Natal Kudune Derayakna Karo Ati sing Tentrem, Ora Malah Digawa Congkrah

MOJOK.COSejatine, sing lewih debutuhna umat Kristiani kuwe dudu perkara ucapan ’Selamat Natal’. Ning justru keamanan, kenyamanan, njur kedamaian. Ben bisa ngrampungke ibadah Natal ora nganggo was-was gerejane bakal dadi sasaran bom bunuh diri.

Pirang dina kepungkur, esih rame baen, perkara salib kayu penanda kuburan sing digraji utawa detugel neng Jogja, merga ana wong Katulik sing seda tapi dekubur neng kuburan umum,ora neng kuburan Katulik.

Kabar iki rame deliput neng media massa uga neng media sosial, pokoke ngana ngene mbahas. Sing jenenge omongan ya wis biasa mbok, nek njur ana tambahane alias bumbune. Sing jere kae lah, kuwe lah, anu lah, pokoke detambahi, mbuh bener mbuh ora tambahane sing penting detambahi. Ben tambah greget.

Nyong salah sijine sing dejak rasan neng kancane nyong sing mangkel krungu berita kuwe. Gur tek guyu sih karo tek semauri,

“Biasane tah, angger neng film-film, sing wedi karo salib, nek ora anak buahe Lucifer, ya anak buahe Drakula, apa Valak. Ya gari detakoni, weruh salib baen terus padha ribut, njur degraji. Jan-jane kuwi menungsa apa setan? Nek setan ya gari derukyah, nek menungsa kowh weruh salib tok wedi. Aku tah lewih medeni kelangan tupperware.”

Ning jenenge kancane nyong esih emosi, dijak guyon kaya kuwe malah ngedumel. Jere nyong ora perhatian nemen karo perkara intoleransi sing uwis kedaden. Apa maning perkara kaya kuwe jerene ora mung sepisan kedadian.

Neng Jogja, maning-maning Jogja.

Jan-jane perkara intoleransi kaya kuwe, pancen ora mung sepisan kedaden neng Jogja. Mulai acara misa lingkungan sing debubarna—nganggo acara kepruk-keprukan mbarang, nganti ana sing bocor sirahe. Njur acara baksos sing debubarna juga jere Kristenisasi terselubung. Merga bagi-bagi sembako rega murah. Nganti ana bocah gemblung mbacok Romo Prier sing lagi mimpin misa Minggu isuk.

Perkara omongan Kristenisasi terselubung kuwe, jan-jane nggawe nyong geget pisan. Hla priben, sing nganakna baksos kan kelompok wanita Katulik, kok penak men ngarani nek padha dodolan sembako murah ben padha dadi Katulik.

Nek gur tuku sembako murah njur langsung bisa mlebu Katulik, sih nggo ngapa, nyong sekolah, melu katekisasi nganti tahunan ben debaptis dadi wong Katulik. Njur melu katekisasi maning, ben olih Krisma?

Rumangsane gampang ndean, tuku sembako tok, njur debaptis. Mbok wong-wong sing debaptis ora ngganggo acara ketekisasi, ya mung wong-wong dalam kondisi khusus. Misale mriang uwis parah, uwis arep seda, lah kuwe teyeng debaptis mendadak. Ora nganggo acara katekisasi mbarang.

Lah, sing tuku sembako murah neng acara baksos kuwe, apa nggane wong-wong sing uwes padha arep mati kabeh? Mbok ora lah.

Nah, padha baen karo acara salib kuburan sing digraji. Jerene kowh ana acara Kristenisasi terselubung, mbok nggegetna pisan lah. Apa nggane wong uwis mati arep teyeng ‘nulari’ wong mati liyane, kon dadi Katulik? Lah, mbok nek uwis mati, ngupil baen ora teyeng, apa maning kowh ‘nulari’ liyane kon dadi Katulik. Jiyan, maen pisan pemikirane.

Acara ribut perkara salib sing digraji kuwe, ya akhire desambung-sambungna karo perkara Natal sing pancen tiba ora adoh karo kejadian kuwe. Njur dadi rame, congkrah tahunan, perkara haram ngucapna selamat Natal, maring wong-wong Kristen sing ngrayakna Natal.

Jan-jane, Hayati wis kesel kang, ben tahun kowh ribute mung kuwe baen, ora nana kemajuane. Ibarate lagu lawas, deputer baen nganti kriting pita kasete.

Mesti loh, nek arep Natal njur dadi rame. Sing jere ngucapna ‘Selamat Natal’ kuwe haram lah. Ngadakna perayaan Natal kuwe ngganggu lah, ora olih lah, lah, lah, lah lan lah liane. Tapi nek ana diskonan gedhe sing ana embel-embele ‘menjelang Natal’, njur padha maju ngarep dewek, cepet-cepet mborong sedurunge keentekan.

