Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Dadi Biyung Mbok Aja Seneng Ngajari Anake Kudu Kulit Putih

Margaretha Diana oleh Margaretha Diana
28 Juni 2020
A A
Dadi Biyung Mbok Aja Seneng Ngajari Anake Kudu Kulit Putih MOJOK.CO

Dadi Biyung Mbok Aja Seneng Ngajari Anake Kudu Kulit Putih MOJOK.CO

Bagikan ke WhatsAppBagikan ke TwitterBagikan ke Facebook

MOJOK.CO – Jere sapa wong lanang senenge gur karo wong wadon sing kulit putih jal? Nyatane kae, kuntilanak mbok putih-putih kabeh, langka sing ireng kaya langes lah.

Nyong cokan gumun karo biyung sing ribut nek anak wadone panasan sedela. Jere aja panasan mbok dadi gutheng, ngko ora ayu, ora nana wong lanang sing seneng maring bocah wadon sing gutheng. Rika padha sering krungu omongan kaya kuwe ora? Nek nyong tah mandan sering krungu.

Ibu-ibu jaman now neng ndi papan tembangane sekiye meh padha kabeh, bingung nek anak wadone keton gutheng, ora putih meles-meles kaya rendeman enjet. Padahal mbok jenenge kulitane wong Indonesia ya mestine pancen rata-rata warnane soklat, masiya kulit putih ya ora teyeng putih pink kaya wong bule, paling banter putihe semu kuning mulane njur dearani kuning langsat, merga putihe semu kuning kaya buah langsat.

Jenenge baen urip neng garis katulistiwa, sing srengengene kadang sementlepe nemen neng kulit, kaya omongane tangga nek lagi padha ngrasani randa.

Tur perkara kulit sing ora putih pink mbarang mbok ya gari ndeleng kulitane bapa biyunge uga lah. Nek kulite bapane ireng menges kaya langes, njur biyunge kulite kuning mangkak kaya mpu kunir ya ora mungkin nduwe anak sing kulitane putih semu pink kaya bengkoang. Wong kulit menungsa kiye dudu klambi sing teyeng derendem beklin ben putih maning.

Apamaning nek dekaitna karo perkara ayu apa ora.

Jajal sih rika padha ndeleng sing jenenge Christine Hakim, Lola Amaria, Happy Salma, apa Tara Basro. Kuwe kabeh ayu-ayu apa ora? Kuwe artis-artis kuwe kabeh ya kulitane eksotik soklat-soklat ya deneng tetep ayu, ora kudu kulit putih pink kaya wong Eropa.

Artis luar negeri nana akeh sing kulitane soklat-soklat ya tetep ayu tur payu neng dunia hiburan. Jal nganah rika padha gugling sing jenenge Rihana, Jenifer Lopez apa Beyonce. Kuwe wong telu kuwe ya kulitane soklat-soklat kabeh, wong ana sing turunan Afrika mbarang. Tapi ya tetep ayu mbok, masiya kulite ora putih.

Kabeh wong-wong sing jenenge tek sebutna kuwe mau ya tetep payu neng industri hiburan mbarang. Tur maning wong-wong kuwe mau kabeh ya padha pinter-pinter, ora mung dodolan penampilan thok neng industri hiburan.

Jenenge biyung kudune kan nggedekna atine anak, aja malah nambahi masalah maring anak. Gawe bocah ngerasa insecure karo awake deweke merga kulite ora putih kaya sing degambarna neng wong-wong sing jere wong wadon ayu kuwe sing kulit putih kempling, rambute dawa ngandan-ngandan tur langsing cenderung gering.

La nek turunane wong lemu ginuk-ginuk, rama biyunge nganti sekang buyut-buyute lemu, nek anake gering mbok malah dadi wagu, keton kurang gisi kaya ora tau derumati. Arep gering arep lemu mbok sing penting sehat ora cileren tur lara-laranen.

Nah perkara sehat kiye, sing jenenge kosmetik pemutih sing dedoli kae ya jane ora sehat. Ana sing reaksine kilat maring awak, uga ana sing reaksine lambat nggole nyerang kesehatane awake sing nganggo.

Ana wong-wong sing pancen kulite sensitif maring kosmetik sing ana pemutihe. Ora gur jerawaten, utawa permukaan kulite njur malah dadi ting plethek kaya sawah garing, ning ana uga sing langsung gatelen njur nanahen, suwe-suwe malah dadi korengan mbarang. Kuwe contohe efek pemutih neng kosmetik sing jangka pendek.

