MOJOK.CO – Saben sasi Sura aku pasa ora mangan sega. Salin mangan tela, jagung, lan sawernane palawija.
Miwiti taun anyar almenak Hijriyah lan Jawa, aku sowan meneh neng emperane Mojok, ora ana liya niyate kejaba mung arep #rerasan prekaraku karo Mbah Wagimun.
Critane ngene, dhek wingi esuk dheweke katon kledhang-kledhang liwat dalan ngarep omahku. Ora dadak kesuwen, gage takaruh-aruhi, “Mriki hlo, Mbah, pinarak sarapan riyin. Tesih enjing gek ajeng selak teng pundi?”
Hla kok dijawab kaya sengaja ngece, “Duwe sarapan apa?”
Ya takwales atos, “Nggih genah sega beras enak ta, Mbah. Mosok tiyang kados kula niki sarapane mung thiwul….”
“Emoh,” unine.
Wah, kok ngajak rame meneh wong tuwek iki? Diampirke apik-apik lan ditawani panganan becik kok omongane mrekitik? Diamput.
“Nek arep sedhekah sega beras aja saiki, aja sesuk, aja suwene sesasi iki. Sasi ngarep wae,” unine karo ngunclug mlebu njujug kursi emperan omahku.
Ora sabar krungu omongane, gelis takumbali swara, “Njenengan ngece? Njenengan nganggep kula wong kere sing ora gableg dhuwit kangge tuku tempe? Nggih?!”
Wonge ora nggape, mapan lungguh banjur mrenges elek. Unine, “Hehehe… rupamu kuwi wis elek, Le. Aja gampang nesu ben ora tambah elek. Lungguha sing penak, takkandhani.”
“Ngadeg nggih mpun penak,” jawabku. “Mpun, gek ajeng ngendika napa?”
“Iki sasi Sura. Saben sasi Sura aku pasa ora mangan sega. Salin mangan tela, jagung, lan sawernane palawija. Sing pasa ngrowot ngene iki ora mung aku. Wong-wong tuwek sadesa kene kabeh padha nglakoni. Jane kowe wis ngreti nanging bokmenawa kowe lali. Lali ya oleh wae, ora ana dosane, sebab kowe pancen wis nate suwe lunga saka kene.”
Mak dheg, dhadhaku kaya kebalang woh pelem mentah sakatoge. Rasane ujug-ujug ampeg banget. Diamput.
Bener ngendikane Mbah Wagimun, aku wis kelalen. Aku lali karo adate wong kene, wong-wong desa kelairanku dhewe. Prasasat adate wong sajembare kukuban Magetan, Madiun, Ngawi, Pacitan, Ponorogo, Trenggalek nganti tekan Tulungagung kana isih lestari lan padha. Saora-orane ya nunggal rasa. Saben mbukani taun anyar, sewulan wutuh ing sasi Sura para sepuh ora lali karo sejarah riwayate Asyura. Malah luwih saka kuwi, sasi Sura tumrape wong Jawa sing manggon neng desa-desa kene dipundhi dadi wanci becik kanggo slametane para nabi.
Mbah Wagimun lan mbah-mbahku liyane padha tirakat ngampet luwe sawetara sebab ngelingi sedhih nelangsane muslim sajagad jaman semana nalika Said Kusen (Sayid Husain) seda kaningaya ing sasi Sura.
Mbah Wagimun lan mbah-mbahku liyane padha tirakat ngampet sesukan seneng-seneng sawetara sebab ngelingi riwayate Bapa Nabi Adam sing legawa marang kaluputane jalaran polah sembrana lan banjur tobat pinuju sasi Sura.
Mbah Wagimun lan mbah-mbahku liyane padha tirakat ngampet ngantuke ngelingi lakone Nabi Yakub sing bungah mari saka lara wuta mripate malah banjur klakon ketemu anak kinasihe ing sasi Sura.
Mbah Wagimun lan mbah-mbahku liyane padha tirakat ngampet kekaremane lelungan dolan-dolan ngelingi pait-getir lakone Nabi Musa sasekabate nalika dioyak-oyak Firaun sabalane ing tengahe sasi Sura.
Kaya ngono labuh bektine simbah-simbahku wong Islam neng bumi Jawa marang leluhure senajan adoh papan prenahe lan adoh jarak mangsa uripe. Dhuh, aku kok meh wae kelangan pepelinge…
“Mulane aja kesusu ndakwa wong tuwek kurang kawruh mung merga kowe dipenggak mantu utawa duwe gawe ewuh liyane nalika sasi Sura ya, Le. Nyatane kuwi kabeh ana sejarahe. Ana karepe. Ana maksud lan tujuane. Dene kowe lan sing enom liyane yen arep nyengkuyung ya sumangga, kuwi becik. Upama ora sarujuk ya ora apa-apa, kuwi ya apik,” tuture Mbah Wagimun nggugah angen-angenku, ora krasa aku wis kamitenggengen suwe.
“Dhuh, nyuwun ngapunten nggih, Mbah. Kula wau klentu.”
“Ora apa-apa. Nyoh, cangkemmu seselana udud ben ora ngowoh wae.”
Diamput.