Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Amenangi Jaman Tagar-tagaran, Bejane Bakul Kaos Sablonan

Bonari Nabonenar oleh Bonari Nabonenar
7 September 2018
A A
Bagikan ke WhatsAppBagikan ke TwitterBagikan ke Facebook

MOJOK.CO – Umpamane ana tagar-tagaran kan bisa dirumat selawase, ora mung pendhak limang taunan, mesthi uripe para bakul kaos sablonan bakal sangsaya makmur.

Donyane pasrawungan ing kacamaya ndinane iki lagi dikebaki tagar-tagaran. Tagar, cukup ditulis nganggo simbul ‘#’, yake nganti seprene durung ana cara jawa-ne. Apa dinaturalisasi dadi tembung basa Jawa ngono wae? Lha, ya mangga.

Wong bebakulan padha pasang tagar kanggo nawakake dagangane. Wong politik ya padha yasa tagar kanggo kampanye. Wong tukang kluyuran we ya duwe tagar dhewe, lho! Mung wae, ndinane iki ketoke kok ora ana kang ndadekake kaladuk umyeg kajaba #2019GantiPresiden kang banjur disusul versi glenyengane: #2019GantiMaratuwa, #2019YenWaniGantiBojo. Banjur ana kang kanthi niyat nangkis #2019GantiPresiden, gawe #2019TetepJokowi.

Kang mengkono iku mau satemene bisa disawang kadidene kabar becik manawa wong Indonesia iki satemene humoris. Prakara kang kaya mangkono wigatine we bisa nggo guyon, lo! Nggo glenyengan. Mangka wis dha ngreti lho, yen arep macung presiden utawa wakil presiden kuwi wragate ora sethithik. Yen ngejibke sawah ngono bisa duweke wong sakecamatan kadol kabeh.

Ngono kok ya ana kang guyone keladuk nantang prakara, nawakake #2019GantiBojo. Coba mang bayangke, yen sampeyan nganggo kaos mawa #2019GantiBojo njuk nganti konangan mboke ndhewor, apa ora kelakon sampeyan disrawat sothil? Kejaba yen sothile wis klebu ing antarane 300-an jinah kang didhaptarake kadidene barang-barang kang diarani ilang kuwi!

Pokoke gegayutan karo urusan gawe ada-ada ing pasrawungan kacamaya, Indonesia iki jan gudhange wong kreatif. Unine slompret bis kang mung thololat-thololet dhek kapan kae wae lho, nyatane bisa ngebaki jagad. Apa hora hebat?

Njuk bakul dremenan utawa slompret dadi kelarisan. Mergane, nganti tekan cah cilik-cilik saka kutha-kutha gedhe nganti plosok-plosok desa kang nylempit ing ereng-erenge gunung gapit ya padha ndadak kesengsem dolanan dremenan utawa slompret: thololat-thololet.

Indonesia iki cetha yen gudhange wong kreatif. Mula, yen nganti Bekraf (Badan Ekonomi Kreatif) ora kasil nindakake kabeh programe kanthi sukses, mesthine embuh nggon ngendi ana kang kesleo. Lha, kepriye, ta? Selagine urusan perslompretan thololat-thololet wae bisa ndhongkrak perekonomian rakyat, kok. Mangka, ketoke kuwi ora nganggo insinyur utawa professor doktor kang ngonsep utawa ngrancang sadurunge.

Coba yen para jamhur klebu professor doktor lan insinyur kuwi dikerigake kanggo melu-melu nyengkuyung kreativitas-e wong Indonesia kang gegayutan karo #2019GantiPresiden lan #2019TetepJokowi kuwi, istingarah ekonomine rakyat bakal gumregah njuk jumangkah kanthi gagah.

