Pasa Kuwe Perkara Niyat Ngibadah, Ora Garep Nggawe Wong Liya Susah

MOJOK.CO Sakjane pasa kuwe niyate nggo ngapa? Nggo ngibadah maring Gusti Allah apa mung nggo pamer maring wong liya?

Jamane nyong SMA, nyong nduwe guru agama Islam, sing dadi guru paporite bocahan. Gurune, nek jaman sekiye, ya dearani guru anti-mainstream lah. Wong nggole ngajar, lewih akeh rasan-rasan, ngobrol karo murid-muride, kaya wong lagi jagongan neng warung kopi, tenimbang ngajar masalah teori. Biyasane, ngajar masalah teori ya mung nek garep ana ulangan umum baen. Dina liyane, lewih akeh mbahas masalah fikih, sing dienggo sedina-dinane.

Nyong sing kebeneran murid Katolik mandan mbejut, kadang melu nongkrong neng kelas agama Islam. Ora jere ngenteni neng perpustakaan, apa bali gasik ming ngumah, ning malah melu pelajaran agama Islam. Gurune dewek, sing asmane pak Marsono (almarhum), pancen wonge kepenakan tur nyenengke, mulane ana murid slundupan kaya nyong paling ya gur gemuyu thok.

La priben, pancen pak guru ya ngerti kowh, nek nyong kuwe agamane Katolik merga nggolet dewek. Ora merga rama biyunge nyong wong Katolik. Wong biyunge nyong muslim, ramane nyong gemiyen pas esih urip agamane Konghucu. Mulane pak guru ya jane seneng, ngerti nyong cokan nimbrung neng pelajaran agama Islam. Merga kadang-kadang, perkara sing detakokna neng nyong titipan takonan sekang kanca, sing ora wani takon dewek merga isin.

Aja ngira njah, nek bocah SMA kuwe ora pada ngerti isin. Apamaning bocah wadon, ya tetep baen ngerti isin. Kaya kanca-kancane nyong sing wadon-wadon, rata-rata pada isinan. Kayane tah, gur nyong sing ngisin-ngisina.

Kaya nek lagi wulan Ramadan kaya kiye, kadang nyong detitipi takonan sekang kanca wadon kon detakokna maring pak guru, merga deweke isin garep takon dewek. Pitakonane ya macem-macem sih, kaya misale hukume wong pacaran, ketemuan pas wulan Ramadan, kepriben? Apa nek lagi pasa, ngerti-ngerti mens padahal buka-ne gur gari nunggu 5 menit maning, kepriben?

Nek jaman sekiye, perkara kaya kuwe tah, kayane ora perlu detakokna maning njah, maring guru agama. Wong sekiye, ora gur neng internet, ning neng ngendi-ngendi akeh pisan sing jenenge ustaz sing teyeng dadi panggon pitakonan.

Nek jaman gemiyen, anane guru agama neng sekolah, ya nggole takon maring guru agama dudu ustaz apa kyai. Lawong takon maring guru agama baen isin, apamaning kowh kon takon maring ustad opo kyai, ya lewih isin maning. Jaman gemiyen, sing jenenge ustaz apa kyai mestine uwong-uwong sing mumpuni, ngajeni, tur diajeni temenan karo masyarakat. Mulane pitakonan sing remeh temeh kaya hukume wong ketemuan karo pacar pas awan-awan neng wulan Ramadan, ya paling detakokna maring guru agama neng sekolahan.

Biyasane, nek nyong takon kaya kuwe, pak guru gur gemuyu. Merga ngerti nggole takon kuwe titipan sekang kanca. Ning ya gelem nyauri, merga ya ngerti jenenge cah enom mestine sing jenenge pacaran ya lagi mbandreng-mbandrenge.

Jerene, ketemu pacar awan-awan pas pasa, jenenge makruh. Mung nek ketemuane ora sengaja (kuwe jane nyindir, wong sing titip takon kan pacarane karo kakang kelas), olih, ning ora desaranna. Ya ketemuane gur seliwat ketemu baen, ora nganggo bumbu gandengan tangan. Apamaning sengaja nggawe babagan liyane, sing mengarah maring perbuatan sing ora karuan. Jelas, ora gur mbatalna, ning uga dosa.

Ning dasare nyong ya wonge iseng tur gujih njah, dadi nyong takon maning. Apa hukume, nek ana wong ora sengaja nyicipi masakan, nek lagi masak. Padahal wong kuwe ya pasa, ning merga kelalen temenan ora sengaja nyicipi panganane sing demasak. Biyasane nek kaya kuwe uwis umum mbok, jenenge ibu-ibu nek masak mestine padha reflek nyicipi kasil masakane.

