Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Pemain Bintang ing Piala Dunia 2018 sing Mudhik Gasik

Apriyanto Dwisantoso oleh Apriyanto Dwisantoso
6 Juli 2018
0
A A
Bagikan ke WhatsAppBagikan ke TwitterBagikan ke Facebook

MOJOK.CO – Pemain bal  ing Piala Dunia iku kaya drimolen, kadhang kala neng dhuwur, kadhang kala neng ngisor. Kabeh kuwi mung nglakoni pepesthen Gusti, ora bisa diluwari.

Bal-balan mujudake salah sijine olahraga kang paling digandrungi manungsa ing jagat raya. Bal-balan kalebu olahraga kang unik lan aneh. Coba dinalar wae. Pemaine ana rolikur wong. Wong akeh mau dibagi dadi rong tim. Bal sing dianggo mung siji. Bal sing kaya primadona mau dinggo rebutan, oper kana-oper kene, tendhang kana-tendhang kene.

La ngapa dha rebutan bal, apa ora ana babagan liya sing isoh direbutake? Mungkin, yen rebutan kekuasan iku jatahe para pejabat, positif thinking wae. Luwih saka iku mau, sejatine bal-balan iku seni. Seni sing nyenengake, seni sing ngajari sportivitas, tanggung jawab, lan duwe rasa urmat marang sapadha-padha, seni sing ora bisa diandharake nganggo saakehe ukara-ukara sing ngebaki skripsimu iku.

Ngomongake bal-balan ora bisa dipisahake karo Piala Dunia. Acara akbar sing mentas saben patang taun sepisan iki dadi panggung kanggo pemain-pemain top nampilake katrampilane anggone ngolah bal, bal gedhe ya dudu bal cethut, apa maneh bal bekel.

Para sutresna bal-balan lila lek-lekan tekan subuh. Matane tumuju marang layar televisi. Sanajan televisine bruwet amarga ora ana sinyal, para sutresna bal-balan sejati tetap wae mandeng televisi kanggo nonton pemain kesenengane. Resiko bojo mencak-mencak, deadline sing ngoyak-oyak, iku dipikir keri.

Tahun 2018 iki Piala Dunia mapan ana Rusia. Kaya biyasane, ana telungpuluh loro negara kang melu nggayengake Piala Dunia. Negara-negara mau teka saka maneka warna benua. Asia, Eropa, Amerika, lan Afrika ngirimake wakil kang bakal tandhing ana Rusia. Tim-tim sing main iki wis lulus persyaratan, kanthi babak penyisihan.

Akeh prastawa sing gawe gumun lan ora diduga-duga ing gelaran Piala Dunia taun iki. Saka juara bertahan, Jerman, sing kukut dhisik, nganti akehe pemain-pemain top sing ora bisa moncer. Kabeh iku gawe Piala Dunia taun iki sangsaya gayeng.

Para sutresna bal-balan isih kaget karo cara maine Jerman. Pemain Jerman sing akeh main neng klub gedhe Eropa kaya-kaya wis ora sekti, kaya yoyo, kadhang apik kadhang elek. Main mungsuh Meksiko, Jerman kalah 1-0. Tim kanthi jejuluk Der Panzer iki kaya telat panas. Peluang Jerman kanggo lolos marang babak 16 besar kabuka jembar nalika isoh ngalahke Swedia 2-1. Nanging, kabeh iku kawus ing pertandingan pungkasan.

Pertandingan pungkasan, Jerman mungsuh opa-opa Korea Selatan. Apes kanggo Jerman. negeri kang kondhang operasi plastik iku bolakna gak isoh dianggep remeh. Jerman kalah 2-0. Sumingkire Jerman ing Piala Dunia Rusia iki ngelingake karo Prancis ing Piala Dunia 2002, Italia ing Piala Dunia 2010, lan Spanyol ing Piala Dunia 2014, juara dunia sing kudu kesisih ing babak penyisihan grup.

Mlempeme pemain-pemain top kang dicap tulisan pemain bintang, pemain terbaik dunia uga dadi babagan kang narik dibahas ing Piala Dunia 2018. Pancen ora kabeh, nanging akeh pemain sing kaya-kaya kelangan kasektene nalika main neng klub. Kaya-kaya pemain mau lagi ora bisa ngetokake kemampuane sing paling elok.

Manawa digatekake, pemain top sing paling disorot, sing paling dianggep gagal iku Lionel Messi. Sapa sing ora ngerti Lionel Messi? Si Tuma, julukane Messi, nalika main neng Barcelona maine ngedap-edapi. Maine trengginas, lincah, lan banter, gawe bek-bek mungsuh kelabakan njaga si Tuma. Uwis makaping-kaping dheweke diganjar dadi pemain terbaik dunia. Nanging, beda cerita ing Piala Dunia 2018.

Si Tuma kaya mati kutu, ora duwe daya. Nasibe apes. Tendhangan pinaltine nalika mungsuh Nigeria gagal. Pas mungsuh Kroasia, Messi blas ora bisa apa-apa, sithik-sithik ditempel pemain mungsuh. Pertandingan katelu, lumayanlah, Messi isoh ngegolke. Mung gol Messi nggawa Argentina mlebu babak 16 besar. Gol iku dadi gol pambuka lan penutup kanggo Messi ing Piala Dunia taun iki. Ing babak 16 besar, Argentina kalah 4-3 saka Prancis. Messi mawut, Argentina kukut.

