Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
    • Bidikan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Ngapa Kampanye Kudu Blayer-Blayer?

Apriyanto Dwisantoso oleh Apriyanto Dwisantoso
6 Maret 2019
A A
Bagikan ke WhatsAppBagikan ke TwitterBagikan ke Facebook

MOJOK.CO – Kampanye sing blayer-blayer iki, apa ora mikirna wong-wong sing ngerungakna padha cumpleng, ya?

Musim Pemilu mesthi wae ana kampanye. Aneng KBBI, kampanye ateges kegiyatan sing dianakake dening organisasi politik utawa calon kang rebutan kalungguhan aneng pamarentahan kanggo ngrengkuh dukungan saka pemilih. Nanging, aneng tlatah Jawa, kampanye luwih lumrah karo kegiyatan numpak montor sing diblayer-blayer sakpenake udhele dhewe. Ora mikirke wong lara untu utawa duwe bayi cilik.

Pancen, kabeh warga negara kuwi duwe hak politik. Duwe hak kanggo menehi panyengkuyung kanggone calon legislatif, partai, utawa malah Presiden. Nanging, yen dukungan mau ditindakake kanthi gawe swara sing mbrebeki kuping, apa malah ora ilok?

Kampanye kanthi blayer-blayer montor kuwi wis suwe ana. Biyen pas jaman reformasi, nalika aku isih cilik, wis ana wong sing numpak montor karo blayer-blayer ngono kuwi. Anehe, pas cilik aku malah seneng. Ana sing nyebar gendera, kaos, utawa stiker. Kabeh mau dianggo rebutan bocah-bocah.

Suwene-suwe, kok dakpikir kegiyatan kaya ngono mau malah ngganggu. Apa maneh pas lara untuku kumat. Senut-senut, tambah mumet sisan. Swara gleyeran malah keprungu, ”Randedhet… randeyang… randhedhet…randeyang,” sangsaya gawe emosi.

Sakjane apa sih, sing dikarepake? Paling rak ya mung pengin rame-rame, tah? Mangkat, knalpot montore diblombongi, nganggo kaos partai tipis kaya saringan tahu. Tekan nggon ngumpul diwenehi dhuwit bensin, 50 nganti 100 ewer.

Apa ya jelas dha ndukung kuwi? Besuk mbene apa ya arep nyoblos kuwi? Tak kira ora. Ya ngono kuwi kahanan neng Indonesia. Ana dhuwit, mangkat, diayahi.

Mengko yen wis wayahe calon saka partai orasi, malah rame dhewe-dhewe. Rak ya mblaik ngene iki. Coba ditakoni apa sing diomongke para calon mau, rak ya ora dhong, mung ndomblang-ndomblong.

Pungkasane acara, paling mung pengin nonton hiburan gratis. Dangdut koplo dadi tamba kesel sawise mubeng-mubeng voging neng dalan. Awake mubeng nglether, kaya gangsingan. Bar kuwi? Mulih. Blayer-blayer maneh.

Padahal kegiyatan kaya mangkono mau miturutku pribadi ngganggu banget. Ana maneka alesan acara kampanye sing kaya ngono mau ngganggu.

Sepisan, acara mau gawe macet dalan. Dalane kebak wong-wong numpak montor. Akeh sing ora nganggo helm. Yen dikandhani kon minggir sithik nesu. Malah sangsaya banter anggone nggleyer. Iki mesthi wae gawe ruwet lalu lintas. Apa maneh yen ana wong kesusu arep ana acara penting. Mesthi keganggu. Arep nglanggar kok angel. Arep nesu, kok kalah wong, rung meneh akeh kalahe. Pungkasane ya mung ndawakake ususe dhewe-dhewe.

Kapindho, acara blayer-blayer jelas bakal ngganggu wong-wong sing lagi padha istirahat. Lagi penak-penak turu mak ler wae, ana swara wong blayer. Mesthi turune ora isa angler. Malahan, neng ati ser-seran, ngeres. Iku wae wong sing sehat, mung pengin istirahat. Hla yen wong lara, pas lara untu apa mumet ngono? Apa ya, endhase ora kaya arep sempal. Senut-senut mak nyut ora mari-mari.

Katelu, acara kuwi ora ramah karo wong tuwa lan bayi. Wong tuwa sing wis rentah. Obah wae angele naudzubilah. Malah kon nggrungokake swara sing ora genah. Apa ya sing melu kampanye iku ora isa mikir yen simbahe sing nggrungokake kuwi keganggu? Bali maneh, mung merga lembaran biru utawa abang, cacahe siji. Taek.

Kudune calon anggota dewan apa partaine isa luwih bijaksana. Kudu bisa menehi pengarahan ben ora ana kegiyatan kaya ngono. Luwih becik ngadakna kampanye visi misi, mangan bareng, kembul bujana: ing ngarsa sung tuladha. Lha iki malah kon golek massa: ing ngarsa golek swara. Timbangane menehi dhuwit kanggo tuku bensin, mendhing dha ditukokke es krim siji-siji. Hawane panas, sangsaya panas merga peluk knalpot, sing wis mirip karo voging.

