ADVERTISEMENT
Mojok
KIRIM ARTIKEL
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Movi
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Movi
  • Terminal
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
Kirim Artikel
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Movi
  • Terminal
Beranda Corak Rerasan

Nalika Tayangan TV Melu Nyuntik Mati Profesi Dukun Bayi

Zuly Kristanto oleh Zuly Kristanto
17 Oktober 2020
0
A A
Nalika Tayangan TV Melu Nyuntik Mati Profesi Dukun Bayi MOJOK.CO

Nalika Tayangan TV Melu Nyuntik Mati Profesi Dukun Bayi MOJOK.CO

Bagikan ke FacebookBagikan ke TwitterBagikan ke WhatsApp

MOJOK.CO – Anane aturan saka pamrentah kang nglarang dukun bayi ora kena mbantu proses babaran lan ditambah acara-acara TV kang kaya-kaya melu nyuntik mati profesi iki dadi alesan proses regenerasi profesi kaganggu.

Watara taun 1990 mendhuwur, rancake saben-saben desa ing Jawa duwe loro opo telo pawongan kang duwe profesi dukun bayi. Tugase dukun bayi iki akeh. Wiwit saka mbenakake posisi bayi nalika isih manggon ing njero kandhutane ibune, mbantu proses babaran (lairan), lan ngedusi bayi nganti umur sawetara wulan.

Saliyane kuwi ana tugas tambahan kanggone dukun bayi. Biyasane yen bayi sing ditulung nalika laire rewel merga awake owah. Dukun bayi bakal ngilangi rewele si bayi kanthi diurut. Unike, masiya akeh tugas sing kudu ditandangi, nanging ora nate pasang rega kanggo tenaga sing diwenehake. Malah ora sithik saka sing nggratisake jasane lamuna sing mbutuhake tenagane kuwi saka kaluwarga kang ora duwe.

Saiklase mujudake rega kang biyasane digunakake kanggo ngganti tenagane dukun bayi ing Jawa. Babagan iki kang ndadekake bayar sing ditampa ora mung dhuwit. Ana kalane bayar sing ditampa wujude beras, kopi, endhog, utawa gula. Jinis-jinise barang iki dhewe ora ditentokake. Nanging manut iklase pihak sing nyilih tenagane dukun bayi.

Lan iki sing ndadekake penghasilan saka profesi dukun bayi ora bisa ditentokake. Masia akeh sing butuh bantuane, gandhenge saiklase gedhene penghasilan tetep ora bisa digebyah uyah. Mulane profesi dukun bayi kerep didadekake profesi sampingan. Gandhenge para dukun bayi iki akeh kang urip ing desa. Profesi utamane akeh-akehe dadi petani utawa dagang.

Senajan mung profesi sampingan, nanging profesi iki tetep dilabuhi tenanan. Arepa tengah wengi, arepa udan bledheg, salagine ana wong sing nothog lawang omahe kanggo njaluk bantuane. Dukun bayi bakal aweh pitulungan sabisane. Sugih lan mlarat padha wae. Ora ana sing diluwihi lan ora ana sing dikurangi. Kabeh pitulungan sing diwenehake digawe padha.

Anane dukun bayi ora gelem selak sajroning aweh pitulungan iki yen ditelusur isih ana hubungane karo proses nalika golek ngilmu biyen. Ing Jawa, ngelmu kang bisa digunakake kanggo tetulung wong liya dianggep ngilmu tuwa. Cara kanggo nduweni ora mung sinau nanging uga dilambari laku tartamtu.

Sawise anggene sinau lan nindakake laku dianggep cukup, sing golek ngelmu iki banjur diwisudha karo gurune. Ing kalane wisudha iki sing golek ngelmu bakal nindakake ikrar utawa sumpah. Ing sumpahe kuwi dheweke janji bakal nggunakake ngelmune kanggo tujuan sing apik lan tansah saguh tetulung kapan wae dibutuhake tenagane.

