Vaksin Gratis Kanggo Masyarakat DIY Dibayari Danais?

Vaksin Gratis Kanggo Masyarakat DIY Dibayari Danais

Vaksin Gratis Kanggo Masyarakat DIY Dibayari Danais

MOJOK.CONek biaya vaksin gratis wong siji sekitar Rp250 ewu, kabeh ketemu Rp950.000.000.000 rupiah. Danais Rp1,3 triliun kuwi isih ana turahane.

Esuk kapan kae aku mbukak Twitter. Lha kok mak jegagik, ana sing ngetwit bab dana keistimewaan (danais) dinggo mbayari vaksin gratis. Ora pati rame sih, merga ora nganti dadi Trending Topic ning Twitter.

Ning yo dadi pacelaton sing lumayan ngedab-edabi. Lha piye? Wong do nyinyir bab danais sing jarene pancen istimewa. Malah kepara ana sing wani nyebut mengko kraton entuk apa nek danais dinggo mbayari vaksin gratis.

Kanggo pangerten wae, Dana Keistimewaan DIY kuwi dana kang asale saka APBN, kanggo mendanai kewenangan istimewa lan dadi bagian saka dana transfer ning daerah lan dana desa. Kabeh mau wis diatur dening Undang-undang Nomor 13 Tahun 2012 bab Keistimewaan Daerah Istimewa Yogyakarta.

Mula saka iku, sak wise dadi rembugan ing antarane para pangreh praja, wusanane diputusake anane Dana Keistimewaan. Ing tahun-tahun kang wis lewat, danais kuwi cacahe ngancik ana 1,3 triliun rupiah saben tahun. Lan seka kabar sing wis kasebar, menteri keuangan RI, Sri Mulyani, mratelaake menawa ing tahun 2021 sesuk, danais DIY jumlahe ya tetep semana kuwi, ora ana undakane.

Miturut peraturan sing wis ditetapake, danais kuwi mau minangka kanggo mendanani kewenangan tambahan tertentu kang diduweni dening Daerah Istimewa Yogyakarta. Kewenangan iku antarane yoiku bab kelembagaan, kebudayaan, pertanahan, tata ruang lan tata cara pengisian jabatan, kedudukan, tugas lan wewenang Gubernur lan Wakil Gubernur DIY. Sakteruse Undang-Undang mau kawedar ana ing Pergub DIY Nomer 33 Tahun 2016 bab Pengelolaan Dana Keistimewaan.

Nanging pancen ora kabeh masyarakat ngerti bab pengelolaan iki. Saperangan masyarakat nganggep danais kuwi mau mung dinggo kegiatan kesenian lan biudaya kayata wayangan, kethoprakan, lan jathilan. Saperangan maneh ngerteni kanggo ngrenovasi alun-alun, dalan ing titik nol kilometer, lan renovasi Tugu Pal Putih. Sapreangan maneh luweh-luweh, ora mikir, amarga mungkin pancen ora ngerti.

Lha bab renovasi Tugu Pal Putih iki, sempat dadi omongan warga sing rame. Okeh sing ngomong, menawa renovasi tugu pal putih kuwi mau wis kaya kebiasaan ing akhir tahun, kanggo ngentekke duwit. Ya pancen ora maido, amarga pancen renovasi Tugu Pal Putih sing dadi salah sawijining lambange ngayogyakarta kuwi, prasasat pancen mesti kaleksanan ing akhir tahun. Saben akhir tahun mesti ana wae sing digarap. Mula yo ora maido menawa ana saperangan warga sing nyelatu nek kuwi mung dinggo ngentekke anggaran danais.

Lha terus saiki, nalika ana pandemi covid-19 kaya ngene iki, sawetara warga padha muni, supaya Dana Keistimewaan bisa digunaake kanggo mrantasi masalah-masalah kang dumadi saka anane covid-19. Sing kaya mengkono kuwi sejatine pancen kudu bisa ditindakake, misale ya vaksin gratis.

Kaya sing wis tau ditindakake ing antarane sasi maret nganti mei 2020 kepungkur, miturut kabar sing tau tak krungu, pancen pemerintah wis ngecakake saperangan saka danais kuwi kanggo mbiyantu warga kang kena dampak saka covid-19.

Kabeh ana 3.708 warga sing entuk bantuan dana sing gedhene Rp600 ewu sesasi. Bantuan kuwi pancen utamane diwenehake kanggo para seniman lan pelaku budaya. Yen di jumlah ana Rp100 miliar dana sing wis disalurke.

Lha mula kuwi, kudune iso yen saumpama Dana Keistimewaan ing tahun 2021 sesuk dinggo mbayari vaksin gratis kabeh masyarakat DIY. Apa meneh, wis ana Peraturan Menteri Keuangan No. 35/PMK/07/2020 sing nyebutake menawa Dana Keistimewaan DIY isa digunaake kanggo mrantasi covid-19 lan kanggo pemberdayaan masyarakat.

Cacahe penduduk DIY miturut data saka Badan Pusat Statistik DIY ing 2019 ana sekitar 3,8 juta jiwa. Nek biaya kanggo vaksin gratis wong siji sekitar Rp250 ewu, kabeh ketemu Rp950.000.000.000 rupiah. Dana Rp1,3 triliun kuwi mau isih ana turahane.

Pancen, kuwi mung kanggo vaksin gratis tahap sepisan. Ning sak ora-orane, kuwi mau isa kanggo ngamanke warga ngayogyakarta kang istimewa saka bebaya amarga covid-19 sing luwih gedhe. Apa meneh, kaya sing wis dingendikaake dening para pengembating praja, Yogyakarta kabukak kanggo kabeh wisatawan ing mangsa liburan akhir tahun iki. Isa dibayangke kaya ngapa ramene Yogyakarta.

Mula ya mula, DIY kuwi pancen istimewa. Lan para pengembating praja ya mesti istimewa. Mesti gelem gawe keputusan supaya Dana Keistimewaan ya isa dinggo mbayari warga Yogyakarta vaksin gratis.

Wis, yen ngono kuwi, ora perlu warga masyarakat Yogyakarta nglakoni tapa pepe ing alun-alun. Sak liyane kangelan olehe arep mlebu amarga wis dipageri, yo pancen ora perlu. Wong wis diparingi vaksin gratis saka pemerintah.

Wis, ngono wae. Muga-muga wae terus ora dadi pitakonan sing ngaruara, apa tumon, Dana Keistimewaan kok dinggo mbayari vaksin gratis.

MONGGO KULO ATURI MAOS Sejatine, Dadi Bocah Cilik Kuwi Kudu Pinter apa Kudu Bahagia? lan seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.

Exit mobile version