Iman Budhi Santosa Wong Jawa Tenan – Terminal Mojok

Iman Budhi Santosa Wong Jawa Tenan

Featured

Sugito Ha Es

Begjane patembayatanku karo swargi Mas Iman Budhi Santosa selawase iki seje karo kanca-kanca liyane. Mulane yen saiki kepatah nulis sethithik ngenani panjenengane aku ya genah saguhe lan cetha kendele. Sing bakal takandharake ing kene mesthi ora bakal padha karo kanca liyane.

Nanging panjenengan sing padha maca tulisan iki aja gage-gage ndakwa yen aku kumaki, keladuk sesongaran dumeh rumangsa nate ngalami rasane cedhak karo swargi Mas Iman. Hla ya pancen cedhak tenan jane. Wong nyatane nate urip nunggal payon, gandheng tembok. Nanging dudu kuwi sing njalari kendelku. Senajan suwe srawung, wiwit 2008 tekan seprene, nanging aku kanyata dudu muride, ora kaya kanca liyane.

Dhasare ngene: swargi Mas Iman tetela panembahan: dadi jujugane wong-wong sing kasengsem marang nikmate angsung bekti marang kabudayan. Mas Iman nyata begawan: mahagurune para priyayi sing tekun ngudi ngelmu kasampurnan. Mas Iman wela-wela pujangga: dadi keblate kanca-kanca sing tuwajuh sinau susastra. Hla ya wis ta. Mokal kelakone yen aku meksa meguru utawa suwita marang panjenengane. Bobote kawruhe abot tenan. Wilangan ngelmune pepak tenan. Kamangka aku iki cah kesed tur bodho temenan. Ndilalah ana pawadan sing panggah kena kanggo jalaran aku caket Mas Iman. Pawadane kuwi mung siji: rumangsa padha-padha wong Magetan. Hla ya iki sing njalari aku begja kemayangan.

Begjane akeh banget. Saben ketemu, rembuganku karo panjenengane mung mligi nostalgia kampung halaman. Dadi entheng. Ora banjur methentheng. Paling-paling mengko yen kewuwuhan tekane kanca sijine, Mas Wage Daksinarga, banjur salin rasan-rasan utawa ngrembug babagan sing blas ora ana wigatine. Wis, pokoke ora bermutu kae. Ora ngojah kabudayan, ora nyatur kasusastran, ora njingglengi jinis tetuwuhan. Mung gojegan sinambi mempeng-mempengan udud sauwen-uwen kamangka arang disandhingi omben.

Saka rembugan sing entheng kuwi mau jebulane, bareng takthinthingi, Mas Iman maringi ngelmu lan kawruh pirang-pirang. Semu banget carane Mas Iman maringi ngelmu. Samun banget carane Mas Iman nuntun.

Contone ngene: Mas Iman crita yen biyen nalika isih cilik diwarisi aji-aji kasantikan dening simbahe, Mbah Harjo Wiyoto. Sarampunge nglakoni ndhekem kaya patrape kebo gupak sewengi natas ing ngisor longan senthong tengah, epek-epek tangan kiwane Mas Iman disebul suwukan. Mbah Harjo wanti-wanti amrih putune lanang kuwi aja pisan-pisan cengkiling (entheng tangane) kanggo milara liyan, luwih-luwih yen nempiling nganggo tangan kiwa sebab bakal gawe cilaka.

Baca Juga:  Mitos Seputar Kehamilan yang Aneh Banget, Nggak Usah Dipercaya deh!

Jare simbahe, saiki dayane epek-epek kiwa sing disuwuk mau ngungkuli bobote kebo lanang. Nempiling pisan bisa klakon dadi layatan. Mas Iman ngestokake dhawuh kuwi. Mula minangka pepeling, nganti tuwa, lengene sing kiwa tansah dianggoni gelang karet. Pamrihe supaya ajeg eling yen tangane kiwa ora kena kanggo sembranan. Hlo? Piye? Aneh ora? Asale ora duwe aji-aji banjur diparingi. Bareng wis sekti malah diweling amrih aja nganti nangani nganggo aji-aji kuwi. Eh, hla kok sing diweling ya mung waton nyendikani.