Ikrar sing kaya ngene iki ora diucapake marang guru sing dadi lantaran mudhune ngelmu, ning ikrar iki luwih ditujokake marang Sing Gawe Urip kang mujudake sumber saka sekabehaning ngelmu. Saka ikrar kang diucapake iki kang ndadekake dukun bayi akeh sing ora gelem nglanggar ikrar. Jalaran yen nganti wani nglanggar, pertanggungjawabane bakal abot. Pertanggungjawabane ora mung karo pihak hukume negara nanging uga karo hukum liyane sing ora bisa disawang nganggo mripat.

Emane ora kabeh dukun bayi bisa nggegem lan nindakake ikrare sacara wutuh. Ana saperangan sing nindakake laku ngiwa kanthi nindakake aborsi. Tumindak sing kaya ngene iki ora mung nglanggar aturane negara lan ikrar sing diucapake wektu diwisudha biyen, ning ya melu nyoreng profesi dukun bayi liyane sing isih nggegem kenceng ikrare.

Apese sisi negatif sing ditindakake oknum dukun bayi iki kang kerep diangkat menyang tayangan TV. Para sutradara lan produser film lan sinetron ing Indonesia akeh kang padha-padha lelumban nggambarake dukun bayi minangka pawongan kang kerep mbantu proses aborsi. Lumantar tayangan-tayangan TV kang ngangkat tumindak negatif saka oknum kuwi wusanane kasil ndadekake akeh wong nggebyah uyah karo profesi iki.

Gara-gara tayangan ing TV kang jarang utawa kepara durung ana kang nate ngabarake lelabuhane marang masyarakat Jawa sadurunge cara babaran kanthi cara bangsa kulonan dikenal wong Jawa, tansah ndadekake akeh wong sing nganggep mujudake profesi kang nistha jalaran gelem mbantu proses aborsi sing kerep ditindakake karo oknum tartamtu.

Saka salah panile relief ing Candi Prambanan lan Candi Borobudur kang nggambarake aktivitas proses babaran. Ing relief kuwi digambarake ana wanita kang mbantu proses babaran. Wanita kang aweh proses babaran iki miturut para ahli sejarah mujudake wanita kang duwe profesi dukun bayi ing jaman kuwi. Nitik saka apa kang digambarake ing relief kuwi bisa dikandhakake yen iki mujudake profesi kuna kang isih bertahan tekan saiki.

Emane nganti kapan pofesi iki bisa bertahan ing satengahe era moderenisasi kaya wektu iki isih dadi misteri. Anane aturan saka pamrentah kang nglarang dukun bayi ora kena mbantu proses babaran lan ditambah acara-acara TV kang kaya-kaya melu nyuntik mati profesi iki dadi alesan proses regenerasi profesi kaganggu. Merga proses regenerasine ora lumaku lancar kaya profesi-profesi liyane. Gedhe kemungkinan profesi iki nyusul profesi-profesi kuna liyane sing cures luwih dhisik.

Sadurunge profesi iki cures. Ora ana salahe kawruh ngenani apa wae kang ditindakake dukun bayi sajroning tetulung marang pasiene ditliti sacara khusus. Jalaran sajroning tetulung ora mung ngandhelake japa lan mantra, nanging uga migunakake obat-obatan tradisional sing khasiate bisa diuji sacara medhis.

Rasane eman banget yen kawruh lan ngelmu sing diduweni bakal ilang tanpa tilas. Arepa kerep disawang kanthi mripat sesisih. Nyatane akeh banget nyawane bayi-bayine manungsa Jawa sing kasil dislametake.

Tanpa anane dukun bayi sing aweh pitulungan marang wanita Jawa sing babaran. Mbok menawa wae Candi Borobudur lan Candi Prambanan sing kerep dianggep ikone tanah Jawa kae ora bakal ngadeg. Jalaran para ibu sing nglairake anak kang ing tembe melu nggawe Candi Borobudur lan Candi Prambanan kae, padha nganggo jasane dukun bayi.

MONGGO KULO ATURI MAOS Basa Jawa Pujakesuma Kuwi Aneh, ning Luwih Aneh Wong Jawa ing Jakarta lan seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.

