Prekara Gendera Ireng lan Wetone Jokowi-Prabowo - Mojok.co
  • Kirim Artikel
  • Terminal
Mojok
  • Esai
  • Susul
    • Bertamu Seru
    • Geliat Warga
    • Goyang Lidah
    • Jogja Bawah Tanah
    • Pameran
    • Panggung
    • Ziarah
  • Kilas
    • Ekonomi
    • Hiburan
    • Hukum
    • Kesehatan
    • Luar Negeri
    • Olah Raga
    • Pendidikan
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Cerbung
  • Movi
  • Podcast
No Result
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Susul
    • Bertamu Seru
    • Geliat Warga
    • Goyang Lidah
    • Jogja Bawah Tanah
    • Pameran
    • Panggung
    • Ziarah
  • Kilas
    • Ekonomi
    • Hiburan
    • Hukum
    • Kesehatan
    • Luar Negeri
    • Olah Raga
    • Pendidikan
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Cerbung
  • Movi
  • Podcast
No Result
Lihat Semua Hasil
Logo Mojok
No Result
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Susul
  • Kilas
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Cerbung
  • Movi
  • Podcast
Home Corak Rerasan

Prekara Gendera Ireng lan Wetone Jokowi-Prabowo

Sugito H.S oleh Sugito H.S
31 Oktober 2018
0
A A
Bagikan ke FacebookBagikan ke TwitterBagikan ke WhatsApp

MOJOK.CO – Jare Mbah Wagimun, ana hubungane antarane prekara gendera ireng lan wetone Jokowi-Prabowo.

“Ulatmu kok peteng? Mikir utang?” Mbah Wagimun mapag tekaku nganggo pitakonan sing mung njalari raiku sansaya abang-ireng.

“Nggagas kahanan negara tambah dina tambah kenceng niki hlo, Mbah, sing njalari prempeng-prempeng,” wangsulanku karo ngulungi buntelan plastik ireng, oleh-olehe bojoku saka Ponorogo. Embuh isine apa, aku ora ngganceng. Pokoke kuwi titipane Mbah Wagimun.

“Iki regane pira?” Buntelan ireng sing takulungake mau diathung-athungake marang aku.


“Mangke riyin ta, Mbah! Njenengan niki ajeng kula ajak rembugan kahanan negara kok malah ngrembug rega?”

Baca Juga:

Harga Tiket Pesawat Melambung, Menparekraf Minta Jumlah Penerbangan Ditambah

Anies Baswedan Dengerin Cek Sound Nidji versi Non-Giring Itu Beneran Kocak Sih

Weton Jadi Kambing Hitam Orang yang Ketemu Hari Sial

“Dhapuranmu kaya sontoloyo ngono kok ngajak rembugan negara?! Nglindure mengko bengi wae. Aja saiki!”

“Wonten cah enom peduli mikir bangsa lan negara kok dicegati ta, Mbah?! Nglilir, Mbah, nglilir! Tangi! Niki kahanane damel miris hlo. Kok Njenengan kepenak ngimpi?”

“Muliha saiki wae yen mrene mung arep ngajak pethenthengan!”

“Hla sing njalari nggih Njenengan hlo.”

“Wooo… durung nate ngrasakke ditapuk dhemit ya kowe?! Muni kok sakarepe dhewe?! Aku mau mung takon gendera titipanku iki mau regane pira. Kowe ora njawab, malah ngarani aku wong tuwa ora idhep mikir negara. Kok saiki swaramu entheng ngunekke aku sing gawe jalaran?! Ayo, ngajak apa kowe saiki? Takladeni…”

“Gendera? Mangke riyin ta. Kok rembugane ngalih nyang gendera? Sinten sing adol gendera? Sinten sing tumbas gendera?”

“Sing tuku bojomu. Sing titip aku. Sing ngeterke mrene kowe.”

“Woalah, sing dibuntel plastik ireng niku wau gendera ta? Gek gendera napa niku?”

Mbah Wagimun ora mangsuli. Mung tangane iwut ngudhari buntelan sing takcangking saka omah mau. Bareng buntelane wis udhar banjur dheweke muni mecucu, “Nyoh, matamu buta warna apa ora?” Lempitan gendera abang-putih dijereng neng ngarep raiku.

“Hla niki hlo, Mbah. Niki sing diarani ndilalah: tumbu oleh tutup. Pas kula katut emosi mikir tiyang-tiyang sami kisruh prekara gendera, pas Njenengan kulakan gendera.”

“Ra sah dipadhakke! Aku mikir gendera abang-putih, genderaku dhewe. Aja digandhengcenengke karo padune wong-wong sing udreg-udregan prekara gendera ireng sing embuh sapa sing duwe kae! Emoh aku. Wegah.”

“Hla niku, Njenengan saged nerangke tapi kok wegah nengahi? Napa pantes ngaten niku? Napa patut wong sepuh disepuhke kok mung nonton wong padu rumangsane kaya nonton dhangdhutan?”

