama alus), ana bahasan Jejer-Wasesa-Lesan, Maceme Aran Kembang, Anak Kewan. Ana uga Bab Paribasan, Parikan, Cangkriman, Tembung Sarojo, Tembung Entar, Pepindhan. Lan isih akeh maneh liyane—sing kabeh iku mau, rata-rata nganggo basa sing ora lumrah, basa sing arang digawe saben dinane.

Baca juga:  Mana yang Benar: Basa Jawa atau Boso Jowo?

Contone wae, paribasan “Becik katitik ala katara,” kena apa kok migunakake tembung ‘becik’ ora tembung ‘apik’? Ing basa saben dina, tembung ‘becik’ iku mau arang digawe. Buktine, ora saben bocah dong apa tegese tembung ‘becik’. Conto liyane, paribasan ‘Adigang adigung adiguna’. Bocah SD ngendi coba sing paham apa tegese paribasan iku mau? Wong tuwa wae kadang ora paham maksude, apa meneh bocah SD.

Iku lagi nyinggung bab paribasan, durung bab aran kembang lan anak kewan. Aku dadi kelingan jaman SD biyen, bengok-bengok ing ngarep papan tulis: Kembang duren dlongop, kembang lombok menik, kembang krokot naknik. Anak wedhus cempe, anak kebo gudel, anak gajah bledug…. Kabeh iku mau, tekan saiki aku isih kelingan, tapi tetap wae aku bingung, gawe apa ngapalke jenenge anake kewan? Apa coba pentinge ngapalke aran kembang? Apa mung gawe ngerten-ngertenan wae?

Beda maneh, yen bab basa ngoko lan krama, iku jelas digawe. Contone pas ketemu wong tuwo, pas ana temu temanten, terus pranata acarane nganggo Jawa alus—sing alus banget. Sithik-sithik isa mangerteni, sebab tahu sinau basa krama iku mau.

Intine, basa Jawa sing digawe bocah-bocah cilik ing kampung iku mau, basa Jawa lumrah, pasaran, lugu, jawa kasar lah istilahe. Banjur materi pelajaran Basa Jawa ing sekolah, utamane ing soal ujian pelajaran Basa Jawa, nganggo basa Jawa kang alus lan ketata.

Iku lagi ngomongake bocah sing manggon ing kampung lan biasa nggunakake basa jawa saben dinane. Banjur, bocah-bocah sing manggone ing kutho, ing perumahan, bocah-bocah sing sekolahe ing sekolah elit paribasane. Apa ora njungkir-walik kanggo mahami basa Jawa sing model “becik katitik ala katara” iku mau? Lha wong Jawa lugu wae kadang isih ora ngerti artine. Mamula, buku Pepak Basa Jawa iku dadi epik.

Ya piye maneh. Kasunyatan ing lapangan, meh kabeh modul basa Jawa iku nganggo wacan basa alus. Dadi, saben pelajaran, saben bab mangerteni isi wacan, gurune kudu nerjemahake siji-siji, kata per kata. Yen ora ngono, ora ana muride sing dong. Babar pisan.

Baca juga:  Tumungkula yen Dipunsukani

Iku lagi bab pembelajaran lho, ya? Durung mbahas bab ujian. Sing gelem ora gelem, soale kudu nganggo basa jawa alus. Koyo ngene iki conto perintahe: Wangsulana titik-titik ing ngisor iki kanthi bener lan patitis! We ladhalah… Wangsulana iku apa? Kanthi iku apa? Patitis iku apa? Makane ora kaget, yen pelajaran basa Jawa iku kalebu pelajaran kang diwedeni bocah-bocah. Sebab nilaine kerep ajur. Lha piye, wong maksud saka soal wae durung dong, piye leh arepe njawab.

Makane, sak jane ya ora papa yen soal ujian basa Jawa iku migunakake basa Indonesia. Tur, salah siji soal esaine iku arupa soal nerjemahake, saka basa Jawa nang basa Indonesia. Saka basa Indonesia nang Basa Jawa. Terus, buku-buku modul basa Jawa iku mau, penjelasan kang penting luwih becik dijabarake gawe basa Indonesia wae. Dadi, guru basa Jawa ora kangelan njelasake marang murid-muride. Ana kalane njelasake materi ngangge basa Indonesia, seadyan pelajarane Basa Jawa.

Iku mau kabeh, durung mbahas Ha-Na-Ca-Ra-Ka, lho, ya? Ha-Na-Ca-Ra-Ka sak sandangane. Ha-Na-Ca-Ra-Ka sak pasangane. Mamula, dadi guru iku ora gampang. Apa maneh guru basa Jawa. Apa maneh dadi murid sing ora paham basa Jawa, terus kudu nggarap ujian basa Jawa. Lak ya puyeng. Hahaha.

Tapi, piye-piye, basa Jawa iku pancen dudu mung materi pelajaran. Basa Jawa iku identitas. Basa Jawa kebutuhan sing wajib dianduweni. Apa maneh lek awakmu wong Jawa. Mosok iya, wong Jawa ra dong nasa Jawa. Lak yo lucu? Jawa tapi ra Jawa.



Loading...



No more articles