Rabi Kiye Ora Mung Perkara Nduwe Jodoh, tok! - Mojok.co
  • Cara Kirim Artikel
Mojok
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Bertamu Seru
    • Geliat Warga
    • Goyang Lidah
    • Jogja Bawah Tanah
    • Ziarah
    • Seni
  • Kilas
    • Ekonomi
    • Hiburan
    • Hukum
    • Kesehatan
    • Luar Negeri
    • Olah Raga
    • Pendidikan
    • Politik
    • Sosial
    • Tekno
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Uneg-uneg
  • Movi
  • Terminal
  • Kanal Pemilu
  • Esai
  • Liputan
    • Bertamu Seru
    • Geliat Warga
    • Goyang Lidah
    • Jogja Bawah Tanah
    • Ziarah
    • Seni
  • Kilas
    • Ekonomi
    • Hiburan
    • Hukum
    • Kesehatan
    • Luar Negeri
    • Olah Raga
    • Pendidikan
    • Politik
    • Sosial
    • Tekno
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Uneg-uneg
  • Movi
  • Terminal
  • Kanal Pemilu
Logo Mojok
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Uneg-uneg
  • Movi
  • Terminal
  • Kanal Pemilu
Beranda Corak Rerasan

Rabi Kiye Ora Mung Perkara Nduwe Jodoh, tok!

Margaretha Diana oleh Margaretha Diana
10 Juli 2019
0
A A
Rabi Kiye Ora Mung Perkara Nduwe Jodoh MOJOK.CO
Bagikan ke FacebookBagikan ke TwitterBagikan ke WhatsApp

MOJOK.CO – Lek wong tuwa ngerabikna anake mung amarga ora oleh pacaran. Jan-jane piye, ya? Lha wong rabi ki ora soal wis ketemu karo jodohne.

Nyong ndlongob, maca berita sing jere neng Palu kana ana bocah umur pat belas tahun, uwis derabikna neng wong tuwane. Jerene ben ora padha aneh-aneh. Aeng-aeng nggole pacaran, ya mending derabikna sisan. Ben wong tuwane padha legane, ora mumet ndeleng bocah cillik padha pacaran.

Bocah sekiye mbok neng ndi papan padha ngikuti kemajuan jaman. Aja maning sing gur radio apa tivi, sing uwis deanggep kuno. Sekiye mbok kabeh menthek, isih nganggo dot karo pempers baen uwis cekelane hape, kenalane yutup, Instagram, karo media sosial.

Tur maning, bocah-bocah kuwe bocah sing padha ngerti bangku sekolah, sing kudune teyeng olih pendidikan sing duwur. Ora gur lulus SD, njuk SMP kelas loro padha metu gur nggo rabi. Ya nek sing lanang sih teyeng nglanjutna sekolah maning njah. Lah sing wadon, nek ngerti-ngerti meteng? Apa nggane njur ora mandeg sekolahe? Nggembol weteng gedhe isi bayi maring sekolahan, mbok ora mungkin. Ora gur isin, ning uga delarang neng peraturan sekolahe.

Nyong dadi mbayangna, umur-umur semono kuwe padha baen karo umuran anake nyong sing gedhe. Wong anake nyong baen esih mbok-mboken. Kon tangi gasik kangelan. Kon adang dewek esih malesan. Kowh ana sing seumur deweke uwis rabi. Apa nggane uwis pada mens mbarang? Wong nyong jaman gemiyen baen, pertama mens pas umur limolas tahun.

Ning jebule ngrabikna bocah-bocah sing esih cilik, alias ABG, saiki lagi nge-trend maning kowh. Ora gur sing neng Palu thok kuwe. Kancane nyong ya ana sing keponakane esih SMA, derabikna karo bocah kuliahan anyar. Alesane ya padha, ben wong tuwane ora padha mumet, mbok nek pacaran ngasi kebablasan. Masiya sing wadon kuwe esih kelas loro SMA, njur sing lanang kuwe kuliah nembe semester papat mbarang.

