MOJOK.CO – Tugase bong supit ing jaman biyen kuwi mirip HRD, amarga ditugasi nyawisi tenaga ‘siyap pakai’ kanggone pihak kolonial.
Senajan jaman wis modern, nanging isih akeh banget wong Jawa kang percaya klawan sawetara unen-unen kuna. Cacahe unen-unen ing Jawa dhewe akeh banget. Ana sing kandha yen gunane unen-unen kang ana ing kabudayan Jawa yaiku kanggo menehi piwulang, angger-angger, lan conto marang masyarakat Jawa. Kanthi nindakake lan ngugemi unen-unen iku mau diajab wong sing ngugemi bakale slamet uripe.
Mung wae maksud sing ana ing sawalike unen-unen mau rancake disampekake kanthi cara samudana. Merga digawe samudana akeh wong Jawa sing ora ngerti kepara kerep salah tampa kalane ngartekake utawa negesi unen-unen mau. Kahanan sing kaya mangkene dadi lumrah jalaran menawa dipikir-pikir apa sing samudanake liwat unen-unen pancen akeh sing ora masuk akal.
Masiya ora masuk akal, nyatane isih akeh wong Jawa sing isih ngugemi lan nguri-uri unen-unen kuna mau. Salah siji unen-unen kuna sing isih dipercaya yaiku unen-unen sing kerep diunekake bong supit utawa tukang sunat sadurunge nangani pasiene. Isine unen-unene yaiku: aja kesusu sunat ndak mengko nggarai kecenthet.
Ya, saka ananane unen-unen sing kaya ngene iki kang ndadekake wong Jawa kang duwe putra lanang milih lan nemtokake umur pira anake lanang bakal disunatake. Ing jaman saiki bocah lanang Jawa umume disunatake ing kalane lulus Sekolah Dasar (SD). Biyasane umure bocahe sing disunatake wong tuwane wis ngancik 12 taun.
Unen-unene bong supit utawa tukang supit sing kaya ing dhuwur iku pancen aneh lan ora masuk akal tenan. Jalaran antarane sunat lan kecenthet pancen ora ana hubungane babar pisan. Ora ana ilmu medhis kang wani menehi garansi bocah sing disunatake wektu umure wis akeh pertumbuhane bakal luwih cepet tinimbang bocah kang disunatake wektu umure isih sithik.
Gandhenge ora pengin anake kecenthet lan pengin anake bisa tuwuh kanthi maksimal. Tekan saiki akeh wong Jawa kang ora kesusu anggene nyunatake anake. Saliyane ngenteni umure bocah dianggep wis cukup. Wong tuwa sing anake wis wayahe sunat. Biyasane uga milih dina kanggo nyunatake anake. Ancase supaya ing tembe, sawise disunat anake bakal karembesan sihe Pangeran lan ditebihake saka sakehe lir sambikala.
Kaya dene unen-unen liyane. Muncule unen-unen sing kaya mangkene ing masyarakat Jawa mesthi ana sing dadi penyebabe. Manut ngendikane Pak Iman Budhi Santosa, salah siji budayawan saka Yogya, muncule unen-unen sing kaya ngene iki kanggo nglindhungi bocah ing jaman biyen supaya bisa menikmati masa anak-anake luwih suwe. Diperkirakake unen-unen iki muncul wiwit jaman kolonial belanda biyen.
Ing jaman biyen sing nemtokake bocah wis bisa disebut dhiwasa utawa durung iku mung siji: bong supit. Bocah sing sepira akehe umure sauger durung disunat dening bong supit bocah mau durung bisa sinebut dhiwasa. Gandhenge durung dhiwasa. Bocah sing durung sunat durung oleh diwenehi kewajiban kang kudu ditindakake dening wong dhiwasa.
Sawetara kewajiban sing kudu ditindakake wong dhiwasa ing jaman biyen yaiku melu kerja paksa, nindakake gugur gunung, lan akeh banget kewajiban-kewajiban liyane sing rancake butuh tenaga gedhe kanggo nindakake. Gedhene tenaga sing kudu ditindakake lan resiko sing mungkin ana sing kewajiban-kewajiban mau ndadekake para bong supit ing jaman biyen ora sembarangan anggene nyunat bocah.
Mung bocah-bocah sing sacara dedeg lan mental sing wis cukup wae kang bakal disunat. Sing kaya ngene iki ‘kapeksa’ ditindakake supaya bocah kang disunat kalane tatune garing. Bakale siyap nampa kewajiban kang kudu ditindakake. Bisa dikandhakake tugase bong supit ing jaman biyen kuwi sairib HRD. Piyambake ditugasake nyawisi tenaga ‘siyap pakai’ kanggone pihak kolonial.
Mulane bong supit jaman biyen tliti banget anggene milih pasiene. Jalaran mung pasien sing dianggep duwe dedeg kang pengkuh sarta mental kang tenagane kuwat wae kang bakal ‘dilulusake’. Tandha ‘lulus’ sing diwenehake dening bong supit iki yaiku kanthi cara nyunat bocah sing dianggep wis nyukupi syarat-syarat sing dikarepake dening bong supit dhewe.
Keputusan sing dijukuk dening bong supit ora kena diganggu gugat. Dhekne ora kena dipeksa nyunat bocah sing umure dianggep isih keciliken. Dipeksa kaya ngapa sauger ora ana samubarang sing sipate darurat. Bong supit tetep ora gelem nyunat bocah sing dianggep isih durung wayahe sunat. Kaputusan sing kaya ngene iki dijupuk merga dhekne mesakake marang bocah sing durung wayahe nanging bakale nampa beban sing durung wancine disangga.
Sawise ndulu apa sing ditindakake dening bong supit ing jaman biyen iki. Bisa diwenehi dudutan yen dhekne ngono mujudake salah siji ‘pelindung bocah’. Senajan duwe posisi minangka ‘pelindung bocah’. Nanging sithik banget bocah kang ngucapake matur nuwun marang bong supit. Sing ana malah akeh bocah sing rumangsa sengit marang bong supit. Sing dadi penyebabe sengit marang yaiku merga dhekne nate menehi lara kang ora bakal dilalekake dening bocah lanang sing wis tau disunat.
Ing jaman modern kaya saiki pamore bong supit bisa dikandhakake ora moncer maneh kaya jaman biyen. Kahanan iki dumadi merga ing jaman saiki akeh wong tuwa sing luwih milih nyunatake anake menyang dhokter utawa mantri sing dianggep luwih ngerti babagan medhis tinimbang nyunatake anake menyang tukang sunat tradhisional kayata menyang bong supit.
Uwal saka endi sing luwih apik. Sunat sacara medhis utawa sunat sacara tradhisional. Senajan kerep kalekake, nanging para bong supit ing jaman biyen wis nyathetake jenenge ing sejarah Indonesia minangka pawongan kang wis kasil menehi kalodhangan menyang para bocah ing jaman bisa supaya bisa luwih suwe anggene menikmati masa kanak-kanake.