Bareng saiki aku wis mudheng karepe Mas Iman nyritakake kasetyan kuwi. Jebulane bener. Ya ngono kuwi patrape wong sekti. Nalare wis gamblang: SEKTI LAMUN KUWAWI NGENDHALENI DHIRI. Wong digdaya mandraguna kuwi wong sing kuwat meper hawa; sembada misesa priyangga. Hla Mas Iman wis lulus nglakoni kuwi. Diteguhi wiwit bayi nganti tekane pati.

Ana meneh. Mas Iman crita yen biyen jaman cilikane nate diajar simbahe. Sore-sore, mulih saka dolan karo kancane, dheweke wis diadhang neng ngarepan. Mbah Harjo wis nggegem penthung penjalin. Putune kuwi digebug gegere. Putune bingung. Ora ngreti jalarane. Ora mudheng apa lupute. Sawise wanci surup liwat, putune mau ditakoni simbahe. Ditakoni apa dhasare melu grudugan menyang kreteg Kali Gandhong. Putune blaka menawa katute gemrudug menyang kreteg jalaran wong-wong padha kepingin nonton tanggane sing mati bunuh diri anjlog saka kreteg menyang kali.

Simbahe mung nanggapi nganggo ukara pitakon, “Apa ngono kuwi tontonan?”

Pitakonane Mbah Harjo kuwi nganti seprene kerep dibaleni dening Mas Iman marang sapa wae sing cedhak karo panjenengane. Sapa wonge sing ora kedhodhog atine nalika “diculek mripate” lan “dikoroki kupinge” nganggo tanda tanya ngono kuwi? Aku sing wong bodho wae ujug-ujug mak tratab ngrumangsani salahku selawase iki. Selawase iki aku kerep mung rubuh-rubuh gedhang; anut grubyug ora ngreti rembug; ela-elu waton melu. Pungkasane kesasar tenan. Kesasar persis sing nate dialami Mas Iman: wong mati dianggep tontonan; wong bunuh diri disengguh atraksi hiburan. Bedane: Mas Iman mung kesasar pisan kuwi lan banjur TANSAH ELING-WASPADA tanpa pisan-pisan mbaleni nanging aku utawa malah uga panjenengan wis kesasar bola-bali tanpa ngrumangsani lan miceki uga mbudhegi marang pitutur sing ngawekani.

Baca Juga:  Tafsir Lain Ramalan Jayabaya Perihal Masa Depan Jawa yang Dipercaya Akurat

Isih ana meneh. Mas Iman kerep andum kenangan bab srawunge karo Pak Wongso, Pak Joyo, Bu Sruni, lan tangga-tanggane ing desa sing legawa nuladhani maneka cara. Ana sing muruki carane ngasah arit lan pangot. Dudu mung ungkale sing wigati. Wadhahe banyu malah wos. Piye carane amrih ora boros. Ana sing marahi carane nyuburake thukulan wit jeruk nganggo banyu amis tilas kumbahan daging. Kaya ngono wulangan GEMI NASTITI NGATI-ATI sing diolehi.

Mula ora maido yen Mas Iman ngalembana banget marang semboyane tukang sol sepatu keliling ing Yogya sing nate dikinthili. Semboyane tukang sol mau jane mung prasaja: yen kepengin mulih nyangking bathi 50 ewu aku kudu budhal ngembol sangu 100 ewu. Nalare ngene, supaya yen ndilalah ora ketemu rejeki ya sangune mau sing dianggo nyadhongi anak-bojo. Jan nastiti ngati-ati temenan. Persis pleg ngono kuwi lakune swargi Mas Iman.