Nek sing jangka panjang ya ora kalah medeni. Merga jenenge kimia nek deaplikasikna maring awak ya tetep  ana efek sampinge. Nek ora mlayu dadi kanker kulit ya teyeng mlayu dadi penyakit ginjal. Merga senyawa kimia sing diserap neng awak kan termasuk racun utawa partikel asing sing ora dikenal neng awak. Lah senyawa kaya kuwe, sing deanggep racun biasane langsung diserap neng ginjal, merga ginjal kiye jatahe kon dadi penawar racun, pelindung awak sekang racun.

Iklan

Lah jenenge nyambet gawene ginjal kan ya kudu ana lerene mbarang, ora kudu kon ngurusi racun terus-terusan. Nek dekeceri racun terus-terusan, kasile ngko racun-racun kuwe padha numpuk neng kana, njur dadi batu ginjal. Nek uwis dadi watu neng ginjal, ngrusak fungsine ginjal, gawe ginjal lara. Padahal ginjal ora teyeng mbenerna awake deweke secara otomatis.

Wong wis lara ginjal, tambanane ya kudu cuci darah nek esih ringan. Nek wis parah ya kudu mbuang watu sing ngendap neng kono, apa sing paling parah ya ginjale diangkat sisan merga dianggap uwis rusak. Ya pancen menungsa isa urip karo ginjal siji thok, tapi kondisi awake njur jelas beda karo wong sing nduwe ginjal lengkap.

Gweh yung, biyung, mulane aja cokan ngributi anake kudu kulit putih ben keton ayu. Apa maning malah maraih anake kon nganggo kosmetik macem-macem sing ana pemutihe. Tur maning jaman sekiye, akeh pisan sing dodol kosmetik abal-abal. Kandungan kimiane ora nganggo takeran. Bahan sing ora olih dikonsumsi menungsa, pada dienggoni sing penting hasile kulite dadi putih.

masyarakate awake dewek ya padha baen sih, kabeh-kabeh senenge kasil sing instan, padakna karo masak mie instan. Ana sing nganggo kosmetik mbuh merk apa, nembe seminggu njur kulite nglothoki, merga kuwe jerene proses sing wajar ben kulite sing ireng nglethek, ganti kulit anyar sing putih ya padha ora wedi, malah padha seneng.

Bar kuwe kulite ganti kulit anyar sing warnane lewih cerah jere kosmetike sing dienggo berarti apik, merga dienggo langsung keton hasile. Ya iyalah keton, keton medeni, wong kulit bener-bener depaksa nglethek. Ora mikir nek kulit anyar kaya kuwe rawan pisan kenang kanker kulit merga paparan sinar sekang srengenge.

Ya padha baen bocah nembe teyeng mbrangkang dipeksa kon mlaku, mbok tulange urung kuwat nyangga awak. Padha karo pelem esih dadi pakel nggane depanen, ya kecut.

Dadi biyung pancen ora gampang, ning tenimbang nggawe anak wadon tambah gamang merga penampilan, mbok mending ngajari liyane baen. Aja apa-apa dekaitna maring penampilan sing tujuane gur siji, ben wong lanang pada ngesir, naksir merga keton ayu.

Apa nggane dadi wong wadon kudu tergantung pisan maring wong lanang. Kudu banget njaga awak karo penampilan ben wong lanang padha mereki. Kasarane gur marahi bocah kon padha uplek umplek ngurusi kulit thok, kuwe baen nggo nyenengna matane liyane, dudu nggo nyenengna atine deweke.

Bocah wadon jaman now kudune ya uwis ora uplek karo mumet perkara kulit putih, rambut sing dawa njur awak sing langsing mandan gering. La wis jamane Jacinda Ardern dadi perdana menteri termuda kowh, masa bocah wadon esih baen kon ngurusi tetek bengeke kulit putih ireng ireng.

Mbok mending deajari kepriben carane mencintai awake dewek, nrima apa anane awak sing uwis dibentuk neng Gusti Allah. Gari kon njaga ben tetep sehat, diwei asupan panganan sing bergisi nggo awak tur utek. Ben dadi bocah wadon sing pinter, ora gampang delomboni wong lanang sing senengane gur ngrayu wadonan.