Kang maju dhisik mesthine pihak intelijen, nitik sapa kang sekirane nunggangi dredah gegayutan karo anane #2019GantiPresiden lan #2019TetepJokowi kuwi. Mesthine ora mbutuhake wektu suwe. Merga intelijen amatiran saka konsursium angkringan level ndesa wae bakal enggal bisa nitik manawa kang luwih dhisik paling ketiban untung saka anane dredah tagar-tagaran kuwi ora ana liya kajaba bakul kaos sablonan.

Lha, yen wis cetha wela-wela manawa kang paling diuntungake ora ana liya kajaba bakul kaos sablonan, njuk sapa maneh kang paling potensial nunggangi dredah tagar-tagaran kuwi? Rak wis genah, ta? Ya para bakul kaos sablonan kuwi!

Sejatine, para bakul kaos sablonan kuwi ora urus karo sapa kang bakal dadi presiden. Urusane wis genah: piye le arep mayokke kaose. Nek wis tekan urusan mayokke kaos ing tataran nasional mesthine ora bisa rampung yen mung dipasrahke Mas Andy Sri Wahyudi.

Kanggo ngurusi bab iki kudu ana rembug dhisik ing antarane Menteri Perdagangan, Menteri Perindustrian, Menteri Koperasi, lan wakil-wakil saka komisi ing DPR kanggo nglairake regulasi anyar ing babagan perkaosan. Njuk regulasine kuwi kira-kira arep kepriye? Njuk implementasine kang cetha bakal kaya ngapa wujude? Lho, lah, ya embuh. Ha, rak para pihak kuwi durung ketemu? Wong intelijen-e wae ya rung budhal, kok!

Nitik kanyatan kaya ngapa greget lan grengsenge #2019GantiPresiden lan #2019TetepJokowi, luwih-luwih gegayutan karo pangaribawane tumrap uripe para bakul kaos sablonan, sajake malah kudu ana tagar-tagaran kang bisa dirumat selawase, ora mung rog-rog asem pendhak limang taunan kaya #2019GantiPresiden lan 2019TetepJokowi kuwi. Upamane #PerangiSampahPlastik, #SayangiKali, #NandurBecik, #AjaDumeh, #AjaKorupsi, lan sapiturute, mesthi uripe para bakul kaos sablonan bakal sangsaya makmur.

Iklan

Tur, ta, upama Mbak Kalis gelem dadi deklarator kanggo mbiwarakake salah sijine tagar anyar kuwi saka kutha siji menyang kutha seje, tangeh bakal nemahi lelakon kaya kang dialami Mbak Neno.

Lha, piye? Kabeh tagar kang ditawakake kuwi mau duwe ancas becik kang manfaat-e bakal nyumrambahi sapa wae, ora mbedak-mbedakake apa sukubangsane, apa pilihan politike, apa agamane. Aja maneh kok wong kang pikirane bening lan jejeg, selagine wong mendem kang wis senggeyangan wae mesthi isih bisa nampa manawa tagar-tagar kuwi mau kabeh ora bakal njlomprongake marang kasangsayan.

Njuk Mas Agus Mulyadi dipatah ndheklarasekake tagar liyane. Mengko, mligi kanggo ndheklarasekake #AjaDumeh dakkira calon kang pantes dipatah ya Mas Sugito HS.

Aja lali, kudu enggal diterbitake inpres: Gerakan Nasional Wajib Kaosan. Pokok men, senajan wis klamben lan jaketan, yen ora nganggo kaos kuwi bisa diolok-olok kaya wong ora cawetan. Ngono wae.

