Lomba Pitulasan, Sarana Nggayengake Dina Kamardikan Indonesia

MOJOK.CO – Kamardikan Indonesia, ora bisa diuculake karo lomba-lomba pitulasan kang gayeng lan nyenengake.

Wulan Agustus dadi wulan kang penting kanggo bangsa Indonesia. Wulan Agustus dadi saksi bisu kamardikan Indonesia. Biyen, 17 Agustus 1945, Indonesia mardika. Proklamasi kang diwacakake Dwitunggal, Soekarno-Hatta, dadi pratandha kamardikane Indonesia.

Jaman wis lumaku. Kahanan wis owah gingsir. Ana sing maju, ana sing mundhur. Ana sing tambah apik, nanging akeh sing tambah bubrah. Ora krasa umur Indonesia wis arep 73 taun. Umur sing wis dudu bocah maneh.

Gonta-ganti pemimpin nganti kisruh sing njubel-ruwel dadi warna kang nggambar sejarah Indonesia. Sawise mardika, Indonesia dituntut dadi negara kang mandhiri lan bisa ngolah alam lan sumber daya manungsane.

Kamardikan diisi kegiyatan-kegiyatan kanggo mbangun negara Indonesia supaya luwih maju. Saka masalah pembangunan, pendhidhikan, utang neng negara liya, nganti kegiyatan politik sing mbuneki, gawe adhem panas awakku, gara-gara kamu, nyibakke atiku, gati menyang aku~

Kabeh iku diajab bisa gawe Indonesia luwih apik lan luwih maju. Syukur-syukur Indonesia bisa dadi negara adidaya kang nguwasani ekonomi alam donya. Ora maksud rakus, apa mimpi sing muluk dhuwur, iki mung cita-cita lan harapan kanggo Indonesia tercinta.

Wulan Agustus, wulan pengetan kamardikan Indonesia, ora bisa diuculake karo lomba-lomba pitulasan kang gayeng lan nyenengake. Saka mangan krupuk nganti balap karung. Saka nglebokake potelot neng botol nganti cembrengan. Kabeh lomba kang wis lumrah dianakake nalika pengetan dina Kamardikan Indonesia.

Kabeh lomba pitulasan kang dianakake kanggo mengeti dina Kamardikan Indonesia mesthi duwe mupangat lan tujuan. Paling ora, lomba mau kanggo ngelingake angele perjuwangan para pahlawan ngrebut kamardikan Indonesia. Kajaba iku, temtu wae, lomba mau bisa dadi implementasi Pancasila, sila ke-3, Persatuan Indonesia.

Tegese, lomba mau bisa dadi guyub rukun tanpa mandhang golongan ngendi wae, ora mandhang sing ndukung nomor 1 apa nomor 2. Pokoke padha kumpul kanggo nggayengake pengetan dina Kamardikan Indonesia.

Saka maneka warna lomba kang lumrah dianakake, ana saperangan sing duwe nilai luhur. Nilai-nilai mau bisa dimangerteni saka lomba-lomba iki.

1. Cembrengan

Cembrengan utawa panjat pinang dadi salah sawijine lomba sing kerep dianakake nalika pengetan dina Kamardikan Indonesia. Lomba iki butuh papat nganti limang wong kanggo menek wit jambe utawa pring. Wong-wong mau padha punji-punjinan, midhak pundhake kancane kanggo njupuk amplop utawa hadhiyah sing ana neng dhuwur.

Lomba iki ngajarake kerja sama. Kabeh kudu satu komando. Yen ora ngono, ora bakal bisa tekan dhuwur. Gayenge lomba iki nalika awake sing main kebak oli kang wis diolesake ana pring sing ngadeg. Yen melu cembrengan, nganggoa kathok sing pas. Kathok jins misale. Yen kowe nganggo kathok koloran, bisa bahaya. Kathokmu diidak, mlotrok. Akhire, sempakmu kethok. Arep pilih endi, ngunjukke kathok utawa tetep ndekep pring sing alus kuwi?

Ananging, perkara kaya ngono kuwi sing ndadekke lomba iki gayeng. Durung maneh yen ora gedhuk anggone ngranggeh hadhiyah. Pemain kudu menek pring sing lunyu kena oli mau. Gayeng, lucu, nyenengake, nanging kebak nilai perjuwangan. FYI, cembrengan saiki wis akeh dimodifikasi. Ana sing digawe miring, ana sing nganggo debog gedhang sing ditaleni neng dhuwur, lan sapanunggalane.