Baca Juga:

jam masuk sekolah mojok.co

Pakar Soroti Jam Masuk Sekolah Pukul 5 Pagi: Bisa Berdampak Buruk pada Fisik-Emosi-Kognitif Siswa

4 Maret 2023
Kepala Disdikpora DIY, Didik Wardaya, Rabu (01:02:2023) menyampaikan tentang isu penculikan siswa. (Yvesta Ayu:Mojok.co) MOJOK.CO

Marak Isu Penculikan Anak, Program Satu Sekolah Dua Polisi Digalakkan

2 Februari 2023

Kancane nyong jane ya ora setuju karo polahe mbakyune sing ngrabikna anake sing esih SMA. Merga bocah esih cilik, esih wayahe seneng-seneng, kowh wis kon mikir bojo mbarang. Mending sih bojone uwis teyeng ngayani mbarang. Lawong padha-padha esih sekolah, esih padha-padha ngedeng maring wong tuwa lah.

Apamaning bocah esih SMA kelas loro, umur baen urung nganti rongpuluh tahun. Ora gur secara mental ya urung temuwa. Ning secara fisik, misale ngerti-ngerti meteng ya urung patiya mateng kondisi organ tubuhe. Wong organ kewanitaane wong wadon sing durung umur rongpuluh tahun, nek jere dokter Obgin kuwe urung berkembang sempurna. Mulane sok akeh kasus, kematian ibu muda pas padha nglairna.

Durung maning sing padha lairan gampang gangsar nana. Urung mesthi padha ora kenang PPD alias Post Partum Depression, alias Baby Blues. Kiye maning, paling rawan ngenani bocah-bocah cilik sing nembe padha nduwe bayi. La kepriben, wong pancen secara mental ibu-ibu sing ABG mbok mentale esih padha labil? Padahal wong meteng kuwe, hormone kaya roller coaster gur munggah mudun ora karuan tur ora teyeng deprediksi.

Lah kiye, uwis mentale baen urung mateng, ketambahan hormon sing munggah mudun ora cetha. Ya mbok tambah bubrah?

Kuwe nembe rong kasus, urung kasus-kasus liyane sing jelas ya jane ora perlu delakoni. Nek ora padha gagehan rabi kowh gur nganggo alesan, timbang padha maksiat. Apa nggane wong tuwane ora teyeng ngandani? Apa ngajari kepriben carane padha ngendalikna hawa nafsu, sih?

Tur maning, kadangan bocah-bocah umur semono pacaran ya gur pacaran sekenane. Ora kabeh njur deukur karo pacaran bablasan kaya motor ora nana rem-e. Wong nyatane ya ana kae keponakane nyong, uwis kuliyah, ora usah mikir maksiyat sing keduwuren. Wong weruh miskalan neng wasap sekang pacare baen uwis bungah pisan. Dungas dungis ora nggenah. Padahal gur miskalan, ora nganti ngobrol neng telpon mbarang.

Ujare nyong tah, ngrabikna bocah-bocah cilik umur-umur semono malah ora nglatih tanggung jawab sing bener. Padahal kudune, sing jenenge wong tuwa teyeng aweh bekal sing bener nggo anak-anake tentang urip berumah tangga, bebojoan bin berjodohan.

Jal sih, garep deomong ngewehi contoh tanggung sing apik kang endi jal? Nek urung apa-apa njur derabikna, ben ora maksiyat. Kuwe mbok berarti wong tuwane ora teyeng percaya karo anake. Utawa padha baen nek anake kuwe ora teyeng dipercaya, dinei tanggung jawab. Nek teyeng pacaran sing bener, gur runtang runtung apa ngopi-ngopi karo selfi tok.

Kuwe sing kesiji. Lah sing keloro, urung padha teyeng tanggung jawab secara finansial kowh njur derabikna? Kabeh butuhe mangan, sandang, karo papan esih decukupi neng wong tuwa. Kaya kuwe, apa nggane contoh sing apik tah? Contoh bentuk tanggung jawab, tah?

