MOJOK.CO – Sing ngira yen wong Jawa kabeh kuwi kalem lan meneng, sekali-kali njajala melu tilikan bayi. Aroma body shaming mesthi wae mambu tekan ngendi-ngendi.

Yen ngomongke babagan body shaming lan bullying kuwi kaya-kaya ora ana enteke. Wingi kae dunia maya lagi heboh karo Bu Tejo sing lambene ngeciwis kaya manuk gantangan.

Aku maca ing Fesbuk, ana komentar netizen sing ngomong yen Bu Tejo kuwi ora merepresentasikan wong Jawa sing asli. Miturute dheweke, wong Jawa kuwi, apa maneh wong wadon, kudune nduweni pitutur sing apik, alus, lan kalem. Mbok menawa sing ngomong ngono kuwi kurang piknik ning desa. Njajal yen dheweke weruh kahanan ibu-ibu ing ndesa, lak ya ngelu sirahe. Modhel kalem nganti modhel modhal madhul cemepak!

Aku ora arep ngomong babagan Bu Tejo. Ibu-ibu modhel ngono kuwi ana ing daerah lan suku ngendi wae. Masiya wong Jawa sing terkenal alus lan kalem, kabeh kan gumantung karakter lan watake dhewe-dhewe. Kabeh ora jaminan. Wong Jawa sing brangasan lan mreman ya akeh. Wong Jawa sing lambene kaya kran bocor plek Bu Tejo sing gawene ngurusi uripe wong liya ya mberah. Padahal uripe dhewe durung pener.

Pancen, cerewet lan ngeciwis kuwi sandhangan sing wis tumemplek ing lambene ibu-ibu. Bahasa gaule nyinyir. Yen ngomongke kenyinyiran ibu-ibu kuwi mesthi ana sangkut paute karo ngomongke liyan, bullying, malah nganti isa tekan body shaming. Lha sing keri dhewe kuwi mau, aja mbok kira sing ngerti mung ibu-ibu ing kutha.

Nyatane, ibu-ibu sing ning desa, ora kejaba wong Jawa, wis padha kulina karo body shaming. Aja dianggep yen body shaming ing desa kuwi babagan sing kudu klebu ranah ukuman kaya artis-artis sing sithik-sithik wadul polisi. Body shaming wong Jawa kuwi jan-jane malah luwih frontal tapi wis lumrah ing kuping.

Cukup ditanggepi kanthi ukara sing ora kalah cetar. Misale wae nalika ketemu kanca lawas sing wis pirang-pirang taun ora nate ketemu. Mesthi akeh ukara-ukara sing diucapake kanthi spontan. Mbuh kuwi sengaja apa ora. Contone:

Baca juga:  Ternyata Body Shaming Terbesar Justru dari Diri Sendiri

“Wah, suwe ora weruh saiki tambah subur wae.”

Tembung subur sing tegese lemu, bisa wae garai lawan bicarane ora seneng, masiya lemu kuwi jan-jane ya ora elek. Tapi perasaane wong kan ora ngerti. Sapa ngira yen ora kabeh wong seneng diarani lemu utawa subur kuwi mau.

Yen kowe-kowe nemoni kancamu ngomong ngono kuwi mau, kamangka awakmu ora seneng, ora usah mbok tanggepi kanthi rai mbesengut, alis njenggureng, utawa mripat plerak-plerok. Cukup mbok sauri kanthi swara alus lan mesem ngguyu, “Iya, syukur saiki gaweyanku mung mangan turu, gajine bojoku wis turah ngaprah-aprah.” Tak jamin kancamu mau meneng klakep.

Kanggoku sing notabene wong Jawa, body shaming modhel ngono kuwi wis biasa, wis lumrah, wis kaya kremikan. Saben dina sasate krungu. Apa maneh, lagi rong minggu iki aku babaran.

Jare ibu-ibu, bocah babaran kuwi pinter yen lairan kanthi normal, ora oprasi. Lah, lagi ngomongke lairane wae wis ana rong kategori. Njuk apa hubungane normal sesar karo pinter lan ora. Coba pikiren. Wong oprasi kuwi ya ora kabeh wong gelem yen ditari. Yen nggawene ngono, genah aku pinter. Hehehe….

Ananging, nyatane nalika ana wong lairan apa maneh sing lagi pisanan, akeh ibu-ibu sing lambene ngeciwis, kayata:

“Lah, pinter tenan lagi pisanan laire normal tur cepet.”

Utawa….

“Lha kok pintermen. Metenge wae kakean sambat, mandang lairan diparingi gampang.”

Utawa maneh….

“Ora nyana yen ndang waras ibune, padahal raine katon pucet ora ana cahyane.?

Aroma bullying sangit tenan, gaes!

Urip ning desa, krungu ibu-ibu bullying lan body shaming ngono kuwi wis lumrah. Lha yen arep nesu mbok nganti kesel. Yen aku, nalika ana wong ngomong kaya ngono kuwi mau, mung tak wangsuli karo mesem.

Kuwi lagi babagan babaran. Komen-komen kaya ngono kuwi isih berlanjut nalika tilikan bayi. Lumrah ing daerahku kene, yen ana wong babaran, tangga teparo banjur mara tilik bayi. Nggawa acung-acung dhuwit utawa kado. Wong jenenge wae tilik bayi, mesthi wae padha rebutan weruh bayi lan ibune. Paling ora ya salaman, ra ketang bubar kuwi mung lungguhan ing njogan ngentekne kremikan.

Baca juga:  Surat buat Penganiaya Audrey

Lha ing momen-momen ngene iki biasane ibu lan bayine dadi santapan hangat. Crita-crita mengalir aduhai wiwit kepiye mau nalika krasa, wetenge slemet-slemet, nganti njedul si jabang bayi. Ibu bayi sing jan-jane awake lungkrah, kepeksa melek lan njagongi wong sing tilik. Nanging ngantuk lan lungkrahe kaya ngapa, nyatane ya tetep seneng nalika ana tangga teparo mara.

Modhel ibu-ibu kuwi pranyata werna-werna. Ana sing nalika tilik mung salaman njuk lungguh ngedoh. Ana sing lungguh ing cedhake bayi kono tapi ora akeh omonge. Ana sing kudu nggendhong bayine, lan wawancara kaya awak media karo si ibu bayi. Gek sing ditakonke ya werna-werna. Durung maneh yen nyedhaki body shaming, masiya ya lumrah wae perkara ngono kuwi nalika tilikan bayi. Ana-ana wae komentare, misale:

“Welah, kok sikilmu methentheng kaya ngono, mesthi nalika meteng or tau mlaku-mlaku.”

Utawa….

“Lah, bayimu kok bathuke brontok, mesthi yen nyusoni kecer teko rai-rai.”

Utawa menehi nasehat sing jan-jane wis familiar banget.

“Coba nganggo wedak merek Kasun, mengko lak bayimu alus kaya labur.”

Utawa meneh….

“Yen wengi gek ndang digedhong, banjur dipangku, aja nganti nangis yen manjing magrib.”

Lah, sodara-sodara, sing ngira yen wong Jawa kabeh kuwi kalem lan meneng, sekali kali njajala melu tilikan. Ora perlu nggawa trek-e Gotrek lan mutah-mutah kaya Yu Nah. Coba wae melua tilikan bayi sing cedhak-cedhak. Aroma body shaming mesthi wae mambu tekan ngendi-ngendi sing disponsori lambene ibu-ibu sing ngeciwis kaya manuk gantangan.

MONGGO KULO ATURI MAOS Aja Mbok Kira Dadi Anake Wong Tani kuwi Sengsara utawi seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.