Terakhir diperbarui pada 17 Oktober 2020 oleh

Tags: acara TVdukundukun bayiprofesi
Iklan
Zuly Kristanto

Zuly Kristanto

Artikel Terkait

Acara TV Dunia Lain.MOJOK.CO
Ragam

Gen Z Nggak Akan Relate Sama Seramnya ‘Dunia Lain’, Malah Kini Cuma Jadi Olok-Olok karena Cringe

10 Januari 2025
Enaknya Jadi Tour Guide di Jogja, Kerja Sambil Main, Bayaran per Hari Minimal 300 Ribu Rupiah!
Ragam

Enaknya Jadi Tour Guide di Jogja, Kerja Sambil Main, Bayaran per Hari Minimal 300 Ribu Rupiah!

12 Juni 2024
Cerita Mahasiswa PBI UNY Mantan Ketua BEM yang Banting Setir Beneran Jadi Sopir Bus: Awalnya Mengajar, Lama-lama Fokus Mengaspal pariwisata jogja. Magelang. MOJOK.CO
Geliat Warga

Cerita Mahasiswa PBI UNY Mantan Ketua BEM yang Banting Setir Beneran Jadi Sopir Bus: Awalnya Mengajar, Lama-lama Fokus Mengaspal

29 April 2024
Cerita Tukang Parkir Alfamart di Wonogiri yang Tidak Mau Mematok Tarif Parkir tapi Tetap Membantu Pengendara Parkir
Geliat Warga

Cerita Tukang Parkir Alfamart di Wonogiri yang Tidak Mau Mematok Tarif Parkir, Anak Sekolah Gratis Parkir dan Tetap Dibantu!

27 April 2024
Muat Lebih Banyak
Pos Selanjutnya
Ketika Pernikahan Memaksa Wanita Mengenakan Topeng demi Kesempurnaan Meski Kebahagiaannya Terkikis MOJOK.CO

Ketika Pernikahan Memaksa Wanita Mengenakan Topeng Kesempurnaan Meski Kebahagiaannya Terkikis

Tinggalkan Komentar

Terpopuler Sepekan

Jika bus Sinar Mandiri bertemu Jaya Utama, sopir akan lebih ngawur dari bus Sumber Selamat MOJOK.CO

Jika Bus Sinar Mandiri Ketemu Jaya Utama, Sumber Selamat Kalah Ngawur: Jalan Rusak Pantura Jadi Arena Balapan

15 Mei 2025
Senyum Lebar Petani Kopi Gunung Puntang dan Kaghomasa Bajawa di World of Coffee MOJOK.Co

Senyum Lebar Petani Kopi Gunung Puntang dan Kaghomasa Bajawa di World of Coffee 2025

15 Mei 2025
Jalan-jalan di Candi Borobudur, Magelang. MOJOK.CO

Pengalaman Pertama ke Borobudur Sendirian terasa Aneh, tapi Berkat “Orang Baru” Perjalanan Saya Jadi Berkesan

14 Mei 2025
Cuti Bersama Melahirkan Kesenjangan, tapi Pekerja Tutup Mata MOJOK.CO

Cuti Bersama Melahirkan Kesenjangan di Dunia Kerja: Tidak Bisa Dinikmati oleh Semua Pekerja dan Ada Saja Perusahaan yang Semaunya

13 Mei 2025
Perayaan Waisak di Candi Borobudur. MOJOK.CO

Pengunjung Candi Borobudur Capai 100 Ribu Orang Selama Libur Waisak, Ekonomi Daerah Meningkat

18 Mei 2025

AmsiNews

Newsletter Mojok

* indicates required

  • Tentang
  • Kru Mojok
  • Cara Kirim Artikel
  • Disclaimer
  • Kontak
  • Kerja Sama
  • Pedoman Media Siber
  • Kebijakan Privasi
  • Laporan Transparansi
Trust Worthy News Mojok  DMCA.com Protection Status

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.

Welcome Back!

Login to your account below

Forgotten Password?

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Jogja Bawah Tanah
    • Aktual
    • Kampus
    • Sosok
    • Kuliner
    • Mendalam
    • Ragam
    • Catatan
  • Kilas
  • Otomojok
  • Konter
  • Malam Jumat
  • Movi
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2025 PT Narasi Akal Jenaka. All Rights Reserved.