Terakhir diperbarui pada 6 September 2018 oleh

Tags: #2019GantiPresiden#2019TetapJokowijokowikaos #2019GantiPresidenkaos sablonPilpres 2019prabowotagar-tagaran
Bonari Nabonenar

Bonari Nabonenar

Artikel Terkait

kapitalisme terpimpin.MOJOK.CO
Ragam

Bahaya Laten “Kapitalisme Terpimpin” ala Prabowonomics

21 Oktober 2025
Kereta Cepat Whoosh DOSA Jokowi Paling Besar Tak Termaafkan MOJOK.CO
Esai

Whoosh Adalah Proyek Kereta Cepat yang Sudah Busuk Sebelum Mulai, Jadi Dosa Besar Jokowi yang Tidak Bisa Saya Maafkan

17 Oktober 2025
Hentikan MBG! Tiru Keputusan Sleman Pakai Duit Rakyat (Unsplash)
Pojokan

Saatnya Meniru Sleman: Mengalihkan MBG, Mengembalikan Duit Rakyat kepada Rakyat

19 September 2025
Video Prabowo Tayang di Bioskop Itu Bikin Rakyat Muak! MOJOK.CO
Aktual

Tak Asyiknya Bioskop Belakangan Ini, Ruang Hiburan Jadi Alat Personal Branding Prabowo

16 September 2025
Muat Lebih Banyak
Tinggalkan Komentar

Terpopuler Sepekan

Gagal dan tertipu kerja di Jakarta Barat, malah hidup bahagia saat pulang ke desa meski ijazah S1 tak laku dan uang tak seberapa MOJOK.CO

Dipecat hingga Tertipu Kerja di Jakarta Barat, Dicap Gagal saat Pulang ke Desa tapi Malah bikin Ortu Bahagia

19 Desember 2025
elang jawa.MOJOK.CO

Melacak Gerak Sayap Predator Terlangka di Jawa Lewat Genggaman Ponsel

23 Desember 2025
Sepak Bola Putri SD Negeri 3 Imogiri dan Upaya Membangun Karakter Anak

Sepak Bola Putri SD Negeri 3 Imogiri dan Upaya Membangun Karakter Anak

20 Desember 2025
Atlet panahan asal Semarang bertanding di Kota Kudus saat hujan. MOJOK.CO

Memanah di Tengah Hujan, Ujian Atlet Panahan Menyiasati Alam dan Menaklukkan Gentar agar Anak Panah Terbidik di Sasaran

19 Desember 2025
Busur Panah Tak Sekadar Alat bagi Atlet Panahan, Ibarat “Suami” bahkan “Nyawa” Mojok.co

Busur Panah Tak Sekadar Alat bagi Atlet Panahan, Ibarat “Suami” bahkan “Nyawa”

19 Desember 2025
Warteg Singapura vs Indonesia: Perbedaan Kualitas Langit-Bumi MOJOK.CO

Membandingkan Warteg di Singapura, Negara Tersehat di Dunia, dengan Indonesia: Perbedaan Kualitasnya Bagai Langit dan Bumi

22 Desember 2025

Video Terbaru

Sepak Bola Putri SD Negeri 3 Imogiri dan Upaya Membangun Karakter Anak

Sepak Bola Putri SD Negeri 3 Imogiri dan Upaya Membangun Karakter Anak

20 Desember 2025
SD Negeri 3 Imogiri Bantul: Belajar Bergerak dan Bertumbuh lewat Sepak Bola Putri

SD Negeri 3 Imogiri Bantul: Belajar Bergerak dan Bertumbuh lewat Sepak Bola Putri

18 Desember 2025
Ketakutan pada Ular yang Lebih Dulu Hadir daripada Pengetahuan

Ketakutan pada Ular yang Lebih Dulu Hadir daripada Pengetahuan

17 Desember 2025

Konten Promosi



Summer Sale Banner
Google News
Ikuti mojok.co di Google News
WhatsApp
Ikuti WA Channel Mojok.co
WhatsApp
Ikuti Youtube Channel Mojokdotco
Instagram Twitter TikTok Facebook LinkedIn
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

Tentang
Kru
Kirim Artikel
Kontak

Kerjasama
Pedoman Media Siber
Kebijakan Privasi
Laporan Transparansi

PT NARASI AKAL JENAKA
Perum Sukoharjo Indah A8,
Desa Sukoharjo, Ngaglik,
Sleman, D.I. Yogyakarta 55581

[email protected]
+62-851-6282-0147

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.