Nasibe Cristiano Ronaldo isih luwih apik tinimbang Messi. Paling ora dheweke isoh nyethak patang gol neng babak penyisihan grup. Ronaldo main apik nalika mungsuh Spanyol. Telung gol pemain terbaik dunia ping lima iku nggawa Portugal imbang mungsuh Spanyol. Sundhulan Ronaldo nalika mungsuh Maroko dadi gol pungkasan Ronaldo neng gelaran Piala Dunia 2018. Nalika babak 16 besar, CR 7, sebutane Ronaldo, ora bisa nyithak gol. Ronaldo mletho, Portugal gagal nembus babak perempat final. Portugal mulih gasik. Sapasang gol Edinson Cavani cukup mungkasi perjuwangan Cristiano Ronaldo sakanca.

Saliyane Messi lan Ronaldo, pemain top sing gagal sumunar ing Piala Dunia 2018 yaiku Mohammad Salah. Pemain fenomenal saka klub Liverpool sing dadi kembang lambe musim 2017/2018 iku gagal nggawa Mesir lumaku adoh ing Piala Dunia 2018. Salah mung bisa nyithak rong gol. Mesir main ping telu, kalah ping telu. Bijine telu, eh enol. Saka penampilane bisa dijupuk dudutan manawa Salah mlempem. Mungkin, isih ana hubungane karo ā€smack downā€ Kang Ramos nalika final Liga Champion Eropa Mei kepungkur.

Messi, Ronaldo, lan Salah kang digadhang-gadhang bakal dadi pemain terbaik dunia 2018, nyatane mlempem. Ibarate, Messi, Ronaldo, lan Salah, lagi numpak drimolen neng pasar malem sing disebut Piala Dunia Rusia 2018. Wingi katelune lagi neng dhuwur, neng puncak jayane. Saiki, katelune lagi mudhun, dianggep gagal. Ya iku sing jenenge urip, kadhang kala neng dhuwur dibombong-bombong, kadhang kala neng ngisor disalah-salahke. Pancen, urip iku kaya cakra panggilingan.

Terakhir diperbarui pada 5 Juli 2018 oleh

Tags: Cristiano RonaldoLionel MessiMohammad Salahpemain bolapiala dunia 2018
Iklan
Apriyanto Dwisantoso

Apriyanto Dwisantoso

Artikel Terkait

Desa Argentina di Pambusuang gara-gara Maradona
Geliat Warga

Cerita Desa Fans Fanatik Argentina, Saat Maradona dan Messi Turun di Pambusuang

3 Desember 2022
Seperti Cristiano Ronaldo, Elon Musk Itu Megalomania Sinting! RIP Twitter!
Konter

Seperti Cristiano Ronaldo, Elon Musk Itu Megalomania Sinting! RIP Twitter!

19 November 2022
Vindes Tiba-Tiba Tenis Dan Cr7 Tiba-Tiba Vs Everybody
Video

Vindes Tiba-Tiba Tenis dan CR7 Tiba-Tiba VS Everybody

16 November 2022
BBM Naik, Cristiano Ronaldo Kesal, dan Whatsapp Keluarkan Fitur Baru!
Video

BBM Naik, Cristiano Ronaldo Kesal, dan Whatsapp Keluarkan Fitur Baru!

7 September 2022
Muat Lebih Banyak
Tinggalkan Komentar




Terpopuler Sepekan

4 Alasan Warga Lokal Malas Berwisata ke Gunung Tidar Magelang

4 Alasan Warga Lokal Malas Berwisata ke Gunung Tidar Magelang

8 Oktober 2025
Alasan Warlok Sleman Malas Berwisata ke Kaliurang Mojok.co

Alasan Warlok Sleman Malas Berwisata ke Kaliurang

2 Oktober 2025
Jurusan Ilmu Politik di UHO mengecewakan. MOJOK.CO

Nekat Kuliah Jurusan Ilmu Politik di Kampus Akreditasi B, Berujung Menyesal Tak Dengar Nasihat Ortu

3 Oktober 2025
Komunitas Sanggar Alam: Sekolah Alternatif yang Menjadi Ruang Hidup

Komunitas Sanggar Alam: Sekolah Alternatif yang Menjadi Ruang Hidup

4 Oktober 2025
Pengendara plat L Surabaya kaget sama sikap plat AB Jogja MOJOK.CO

Cara Berkendara Plat AB di Jogja bikin Plat L Surabaya ā€œMaluā€ dan Introspeksi, Dirugikan tapi Malah Kasih Wejangan

6 Oktober 2025

AmsiNews

Newsletter Mojok

* indicates required

  • Tentang
  • Kru Mojok
  • Cara Kirim Artikel
  • Disclaimer
  • Kontak
  • Kerja Sama
  • Pedoman Media Siber
  • Kebijakan Privasi
  • Laporan Transparansi
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

Ā© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Welcome Back!

Login to your account below

Forgotten Password?

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

Ā© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.