Mbok penak pisan, rabi gari rabi. Bojone kencot, kon madhang neng nggone mertuwane apa biyunge. Merga sing lanang asline pengangguran. Kepengin nyandangi bojone, ngedeng karo rama biyunge. Kepengin nukokna lipstik sing wadon, ngedeng maning. Kuwe urung ana anake mbarang. Urung perkara iplikiyike babaran nganti cindile pada sekolah. Lih, pirang-pirang pisan ragate.

Kaya kuwe, apa-apa ngedeng karo wong tuwa. Mbok jenenge manja, jenenge dedulang baen. Kapan dewasane? Apa bentuk tanggung jawabe? Iya nek wong tuwa teyeng urip selawase. Nek rejekine lancar baen nggole mili kaya kali Serayu. Nek njur mak bedhudhut, njur bangkrut, apa seda? Garep kepriben nggole makani, nyandangi anak bojone, jal? Wong ora tau deajari carane mandiri, carane tanggung jawab.

Perkara kaya kuwe, sing nyong gumun. Maningan, jenenge bocah esih piyik tur iplikiyik, mestine mbok esih pada labil pisan. Ana apa-apa, biyasane njur padha kesuhan. Wong jenenge baen esih bocah, mesthine mbok gampang kepengaruh liyane. Gampang cemburunan, gampang kesuhan. Nek uwis kaya kuwe, ngko buntut-buntute padu, minggatan, njur cere. Lah, kawin cere padha penak temen njah, padhakna wahing.

Nyong gumun pisan karo wong tuwa sing njur nganggo alesan ben baen rabi enom, mumpung payu. Timbangane ngko tuwa angel jodone. Nggo alesan pembenaran. Rumangsane, rabi kuwe padha karo dodolan neng pasar, si njah? Mumpung payu, mumpung ana sing gelem. Kaya kuwe mbok depadhakna karo rempeyek kacang. Mumpung ana sing gelem, mumpung esih gurih. Nek ora payu, mbok sedhela maning mlempem.

Trembelane si njah!

Nek gur rabi asal rabi, jelase kabeh menthek teyeng. Ning perkara rabi kuwe mikul tanggung jawab sing ora sethithik. Ana perkara anake uwong, sing kudu deopeni, denafkahi, deurusi sing bener. Ana perkara anak, sing jelas-jelas dadi tanggung jawabe wong tuwane. Aja ngasi padha keleleran ora kopen. Gur gara-gara rama biyunge esih padha piyik, tukaran dewek, njur anake gur planga-plongo nggole nyanding.

Tur maning, kabeh kuwe mau mbok ya mengko dejaluki pertanggung jawaban, neng ngarepe Gusti Allah nek uwis pada neng akherat. Lah, nek neng ndunya baen bubar jalan, apamaning ngko urus-urusane neng akherat? Mulane, rabi ya rabi, ning ya mengko lah nek uwis padha cukup umur. Wis padha temuwa, teyeng mandiri secara finansial. Ora kabeh-kabeh ngedeng karo wong tuwa. Nek rabi esih padha piyike, padha esih sekolahe. Kepriben ger nggarep nggolet duwit, kerja, nek sekolah baen metu gara-gara rabi, jal?

Masa uwis nduwe cindil siji, tuku rokok esih ngedeng biyunge? Ngisin-ngisina, lah!

Terakhir diperbarui pada 10 Juli 2019 oleh

Tags: cilikmbojorabisekolah
Margaretha Diana

Margaretha Diana

Ibu dua anak. Tinggal di Semarang,

Artikel Terkait

jam masuk sekolah mojok.co
Pendidikan

Pakar Soroti Jam Masuk Sekolah Pukul 5 Pagi: Bisa Berdampak Buruk pada Fisik-Emosi-Kognitif Siswa

4 Maret 2023
Kepala Disdikpora DIY, Didik Wardaya, Rabu (01:02:2023) menyampaikan tentang isu penculikan siswa. (Yvesta Ayu:Mojok.co) MOJOK.CO
Kilas

