Ribut-ribut Golet Jeneng Anak, eh Kesalip Raditya Dika

Ribut-Ribut Golet Jeneng Anak, eh Kesalip Raditya Dika MOJOK.CO

Ribut-Ribut Golet Jeneng Anak, eh Kesalip Raditya Dika MOJOK.CO

MOJOK.COIjik-ijik, nembe bae wingi, Raditya Dika bar dianugerahi anak lanang. Jeneng anak e apik, tapi nggawe sikile nyong lemes: Aksara Asa Nasution.

Sedurunge rabi, nyong tau ditakoni bojone nyong soal jeneng. “Kenangapa jenenge kowe karo mbakayune kowe ana Kumala-Kumala-ne?” Jawabane nyong persis karo jawaban ramane nyong pas ditakoni kira-kira sepuluh taun lalu.

“Kumala kuwe singkatan sekang ‘Ku menanti malam larut’. Mbakayune nyong kan lahire mbengi-mbengi. Larut. Ya men mandan puitis, diwehi jenenge kayak kuwe.”

“Tapi, emange kowe juga lair mbengi-mbengi?” Bojone nyong takon maning.

“Ora, sih…. Nyong laire jam sepuluh esuk.”

“Lah, ora bisa disebut ‘Ku menanti malam larut’, dong?”

“Iya juga, ya,” batinne nyong. Owalah, pantesan bae nyong senengane begadang, lah wong jenenge bae ‘Ku menanti malam larut’!

Bar kuwe, nyong gentenan takon bojone nyong perkara jenenge. Jebul, jeneng bojone nyong (sing terdiri sekang rong kata), masing-masing nganggo huruf awal jeneng bapake lan ibune. Wah, so sweet temen, ya. Kok bisa-bisane rama karo biyunge nyong ora kepikiran kayak kuwe?!

Masalah jeneng kiye ora ijik-ijik dibahas. Maklum, nyong karo bojone nyong cukup visioner lan kepengin membahas jeneng sing apik nggo…

… calon anak. Ihir!

Nembe siki nyong sadar nek milih jeneng nggo anak kuwe dudu perkara gampang. Apa maning, jeneng anak zaman siki apik-apik banget. Ana sing jenenge Kala, Kale, Senja, Mentari, Srengenge, lan jeneng-jeneng liyane. Sedurunge malah kancane nyong njaluk rekomendasine nyong soal daftar jeneng sing keton indie nggo anak lanang, sing dimulai nganggo huruf ‘K’!

Pressure (apa, sih, ya, basa Jawane?) jeneng anak sing apik langsung kerasa. Sebagai calon bapak lan ibu, nyong karo bojone nyong mandan kelimpungan milih calon nama anak. Pikirane dewek wis mubeng-mubeng akeh banget saking mumete: Nek anake ngko wadon, jenenge sapa, ya? Nek anake lanang, jenenge sapa, ya? Ditambahi gabungan jenenge nyong karo bojone nyong ora, ya? Sing ora kalah penting: diwehi jeneng ‘Kumala’ juga apa ora, ya?

Nyong karo bojone nyong wis njajal pirang-pirang formula nggo milih jeneng anak. Merga nyong seneng mbaca Harry Potter kayak bojone nyong, jeneng “Joanne” (sekang Joanne Kathleen Rowling) sempet dadi salah siji kandidat. Tapi, bar dipikir-pikir maning, kayane angel temen nek jenenge Joanne. Ngko, mentok-mentoke, anake gur diceluk “Jo”, tok!

Pilihan-pilihan jeneng nggo anak wadon, bagi nyong, duwe seleksi tambahan: ora ulih pada karo jenenge mantan-mantan bojone nyong. Kiye jelase bakal mempersempit pilihan, tapi ya ora papa; sing penting atine waras.

Nyong karo bojone juga njajal formula sekang artis-artis ibu kota. Tora Sudiro, misale, ngewehi anake jeneng: Jenaka. Nggo informasi bae, bojone nyong seneng nulis artikel-artikel parodi sing nggawe wong-wong ngguyu geget, tur nyong juga seneng dolanan tebak-tebakan sing (kayane) lucu. Tapi, pas diutak-atik, nyong kayane ora gelem ngewehi jeneng anak “Anekdot” utawa “Ngakak”, ding. Ora elegan.

Ora suwe, nyong entuk ide: kenapa ora nganggo jeneng Aksara bae? Aksara artine huruf; lah huruf pasti dienggo nyong karo bojone saban nulis artikel. Artine, Aksara kuwe jeneng sing wis klop banget karo nyong, karo bojone nyong. Ah, apik!

Nggo melengkapi jeneng “baby A” alias Aksara—calon anake nyong—bojone nyong nambah jeneng gabungan: Harap, sing artine Haris-Aprilia.

“Aja Harap, lah,” nyong protes.

“Lah, kan Haris-Aprilia. Harap. Sekang ‘harapan’. Apik kuwe.”

Nyong meneng. Bojone nyong meneng.

“Yawis, nganggo sinonim kata ‘harapan’ bae, gelem? Asa. Dadine, Aksara Asa. Aksara Asa Haris. Apik. Bisa nggo lanang, bisa nggo wadon.”

Bojone nyong meneng. Nyong meneng. Njur pada-pada mbengok, “Deal!”

Ijik-ijik, nembe bae wingi, Raditya Dika—penulis favorite nyong karo bojone nyong—bar dianugerahi anak lanang. Jenenge apik, tapi nggawe sikile nyong lemes: Aksara Asa Nasution.

Aksara Asa! Jeneng sing mikire wis karo kesuh-kesuh lan mumet-mumet!

Nyong mutung. Rasane sedih banget. Bojone nyong juga dadi bingung, terus takon, “Kudu kepriwe siki? Arep tetep dinggo bae apa ora jenenge? Nek iya, apa ngko dewek ora dihujat, ndarani jenenge nyontek? Nek ora, arep diganti sapa?”

Nyong meneng. Bojone nyong meneng.

Hmmm, yawislah. Nek dipikir-pikir, perkara jeneng kiye kayane dibahas ngko-ngko bae, pas positif hamil temenan. Lah wong testpack wingi karo mau esuk bae be isih siji tok garise….

MONGGO KULO ATURI MAOS Sejatine, Dadi Bocah Cilik Kuwi Kudu Pinter apa Kudu Bahagia? lan seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.

Exit mobile version