Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Ngobrol Karo Pakar Kebangkrutan

Puthut EA oleh Puthut EA
20 Juli 2018
A A
Ngobrol Karo Pakar Kebangkrutan

Ngobrol Karo Pakar Kebangkrutan

Bagikan ke WhatsAppBagikan ke TwitterBagikan ke Facebook

MOJOK.CO – Mas Puthut ngobrol karo kancane perkara dadi pakar kebangkrutan.

Mas Kromoleo wis metangkring neng Warmo (Warung Mojok) pas aku teka. “Kok wis neng kene, Mas?”

“Lha wong sela mosok ora entuk nongkrong? Lha kowe tumben kok awan ngene beredar?”

“Aku ki diwasap cah-cah, jare Bajang masak neng kene.”

“Rung mateng. Isih lagi dimasak.” Jarene Mas Kromoleo karo ngadek terus mlaku nang panggonku ndekek tas lan rokok.

“Thut, mbok aku digolekke klien?” Awake sing bobote 120 kg kuwi lungguh nang cidekku. Wonge ngekeki isyarat pengin ngobrol karo aku. Aku ora sida ndelok Bajang sing lagi masak nang pawon. Wong legenda plus senior kaya dhekne iki, ora mungkin tak cueki.

Aku lungguh, “Klien apa maneh, Mas?”

“Kowe kan akeh nduwe kanca pengusaha. Saiki ki golek duit rada angel.”

“Ya ora rada. Ya pancen mangsane gek angel…”

“Lha aku ora je…”

“Lha ora tapi njaluk golekke klien…”

“Lho ngene tak kandhani.” Awakke njuk meringset nang arahku karo tatapan sing serius.

“Kowe rak ngerti nek aku ket mbiyen ki bangkrut bola-bali.”

“Ya aku krungu-krungu ngono, Mas…”

Iklan

“Kowe ra percaya pa nek aku sering bangkrut?”

“Masalahe dudu percaya apa ora, Mas. Aku ki percaya apa ora, ora njuk berpengaruh neng uripku. Sampeyan sukses, ya aku ora tau kecipratan. Sampeyan bangkrut, ya ora tau nemoni aku. Paling kan njuk sampeyan utang. Tur ya mesthi tak tolak ta?”

“Jigur kok kowe ki…” Mas Kromeleo ngguyu ngakak. “Ngene lho, kan aku saiki uripke kan gek sela. Mburu cukup. Uripku ya cukup. Ora nggaya.”

“Wingi wis sampeyan wis crita, Mas. Ra sah dibaleni. Aku ki cah lumayan cerdas je. Nek ana wong crita neng aku dibolan-baleni ki seakan mengganggu kecerdasanku…”

Mas Kromeleo ngguyo ngakak sampek awake sing tambun ate ngerubuhno kursi sing dilungguhi.

“Tenan iki… Aku ki saiki meh mbukak kegiatan sosial.”

Weits? Aku ate njawab, njuk wonge keburu ngelanjutno omongane, “Amarga bola-bali aku bangkrut, aku meh nggawe jasa konsultasi kebangkrutan. Aku ki meh membranding diri sebagai ‘pakar kebangkrutan’. Ngono lho, paham ta?”

“Lha jare kegiatan sosial? Lha kok membranding? Tur kuwi nek neng agama Islam kategorine isa dholim lho, Mas. Ra melu-melu aku nek ngono kuwi.”

“Lho ndholim piye?”

“Lha wong bangkrut malah mbok akon konsultasi njuk mbayar. Kuwi bukane ndholim?”

“Kowe ki cah cerdas tapi kurang bijak. Ngene lho, saiki bayangke apa sing terjadi lek wong iku bangkrut usahane?”

“Lha ya bangkit maneh. Aku ya bola-bali bangkrut.”

“Kuwi nek mentale putune Ronggolawe kaya kowe… lha nek liyane? Kanca-kancane ngalih. Wong sing nagih utang teka. Dunia gelap. Stres. Kuwi mengko isa dadi pengguna narkoba. Tur ya isa bunuh diri. Dholim saka ngendi? Kuwi jelas kegiatan sosial.”

“Lha tapi mbok akon mbayar…”

“Halah mbayare ki ora larang. Wis tak omongi, uripku ki wis cukup dengan selawe juta sesasi.”

“Pira?”

“Ngene, mereka ki mung nraktir aku mangan awan utawa mangan bengi, utawa ngopi. Njuk per jam mung mbayar seket ewu repis. Seket ewu per jam kuwi kan ya mung nggo pantes-pantesan. Lha pijet wae wis 120 ewu. Nek pijet penak malah sejuta.”

“Ra sah crita maksiat neng kene, Mas. Akeh cah enom. Sampeyan ki legenda je. Malah crita pijet penak barang…”

“Intinya, wong bangkrut iku butuh dikancani. Butuh kanca diskusi. Minimal butuh kanca curhat. Ben ora kena narkoba apa maneh bunuh diri. Kan mulia ta?”

Aku njuk manggut-manggut. “Apik kuwi, Mas.”

“Ewangi golek klien ya? Iki nek Jokowi krungu programku ngene iki, mesthi mengko isa dadi gerakan nasional.”

Aku ate nyeletuk, eh pas ana wong teka karo mbleyer-mbleyer sepeda motor e “Sapa ta kuwi kok numpak sepeda motor metik we gayane mbleyer-mbleyer?” takon Mas Kromoleo.

