Rabi Kuwi Gampang, Nanging Nglakonine Ora Segampang Kuwi

MOJOK.COSenajan akeh wong sing ngomong rabi kuwi gampang, nanging nyatane bareng dilakoni tenan, njuk ora segampang kaya omongane wong.

Swargi Mbah Basiyo, dhagelan kondhang saka Yogya ing sawijining dhagelane nate pesen sing isine kira-kira ngene, “Wong sing wis wani rabi kudu wis jangkep sangune. Saliyane kudu duwe bayar dhewe, uga kudu duwe papan dhewe. Aja ngaku wani ngrabeni yen duwene mung nyawa lan tresna.”

Masiya pesen iki mung dadi sisipan sajroning materi dhagelane sing tujuane gawe guyune para penonton, nanging bareng dirasakake kanthi temenan. Pesene legendha dhagelan saka Yogya iki ana benere. Tresna lan nyawa pancen dadi syarat penting kanggone wong sing arepe rabi. Nanging syarat liya kayata bayar (materi) lan papan ora kena ditinggal.

Jalaran saka syarat-syarat iku mau saupama ana salah siji sing ora dituruti. Bisa-bisa urip sing dirasakake sawise rabi dudu rasa bagya mulya. Nanging malah urip kebak prahara sing rasane jare kaya urip ing neraka.

Merga ngrasakake kahanan sing kaya mangkono kuwi. Banjur akeh sing ngrasa pegatan minangka dalan paling apik kanggo mungkasi anggene rabi. Apa bener pegatan bakal mungkasi masalah? Durung karuwan. Amarga bisa wae pegatan sing maune dianggep bakal dadi sarana sing bisa mungkasi, malah dadi sarana tuwuhe masalah anyar. Apa maneh yen wis ana sangkut paute karo masalah hak asuh anak. Hmmmm…. Jan mumetke sirah.

Nalika ditakoni kena ngapa kok pegatan? Alesane sepele. Merga wis ora nyaman.

Diakoni utawa ora, merga ora nyaman mujudake alesan paling lumrah sing digunakake kanggo pegatan. Ngenani penyebab tuwuhe rasa ora nyaman iki akeh banget. Saliyane rumangsa kurang ing babagan materi, anane gangguan saka pihak ketiga, kurange kesabaran, lan kurange kasetyan marang pasangan.

Banjur kepriye carane supaya anggene rabi bisa lestari? Paribasan bisa nganti tekan kaki-nini, lan bisa momong nganti tekan putu lan wayah.

Salah siji cara sing menawa bisa ndadekake anggene bisa lestari yaiku kanthi ngeling-eling apa ta tujuane rabi kuwi. Salagine tujuane kanggo netepi wajibing urip lan kanggo ngibadah insya Allah anggene bisa lestari. Nanging yen tujuane mung kanggo ngendhani pangece lan ora oleh pitakon, “Kapan rabi?” saka kancane. Kemungkinan gedhe anggene bakal akeh nandang pacoban.

Akehe pacoban ing kene orane ateges ora kena diendhani. Akeh cara kang kanggo ngrampungi masalah tanpa kudu ngorbanake anggene rabi. Salah siji yaiku kanthi nginger ngecakake welinge RMP Sosro Kartono sing ngajab amrih. Sapa wae sing pengin uripe dadi luwih apik, kudu bisa nginger ancas lan tujuning lampah.

Kanthi nindakake laku iki, rabi sing tujuan awale supaya ora diece kancane merga ‘kasep’ utawa mung kanggo sekadar hobi. Bisa diinger dadi kanggo ngibadah. Yen wis bisa ngginger tujuane rabi, kemungkinan gedhe masalah-masalah sing tuwuh mau sithik akeh bakal ana sudane. Supaya cakcakane luwih ngedab-edabi. Isih kudu dilambari kasetyan lan kesabaran.