Iklan

Sing kampanye biyasane kupinge disumpeli kapuk. Hla gawe swara kon ngrungokake wong liya. Mbok ya dirungokake dhewe. Kupinge diselehake cedhak knalpot. Banjur, digas banter. Kapuk nggon kupinge dicopot. Kepriye rasane? Wani ora?

Kudune jaman demokrasi iki, anggone kampanye isa luwih kreatif. Medhia internet wis nyebar sajagating maya. Kuwi isa dadi alternatif kampanye. Tur, pesta demokrasi iki bisa digawa kanthi luwih apik. Bisa luwih diwasa. Kampanye bali menyang teges asline, kegiyatan golek swara, karo cara sing positif.

Nanging bali ning pribadine dhewe-dhewe. Yen dha arep voging neng dalan, ya mangga, ning swarane dikurangi. Ora usah diblombongi knalpote. Sing damai wae. Sing ora ngerusak kupinge wong liya.

Yen pengin tetep arep blayer-blayer, mugia montore rusak. Terus tuku montor anyar. Piye, kurang apik apa dongaku?

Terakhir diperbarui pada 6 Maret 2019 oleh

Tags: blayer-blayerkampanyePemilu 2019Pilpres 2019
Apriyanto Dwisantoso

Apriyanto Dwisantoso

Artikel Terkait

Tidak Boleh Asal Menempel Stiker Kampanye MOJOK.CO
Kotak Suara

Menempel Stiker Kampanye Ternyata Tidak Boleh Sembarangan, Ada Aturannya

8 Oktober 2023
Arsjad Rasjid Ditunjuk Jadi Ketua Tim Pemenangan Ganjar MOJOK.CO
Kotak Suara

Mengenal Arsjad Rasjid, Bos Kadin yang Ditunjuk Jadi Ketua Tim Pemenangan Ganjar Pranowo

6 September 2023
kampanye di sekolah mojok.co
Kotak Suara

Polemik Kampanye Pemilu di Sekolah, Bisa Jadi Potensi Ancaman Kekerasan bagi Anak?

27 Agustus 2023
Peserta pemilu bisa menggelar kampanye di kampus
Kotak Suara

Sejumlah Catatan yang Perlu Diperhatikan kalau Peserta Pemilu Menggelar Kampanye di Kampus

22 Agustus 2023
Muat Lebih Banyak
Tinggalkan Komentar

Terpopuler Sepekan

Kuliah Jurusan Pendidikan Bahasa Mandarin di Unesa. MOJOK.CO

Sulitnya Masuk Jurusan Bahasa Mandarin Unesa, Terbayar usai Lulus dan Kerja di Perusahaan Tiongkok

3 Desember 2025
Udin Amstrong: Menertawakan Hidup dengan Cara Paling Jujur

Udin Amstrong: Menertawakan Hidup dengan Cara Paling Jujur

2 Desember 2025
Menanti kabar dari keluarga, korban bencana banjir dan longsor di Sumatera. MOJOK.CO

‘Kami Sedih dan Waswas, Mereka seperti Tinggal di Kota Mati’ – Kata Keluarga Korban Bencana di Sumatera

1 Desember 2025
Bioskop NSC Rembang, bangunan kecil di tanah tandus yang jadi hiburan banyak orang MOJOK.CO

Bioskop NSC Rembang Jadi Olok-olokan Orang Sok Kota, Tapi Beri Kebahagiaan Sederhana

1 Desember 2025
Dari Jogja ke Solo naik KRL pakai layanan Gotransit dari Gojek yang terintegrasi dengan GoCar. MOJOK.CO

Sulitnya Tugas Seorang Influencer di Jogja Jika Harus “Ngonten” ke Solo, Terselamatkan karena Layanan Ojol

1 Desember 2025
jogjarockarta.MOJOK.CO

Mataram Is Rock, Persaudaraan Jogja-Solo di Panggung Musik Keras

3 Desember 2025
Summer Sale Banner
Google News
Ikuti mojok.co di Google News
WhatsApp
Ikuti WA Channel Mojok.co
WhatsApp
Ikuti Youtube Channel Mojokdotco
Instagram Twitter TikTok Facebook LinkedIn
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

Tentang
Kru
Kirim Artikel
Kontak

Kerjasama
Pedoman Media Siber
Kebijakan Privasi
Laporan Transparansi

PT NARASI AKAL JENAKA
Perum Sukoharjo Indah A8,
Desa Sukoharjo, Ngaglik,
Sleman, D.I. Yogyakarta 55581

[email protected]
+62-851-6282-0147

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Pojokan
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Video
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.