Pak Jokowi, Presiden Iku Ora Bedo Koyo Guru, Mbok Sing Teges

Jokowi virus corona pandemi corona presiden tidak tegas MOJOK.CO

Jokowi virus corona pandemi corona presiden tidak tegas MOJOK.CO

MOJOK.COOjo nganti, Pak Jokowi, sanajen jenengan ora teges, banjur dianggap ming koyo teges-an. Wah, ambyar, Pak. Didamu we bubar.

Arep diarani “barisan sakit hati” yo mbok ben. Arep diarani ra sayang Jokowi meneh, ha mbok ben. Aku tetep arep ngritik Pak Jokowi. Soale aku yakin, kritik ora podho karo sengit. Lantaran nek ming paitan sengit, ora kritik meneh arane.

Dear, Pak Jokowi tersayang.

Jabatan presiden, nek ngaranku mirip koyo guru. Ukara lan titah e mesti (kudune) digugu lan ditiru. Opo meneh dingo wong Jowo, sing jenenge guru ki diajeni banget. Mangkane, jan-jane aku ro Pak Jokowi ki podho.

Ben iso dadi guru, aku kudu nglamar ning yayasan. Diseleksi, diwawancara, dites. Pas resmi dadi guru, tanggung jawabku karo Kepala Sekolah, Ketua Yayasan, karo murid, lan tanggung jawab karo profesi sing luhur iki. Jenenge guru ya kudu sadar karo tanggung jawab, to? Njogo marwah karo “nama baik” sekolah lan yayasan.

Nah, nek Pak Jokowi; Kepala Sekolah, Ketua Yayasan, murid, karo tanggung jawab profesi ki dadi siji. Jenenge: rakyat. Lak ngono, to, Lur? Presiden iku kerjane dinggo sopo nek ora dingo rakyat? Ya ojo njuk nuduh nek Ketua Yayasane kui Pak Luhut. Kui jenenge pitnah. Wis cetho nek Pak Luhut ki ya ming Menteri, to. Rewang e Presiden, berarti ya rewang e rakyat, kasarane lak ngono, to.

Nah, opo to sarat e dadi guru sing digugu lan ditiru? Sarat e akeh, tapi ono siji sing perlu dicekel sing kuat tenan. Jenenge “teges”. Iki aku sinau dadi guru sing teges pancen ora gampang.

Kudu ngadepi murid-murid sing ndugal e ra ketulungan. Jan-jan e yo pengin ndupak cengel e, tapi engko dividio dadi viral. Nek mbiyen ono murid ndugal dikampleng guru malah wong tuwane melu nambahi kampleng. Ha nek saiki guru muring malah genti dipisuhi orang tua murid. Dividio, dilaporke polisi, malah viral. Ambyar.

Tapi to Pak Jokowi, kadang kolo, murid sing ndugal kuia tine apik. Jane ya ono sing pinter. Bocah sableng koyo ngono kui ming butuh sing arane “perhatian”. Ya podo nek lagi mbribik. Alon-alon, telaten, sabar, karo ngombe obat penurun tensi men ra njeglek setrok ngadepi cah nakale ora eram.

Nah, “perhatian” wae ora cukup, Pak Jokowi. Nah iki, guru entuk dadi wong sing alus, ya perhatian kui mau, tapi tetep kudu teges. Cara ngomong e entuk alon-alon koyo Pak Jokowi nek maca pidhato. Nanging, seko suara sing alus kui, apike ya ono rasa teges sing dirasakke murid-murid. Ya men murid e yakin nek gurune ora mencla-mencle.

Nek ngadepi murid sing ndugal to, Pak Jokowi, aku biasane nganggo pendekatan “persuasif”. Awale ngono. Tak jak ngobrol ding ruang guru opo ning kantin. Tak kandhani alon-alon. Seru meneh nek ngajak ngobrol bocah sing wis ndugal, ududan meneh. Ya kadang aku kudhu melu udud, men memahami “isi hati” murid.

Seko cara ngono kan murid dadi percoyo karo aku. Dadi manut lan gelem sinau. Tapi nek ngglayem, mblenjani janji, aku teges gawe hukuman. Men murid e ngerti nek aku ki teges, ora mencla-mencle, “indah” ning omongan thok.

Ngene, Pak Jokowi. Ngaranku kok ya urung telat nek Pak Jokowi malih dadi Guru Presiden sing teges. Misale PSBB kok jare “omong kosong”, langsung turun tangan wae, Pak. Parani, ojo ming diseneni. Nek perlu gawe hukuman sing jelas lan dipantau. Jewer wulu irung e, Pak. Men strategi pemrentah ki kethok tenan ngono, lho. Ya nek duwe strategi, sih.

Mesakke sing wis ikhlas karantina mandiri rong sasi, Pak. Ono sing kudhu adoh seko wong tuwo, seko anak bojone, ono sing nganti keno PHK, petugas medis berjibaku, Pak. Tapi PSBB ning Indonesia ki ra bedho koyo entut, Pak. Mambu dilit, njuk ilang. Opo to hasile ono rakyat sing patuh PSBB tapi liyane malah ndugal. Ngene ki butuh teges e Pak Jokowi.

Terus iki, Pak. Sing aku rodok piye ngono kui soal “hidup berdampingan dengan corona”. Ya pie ya, Pak. Ha nek aku ya wegah.

Ngene, Pak. Nek rakyat Indonesia kudhu ngandelke imun tubuh ya ora masalah. Soale aku ya tertib cuci tangan, maskeran nek blonjo brambang ro udud, olahraga sing ringan-ringan, njogo jarak ora melu rame-rame tuku pizza ning Domino. Tapi, Pak, wakeh banget rakyat sing ndugal njaluk disentlik matane. Nek ngono, usahaku njogo imun ya sia-sia, Pak.

Aku ki wong Jowo, Pak, tapi ya ora jowo-jowo banget. Tapi, aku ising paham karo ukara “eling lan waspada”. Saiki Pak Jokowi karo rewang-rewang e wis kebacut meremehkan corona pas Januari-Februari 2020. Korban wis nimbus sewu jiwa, Pak. Mbuh kapan iki corona betah tenan ning nuswantara.

Saiki wancine eling lan waspada, nek perlu ditambah meneh dadi eling lan siaga. “Eling” marang tanggung jawab Pak Jokowi sebage Guru Presiden, “waspada” karo corona sing bahaya tenan iki, lan “siaga” karo akibat e nek jenengan ora teges.

Ojo nganti, Pak Jokowi, jenengan wis ora teges, banjur dianggap ming koyo teges-an. Wah, ambyar, Pak. Didamu we bubar.

MONGGO KULO ATURI MAOS Yen Ana Sewu Tafsir Pageblug, Iki Salah Sijine utawi seratan sanesipun ing rubrik RERASAN.

Exit mobile version