Marak Isu Penculikan Anak, Program Satu Sekolah Dua Polisi Digalakkan

2 Februari 2023
Sekolah di DIY dilarang melakukan Pungli
Pendidikan

Tahun Ini Sekolah di DIY Tak Bisa Sembarangan Lakukan Pungli

17 Januari 2023
penghapusan pr mojok.co
Pendidikan

Pro dan Kontra Penghapusan PR untuk Siswa di Surabaya

23 Oktober 2022
Muat Lebih Banyak
Pos Selanjutnya
habib rizieq

Kubu Prabowo Meminta Pemulangan Habib Rizieq Sebagai Salah Satu Syarat Rekonsiliasi

Tinggalkan Komentar


Terpopuler Sepekan

Tinggal di Pinggiran Kota Jogja Itu Nggak Enak, Rasanya Kayak Neraka dan Petaka MOJOK.CO

Tinggal di Pinggiran Kota Jogja Itu Nggak Enak, Rasanya Kayak Neraka dan Petaka

15 Maret 2023
Rabi Kiye Ora Mung Perkara Nduwe Jodoh MOJOK.CO

Rabi Kiye Ora Mung Perkara Nduwe Jodoh, tok!

10 Juli 2019
Toyota Fortuner Membuat Saya Kesulitan Menahan Ego di Jalan Raya MOJOK.CO

Toyota Fortuner Membuat Saya Kesulitan Menahan Hawa Nafsu di Jalan Raya

18 Maret 2023
sekolah kedinasan mojok.co

10 Sekolah Kedinasan yang Paling Ramai dan Sepi Peminat

22 Maret 2023
Samsung Galaxy A Series Android Terbaik MOJOK.CO

Samsung Galaxy A Series: Seri Terbaik untuk Kelas Midrange Android

21 Maret 2023
Honda Supra X 125 Tetap Juara di Pelosok Indonesia MOJOK.CO

Honda Supra X 125: Tetap Juara di Pelosok Indonesia

20 Maret 2023
jurusan kedokteran mojok.co

Selektivitas 7 Jurusan Kedokteran Terbaik di Indonesia 

16 Maret 2023

Terbaru

manfaat puasa mojok.co

Pakar UGM: Berpuasa Baik untuk Kesehatan Mental

23 Maret 2023
rohana kudus pahlawan perempuan

Rohana Kudus: Bermula dari ‘Homeschooling’, Jadi Gemar Bikin Sekolah, Lanjut Jadi Jurnalis Perempuan Pertama di Indonesia

23 Maret 2023
Derita Mahasiswa yang Kampusnya Tutup Tiba-tiba: Mimpi Kami Punya Ijazah Musnah. MOJOK.CO

Derita Mahasiswa yang Kampusnya Tutup Tiba-tiba: Mimpi Kami Punya Ijazah Musnah 

23 Maret 2023
universitas brawijaya mojok.co

15 Jurusan yang Sepi Peminat di Universitas Brawijaya, Tingkat Ketetatannya Rendah!

23 Maret 2023
surat pelaku mutilasi mojok.co

Isi Lengkap Surat Pelaku Mutilasi di Sleman Sebelum Tertangkap

23 Maret 2023
massa mengambang jelang pemilu

Jelang Pemilu, Apa itu Massa Mengambang yang Jadi Rebutan Parpol?

22 Maret 2023
Wage Rudolf: Rasisme Jogja dan Kumandang Indonesia Raya

Wage Rudolf: Rasisme Jogja dan Kumandang Indonesia Raya

22 Maret 2023

Newsletter Mojok

* indicates required

  • Tentang
  • Kru Mojok
  • Disclaimer
  • Kontak
  • Pedoman Media Siber
  • Kebijakan Privasi
DMCA.com Protection Status

© 2023 MOJOK.CO - All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Kanal Pemilu 2024
  • Esai
  • Liputan
    • Bertamu Seru
    • Geliat Warga
    • Goyang Lidah
    • Jogja Bawah Tanah
    • Pameran
    • Panggung
    • Ziarah
  • Kilas
    • Ekonomi
    • Hiburan
    • Hukum
    • Kesehatan
    • Luar Negeri
    • Olah Raga
    • Pendidikan
    • Sosial
    • Tekno
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Uneg-Uneg
  • Movi
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2023 MOJOK.CO - All Rights Reserved.

Welcome Back!

Login to your account below

Forgotten Password?

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In