Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng: Ambune Nggarai Memecah Belah Umat
  • Cara Kirim Artikel
Mojok
  • Home
  • Esai
  • Liputan
    • Bertamu Seru
    • Geliat Warga
    • Goyang Lidah
    • Jogja Bawah Tanah
    • Ziarah
    • Seni
  • Kilas
    • Ekonomi
    • Hiburan
    • Hukum
    • Politik
    • Kesehatan
    • Luar Negeri
    • Olah Raga
    • Pendidikan
  • Pojokan
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Movi
  • Uneg-uneg
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Home
  • Esai
  • Liputan
    • Bertamu Seru
    • Geliat Warga
    • Goyang Lidah
    • Jogja Bawah Tanah
    • Ziarah
    • Seni
  • Kilas
    • Ekonomi
    • Hiburan
    • Hukum
    • Politik
    • Kesehatan
    • Luar Negeri
    • Olah Raga
    • Pendidikan
  • Pojokan
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Movi
  • Uneg-uneg
  • Terminal
Logo Mojok
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Home
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Movi
  • Uneg-uneg
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng: Ambune Nggarai Memecah Belah Umat

Uri Tamala oleh Uri Tamala
3 Maret 2021
0
A A
Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng: Ambune Nggarai Memecah Belah Umat MOJOK.CO

Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng: Ambune Nggarai Memecah Belah Umat MOJOK.CO

Bagikan ke FacebookBagikan ke TwitterBagikan ke WhatsApp

MOJOK.CO – Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng iki ancene bahaya. Ambune iku, lho. Isa memecah belah umat.

Panganan sing sejatine digodog ora digoreng iku dadi pemuncak kasta mie instan nang Indonesia. No debat!

Ambune Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng ancen nyegrok irung. Jam pira ae. Ra duwe tata krama tenan. Opo maneh ngambu Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng pas tengah malam. Wah, mari mangan mesti dadi luwe maneh.

Bah, sing irunge peseg utawa mbangir pada bisa dileboni ambu bumbune sing khas yen menurutku, bisa ae ya menurut samean-samean kabeh ya to?

Iya gak iya, cubo bedakne karo Mi Sedaap sing rasa liyane. Kaya dene sing Soto lan Kare, mambune mung sewates enggo sing masak utowo jarak limang meter cukupan. Tapi yen Mi Sedaap Goreng lan Indomie Goreng, tak jukuk contohne ae aku. Liwat ndek ngareppe omahe tangga sing lagi masak, unu yen wis mateng ambune isok sepuluh nganti limolas meter.

Byuh byuh. Mbatin, ora mungkin ora.  “Tak badek iki Mi Sedaap Goreng, endog e loro, dicacahi rawit.” Aku apal sak merek e.

Baca Juga:

Membedakan Warmindo Asli Kuningan dengan yang Bukan MOJOK.CO

Membedakan Warmindo Asli Kuningan dengan yang Bukan

24 Januari 2023
Sejarah Indomie

Sejarah Indomie yang Kini Produksi 19 Miliar Bungkus Mi Instan Per Tahun

5 November 2022

Apa maneh yen durung mangan, masiyo isuk, awan, sore, bengi. Nemen kemrucuk weteng iki. Nanging yen wes mari mangan, kadang ya isih pingin imbuh gara-gara ambune Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng.

Lek jarene wong mbiyen: “Weteng kadud, ora ngerti wareg.”

Utawa, iki uga misal arep nyang warung tuku tahu, ketumbar, kemiri, brambang dikongkon ibuk isok-isok jebule mulih imbuh tuku Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng pisan. Gelek yoan mikir ngunu, apa se bumbu khusus sing ana ing njerune mi iki.

Kok isok nyegrak banget tur nggarai uwong mbatin pingin mangan ndek panggonan. Aja nyacak nyang warung-warung sing biasa e dienggo masak Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng, wong ibuku dewe yen ana acara selametan utawa kenduren menyang langgar biasa e masak Mi Sedap Goreng dioplos ambi mie eceran sing weneh rego sewuan.