2. Balap Karung

Balap karung iki lomba kang mbutuhake kegesitan lan kontrol emosi sing apik. Balapan kanggo karung kuwi ora oleh kesusu. Yen kesusu, bakalane tiba. Apamaneh, yen ora gesit. Paling mung bakal ngglundhung. Luwih parah meneh yen sing main wong lemu. Bakalan gulung-gulung kaya drem tiba. Mulakna, yen pengin gayeng, pilihen pemain sing lemu-lemu, mesthi bakal gayeng lan gawe guyu.

Malahan, saiki ana lomba balap karung sing dimodifikasi. Awake pemain mlebu sak utawa bagor kabeh, mung ketok sirahe. Banjur, sirahe dingoni helm. Kaya pembalap motogp. Sawise dilekasi, kabeh pemain padha balapan. Temtu wae ora gampang mlumpat kanthi sikil ditekuk neng jero karung. Yen ora percaya, cobanen!

Balap karung duwe nilai religius. Nalika balapan, pemain kudu tawakal. Pemain kudu ndonga supaya ora kesenggol kancane. Umpamane tiba, pemain kudu nrima kanthi eklas. Kabeh kuwi wis dadi dalane Gusti. Yen menang disyukuri, yen kalah ya disyukuri.

3. Mangan Krupuk

Mangan krupuk biyasa dianakke ana ing lomba pitulasan. Pemain lomba iki kudu cepet-cepetan ngentekake krupuk kang digantung. Pemain sing paling cepet ngentekake krupuk dadi juara.

Lomba mangan krupuk cocog kanggo wong sing ngelehan. Saliyane melu nggayengake pengetan dina Kamardikan Indonesia, dheweke bakalan oleh panganan gratis. Apa ora penak. Apamaneh yen juara. Wis melu nggayengke, oleh panganan gratis, oleh hadhiyah meneh. Penak tah?

Lomba mangan krupuk iki sejatine duwe nilai kebersamaan. Maksude, kabeh pemain ”bersama-sama” ngentekke krupuk sing disedhiakake panitia. Rak penak tah? Guyub rukun, mangan bareng, ora rusuh, kahanan sing gawe adhem.

4. Ngiring Bal Nganggo Terong

Lomba iki mbutuhake terong, tali, lan bal pingpong. Terong sing ditaleni ana bangkekan dianggo ngiring bal pingpong nuju garis finis. Pemain kudu konsentrasi lan pener anggone nggiring bal. Yen ora konsentrasi, bisa-bisa bal sing digiring malah menggak-menggok. Mulakna, terong sing dianggo kudu dipenerke, lurus mengarah neng garis finis.

Lomba iki cocog karo wong sing fokus lan bersemangat. Wong sing duwe fokus bakal iso nggiring bal kanthi pener. Pener sing nendhang bal nganggo terong. Pener anggone ngayun terong, ben ora menggok. Yen menggok, arahe bal ya bakal ora karuwan.

Nggiring bal nganggo terong iki nggambarake nilai saling menghargai lan ora ngurusi masalah pribadi wong liya. Pemain kudu manghargai pemain liyane kanthi nendhang bale dhewe. Pemain sadhar yen bale kancane iku urusane kancane, ora kena cawe-cawe. Yen ngrusuhi bale kancane, pelanggaran. Bisa disemprit. Dianggep nggak sportif.

Sakjane isih akeh lomba pitulasan liyane sing gayeng lan duwe nilai luhur. Kabeh lomba iku dadi salah sawijine cara kanggo mengeti dina Kamardikan Indonesia. Malahan, lomba mau bakal apik yen dilombakake ana Asian Games. Asian Games bakalan tambah gayeng. Apameneh komentatore Valentino Simanjuntak. Pas nendhang bal nganggo terong, ”Jebret… jebret… jebret”. Pas ngliwati garis finis, ”Siapa kita….?” , ”Indonesia…..”.

Sugeng ambal warsa kaping 73 Indonesia. Mugi tambah ingkang sae-sae kemawon. Tambah maju, tambah jaya, i love you.

Exit mobile version