Acara TV Khas Wulan Ramadhan, Saka Panganan Nganti Kuis-kuisan - Mojok.co
  • Kirim Artikel
  • Terminal
Mojok
  • Esai
  • Liputan
    • Kilas
    • Susul
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Movi
  • Podcast
No Result
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Kilas
    • Susul
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Movi
  • Podcast
No Result
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
No Result
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Movi
  • Podcast
Home Corak Rerasan

Acara TV Khas Wulan Ramadhan, Saka Panganan Nganti Kuis-kuisan

Zuni Lilaifi oleh Zuni Lilaifi
8 Mei 2019
0
A A
Bagikan ke FacebookBagikan ke TwitterBagikan ke WhatsApp

MOJOK.CO – Wulan Ramadhan biasane saben stasiun duwe acara TV khas dewe-dewe. Tapi, apa iya, tontonan kuwi mung isa ditonton pas pasaan?

Sugeng napa mawon sedulur, aku bersyukur isih isa pethuk wulan ingkang mulya yaiku wulan Ramadhan. Sakjane sing dirindukan wong-wong kae wayah wulan Ramadhan iku apa, ya? Sejatine sing merindukan wulan apik lan minulya mung krana Allah ta’ala, kuwi wong sing beja lan dirahmati kalian Allah SWT. Saiki isih akeh wong sing yakin, ikhlas, lan ora ngarep apa-apa ing wulan Ramadhan, kajaba mung rahmatipun Gusti Allah.

Nanging ya isih ana wong sing ngarep liyane. Kaya ngabuburit, buka bareng kanca-kanca, nyumet mercon, nganti nggugahi wong sahur nganggo klothekan sing khas. Aku kalebu sing setengah-setengah. Ngarep rahmat, iya. Ngarep ngabuburit, iya.

Sing dadi pitakonanku saiki, apa yen wulan Ramadhan acara TV ne kudu beda? Apa rungonane kudu beda? Sing akeh ning wulan Ramadhan yaiku acara TV ngabuburit, acara TV sahur, hafidz sing melu kompetisi, lan rungonane lagu-lagu islami. Mung, apa ya kudu ngono? Seumpama ben dina ngono kuwi apa ya ora oleh? Apa ya saru disawang, dirasakne, lan dirungokne?


Ana acara TV sing tak ileng-ileng ana kurang faedahe, tapi isih ana ing TV. Aku ora isa nyebutake tontonane apa. Tapi jelase, ana sing joget-joget nduduhne lekuk-lekuk awake lan suarane ngundang pikiran ala. Piye maneh lek sing ngono kuwi isih diizini tayang? Adhewe mung isa apa? Yen didemo, ya panggah wae. Dinyinyir, ya panggah ae. Menange acara TV ngene iki amarga ana tedenga aling-aling yaiku judule ana embel-embele Ramadhan.

Baca Juga:

Hikmah Puasa yang Sebesar-besarnya 

Berburu Pahala di Akhir Puasa dengan Al Quran Raksasa

Para Pencari Takjil dan yang Menyebalkan dari Bukber

Ana maneh aku tahu weroh acara TV Ramadhan liyane. Kethokane faedah, tapi ora ana sing weroh iki tenanan apa ora. Yaiku acara TV sing isine kuis ing wulan Ramadhan. Apa ya kudu beda ngene iki sing adhewe tonton? Kuis ngono kuwi tenan apa ora, ya? Sing entok menawa kanca-kanca, tangga-tangga, lan batih-batihe dhewe? Aku tahu njajal melu telpon ning nomor sing jare ana kuis. Mung ora tahu entok. Apa iki ancen durung bejaku? Ya emboh, sing eroh mung sing nduwe kuis lan Tuhan Kang Maha Agung.

Ana maneh acara TV sing beda lan mung enek ing wulan Ramadhan. Tontonan iki yaitu kompetisi islami salah sijine hafalan Al-Quran. Sebutane Hafidz lan Hafidzah. Iki muda-mudi sing dikarepne bangsa amarga bisa gawa agamane ning jaman edan kaya ngene iki. Tapi apa ya mung pas Ramadhan thok oleh tampil ning televisi? Apa ya pas dina-dina biasa ora oleh?

Ya kuwi maeng tontonan-tontonan sing isa didelok sepisan, lungguh. Mari ngono bosen. Sesok ora ndelok maneh, ora masalah. Tapi enek acara TV sing sambung sinambung wes kaya Sabang menyang Merauke. Nah, iki jenenge sinetron. Tapi beda, udu sinetron sing mlotot-mlotot kaya matane arep metu teko nggone iku. Udu sinetron sing ajaib-ajaibe dunya sing ceritane ghaib-ghaib. Tapi sinetron islami, kuwi lo sing biasane pemaine lembut kalem lawan pemaine sing jahat. Jahate paling mung fitnah lan sak panunggalane.

Sinetron biyen sing paling dikenal wong akeh ya, Para Pencari Tuhan. Ileng kan, ya? Awale metu wes apik, akeh faedahe, ora neka-neka ceritane. Tapi suwi-suwi, kok wes kaya kentekan cerita. Dadi nggawe-nggawe cerita sing ora nyambung.