Ora lali irisane lombok sing rada akeh. Yen aku takok nyapo kok nganggo Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng, jawabanne yo ringkes. Amarga enak lan praktis. Yo bener se, ngunu yen mari ijol-ijolan berkat karo wong liyo gelek nesune aku. Amarga sing tak atuk mie bumbonan asli mung brambang bawang putih, ora mi sedap kaya gawenan e ibukku.

Apa dene pas jaman cilik byen, yen pada mbukak berkat karo kanca liane lan ana sing atuk mie kae mengko tanggepanne mesti “Luh Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng. Enak e, rek!” Embuh ana perspektif piye ing sakjerone utek e bocah-bocah kae. Aku uga, yen mie liane rasane kaya ora payu. Muehehe.

Kadang pancen anyep se, ya ora salah. Ananging ing cerita liyane, kayata jaman SD, SMP, lan SMA yen awak dewe dikongkon mbontot karo emak e dewe-dewe mesti lak yo bontotane isine Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng.

Juarang sing gowo soto amarga wedi duduhe nublek. Ngunu ya favorit kok, enek bocah siji sing langganan ngiteri bangkune kancane. Terus weruh yen kancane nggawa Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng, wah ya wes alamat nguncalno pitakonan endel kaya ngene : “Wih mie, rek. Incip ya….”

Apa maneh yen sing mbontot nggawa iwak endog, “Ndog e pisan tugel ya?”

Utawa nggawa iwak pitik sisan “Incip sak suwir iwak pitik e.” Unu yen jaman bocah SD rasane ora lila, tapi lek ora diwenehi sawangane welik. Nanging masiyo wis adem lan Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng ne nganti kaku mbentuk wadah bontotan sing embuh iku kotak ta bunder, ngunu yo isih payu nganti ludes. Pancen ya pantes yen jareku Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng iki dadi nomer siji.

Akeh carane wong masak Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng iki. Kayata aku i seneng yen nyemek lan lemes. Tapi ya bukane gak arep karo sing garing banget, arep ae lah. Wong kari mangan hahaha.

Terus kayata ibuku yen nyang omah, remen banget karo sing garingan ora enggo duduh. Beda maneh karo bapakku sing seneng ambi duduh akeh kaya Mi Sedaap Soto. Sawi utawa gubis mesti ora lali, katut kuduk. Ora ngarah yen semisal wong ndek njero omah masak mie siji, sing liyane bakal meneng ora memetti.

Masiyo iki mung mie, ramene ora karuan yen tunggale ora tuku pisan. Mesti mengko mbatin, utawa ngomong pingin tuku Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng pisan.

Ana tradisi samar-samar sing ora bisa disebut langsung anane. Ngenani mi goreng iki. Yen ana tamu medayoh, lan disuguhi teh utawa kopi, wong sing ndek pawon aja masak Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng iki.

Masiyo ana ning mburi muojok mangan e singit-singit, ambune bakalan mblabar tutuk ndi-ndi. Sak omah, apa dene yen cedak karo omahe tangga, lan nduweni cendela mablak. Gak suwe gak, dayoh e uga tangga melok mbatin. Iki salah sawijine “budaya sungkan” yen arep masak Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng pas ana dayo mending ya dimasakno sisan.

Kejaba yen awak dewe masak jangan kunci, jangan asem unu ya ga ngarah ambu nemen. Nanging yen wis Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng, ana dayoh, ora disuguhi sisan, keblacut sanget derek. Nemen.

WACANEN IKI REK Beda Cara Mangan Mendoan, Beda Artine: Kowe sing Endi? karo artikel liyane ndik rubrik RERASAN.

Terakhir diperbarui pada 3 Maret 2021 oleh

Tags: IndomieIndomie GorengMie Instanmie sedaapmie sedaap goreng
Uri Tamala

Uri Tamala

Mahasiswa UIN Sunan Ampel Surabaya.

