Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Niyat Ingsun Pasa

Bagus Pradana oleh Bagus Pradana
8 Juni 2018
A A
rebo wekasan

Doa Rebo Wekasan

Bagikan ke WhatsAppBagikan ke TwitterBagikan ke Facebook

MOJOK.CO – Jarene kabeh amal sing kelakon kuwi tergantung niyate. Lan jarene kabeh uwong bakal ngentukake apa sing diniyatake. Njuk, apa sing dadi niyat pasamu, Lur?

Miturut Dr. Alex Jimenez DC. CCST saiki pasa dadi cara kang populer kanggo ngedhunake bobot jing linuwih. Katrangane dheknen ngene, “pasa iku salah sawijining fast diet paling apik. Miturut panliten ning Universitas Illinois, pasa iku akeh manpangat kanggo wong jing arep ngedhunke bobot awat, tinimbang nganggo cara diet kang konvensional.”

Yen wong-wong gelem sinau kautaman pasa kaya sarjana sujana saka Universitas Illinois iki, haqul yakin Insya Allah bakal dadi amal jariyah. Saiki Universitas Illinois ae, wis nemokake metode pasa anyar sing jenenge pasa intermiten utawa pasa alternatif. Pasane sih gampang. Nanging jing angel mung olehmu ngetung kalori sik sakdurunge mangan. Wah, ora mung angel nanging ya bakal kesel buanget.

Nah, para sarjana sujana ning kana wis suwi sinau perihal kuwi. Jing disinauni kuwi tentang wong-wong jing kena obesitas saklawase taun. Jare jurnal JAMA Internal Medicine, ana 100 uwong jing dikongkon nyoba metode pasa intermiten iki. Jebul isa padha susut awake 6 persen saka bobot sakdurunge pasa.

Sakliyane kuwi, Pak Holtorf, minangka direktur medis saka Holftorf Medical Grup, ya wis tau menehi ketrangan babagan pasa wektu diwawancarai karo Newsmax Health. Ketrangane ngene kiyi, “tinimbang  uwong angel-angel sinau metode diet jing aneh-aneh supaya susut awake, luwih becik kang nganggo metode pasa. Krana pasa kuwi ancen cara jing paling strategis ngurangi asupan kalori, tinimbang ngetung watesan kalori saben mangan. Sapa wong jing tan kendat ngetrapke watesan kalori saben dina? Lah pasa iki bakal nggampangake masalah ngatur kalori iki. Misale mangan sing biasane ping lima, dibatesi mung ping pindho. Lah kuwi yen wis mlaku seminggu, mesthi awake wis bakal susut.”

Nuhoni ketrangan-ketrangan ning dhuwur iki, banjur aku duwe pitakonan kanggo awakku dhewe, Sakjane pasaku taun iki jing tak goleki apa tha?

Wong kaya aku ngene iki, bar Subuh lagi tatrap reresik kasur njuk turu. Palingan tangi mengko bakda   asar. Lha nek ngono kan aku gur pasa rong jam-telung jam. Bayi lak ya kuwat ning mung ngunu kuwi. Wanci buko, bakal mbadog sak kemenge maneh.

Kawit mau bengi aku kepikiran pitakonan kuwi. Kayane ana jing salah karo orientasi pasaku taun iki. Kayane wong-wong jing pasa mung entuk ngelak karo luwe kuwi, isih luwih beja soale isa ngrasakake ngelak lan kaliren, njur manjing wanci buka mesthi ngrasa bahagia. Pada karo jing pasa njur mokah, ya kayane isih luwih bahagia. Amarga isa ngrasake pasa raketang bar ngono njur telake sepet pengin udud karo ngopi. Bayangno nek sampeyan kados kula. Anane paling mung muring-muring. Biyungalah Gusti….

Tak pikir-pikir, ancene pasa kuwi ngibadah jing paling angel. Terutama ning niyate. Lha niyat kuwi tak kira padha karo orientasi. Nek uwong pasa ning niyate durung jumbuh karo pasane, ya ning awak ya mesthi ora penak. Apa maneh pas awan-awan mlaku pepanasan, mesthi rasane abot kaya nggawa dosane wong sak ndunya. Padahal tibake ya ora nyangking apa-apa. Mung itungane ijeh tetep luwih beja wong jing kaya ngunu kuwi. Beja amarga ijeh gelem pasa raketang mbuh mengko diampirke karo jing Gawe Urip ning warung jing endi.

