• 11
    Shares

MOJOK.CO – “Yowes ben toh, nganggo basa Jawa.”

Yen kowe saiki dolan menyang bioskop ing saindange nagara iki, kowe bokmanawa niteni ana poster film e Bayu Skak sing anyar. Durung suwe iki, dheweke pancen mbabar film anyar mawa sesirah Yowis Ben. Film e iku dadi karyane sing kapisan sing naskahe iku anggitane dheweke dhewe. Tur maneh, olehe marsudi angel-angelan supaya naskahe kasembadan dadi film.

Bisa diarani film e iku ora sembarangan. Ora kaya film Indonesia lumrahe. Film iki nganggo basa Jawa minangka basa panglantare. Jare dheweke dhewe, 90% guneman ing film iku abasa Jawa.

Nanging emane, lambene netizen pancen turah-turah. Apa wae dicacad, kalebu film e Bayu Skak iki. Ana maneka warna panyacade netizen, nanging mung siji sing dicacad, yaiku basa Jawane! Film e dicacad mung amarga nganggo basa Jawa! Endi sing jare ora nasionalis, basa kampung, basane pembokat, basane TKI, lan sapiturute sakemenge gamblehane netizen.

Bayangna ya, karyamu dicacad mung amargo nganggo basa sing wis dadi jati dhirimu, identitasmu. Njur piye rasane? Ora ana wong Jawa sing lair ceprot njaluk dadi wong Jawa. Jawa iku wis gawan lair, wis default istilahe. Trima ora trima, bayi sing lair saka wong tuwa Jawa, bakal diarani wong Jawa, lan nyunggi kuwajiban moral nguri-uri basa Jawa, kaya lelabuhane Bayu Skak.

Jalaran clometane netizen iku, Bayu Skak nganti ngetokake video tanggepan sing ngobong lan mbombong atiku lan atine akeh wong Jawa. Kepiye bisa diarani ora nasionalis yen sesanti, ‘Bhinneka Tunggal Ika’ wae isih mapan ing sukune garuda Indonesia.

Nagarane awakdhewe rak ya durung ganti ideologi, toh?

Baca juga:  Prediksi Jalan Cerita Eiffel… I’m in Love 2

Ndeleng kaanan nagara iki, saya mrene kok saya mutawatiri, kaya padha ora nggagas ukara, ‘Bhinneka Tunggal Ika’. Mulane isu sara laris banget, kaya tahu goreng ‘kethuki’ sing jenenge saru. Padudon agama ora lerem-lerem nganti saiki. Embuh arep tekan endi juntrunge.

Kaanan sing wis ruwet kaya mangken apa arep ditambah isu sara liyane? Contone, ngala-ala wong Jawa amarga Jawane.

Nanging anehe, yen Malaysia katon ngopeni budaya Jawa, wong kana banjur dibengoki maling budaya kamangka ing Malaysia akeh dulur-dulur Jawa sing pengin nguri-uri Jawane. Gilirane ana wong Jawa ing Indonesia sing arep ngundhakake drajate basa Jawa kanthi cara gawe film basa Jawa, lah kok malah dibengoki ora nasionalis. Karepe piye, je?

Yen pikirane padha wening, kudune padha rumangsa. Indonesia iku pancen ora sawarna kaanane. Indonesia iku maneka warna, ya bhinneka. Sing asale saka tembung Jawa Kuno ‘bhinna’ lan ‘ika’, jarwane ‘beda-beda kae’. Sarta ‘tunggal ika’, jarwane ‘siji kae’. Yen dionceki, ‘bhinneka tunggal ika’ mau tegese ‘sanajan kaanane beda-beda, padha manunggal’.

Sumpah Pemuda wae ora kandha berbahasa satu, bahasa Indonesia. Nanging kandha menjujung bahasa persatuan, bahasa Indonesia.

Tegese nom-noman jaman semana wis putus, ngerti yen basa Indonesia ora kena ngganteni basa-basa enggonan sing 700 punjul cacahe lan asli duweke wong-wong Indonesia dhewe, dudu barang imporan, ya.

Yen jare nganggo basa Jawa iku ora nasionalis, njur nganggo basa Indonesia iku apa mesthi nasionalis?

Kae wong-wong sing padha maling dhuwit nagara, sing padha ngedumi warta goroh (hoax), sing njalari padu lan gawe crah nagara iki rak ya nalika tumindak akeh-akehe padha nganggo basa Indonesia, toh? Takpikir, nasionalis orane uwong iku dudu amarga basa sing dienggo. Kowe arep nganggo basa Klingon karo gendhakanmu, ya sumangga, angger ora gawe crah nagara iki.

Baca juga:  "Turah": Miskin Itu Menyakitkan

Bokmanawa padha durung ngerti, saben taun dipengeti sing jenenge Dina Basa Ibu Internasional (cara Inggrise International Mother Tongue Day) saben tanggal 21 Februari. Dina iku kanggo sopo ae sing perduli marang basa ibune supaya ngudhar gagasan nganggo basa ibune, nuduhake marang wong-wong sajagat yen basa ibune isih ana, lestari tekan saprene.

Dina Basa Ibu Internasional iku upayane UNESCO murih lestarine basa-basa sadonya lan akon marang nagara-nagara anggotane supaya nggatekake basa-basa asli nagarane dhewe-dhewe. Indonesia entuk jejibahan ngrumat basa enggon-enggonan cacah 700 punjul. Nanging jejibahan mangkono mokal kaleksanan yen mung gumantung Badan Bahasa lan anakane.

Wong-wong sing ngendikan basa ibu kudu disengkuyung supaya gedhe atine yen nganggo basane dhewe lan aja diasorake. Sapisan ana wong sing rumangsa asor yen nganggo basane dhewe, bisa dadi wong mau dadi asor sateruse. Yen rasa asor iku dialami kabeh wong sing ngendikan basa mau, wusana njalari basane cures lan padha karo mateni kabudayane wong-wong mau.

Kajaba iku, curese sawijining basa iku banget rugine tumrap sains lan manungsa sakabehe, apa dene basa sing cures mau ora kacathet. Apa iku sing dipengini kalakon ing nagara iki?

Pandugaku, netizen sing clometan ngala-ala basa Jawa mau bokmanawa olehe ngerti nasionalisme keladuk banget nganti fanatik, wusana malah wuta marang tegese sesanti nagara iki, ‘bhinneka tunggal ika’. Yen pranyata ora mangkono, wong-wong iku ya pancen suwung uteke.