Mbah Wagimun mesem lan banjur ngadeg, njangkah mlebu omah. “Mlebua mrene, takkandhani…” swarane saka njero. Gelis taktututi mlebu. “Lungguha kene. Rembugane lirih-lirihan wae. Ra sah kakehan takon. Tekunana nyemak ujarku wae,” dhawuhe lirih.

“Ajeng maringi wejangan bab gendera?” Swara pitakonanku katut lirih.

“Ora. Nanging sethithik ana gayutane.”


“Oh nggih. Kula mpun siap nyemak. Eh, tapi angsal nyuwun udude?”

“Ududku entek. Tuku mengko wae. Saiki takcritani, rungokna. Ra sah disambi apa-apa.” Tangane ngrogoh sak, ndudut udud sauler thok thil, disumet, diakep, banjur nyebul keluke dipenerake raiku. Taksawang karo ngriyip ketara wonge mrenges sengaja ngece. Diamput. “Ngene hlo, Le. Bab gendera ireng sing diobong lan njalari gegeran kuwi jane ana gandhengane karo pilpres.”

“Hla niki!” Aku mak jenggirat menyat karo nggeret kursi nyedhaki. “Pripun hubungane?”

“Ngretia, wetone calon presidenmu kuwi Rebo Pon.”

“Sing wetone Rebo Pon niku sinten? Jagone kampret napa jagone cebong?”

“Loro-lorone.”

“Hladalah. Mosok ta, Mbah?”

“Nek kowe kakehan takon aku wegah,” rupane mrengut. “Rungokna wae.”

“O nggih. Sorry…”

“Jago sing tuwa kae klairane Rebo Pon pas padhang bulan. Jago sing enom klairane Rebo Pon pas tanggal enom. Sasine ndilalah ya padha.”

“Wah, sasine nggih sami? Laire sasi napa?”

“Sasi Sura. Mung taune sing beda. Taune luwih dhisik sing tuwa.”

“Mpun ngreti nek ngaten niku, Mbah. Nek critane mblender dados gojegan kula emoh,” genti takincim. “Njur hubungane gendera ireng kalihan Rebo Pon niku napa?”

“Rebo kuwi keblate neng kulon, lambange lemah, angkane pitu, wernane ireng. Pon keblate uga neng kulon. Lambange ya lemah. Angkane ya pitu. Wernane ya ireng.”

“Weh, sae niki. Calon presidene ireng-ireng, sing dadi prekara gendera ireng. Napa maksude niku awake dhewe nembe diparingi pepeling amrih boten sami gelap mata ngaten, Mbah?”

“Bokmenawa ya ngono. Nanging ana sing luwih wigati, sing kowe ya kudu ngreti.”

“Napa niku?”

“Pak Amien Rais sing lagi mempeng wira-wiri kae wetone ya Rebo Pon, padha karo para calon presidene.”

“Wah, hla niki. Kula dadi ngreti saniki. Mulane kok kahanane tambah dina tambah peteng…”

“Huusss…! Aja sero-sero! Yen ana wong liwat sing krungu mundhak malah bledru.”

“Oh nggih, tapi anu, aja-aja para calon wakile nika nggih weton Rebo Pon?”

“Ora. Cetha beda.”

“Sing tuwa wetone napa nika?”

“Kemis Legi.”

“Hla nek sing enom nika?”

“Setu Pahing.”

“Nek Kemis Legi wernane boten ireng?”

“Ora. Kemis wernane klawu. Legi wernane putih.”

“Setu Pahing werna napa?”

“Setu jingga utawa dhadhu, Pahing abang.”

“Hladalah! Kok abang-putihe malah manggon neng para calon wakile nggih, Mbah?”

“Ssstttt…! Aja sero-sero.”

“Alah, boten wonten sing bakal mudheng rembugane upamia mireng omongane. Mpun, gek mangga dibacutke.”

“Iki pancen ndilalah. Awake dhewe para rakyat iki kaya dicelekke mripate. Kaya diwelehke dening kahanan supaya ora nyepelekake sing mung diarani wakil. Nyatane sing diumbul-umbulke ya mung sing Rebo Pon, sing nyata-nyata wernane ireng. Sing dianggep dadi sumber ruwete prekara ya sing Rebo Pon, sing wernane ireng. Ora lidok sing njalari padudon ya gendera sing wernane ireng.”

“Hla nggih ta, Mbah. Hla kok jebulane malah sing dianggep mung dados genep-genep niku sing wigati nggih? Jebulane sing abang-putih, sing boten pati digagas dayane niku manggone ten para wakile.”

“Hla iya. Apik iki yen dibacutke rembugane. Iya ora?”

“Wah, hla nggih. Kedah dilajengke ngantos tuntas wedharane weton niku wau. Mangga dilanjut, Mbah.”

“Mengko ta. Tukua udud sik.”