“Lha kuwi kan Diego Hartoko.”

“Oalah… pangling aku. Soale helm-an. Kudune kan ya minimal numpak Picanto apa Brio ta cah kae?”

“Lha nek kaya Diego Hartoko kae, menurut sampeyan sebagai pakar kebangkrutan, kae lagi bangkrut ra?”

“Ya nek Diego kae ra mungkin bangkrut.”

“Kok sampeyan ngerti?”

“Thut, kowe ileng iki apik-apik ya. Wong sing bangkrut iku, sing duwe usaha bisnis. Sing ora nduwe usaha bisnis piye carane bangkrut? Sing meh bangkrut ki apane?”

Aku ngguyu ngekek.

Terakhir diperbarui pada 19 Oktober 2021 oleh

Tags: bangkrutbisniskancaNgobrolNgrasanipengusaha
Puthut EA

Puthut EA

Kepala Suku Mojok. Anak kesayangan Tuhan.

Artikel Terkait

Pelaku Budidaya Belut Membeberkan 3 Hal yang Perlu Diperhatikan Pemula Mojok.co
Pojokan

Pelaku Budidaya Belut Membeberkan 3 Hal yang Perlu Diperhatikan Pemula

15 Oktober 2025
Makna Khodam dalam Perspektif Islam dan Kejawen
Video

Makna Khodam dalam Perspektif Islam dan Kejawen

3 Agustus 2024
Mencari Wali Kota Jogja di Pilkada 2024
Video

Mencari Wali Kota Jogja di Pilkada 2024

14 Juli 2024
Lingkaran Setan Judi Online dan Pinjaman Online, Perusak Generasi Muda Bangsa
Video

Lingkaran Setan Judi Online dan Pinjaman Online, Perusak Generasi Muda Bangsa

5 Juli 2024
Muat Lebih Banyak
Tinggalkan Komentar

Terpopuler Sepekan

Gagal dan tertipu kerja di Jakarta Barat, malah hidup bahagia saat pulang ke desa meski ijazah S1 tak laku dan uang tak seberapa MOJOK.CO

Dipecat hingga Tertipu Kerja di Jakarta Barat, Dicap Gagal saat Pulang ke Desa tapi Malah bikin Ortu Bahagia

19 Desember 2025
Drama sepasang pekerja kabupaten (menikah sesama karyawan Indomaret): jarang ketemu karena beda shift, tak sempat bikin momongan MOJOK.CO

Menikah dengan Sesama Karyawan Indomaret: Tak Seperti Berumah Tangga Gara-gara Beda Shift Kerja, Ketemunya di Jalan Bukan di Ranjang

17 Desember 2025
Saat banyak teman langsungkan pernikahan, saya pilih tidak menikah demi fokus rawat orang tua MOJOK.CO

Pilih Tidak Menikah demi Fokus Bahagiakan Orang Tua, Justru Merasa Hidup Lebih Lega dan Tak Punya Beban

15 Desember 2025
Keturunan Keraton Yogyakarta Iri, Pengin Jadi Jelata Jogja Saja! MOJOK.CO

Keresahan Pemuda Berdarah Biru Keturunan Keraton Yogyakarta yang Dituduh Bisa Terbang, Malah Pengin Jadi Rakyat Jelata Jogja pada Umumnya

18 Desember 2025
Bagian terberat orang tua baru saat hadapi anak pertama (new born) bukan bergadang, tapi perasaan tak tega MOJOK.CO

Katanya Bagian Terberat bagi Bapak Baru saat Hadapi New Born adalah Jam Tidur Tak Teratur. Ternyata Sepele, Yang Berat Itu Rasa Tak Tega

18 Desember 2025
UGM.MOJOK.CO

Ketika Rumah Tak Lagi Ramah dan Orang Tua Hilang “Ditelan Layar HP”, Lahir Generasi Cemas

20 Desember 2025

Video Terbaru

SD Negeri 3 Imogiri Bantul: Belajar Bergerak dan Bertumbuh lewat Sepak Bola Putri

SD Negeri 3 Imogiri Bantul: Belajar Bergerak dan Bertumbuh lewat Sepak Bola Putri

18 Desember 2025
Ketakutan pada Ular yang Lebih Dulu Hadir daripada Pengetahuan

Ketakutan pada Ular yang Lebih Dulu Hadir daripada Pengetahuan

17 Desember 2025
Undang-Undang Tanjung Tanah dan Jejak Keadilan di Sumatera Kuno pada Abad Peralihan

Undang-Undang Tanjung Tanah dan Jejak Keadilan di Sumatera Kuno pada Abad Peralihan

14 Desember 2025

Konten Promosi



Summer Sale Banner
Google News
Ikuti mojok.co di Google News
WhatsApp
Ikuti WA Channel Mojok.co
WhatsApp
Ikuti Youtube Channel Mojokdotco
Instagram Twitter TikTok Facebook LinkedIn
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

Tentang
Kru
Kirim Artikel
Kontak

Kerjasama
Pedoman Media Siber
Kebijakan Privasi
Laporan Transparansi

PT NARASI AKAL JENAKA
Perum Sukoharjo Indah A8,
Desa Sukoharjo, Ngaglik,
Sleman, D.I. Yogyakarta 55581

[email protected]
+62-851-6282-0147

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.