Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Durung Pasa, Wis Padha Bingung Bada

Walidah Ana Farah oleh Walidah Ana Farah
10 April 2019
A A
Bagikan ke WhatsAppBagikan ke TwitterBagikan ke Facebook

MOJOK.CO – Pasa ae ijek durung mulai. Lha kok, isa-isane wis padha bingung perkara bada. Hadeh, piye jal?

Kurang saka sewulan maneh, wis mlebu wulan Ramadhan alias pasaan. Ning ndi-ndi, wis mulai muncul postingan-postingan, “nyambut wulan pasa”. Mboh ning Instagram, Facebook, lan liya-liyane. Ada sing ngucapne tulisan-tulisan gambar forward-an saka grup. Ana sing njupuk langsung saka mbak gugel. Uga ana sing rada lumayan gelem repot, gawe tulisan gambar dewe ning Canva utawa Picsart. Lumayan, toh, ya? Meskipun tulisane ya nyontek.

Sing uga rame yaiku ning kolom komentar Youtube, sing unine kaya ngene,

“Sedilut engkas deweke nemoni wulan pasa. Sapa sing kangen: Saur + patrol keliling desa, mburu takjil alias ngabuburit, buka pasa bareng, teraweh + merconan.”

Padahal sing disetel video apa, sing dibahas ning komentar apa? Lucu pancen, Tapi, ya rapapa. Jenenge wong komentar, bebas wae toh? Mungkin niate ancen apik gaes, ngilingake tekane wulan kang mulya~

Biyasane, ning tipi-tipi mulai muncul sponsor, kayata Marjan rasa melon sing biyasa wae dadi suweger ger-ger nganti ngiler lek didelok pas pasa! Pancen asem si Marjan! Sing uga muncul ning iklan tipi pas pasaan yaiku, biskuit sing dikira kaleng rengginang iku loh, Gaes! Yo, bener! Kongguan!!!

Masalah nyambut wulan pasa, mboh apa ya, kok aku ngerasa pancene suwe-suwe tambah rene, tambah tuwa, pasa iki dadi biyasa wae. Ora kaya jaman cilikanku biyen. Apa aku tok, sing ngerasa kaya ngunu? Rasane, pasa wis ora serame jaman mbiyen?

Apa merga wis tuwa, tambah ngerti pasa iku gawe apa. Lapo kok kudu pasa? Rasane kuwi dadi beda?

Sing kebayang maneh, ning pikiranku ana loro. Siji, utangku jek wuakeh Ya Allah. Limolas iku utang apa preian semester cah sekolahan? Ya maklum sih, tahun wingi babaran. Tapi kok ya kebacut, setahun luwih isih durung lunas. Tapi, ancen anak isih ngASI. Aja dipekso disape, engko anake wetenge lara pisan. Hadeh, alasan ae, Mak!

Sing keloro, waduh, siap-siap tuku kelambi anyar. Sakjane sing kepikir kuwi klambi gawe anak. Make wis ora usah dandan aneh-aneh. Sing penting anyar, masiya regane mung satus ewon. Ngene iki aku mikir, apa ya, mak-make liyane mikire padha karo aku, ya?

Lha iya piye, pasane ae durung. Sing kepikiran disik wis, “Sesok anak lanang siji, enake ditukokne klambi model gamis Arabia unyu, apa model koko Turki sing lagi ngehits, ya?” Padahal, ya durung karuan Mas Bojo ngiyoi terus ngewenehi duwit makbeg.

Terus maneh sing kepikir, kenapa ya tuku klambi anyar iki mek setahun pisan? Apa iya, kudu ngono kuwi? Apa nek nggak anyar, sandangane dadine nggak oleh melu bada? Nggak oleh melu kupatan lan halal bihalalan? Ya ora sih sakjane. Tapi ya koyok tradisi sing wis dadi kewajiban ngunu toh, ya. Sapa ta sing marai ndisek? Marai tuman!

Durung maneh sing mikir kudu pulkam alias mudik. Duh, sing kudu unyel-unyelan numpak bis, sepur, motor miber, utawa kapal feri. Apa maneh, ana sing nekat motoran padahal ya adoh. Sangune kudu, pira?

Durung nyangoni cah-cah cilik ponakan duluran sing ketemune mung setahun pisan. Sapa biyen sing marai nyandong cah-cah cilik? Marai tuman pisan! Lha arep ora nyangoni kok ya kebacut, ya. Nyangoni sithik dikira pelit. Nyangoni akeh, waduh ora sanggup. Lha ponakan cilik-cilik kae, lek dikon baris nganti pirangane meter. Isa bangkrut level akut. Bakale ora isa balik mulih mengko.

Iklan

Giliran para bapake, bingung ndelok kebutuhan bada. Lha wong pasa durung mulai wae wis diteror rena-rena karo pak bojo. “Pak, iki loh, kebutuhane anak-anake.” Jare si ibuk ngerayu bojone. Bapake banjur bingung ngatur duwit THR. Durung sing digawe mudik iki apa? Lah tiket bis, sepur, apa maneh motor mabur ya jelas wis mundak pindo-nelu kabeh. Ngelu si bapak! Mangkane toh, Pak. Nyicil tiket mudik kuwi ket tahun sakdurunge, ben ora ngelu sirahe!