Dadi, apa iya tontonan wulan Ramadhan kuwi kudu beda? Kudu enek iklan sing jarene cairan kanggo nambah stamina pas pasa. Ana maneh sing pasti ana, iklan sirup sing ceritane saiki ana timun mas lan butho ijo.

Wes pokoke wulan Ramadhan iku wulan sing suci. Wulan sing akeh faedah. Wulan sing isa nggolek pahala ora kira-kira. Wulan sing jarene turu wae kalebu ibadah. Bayangna, ya, turu, pegaweanmu ben dina sing dianggep pegawean ora faedah, ora nggenah, mung isa dilakoni yen wes wayah kesel utowo wes mari tanggung jawabe. Tapi ya sing nggenah, aja teka fajar terbit nganti sore turu wae. Apa ora kesel?

Kaya apa sing diomong Patrick, ngene, “Mari tangi, turu, tangi, turu, tangi, turu tanpa leren seumur uripku, aku butuh leren saka riwehe dina-dinaku.”

Sedulur, apa wae tontonane, pokok aja lali pasa, ya. Jare guru ngajiku biyen, ana pasa bedhuk, tapi tibake kuwi pasa gawe bocah-bocah latihan ben kuat. Apa wae acara TV ne kudu isa jaga awak, pikiran, lan hawa nafsu. Biasane ana acara TV sing isine ngomongna panganan, ya kuwi ujian, godaan, lan kudu sabar.

Wulan pasa wulan berkah. Caaakkeeeep!!! Aja agawe dosa lan aja lali wayah. Masiya pasa ora nonton apa-apa, ya asline ora apa-apa.

Terakhir diperbarui pada 8 Mei 2019 oleh

Tags: acara TVngabuburitPuasaramadhansahur
Zuni Lilaifi

Zuni Lilaifi

Artikel Terkait

Mr Assaat puasa

Hikmah Puasa yang Sebesar-besarnya 

1 Mei 2022
tadarus al quran raksasa mojok.co

Berburu Pahala di Akhir Puasa dengan Al Quran Raksasa

28 April 2022
Para Pencari Takjil dan yang Menyebalkan dari Bukber

Para Pencari Takjil dan yang Menyebalkan dari Bukber

15 April 2022
Sun Visor Mobil Plastiknya Nggak Dicopot tuh Biar Apaaa?

Pengajian Akhlak di Drakor ‘Hospital Playlist’ dari Tinjauan Psikologi

9 Mei 2021

Bertambah Wawasan, Bertambah Kegelisahan

9 Mei 2021
Beneran Nggak Sih Komunis Cina Batasi Umat Islam Beribadah di Negaranya?

Beneran Nggak Sih Komunis Cina Batasi Umat Islam Beribadah di Negaranya?

7 Mei 2021
Pos Selanjutnya

Wali Kota yang Gagal Dipahami Rakyatnya

Komentar post

Terpopuler Sepekan

Acara TV Khas Wulan Ramadhan, Saka Panganan Nganti Kuis-kuisan

Acara TV Khas Wulan Ramadhan, Saka Panganan Nganti Kuis-kuisan

8 Mei 2019
Sinar Mandiri melaju di Pantura MOJOK.CO

Melintasi Pantura Bersama Roda Lusuh Bus Sinar Mandiri

21 Mei 2022
makam raja-raja imogiri mojok.co

Mengenang Kebesaran Raja-raja Jawa di Pajimatan

18 Mei 2022
mie ayam om karman mojok.co

Mie Ayam Om Karman, Filosofi Meja Terisi, dan Semangat Perantau Wonogiri

22 Mei 2022
mie ayam pak kliwon mojok.co

Mie Ayam Pak Kliwon, Kesayangan Anak Teladan

15 Mei 2022
Jarang Pulang ke Rumah karena Gampang Mabuk Perjalanan

Ringkasan Cerita ‘KKN di Desa Penari’ buat Para Pemalas dan Penakut

29 Agustus 2019
Rahasia Mie Gacoan MOJOK.Co

Rahasia Mie Gacoan Jadi Jagoan Mie Pedas di Jawa dan Bali

20 Mei 2022

Terbaru

Ganjar Pranowo

Muncul Sinyalemen Dukungan dari Jokowi, Ganjar Pranowo Nggak Mau Kegeeran

23 Mei 2022
Affandi dalam Pusaran bulan Mei dan PKI

Affandi dalam Pusaran Bulan Mei dan PKI

23 Mei 2022
budi karya sumadi mojok.co

Berhasil Merajut Transportasi Nusantara, Menhub Dianugerahi Gelar Doktor Hc dari UGM

23 Mei 2022
sultan mojok.co

Sultan Lantik Pj Walikota Jogja dan Pj Bupati Kulon Progo

22 Mei 2022
PSS Sleman

46 Tahun PSS Sleman: Masuk Dunia Metaverse tapi Manajemen Masih Lelet 

22 Mei 2022

Newsletter Mojok

* indicates required

  • Tentang
  • Kru Mojok
  • Disclaimer
  • Kontak
  • Pedoman Media Siber
DMCA.com Protection Status

© 2022 MOJOK.CO - All Rights Reserved.

No Result
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Kilas
    • Susul
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Movi
  • Podcast
  • Mau Kirim Artikel?
  • Kunjungi Terminal

© 2022 MOJOK.CO - All Rights Reserved.

Welcome Back!

Login to your account below

Forgotten Password?

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In