Diamput. Kumat kemakine.

Terakhir diperbarui pada 31 Oktober 2018 oleh

Tags: Amien Raisbendera tauhidJokowi-PrabowoKH Ma'ruf AminSandiaga UnoWeton
Sugito H.S

Sugito H.S

Artikel Terkait

sandiaga uno tiket pesawat mojok.co

Harga Tiket Pesawat Melambung, Menparekraf Minta Jumlah Penerbangan Ditambah

21 Juni 2022
Anies Baswedan dengerin Cek Sound Nidji versi Non-Giring Itu Beneran Kocak Sih

Anies Baswedan Dengerin Cek Sound Nidji versi Non-Giring Itu Beneran Kocak Sih

17 Januari 2022
ilustrasi Weton Jadi Kambing Hitam Orang yang Lagi Ketemu Hari Sial mojok.co

Weton Jadi Kambing Hitam Orang yang Ketemu Hari Sial

25 November 2021
ilustrasi Lukisan Pemandangan SBY Lebih Berbunyi daripada Seruling Amien Rais: Sebuah Tips Pensiun dengan Gaya mojok.co

Lukisan Pemandangan SBY Lebih Berbunyi daripada Seruling Amien Rais: Sebuah Tips Pensiun dengan Gaya

24 Oktober 2021
nasib Partai ummat

Sejumlah Elitenya Mundur, Bagaimana Nasib Partai Ummat?

6 Oktober 2021
Begini Rasanya Disingkirkan Pakai TWK dan 4 Alasan Menjadi ASN KPK Itu Terlalu Rumit Dipahami MOJOK.CO

Begini Rasanya Disingkirkan Pakai TWK dan 4 Alasan Menjadi ASN KPK Itu Terlalu Rumit Dipahami

6 Oktober 2021
Pos Selanjutnya
JOKOWI BUKAN PKI KILAS MOJOK

Jokowi, Lebih dari 9 Juta Warga Percaya Isu Saya PKI

Komentar post

Terpopuler Sepekan

Prekara Gendera Ireng lan Wetone Jokowi-Prabowo

31 Oktober 2018
Garuda Pancasila, Sudharnoto

9 Fakta Pencipta Lagu Garuda Pancasila yang Tersingkir dari Sejarah

26 Juni 2022
Lokasi 18 SPBU di Jogja untuk uji coba MyPertamina

Lokasi 18 SPBU di Jogja yang Jadi Tempat Uji Coba MyPertamina untuk Roda Empat

30 Juni 2022
kecurangan SBMPTN

Polisi Amankan 15 Pelaku Kecurangan SBMPTN di UPN Veteran Yogyakarta

28 Juni 2022
baskara aji mojok.co

Soal Jam Malam, Sultan Minta Menyeluruh di Jogja

24 Juni 2022
Pertamina dan aplikasi MyPertamina yang bikin ribet rakyat kecil! MOJOK.CO

MyPertamina dan Logika Aneh Pertamina: Nggak Peka Kehidupan Rakyat Kecil!

29 Juni 2022
Kasman Singodimedjo tagih janji ke Sukarno sial Piagam jakarta

Kasman Singodimedjo, Menagih Janji 7 Kata Piagam Jakarta pada Sukarno

26 Juni 2022

Terbaru

sai sapi jogja mojok.co

Sei Sapi, Saat Daging Asap NTT Beradaptasi dengan Lidah Jogja

2 Juli 2022
tyrell malacia mojok.co

Tyrell Malacia Resmi ke MU, Target Selanjutnya Lisandro Martinez

2 Juli 2022
adam deni mojok.co

Ahmad Sahroni Laporkan Lagi Adam Deni ke Polisi, Kali Ini Terkait Teror dan Fitnah

2 Juli 2022
prambanan jazz 2022

Asyiknya Nonton Konser Sambil Duduk di Prambanan Jazz 2022

2 Juli 2022
money heist korea mojok.co

3 Pemeran Money Heist Korea Ceritakan Tantangan dan Momen Paling Berkesan Saat Produksi

1 Juli 2022

Newsletter Mojok

* indicates required

  • Tentang
  • Kru Mojok
  • Disclaimer
  • Kontak
  • Pedoman Media Siber
DMCA.com Protection Status

© 2022 MOJOK.CO - All Rights Reserved.

No Result
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Susul
    • Bertamu Seru
    • Geliat Warga
    • Goyang Lidah
    • Jogja Bawah Tanah
    • Pameran
    • Panggung
    • Ziarah
  • Kilas
    • Ekonomi
    • Hiburan
    • Hukum
    • Kesehatan
    • Luar Negeri
    • Olah Raga
    • Pendidikan
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Cerbung
  • Movi
  • Podcast
  • Mau Kirim Artikel?
  • Kunjungi Terminal

© 2022 MOJOK.CO - All Rights Reserved.

Welcome Back!

Login to your account below

Forgotten Password?

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In