Ancen momen bada iki kadang digawe ajang pamer sisan. Nggak isa dipungkiri akeh sing luwih milih jor-joran, ngglontorne dana khusus kanggo mudik. Sing tujuan eleke mung gawe “pamer”, unjuk gengsi ben ora diarani mlarat, nggak sukses olehe ngerantau.

Khusus sandangan, kudu serba anyar mentereng ngejreng, sarimbitan karo bapak lan anake. Sepatu sandale kudu tuku sisan! Ibu-ibu akeh sing gawe mas-masan anyar, sing masiya ora seratus persen emas—pokoke kudu ketok kinclong cling-cling. Lek duwe anak wadon, kudu pisan ditukokne kalung, gelang, anting-anting, cincin, nganti dipasang ning untu pisan. Ben paripurna luengkap kayak toko emas mlaku muteri desa! Krincing… krincing… arep mbuka toko emas, Yuk?

Akhire, banjur kadung tuku-tuku sandangan serba anyar, sangune sing arep digawa mudik dadi mepet.  Malah isa dadi, ora sida mulih. Tapi, sing THR e luwih gedhe, isa lah jor-joran apa wae dituku serba anyar kabeh. Tiket wis aman, duwit cadong bocah aman. Nanging sing keliwat, bubare bada mangan apa? Wis, pikir keri wae lah! Sing penting, anak bojo lan dulur-dulu padha seneng. Alias, iri ketok dulurane siji iki wis dadi wong.

Lha, dadi apa tujuane pasa, lek bada mung gawe pamer tok? Luweh-ngelake mung digawe pamer dunyo? Jan eman tenan.

Terakhir diperbarui pada 9 April 2019 oleh

Tags: badaMudikpasariyaya
Walidah Ana Farah

Walidah Ana Farah

Artikel Terkait

pulang ke rumah, merantau.MOJOK.CO
Catatan

Duka Setelah Merantau: Ketika Rumah Menjadi Tempat yang Asing untuk Pulang

16 September 2025
Berkendara motor malam hari di jalan pantura Surabaya-Semarang taruhannya nyawa MOJOK.CO
Ragam

Kengerian Motoran saat Malam di Jalan Pantura, Hati-hati Saja Tak Cukup kalau Tak Mau Celaka

26 Maret 2025
Sialnya Mudik dari Jogja ke Sumatra karena Percaya Pelni-ASDP MOJOK.CO
Esai

Nasib Sial Mudik dari Jogja ke Sumatra via Merak-Bakauheni Akibat Terlalu Berharap ke ASDP dan Pelni

26 Maret 2025
PT Pertamina Patra Niaga Jawa Bagian Tengah menjamin kualitas BBM dan layanan SPBU di Jogja selama musim mudik lebaran 2025 MOJOK.CO
Kilas

SPBU Jogja Selama Musim Mudik 2025: Stok dan Kualitas Dijamin Aman, 18 Titik Buka 24 Jam

25 Maret 2025
Muat Lebih Banyak
Tinggalkan Komentar

Terpopuler Sepekan

banjir sumatera. MOJOK.CO

Bencana di Sumatra: Pengakuan Ayah yang Menjarah Mie Instan di Alfamart untuk Tiga Orang Anaknya

1 Desember 2025
Menanti kabar dari keluarga, korban bencana banjir dan longsor di Sumatera. MOJOK.CO

‘Kami Sedih dan Waswas, Mereka seperti Tinggal di Kota Mati’ – Kata Keluarga Korban Bencana di Sumatera

1 Desember 2025
Relawan di Sumatera Utara. MOJOK.CO

Cerita Relawan WVI Kesulitan Menembus Jalanan Sumatera Utara demi Beri Bantuan kepada Anak-anak yang Terdampak Banjir dan Longsor

3 Desember 2025
Para penyandang disabilitas jebolan SLB punya kesempatan kerja setara sebagai karyawan Alfamart berkat Alfability Menyapa MOJOK.CO

Disabilitas Jebolan SLB Bisa Kerja Setara di Alfamart, Merasa Diterima dan Dihargai Potensinya

2 Desember 2025
'Aku Suka Thrifting': Dari Lapak Murah hingga Jejak Ketimpangan Dunia dan Waste Colonialism.MOJOK.CO

‘Aku Suka Thrifting’: Dari Lapak Murah hingga Jejak Ketimpangan Dunia dan Waste Colonialism

1 Desember 2025
Warung makan gratis buat Mahasiswa Asal Sumatra yang Kuliah di Jogja. MOJOK.CO

5 Warung Makan di Jogja yang Gratiskan Makanan untuk Mahasiswa Rantau Asal Sumatra Akibat Bencana

4 Desember 2025
Summer Sale Banner
Google News
Ikuti mojok.co di Google News
WhatsApp
Ikuti WA Channel Mojok.co
WhatsApp
Ikuti Youtube Channel Mojokdotco
Instagram Twitter TikTok Facebook LinkedIn
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

Tentang
Kru
Kirim Artikel
Kontak

Kerjasama
Pedoman Media Siber
Kebijakan Privasi
Laporan Transparansi

PT NARASI AKAL JENAKA
Perum Sukoharjo Indah A8,
Desa Sukoharjo, Ngaglik,
Sleman, D.I. Yogyakarta 55581

[email protected]
+62-851-6282-0147

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.