Perkara kulit putih, jaman sekiye kuwe uwis ora penting nemen. Wong lanang nek uwis seneng karo wong wadon ya bakal tetep seneng lah, masiya sikile belang bontang bekas korengan. Merga jare cinta kuwe buta, buta kuwe seringe bakal micek karo kenyataan sing ana. Mulane ana sing omong jere ora usah aweh nasehat maring wong sing lagi jatuh cinta, percuma, gur mlebu kuping kiwa, metu kuping tengen.

Sing terakhir, jere sapa wong lanang senenge gur karo wong wadon sing kulit putih jal? Nyatane kae, kuntilanak mbok putih-putih kabeh, langka sing ireng kaya langes lah. Nyatane wong lanang-lanang langka sing seneng, malah pada ngibrit nek ketemu karo mbak kuntilanak.

Jajal si takon nganah…

MONGGO KULO ATURI MAOS Mbah Minto lan Filosofi Jalmo Tan Keno Kiniro utawi seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.

Terakhir diperbarui pada 28 November 2020 oleh

Tags: kulit putihkuntilanakskincareTara Basro
Margaretha Diana

Margaretha Diana

Ibu dua anak. Tinggal di Semarang,

Artikel Terkait

Toko Buah Horor di Sudut Kota Jogja MOJOK.CO
Malam Jumat

Toko Buah Horor di Sudut Kota Jogja: Tentang Sosok Hantu Perempuan yang Muncul dari Tempat yang Tidak Terduga

22 Mei 2025
Beauty Playgorund di Yogyakarta sajikan ragam aktivitas seru seputar kecantikan MOJOK.CO
Kilas

Beauty Playground 2025: Kolaborasi Land of Beauty dan Paragon Yogyakarta Sajikan Ragam Aktivitas Seru Seputar Kecantikan

15 Februari 2025
Brand Fesyen Lokal Roughneck 1991 Jajal Bisnis Men’s Care. MOJOK.CO
Ekonomi

Brand Fesyen Lokal Roughneck 1991 Jajal Bisnis Men’s Care

4 Juli 2023
Teror Kuntilanak dan Hantu Serdadu KNIL di Gang Kubur Jakarta MOJOK.CO
Malam Jumat

Teror Kuntilanak dan Hantu Serdadu KNIL di Gang Kubur Jakarta

25 Mei 2023
Muat Lebih Banyak
Tinggalkan Komentar

Terpopuler Sepekan

banjir sumatera. MOJOK.CO

Bencana di Sumatra: Pengakuan Ayah yang Menjarah Mie Instan di Alfamart untuk Tiga Orang Anaknya

1 Desember 2025
Menanti kabar dari keluarga, korban bencana banjir dan longsor di Sumatera. MOJOK.CO

‘Kami Sedih dan Waswas, Mereka seperti Tinggal di Kota Mati’ – Kata Keluarga Korban Bencana di Sumatera

1 Desember 2025
Kuliah Jurusan Pendidikan Bahasa Mandarin di Unesa. MOJOK.CO

Sulitnya Masuk Jurusan Bahasa Mandarin Unesa, Terbayar usai Lulus dan Kerja di Perusahaan Tiongkok

3 Desember 2025
S3 di Bandung, Istri PNS Makassar- Derita Jungkir Balik Rumah Tangga MOJOK.CO

Jungkir Balik Kehidupan: Bapak S3 di Bandung, Istri PNS di Makassar, Sambil Merawat Bayi 18 Bulan Memaksa Kami Hidup dalam Mode Bertahan, Bukan Berkembang

1 Desember 2025
Lulus S2 dari UI, resign jadi dosen di Jakarta. MOJOK.CO

Lulusan S2 UI Tinggalkan Karier Jadi Dosen di Jakarta, Pilih Jualan Online karena Gajinya Lebih Besar

5 Desember 2025
jogjarockarta.MOJOK.CO

Mataram Is Rock, Persaudaraan Jogja-Solo di Panggung Musik Keras

3 Desember 2025
Summer Sale Banner
Google News
Ikuti mojok.co di Google News
WhatsApp
Ikuti WA Channel Mojok.co
WhatsApp
Ikuti Youtube Channel Mojokdotco
Instagram Twitter TikTok Facebook LinkedIn
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

Tentang
Kru
Kirim Artikel
Kontak

Kerjasama
Pedoman Media Siber
Kebijakan Privasi
Laporan Transparansi

PT NARASI AKAL JENAKA
Perum Sukoharjo Indah A8,
Desa Sukoharjo, Ngaglik,
Sleman, D.I. Yogyakarta 55581

[email protected]
+62-851-6282-0147

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.