Jere pak guru, jane tah ora papa, nek pancen ora sengaja nyicipi. Ning terus emut nek wong kuwe jane lagi pasa, njur ora nglanjutna nyicipi panganane. Kumur-kumur ndisit nganggo banyu bersih, njur lanjut maning ya ora papa. Jerene maning,

“Ning nggole nyicipi panganane kuwe, aja karo sega sepiring njah. Apa nggole kumur-kumur, karo es teh segelas. Kuwe tah ora maen, ngomong baen nek kencot.”

Nggo wong awam, kelakuane nyong paling deomong nek gur usil nyrethithil. Ning nggo nyong dewek, kuwe bentuk pengetahuan anyar. Maklum, jamane nyong cilik, sing jenenge pengetahuan agama sing mempeng, biyasane ya gur olih seka sing sekolah utawa mondok neng pesantren thok. Nah, nyong sing urip digedekna rama biyung sing padha awame karo agama Islam, dadi mandan ngerti sethithik-sethithik.

Jenate Pak Marsono ya tau ngendikan, nek wong pasa neng wulan Ramadan kuwe tujuane ben wong muslim sinau temenan. Perkara priben rasane urip dadi wong sing ora nduwe dunya sing lewih. Sing kadang teyeng mangane gur lawuh klapa parut karo uyah thok. Masiya jaman semono, jan-jane ya akeh pisan wong kere njenthe. Sing uripe ndina-ndina paling poll, teyenge adang sega aking apa mangan gaplek, nggo ngganjel weteng. Kuwe baen kadang gur sedina sepisan ngggole mangan.

Urung maning perkara uwong-uwong sing ora pasa, apa sing non muslim sing padha mangan. Kuwe ya debahas temenan, neng jenate Pak Marsono. Jerene, kuwe hak e wong-wong kuwe garep padha mangan neng ndi papan. Masiya neng ngarepe wong sing lagi pasa, apa umpet-umpetan. Merga, niyate wong pasa kuwe garep ngibadah maring Gusti Allah, ora niyat nggawe wong liya susah.

Wong kene lagi sinau ngrasakna nahan emosi, nahan kencot, nahan ngelak, uga nahan kepenginan, hawa nafsu sekang apa pun kowh. Kenang ngapa kudu mumet weruh wong mangan. Wong sing padha biyasa pasa Senen-Kemis baen, ora tau padha ngresulah apa mbingungi nek kudu ngadepi wong sing ora padha pasa. Masa kiye, sing akeh sing ngancani, werung wong siji loro lagi mangan baen njur dadi kesuh, jengkel, tur anyel. Ya ora maen lah, lemah!

Nyong, sing seumur-umur pancen ngerti nek jenate kuwe rajin pisan pasa Senen-Kemis, mandan mak deg, melu krasa. Apamaning ngene ya kadang melu pasa masiya dengglungan, nek lagi garep Paskahan. Lah, nek Paskah mbok nggole pasa patang puluh dina lah, suwene eram. Mulane cok dengglungan, wong mesti Paskah kuwe tiba pas wulan April, sing nek awan-awan srengengene panas njepret kowh. Nek Ramadan mbok ora mesti, tibane neng wulan wayah udan apa rendeng.

Nek kemutan, akeh pisan ilmu sing debagikna neng almarhum Pak Marsono maring murid-muride, termasuk nyong. Sing jane wong non muslim tur maning murid mbejut sing doyan minggatan sekang sekolah. Minggate ora mbois sisan, gur nggo andon mancing neng pinggir kali karo maca komik.

Nyong dewek ora nyangka, nek neng ngarep dina kabeh ajarane Pak Marsono kuwe akhire kanggo. Tek ajarna maring anake nyong sing padha lagi sinau dadi wong muslim sing bener. Alhamdulilah, Puji Tuhan, anake nyong apamaning sing gedhe, ora tau ngresula. Masiya ndina-ndina melu ngrewangi biyunge ngladeni wong sing tuku panganan mateng neng warunge nyong. Boro-boro ngresula ngelak, masiya deweke nggawekna es teh nggo wong liya pas awan njanthet.

Kabeh mau pancen kesadarane deweke, sing uwis mulai mudheng. Nek deweke niyat pasa kuwe niyate maring Gusti Allah, ora nggo niyat liyane selaine niyat ngibadah. Dudu nggo pamer maring liyane ben diregani. Apamaning pamer ben keton rajin ngibadah.

Kuwe uga, sing cokan nggo ledhekan genti. Nek ngerti biyunge selfa-selfi, lenjehan nek garep mangkat maring gereja, jerene,

“Yung, ra sah pamer neng fesbuk njah, ngisin-ngisina. Niyate garep ning gereja, ndonga maring Yesus, apa pamer maring wong liya ben keton dadi wong alim?”

Sem!!!!

Exit mobile version