Marang siswa-muride ing jagad kasusastran Mas Iman uga nandhesake ugeman ngati-ati kuwi. Mung wae unen-unene rada beda. Kaprahe padha didongengi unen-unen GOLEK GENI ADEDAMAR; GOLEK BANYU APIKULAN WARIH: golek geni sangu geni; golek banyu sangu banyu. Embuh jane piye katrangane nanging nyatane para siswa-muride mesthi banjur manthuk-manthuk ngestoni ngendikane. Marang bab iki aku mung wani mbundheli menawa Mas Iman bombong dadi wong Jawa kampung. Nyatane pancen kerep banget panjenengane cablaka bares kores blaka suta blak kotang terus terang yen bungah dadi wong dhusun sing pepindhane adoh ratu cedhak watu. Sebabe, kanthi mangkono pribadine Mas Iman rumangsa terang dikalisake saka lethek regedane warisan kabudayan feodal ing tilas-tilas pusat kebudayaan Jawa.

Ana meneh sing kena takpethik saka lakone swargi Mas Iman. Aku gumun, kena apa asring banget panjenengane nempil unen-unen “galihing kangkung” utawa “susuhing angin” nalika nyumbang kata pengantar ing buku karyane kanca? Kok saben wong, tanpa mawas enom-tuwane yuswa, diajak tetepungan karo isbat iki? Suwe-suwe aku nyoba nggagapi dhewe, bokmenawa Mas Iman ngersakake marang kabeh siswa-murid utawa sanak-kadang sumitrane ing jagad kasusastran amrih nyarirani watak BUMI PINENDHEM (andhap-asor) senajan duwe pethingan awujud sumbang-sih karya marang kabudayan.

Baca Juga:  Perspektif Orang Ketiga dalam Prahara Rumah Tangga Orang Lain

Senajan mung satleraman, Mas Iman pijer ngajak bebarengan “nggoleki kayu gung susuhing angin” (mengenali diri sendiri), “nggoleki galihing kangkung” (menyucikan hati) lan “nggoleki tapake kuntul nglayang” (beramal saleh tanpa pamrih). Coba wae panjenengan takoni wong-wong sing caket karo panjenengane. Mesthi kabeh nate diwedhari bab iki. Eram tenan. Ana wong kok tuluse kaya ngono?

Isih akeh banget cacahe crita-critane swargi Mas Iman sing durung taktulis ing kene. Senajan ngono, crita cupet iki wis bisa kanggo tandha yekti, Iman Budhi Santosa kacihna minangka wong Jawa tenan.

Swargi Mas Iman biasane nalika sesumbar toh-tohan mung muni, “wani kethokan kuku”. Aku dina iki sumbar “wani kethokan gulu” yen Mas Iman pancen wong Jawa tenan. Ora mung tulisane KTP. Mas Iman Jawa laku uripe.

Matur nuwun, Mas Iman. Panjenengan ingkang nate mbombong kula amrih tatag nglampahi gesang kesrakat. Dhawuh panjenengan, “Megurua marang lumut neng latar kae! Lumut kae sembada manggon neng ngisor nanging yen ana wong sing sembrana ngidak-idak ora wurung tiba njengkelang ora ketulungan. Awakmu kudu tabah legawa nglakoni nanging aja nganti kelangan daya banjur njaluk mati.”

Nggih, Mas. Mugi-mugi….

Matur nuwun konjuk Mas Hasta Indriyana sing biyen nggeret aku nganti tepung karo panjenengane.

Ilustrasi: Foto Iman Budhi Santosa dalam satu acara di perkebunan teh Medini, Kendal, Jawa Tengah, pada 2014. Arsip F. Rahardi.

BACA JUGA Perjudian Iman Budhi Santosa: Cabut dari PNS Jadi Penyair, Cabut dari Dunia Malah Jadi Legenda dan tulisan Sugito Ha Es lainnya.

Terminal Mojok merupakan platform User Generated Content (UGC) untuk mewadahi jamaah mojokiyah menulis tentang apa pun. Submit esaimu secara mandiri lewat cara ini ya.
Pernah menulis di Terminal Mojok tapi belum gabung grup WhatsApp khusus penulis Terminal Mojok? Gabung dulu, yuk. Klik link-nya di sini.
---
8


Komentar

Comments are closed.