Simbah-simbah jaman biyen anggene rabi bisa lestari merga nganggep bojone ora mung saderma sisihan, nanging uga dianggep garwa sing kerep ditegesi sigaraning nyawa. Panganggep bojo kang njilma dadi garwa (sigaraning nyawa) iki nuwuhake penganggep rabi ora mung dadi sarana kanggo nyawijine samubarang kang sipate fisik kang sah manut ukume agama lan negara. Ning uga mujudake sarana kanggo nyawijine samubarang sing sipate wis tekan ing babagan rasa sacara sah manut ukume agama lan negara.

Nyawijine rasa iki kang bakal ndadekake wong sing wis rabi bakal bisa ngrasakake bagya mulya bebarengan uga padha-padha ngrasakake lara nalika nandang kesusahan. Nyawijine rasa iki kang ndadekake wong sing wis rabi digambarake kaya mlumah-murepe godhong suruh yen ginigit bakal padha rasane. Saengga antarane priya lan wanita wis ora ana bedane maneh. Kanthi lebure priya lan wanita ing kene diajab bisa ndadekake wong sing wis rabi kudu bisa empan papan anggene nempatake dhiri. Iki penting ditindakake supaya ora ana pihak sing rumangsa luwih berkuasa lan ana pihak sing dijajah.

Wong rabi kudu bisa nyonton swiwine manuk. Antarane swiwi kiwa lan swiwi sisih tengen padha ngerti apa sing ditindakake supaya si manuk mau bisa mabur ing awang-awang. Semono uga kanggone wong rabi. Pihak priya lan pihak wanita kudu bisa ngerti apa sing ditindakake lan bisa makarya bebarengan supaya apa sing dikarepake saka anggene rabi bakal kaleksanan.

Perangan liya sing ora kalah pentinge sing kudu diduweni wong sing wis rabi kuwi yaiku kudu duwe kesabaran lan kasetyan marang pasangane. Simbah-simbah jaman biyen rabine bisa lestari merga nganggep rabi kuwi padha karo sekolah. Ngenani sing disinaoni yaiku kawruh kesabaran.

Awake dhewe kerep banget krungu tembung wong sing rabi kanthi landhesan tresna sejati kuwi ora mandhang rupa lan bandha, nanging ati sing dadi pawitane. Ing kene sing kudu ditlesih ati sing kaya ngapa sing bakal bisa nglantari tuwuhe tresna sejati.

Mungguhe wong tuwa jaman biyen. Ati sing bisa nglantari laire tresna sejati yaiku ati sing wis kadunungan sabar lan narima. Jarene wong jaman biyen saapik-apike wong rabi kuwi yen wong priya wis bisa dadi sirah lan wanita wis bisa dadi atine.

Yen sing kaya mangkene wis kelakon. Wusanane bakal nuwuhake rasa kasetyan. Jalaran sirah bakal mikir apa sing kudu ditindakake supaya atine ora nandang lara. Suwalike ati bakal ngupaya supaya apa sing ditindakake ora bakal gawe mumete sirah.

Saupama antarane sirah lan ati padha-padha bisa ngerti sebab lan akibat sing bakal tuwuh saka sing ditindakake. Samesthine ora bakal ana pihak sing rumangsa dirugekake. Saengga kabagyan sing digadhang-gadhang saka anggene rabi bakal bisa dirasakake bebarengan.

Anane kesabaran lan kasetyan dibutuhake banget. Luwih-luwih ing jaman saiki. Kesabaran lan kasetyan mujudake ‘gaman’ paling ampuh kanggo nyuda sisi ala saka majune informasi lan teknologi. Sosmed lan internet saliyane kena kanggo nyepetake arus informasi. Kadhang bisa ngrusak sesambungane priya lan wanita. Ora sithik wong sing rabi kapeksa pegatan mung merga salah sijine kapilut janji-janji manis saka wong sing pengin ngrusak pager ayu ‘bale wismane’ liyan.

Supaya pager ayune ora rusak. Siji-sijine cara yaiku kudu nguwatake kesabaran lan kasetyan sarta ngandheli iman. Saengga mripat ora bakal lamur. Tetep bisa nyawang endi sing becik lan endi sing ala. Saka ora lamure mripat iki kang bakal ndadekake wong sing wis rabi bakal tetep setya karo pasangane lan ora gampang kepincut ijone sukete tangga.

Exit mobile version