Artikel Terkait

Membedakan Warmindo Asli Kuningan dengan yang Bukan MOJOK.CO
Kilas

Membedakan Warmindo Asli Kuningan dengan yang Bukan

24 Januari 2023
Sejarah Indomie
Ekonomi

Sejarah Indomie yang Kini Produksi 19 Miliar Bungkus Mi Instan Per Tahun

5 November 2022
Indomie menghadirkan Kolaboramie
Kilas

Masuki Usia 50 Tahun, Indomie Kenalkan Kolaboramie

2 November 2022
Mie Sedaap Mengandung Etilen Oksida Mojok.co
Kesehatan

Apa itu Etilen Oksida? Alasan Mie Sedaap Ditarik di Singapura dan Hongkong

7 Oktober 2022
Muat Lebih Banyak
Pos Selanjutnya
Hal Konyol di Tempat Makan yang Kita Pernah Khilaf Melakukannya

Microsoft dan Dayana Sudah Merasakan Kerasnya Netizen Indonesia

Tinggalkan Komentar


Terpopuler Sepekan

Suara Hati Pak Bukhori, Penjual Nasi Minyak yang Dihujat Warganet - MOJOK.CO

Suara Hati Pak Bukhori, Penjual Nasi Minyak Surabaya yang Dihujat Warganet

24 Januari 2023
PO Haryanto Bikin Perjalanan Cikarang Jogja Jadi Menyenangkan MOJOK.CO

PO Haryanto Sultan Bantul Bikin Perjalanan Cikarang-Jogja Jadi Sangat Menyenangkan

27 Januari 2023
Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng: Ambune Nggarai Memecah Belah Umat MOJOK.CO

Mie Sedaap Goreng lan Indomie Goreng: Ambune Nggarai Memecah Belah Umat

3 Maret 2021
Suara Kader Muda NU untuk 100 Tahun NU / satu abad yang Gini-gini Aja MOJOK.CO

Suara Kader Muda NU untuk 100 Tahun NU yang Gini-gini Aja

28 Januari 2023
Suara Hati Petani di Gunungkidul Karena Monyet yang Marah Kena JJLS

Suara Hati Petani di Gunungkidul karena Monyet yang Marah Kena JJLS

26 Januari 2023
warung madura mojok.co

Tiga Barang Paling Laris di Warung Madura Menurut Penjualnya

27 Januari 2023
kecamatan di sleman mojok.co

5 Kecamatan Paling Sepi di Sleman yang Cocok untuk Pensiun

27 Januari 2023

Terbaru

BELAJAR NOISE DARI SEORANG WOTA

Belajar Noise dari Seorang Wota

31 Januari 2023
anak muda ngomongin pemilu

Pro Kontra Sistem Proporsional Tertutup di Mata Anak Muda

31 Januari 2023
koalisi perubahan

PKS Dukung Pencalonan Anies, Koalisi Perubahan Siap Berlayar?

31 Januari 2023
jabatan gubernur dihapus mojok.co

Sultan Tak Peduli Soal Usulan Cak Imin Menghapus Jabatan Gubernur

31 Januari 2023
Mencari Tempat Parkir di Jogja yang Tarifnya Rp1.000 MOJO.CO

Mencari Tempat Parkir di Jogja yang Tarifnya Rp1.000

31 Januari 2023
megawati puan

Teori Kelas Sendok Menjawab Mengapa Popularitas Puan Maharani Tinggi

31 Januari 2023
ekspor lato-lato mojok.co

Indonesia Ekspor Lato-Lato, Pengusaha Sumbar Kirim 7 Kwintal ke Malaysia

31 Januari 2023

Newsletter Mojok

* indicates required

  • Tentang
  • Kru Mojok
  • Disclaimer
  • Kontak
  • Pedoman Media Siber
  • Kebijakan Privasi
DMCA.com Protection Status

© 2023 MOJOK.CO - All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Kanal Pemilu 2024
  • Esai
  • Susul
    • Bertamu Seru
    • Geliat Warga
    • Goyang Lidah
    • Jogja Bawah Tanah
    • Pameran
    • Panggung
    • Ziarah
  • Kilas
    • Ekonomi
    • Hiburan
    • Hukum
    • Kesehatan
    • Luar Negeri
    • Olah Raga
    • Pendidikan
  • Pojokan
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Uneg-Uneg
  • Movi
  • Kunjungi Terminal
  • Mau Kirim Artikel?

© 2023 MOJOK.CO - All Rights Reserved.

Welcome Back!

Login to your account below

Forgotten Password?

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In