Miturutku, niyat pasa kuwi penting. Maksude ngene, sakjane sing arep mbok goleki teka pasamu kuwi apa. Dadi jelas saiki, ngapa kok niyat pasa kuwi kudu dirapalke jing banter nek perlu disiyarke nganggo speaker mesjid. Ben sak ndunya ngerti kabeh, awake dhewe arep golek apa saka pasa.

“Niyat ingsun pasa // tutugka dina sesuk // saking anekani // ferdhune wulan Ramadhan // ing ndalem taun iki // krana iman // krana Allah // lan amrih ganjaran…”

Nah, nek ngene iki tak kira dadi jelas, Lur. Dadi jelas apa jing diarep-arep karo mbah-mbahne dhewe babagan pasa. Jebul mung ana telu, “Krana iman // krana Allah // lan amrih ganjaran…” Wong Amerika isa ngomong pasa kuwi cara fast diet kang paling apik. Mung saiki pertanyaane ngene, bayangno nek wong kana padha ngrapalke niyat pasa nganggo speaker mesjid. Kira-kira jing kocap saka lambe, tetembunge bakal piye?

Terakhir diperbarui pada 9 Oktober 2018 oleh

Tags: ibadahniyat pasaramadhan
Bagus Pradana

Bagus Pradana

Artikel Terkait

sholat tahajud. mojok.co
Sosial

Cara Sholat Tahajud: Panduan, Niat, Doa, hingga Keutamaannya  

1 Oktober 2023
Ilustrasi daerah di Indonesia yang tidak toleran. MOJOK.CO
Kilas

10 Kota Paling Tidak Toleran di Indonesia, Cilegon Nomor Pertama

14 April 2023
Musala di sarkem
Jogja Bawah Tanah

Kisah Bram, Takmir Musala di Tengah Lokalisasi Sarkem dan LC yang Melantunkan Ayat Al-Qur’an

28 September 2022
Khotbah

Tak Rela Terima Sedekah karena Tak Mau Lihat Orang Lain Lebih Mulia

17 Desember 2021
Muat Lebih Banyak
Tinggalkan Komentar

Terpopuler Sepekan

Gowes Ke-Bike-An Maybank Indonesia Mojok.co

Maybank Indonesia Perkuat Komitmen Keberlanjutan Lewat Program Gowes Ke-BIKE-an

29 November 2025
Pelaku UMKM di sekitar Prambanan mengikuti pelatihan. MOJOK.CO

Senyum Pelaku UMKM di Sekitar Candi Prambanan Saat Belajar Bareng di Pelatihan IDM, Berharap Bisa Naik Kelas dan Berkontribusi Lebih

3 Desember 2025
Transformasi Wayang dalam Sejarah Peradaban Jawa

Transformasi Wayang dalam Sejarah Peradaban Jawa

30 November 2025
Relawan di Sumatera Utara. MOJOK.CO

Cerita Relawan WVI Kesulitan Menembus Jalanan Sumatera Utara demi Beri Bantuan kepada Anak-anak yang Terdampak Banjir dan Longsor

3 Desember 2025
S3 di Bandung, Istri PNS Makassar- Derita Jungkir Balik Rumah Tangga MOJOK.CO

Jungkir Balik Kehidupan: Bapak S3 di Bandung, Istri PNS di Makassar, Sambil Merawat Bayi 18 Bulan Memaksa Kami Hidup dalam Mode Bertahan, Bukan Berkembang

1 Desember 2025
8 tahun merantau di Jakarta akhirnya resign. MOJOK.CO

Nekat Resign usai 8 Tahun Kerja di BUMN, Nggak Betah Hidup di Jakarta dan Baru Sadar Bawa Trauma Keluarga Terlalu Lama

4 Desember 2025
Summer Sale Banner
Google News
Ikuti mojok.co di Google News
WhatsApp
Ikuti WA Channel Mojok.co
WhatsApp
Ikuti Youtube Channel Mojokdotco
Instagram Twitter TikTok Facebook LinkedIn
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

Tentang
Kru
Kirim Artikel
Kontak

Kerjasama
Pedoman Media Siber
Kebijakan Privasi
Laporan Transparansi

PT NARASI AKAL JENAKA
Perum Sukoharjo Indah A8,
Desa Sukoharjo, Ngaglik,
Sleman, D.I. Yogyakarta 55581

[email protected]
+62-851-6282-0147

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.