Skincare Gawe Virus Semelang, Glowing Durung Mesthi, Mlarat Uwis Pasti

Skincare Gawe Virus Semelang, Glowing Durung Mesthi, Mlarat Uwis Pasti MOJOK.CO

Skincare Gawe Virus Semelang, Glowing Durung Mesthi, Mlarat Uwis Pasti MOJOK.CO

MOJOK.CO – Skincare sing arep ditiru yaiku produk sing digunakake selebgram utawa beauty vlogger, isa-isa jebol dompet sampeyan. Hadeh, glowing durung mesthi, nanging mlarat uwis pasti.

Dadi cah wadon ki jarene kudu putih kaya susu, mulus kaya bayi, lan kinclong kaya porselen. Bendinane kudu nganggo parfum sing paling wangi, uga rambute sing kudu lurus ora kriting. Yen nyukupi sarat kasebut, mula wadon kuwi isa diarani cah ayu ing desane.

Sik, sik, engko dhisik. Jan-jane kui aturan saka ngendi, ta? Isa-isane wadon kaya aku karo kabeh mbakyu-mbakyuku sing ora putih, mulus, lan kinclong iki ora diarani cah ayu. Jyan, ora nggenah tenan.

Kudune kowe kabeh kui wis padha ngerti nek standar kecantikan sing jarene cah wadon kudu ngene lan ngono iku ora iso dadi patokan. Tak kandani, kabeh cah wadon ki ayu. Sampeyan iki ayu lho, Mbak!

Nanging ya jenenge wong wadon, ana wae rasa insecure, semelang. Mbok uwis dikandani kaping satus yen dheweke iki ayu, isih wae dirasani ora pede. Ckckck, isa dadi ana virus semelang iki.

Apaneh nek ndelok selebgram utawa artis-artis ing TV. Walah, lha standar kecantikan iki isa-isa dadi langgeng nek ngene carane. Wong sing ditampilake wae rata-rata sesuai karo standar sing uwis melekat ing masarakat.

Akhire cewek-cewek iki padha nggoleki tips, kepiye ta carane entuk kulit sing mulus lan glowing kaya public figure ing medsos-medsos kuwi? Lan wangsulane ya padha, yaiku skincare!

Jan-jane ora ana sing salah karo skincare, malah perawatan kulit iku penting. Skincare isa nggawe kulit dadi sehat uga lembap. Apaneh yen kulite dhewe isih ngalami masalah, mulane kulit pancen kudu dirawat.

Nanging, nek skincare sing arep ditiru yaiku produk-produk sing digunakake karo selebgram utawa beauty vlogger, isa-isa jebol dompet sampeyan. Hadeh, glowing durung mesthi, nanging mlarat uwis pasti.

Lha dompet ora jebol piye wong skincare sing digunakake wae akehe ora jamak. Kuwi nek tak jejerke uwis kaya wong sing dodol skincare. Uakeh tenan!

Durung maneh karo rega sing regane selangit. Le tuku durung sidha, nanging keuangan wis semelang dhisik. Jyan pancen nggawe mumet tenan iki.

Jarene, kabeh urutan skincare sing digunakake duwe fungsine dhewe-dhewe. Wiwit saka sabun pembersih wajah nganti sunscreen. 

Yen ditilik saka produk sing dipromosike karo selebgram lan beauty vlogger kuwi, nganggo pembersih wajah wae ana telu langkah. Diwiwiti saka oil cleanser, micellar water, banjur facial foam.

“Walah, lha ya kesuwen nek semono akehe.”

Eits, isih durung rampung lho, Mbak. Sabanjure isih ana hydrating toner, exfoliating toner, essence, serum, eye cream, moisturizer, lan masker utawa sunscreen. Akeh tenan ta? Durung maneh printilan-printilan sing ora kasebut.

Nanging nek jarene kabeh urutan skincare sing digunakake duwe fungsine dhewe-dhewe, tak kira fungsine ki bedane ora adoh, malah katon padha. Contone, hydrating toner karo exfoliating toner. Jengenge wae uwis padha-padha toner. Ya fungsine padha wae, dadi pelembap sadurunge nganggo skincare sabanjure. Paling bedane ya mung sithik.

Utawa fungsine essence karo serum. Kalorone duwe fungsi sing meh padha, utawa isa wae pancen padha. Fungsine yaiku kanggo ngaluske lan nglembabke kulit. Bedane ing tekstur, essence luwih encer tinimbang serum.

Yen mangkono, apa kudu nggunakake kabeh langkah ing seri perawatan kulit? Wangsulane, ora! Nek fungsine yo meh padha kuwi ya kanggo apa nggunakake kabeh-kabeh. Wong ya regane wae uwis ndadekake lara mripat. Apa maneh nek sing arep dituku iku padha karo produke artis-artis.

Tak coba ngetung ya, Mbak. Mung dietung siji produk skincare regane satus seket ewu. Banjur dikali karo sepuluh produk. Cacahe, sayuta limang atus ewu!

Kuwi rega sing isih standar. Ora larang lan ora murah banget. Apaneh nek skincare sing digunakake karo seleb, artis, utawa bocah e sultan.

Walah, nek mbokku ngerti aku isa diseneni. Luwih becik kanggo tuku beras sepuluh karung. Wareg saomah-omah.

Jan-jane, nggunakake skincare kuwi apike ora usah akeh-akeh. Liyane saka regane sing larang, kulit uga ora apik yen diwenehi kakehan bahan kimia. Skincare sing dituku ya durung mesthi cocok ing kulite dhewe.

Miturut dermatologis, skincare sing penting digunakake mung ana papat, yaiku facial wash, toner, moisturizer, lan sunscreen. Aja lali milih produk sing cocok karo kabutuhane kulit.

Supaya kulit sehat lan glowing, uga kudu dirawat saka njero awak. Carane yaiku kanthi olahraga rutin, mangan panganan sing sehat, lan ngombe wolung gelas saben dina. Insyaallah kulit sampeyan isa sehat walafiat.

Sanajan sampeyan duwe akeh dhuwit, tuku kabeh seri skincare uga ora prelu. Liyane saka fungsine sing meh padha, jan-jane isa wae barang iki akal-akalan kuasa kapitalis. Dheweke pengin wadon-wadon kena virus semelang, rame-rame tuku produk, sanajan asile durung mesthi.

Waduh, nek ngono carane ya pancen meres duit tenan. Apaneh yen pariwara sing ditampilake nggawe cah wadon luwih ora pede.

Mbak, tak kandani sepisan maneh. Kabeh wadon iku ayu. Sampeyan iku ayu, Mbak! Sanajan sampeyan ora putih, ora mulus, ora kinclong, ono bekas biduran, lan ora nganggo kabeh seri skincare, sampeyan tetep ayu!

Sanajan sampeyan duwe jerawat, sampeyan tetep ayu! Kabeh wadon uga manungsa normal, duwe jerawat iku ya manusiawi. Dadi sampeyan ora prelu semelang. Amarga, cah wadon bakal tetep dadi makhluk sing ayu ora preduli kepiye.

MONGGO KULO ATURI MAOS Body Shaming kanggone Wong Jawa Kuwi Wis Kaya Kremikan Saking Kulinane utawi seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.

Exit mobile version