• 7
    Shares

MOJOK.COMituturi masyarakat sing wis mawut iku, ora cukup mung dakwah waton bengak-bengok.

Ing kampungku kana, bapakku mbangun musala ning samping omah. Musala cilik wae, ora amba babar blas. Ya, kira-kira isa amot enem larik manungsa yen wayah jamaah. Mbiyen iki, rikala sakdurunge mbangun, aku pernah takon marang Bapak, ngapa kok ndadak mbangun musala? Pikiranku wektu iku, lha timbang mbangun musala, mbok mending omahe dewe sing diambakke.

Ngendikanipun Bapak, deweke kepengin syiar Islam.

“Mesjid kampung kuwi kan rodo adoh. Mungkin tangga teparone awak dewe selama iki durung gelem mangkat salat amarga males mlaku utawa isin. Eh, mbok menawa yen ana musala cedhak lan Bapak sing ngurusi musala, wong-wong cedhak omah dadi gelem sinau salat lan ngibadah sithik-sithik.”

Niate adiluhung tenan. Ya wis, pungkasane aku banjur melu dongakke kekarepane Bapak kang luhur kuwi.

Saben dina sakrampunge musala madeg, Bapak azan sedina kaping lima. Sakliyane kuwi, sakwise Magrib, Bapak uga ngajari ngaji ibu-ibu lan bocah-bocah cilik. Nanging kenyataane, wis pirang-pirang taun, wong sing mangkat salat lan ngaji ya wong-wong kuwi wae. Kena dititeni. Malahane ana wong adoh sing teka. Tegese, tangga teparo sing cedhak omah sing diarep-arep Bapak supaya gelem sinau ngibadah, tetep wae ora krentek atine.

Kadang-kadang wayah Bapak wis manjing azan Magrib, tangga teparo kuwi malah isih padha cekikak-cekikik ning ngarep omah. Ya rasan-rasan, ya ora ana rasa sungkan utawa duwe kepenginan melu jamaah kaya liyan-liyane.

Nganti salah sawijining sore, Bapak sambat sinambi rodo sedih atine.

“Apa kurang olehku usaha syiar ya, Nduk? Kok wong-wong kuwi tetep ora kepengin latihan ngibadah?”

“Lho, nggih ampun mikir ngoten, Pak. Naminipun hidayah menika lak kagunganipun Gusti Allah, tho?”

Atine Bapak banjur semeleh. Tapi, sing penting tetep ngrawati musala, ngajari ngaji bocah-bocah. Perkara hasil, pasrah dening Gusti Allah.

Baca juga:  Susah-Susah Belajar Bahasa Jawa, Kalian Malah Pakai Elu Gua

Aku lahir lan urip ing kampung sing isa diarani kampung mawut. Lha piye ora mawut. Awit isih cilik, aku wis biasa ngrungokne wong bebojoan padu ning omah-omah kanthi swara bengak-bengoke tekan kabeh sajroning desa. Sebabe padu iki maneka werna. Mulai saka bab ora duwe duwit nganti bab gendakan.

Jaman kuwi, bocah enom ing desaku biasa mendem omben-ombenan. Bocah wedok meteng sakdurunge nikah ya dudu barang anyar. Gaweane wong-wong lanang sing dadi kepala keluarga ning kampungku kuwi akeh-akehe kuli, tukang becak, lan serabutan. Senajan mlebu golongan wong ora mampu, wong-wong kuwi ya tetep wae main judi, pasang nomer togel, lan mendem. Lan ora jarang tangga sing mlebu penjara amarga konangan nyolong pitik, nyolong motor sampek konangan adol narkoba. Wis pokoke jan mawut tenan. Nganti kangelan arep nyeritakke saking ora nggenahe.

Ananging saiki, kahanane wis rada malih. Wong sing mendem ana panggon kajatan wis ora umum. Wong judi utawa pasang nomer togel, masia isih ana, nanging ndelik-ndelik alias wis nduwe isin.

Piturutku, kabeh kuwi ora ujug-ujug dadi. Ora sulapan sedina sewengi. Ana sing jenenge proses sosiologis alias sosial budaya sing telaten lan alus saka kabeh elemen masyarakat. Saking aluse nganti ora krasa, ora ana ontran-ontran. Tapi buktine, tradisi sing luwih apik kuwi isa diwujudke.

Strategi kuwi salah sijine isa dilakoni misale materi ceramah ning pengajian ora ngelarani ati jamaah.

Ya isa dibayangke, yen misale gento-gento sing lagi gelem melu kumpul seminggu utawa sesasi pisan ning pengajian kuwi malah diomongi bab halal-haram utawa surga-neraka kaya dene, “Panjenengan sedaya niki mlebu golongan ahli neraka sing bakal disetrika gegere nganggo wowo panas mangah-mangah. Amarga saben dina utang bank plecit, pasang nomer, lan sakpiturute!”

Misal ceramahe kaya ngunu, ya ora mung bakal mlayu saka pengajian. Yen dakwahe galak, isa-isa mesjide dibakar, yen perlu kiaine sida disantet sisan karo “gali-gali” kuwi. Amarga warga sing bubar pengajian terus mangkat adol awak alias ngelonte ya isih ana e. Tapi ya kudune wong-wong ngunu kae tetep ditampa kanthi legawa, tetep dianggep padha-padha manungsa sing padha maqom derajate.

Baca juga:  Manuk Pleci lan Alat-e Wong Jowo Kanggo Njaga Lingkungan

Dadi materi ceramah sing dijelaske, ya cukup bab sing umum-umum lan isa gawe adem ning ati. Misale, bab ikhlas, bab berusaha, bab tolong-menolong, bab tepa slira, lan sakpanunggalane. Ya sithik-sithik, suwe-suwe siji loro wong ana sing sadar lan sangsaya ndadani perilakune dhewe-dhewe.

Mulane, yen jaman saiki akeh wong ceramah sing nggampangke persoalan, aku kok ya rada gumun lan ora paham. Contone, tukang ceramah sing kerep muni, “Kembali ke Alquran dan Hadis”. Mbalik ning Quran lan Hadis.

Ealaaah, mbalik ning Quran lan Hadis kuwi kepiye teknise yen diadhepne karo masyarakat sing bener-bener mawut kaya ngunu kuwi? Jawaban mbalik ning Quran lan Hadis kuwi mungkin kesane elok yen dienggo njawab wong-wong sing uripe wis kepenak.

Nanging sejatine, ora bakal mlaku yen diadhepne ning masyarakat sing persoalane tumpuk-undhung. Mulai saka kurang duwit, anak sing begundal, bojo sing kakehan polah. Amarga, wong-wong kaya ngene iki pancen perlu didampingi lan dikuatne atine. Eh malah ngomongno masalah ibadah lan hukum halal-haram, lha wong karo Gusti Allah wae durung mesthi kenal. Makane kuwi kudu kenalan.

Nah, wong gelem kenalan kuwi lak mesthi karo barang sing katon elok lan ngayomi saka kadohan, ta. Dadi wong kuwi ora ngerasa ragu lan ora wedi yen arep nyedhak. Lha yen durung-durung kok sekabehane wis dihukum-hukumi, wis ta, tak jamin ora bakal berhasil.

Sakjane cerita iki mung berbagi pandangan. Yen sanyatane, dakwah Islam kuwi ora selamis lambene ustaz-ustaz YouTube. Ngono ya, dhes, bedhes. Paham ora?