Nyong dewek sebagai wong Katulik, ora tau mumet. Arep ana sing ngucapna ‘Selamat Natal’ apa ora, nek nggo nyong ora ngaruh babar pisan. Hla kepriwe, wong arep olih ucapan ‘Selamat Natal’ karo ora, nyong ya tetep natalan kowh. Tetep mangkat gereja nggo misa Natal. Kecuali lah, nek ora deucapi selamat natal, njur nyong metu getihe. Awake kaya desilet-silet apa kaya debacoki, beda perkara.

Mulane nyong bingung, weruh sing njur padha ribut perkara ucapan ‘Selamat Natal’. Hambok ora usah ribut, ora usah bingung. Arep ngucapna ya kena, ora ngucapna ya ora ngapa-ngapa. Mbok gari meneng, ora usah nggawe brisik. Kaya ora nana pegawean liane baen sing dikerjakna.

Wong Natal kuwe, sejatine pancen gur simbolik, wong sing ngerti kapan pas-e Gusti Yesus lair neng ndunya, uwis padha mati kabeh, ora nana sing mudeng. Nek nurut sejarahe, perayaan Natal kiye beda-beda, siji karo liyane. Lah, perayaan Natal sing detibakna tanggal 25 Desember baen, ndisit pertama kali dirayakna pas tahun 221 Masehi neng Sextus Julius Africanus. Njur nembe diterima neng umat Kristen secara luas, mulai abad ke 5. Padahal, nek nurut kronik-kronik sing ana, Yesus kuwe, lahire baen, 4 tahun sedurunge tahun Masehi digunakna.

Adoh pisan mbok jarak penetapan tanggal peringatan kelahirane Gusti Yesus, karo tahun kelahirane Gusti Yesus?

Nah, mulane gutul saiki baen, ora kabeh umat Kristiani ngrayakna Natal sing detibakna neng tanggal 25 Desember. Ana sing ngrayakna Natal malah pas wulan Januari, Maret, lan April. Ning kabeh mau ya ora nana sing ribut, ora nana sing brisik, wong nyatane kuwe kan bebas merdeka. Hak-e dewek-dewek, arep ngrayaknane kapan lan tanggal pira, miturut keyakinane dewek-dewek.

Lagian, arep ngapa deributna, wong kuwe kan kepercayaane masing-masing uwong. Tur maning neng ajarane Kristen, kuwi kabeh balik maring roh kudus, sing ’bekerja’, neng njero jiwane masing-masing uwong. Ora perlu dipaksakna apa maning maksa nglarang. Ibarate, kabeh uwong pancen teyeng liwat dalan sing awake dewek liwati. Ning ora kabeh uwong kudu liwat dalan sing deliwati awake dewek.

Mulane, nyong cokan geget, nek esih baen ana sing ribut, perkara ngucapna ’Selamat Natal’. Hawong jan-jane ya ora nana paedahe secara langsung maring wong-wong Kristen. Ning kuwe mau, kan gur apik-apike dadi menungsa, sing kudu urip bebrayan, karo menungsa liyane. Jerene, menungsa kan mahluk sosial, sing ora teyeng urip dewekan, mesti mbutuhna menungsa liyane nggo urip bebrayan.

Lah sing jenenge urip bebrayan, kan ya kudune saling menghormati, saling menyayangi, ora malah saling misuh. Apa maning congkrah perkara sepele. Mulane, arep ngucapna ’Selamat Natal’ karo ora, ya kudune balik maring awake dewek-dewek. Detimbang maning neng sirah lan ati. Patut ora? Ikhlas ora? Ora perlu depaksakna, nek pancen ilate ora sanggup ngucapna.

Sejatine, sing lewih debutuhna neng umat Kristiani kuwe dudu perkara ucapan ’Selamat Natal’. Ning justru keamanan, kenyamanan, njur kedamaian. Ben bisa ngrampungke ibadah Natal ora nganggo rasa was-was, gerejane bakal dadi sasaran bom bunuh diri apa ora.

Lah, perkara kuwe malah justru sering dilalikna, neng wong-wong sing senengane congkrah mung perkara ucapan ’Selamat Natal’.

Jajal, bayangna apa enake arep ngadep Gusti Yesus. Arep ndonga lan ngumpul karo umat liyane sisan silaturahmi neng gereja, kowh kudu diperiksa siji-siji neng Polisi. Kudu deg-degan, aman apa ora. Kudu anggrang inggring nambah donga, ”Muga-muga ora nana wong gemblung sing nggawa bom bunuh diri mateni wong liyane”.

Kahanan aman, tentrem, lan damai pas ibadah Natal kuwe sing lewih debutuhna umat Kristiani. Dudu ucapan ’Selamat Natal’, sing gur dadi ribat-ribut, ning ora nana paedahe.

Exit mobile version