Ora Seneng Duren tapi Urip ing Lingkungan Sing Doyan Banget Duren

MOJOK.CODuren iki buah sing berkarakter kuat. Sing seneng, bakal seneng banget. Sing ora seneng, ya ora seneng banget.

Duren lan pete, duwe siji ciri sing khas: mambu. Akeh wong sing seneng loro-lorone, akeh sing seneng duren tapi ora seneng pete, akeh uga sing seneng pete tapi ora seneng duren. Aku mlebu ning golongan sing terakhir

Ana alesan-alesan sing gawe aku ora seneng duren. Ora seneng duren, dudu maksude aku arep ngelek-ngeleki duren. Tetapi, alesan ora seneng iki perlu tak jelasne.

Awale, aku karo kancaku lagi dolan ing tegalan, nggoleki jangkrik. Ing tegalan iku mau, cungurku ngerasa nyerot mambu sing ora enak. Ambune tekan ngendi-ngendi. Aku penasaran karo mambu sing nganggu cungur amarga kaya endhog bosok. Tapi, koncaku, malah nganggep mambune iku wangi tenan. Kancaku iki langsung ngomong, “Iki mambu duren.”

Akhire, sumber mambune ketemu. Bener, iku mambu kulit duren. Ora mungkin, ana wong sing mbuak duren ing tegalan. Mesti, mung tinggal kulite. Kancaku iku mau—anggep wae jenenge Kenthung, langsung ngilati banyu sing ngendong ing bekas wadah uwoh durene, “Enak, loh. Legi tenan!”, ujare.

Jujur wa, aku mung ngdelokke polahe Kenthung, “Cah edan. Kaya ora tahu mangan duren!”, aku nimpali.

Kupingen Kenthung pancen rada budheg nalika wis ngadep panganan. Srupat-sruput ngilati banyu sisa iku mau ngantik entek. Ora ana setetes sing kecer. Aku seka adoh, terus nutupi cungur karo klambi. Akhire, aku karo Kenthung ora sida golek jangkrik. Mergane Kenthung ngajak muleh. Asu.

Semenjak kuwi, mindset sing kebentuk ing pikiranku: mambu duren iku padha kaya endhog bosok.

Pengalaman sing kurang enak karo duren, kedadeyan maning pas aku silaturahmi ing desa panggonku Kuliah Kerja Nyata alias KKN. Untung pas KKN, wit-wit duren sing akehe naudzubillah iku, durung padha uwoh. Desa panggonku KKN, isa diomong salah sijine tempat sing disebut surga kanggo wong sing seneng duren. Desa iku ning kecamatan Kaligesing, Purwarejo. Ngerti dewe, yen Purworejo iku, selain kondhang merga wedhus etawa, uga kondhang merga duren.

Aku KKN bulan Juni. Sekitar wulan Januari, aku silaturahmi ing warga desa iku mau. Wis tak prediksi, iki bakal mambu duren seka kabeh penjuru. Prediksi jelas benere. Musim panen duren wis dilabuhi.

Weruh wong mikul kranjang, isine duren. Ing pinggir dalan, akeh tenan gubug-gubug sing dinggo ngumpulke duren. Mampir ing ngomahe warga, suguhane duren. Kanca-kanca KKN-ku sing seneng duren, senenge ora umum. Sak uwong mangan duren siji, lan oleh njupuk maneh.

Aku sing ora doyan mung ndelokke, kaya wong cengoh. Aku sakjane wis ora tahan karo ambune, pengen banget metu omah. Tapi ora penak karo tuan rumahe. Ngerti aku ora doyan duren, Mbah Peno, tuan rumah iku mau, nyuguhi aku manggis. “Ngapa ora awit mau, Mbah?”, batinku.

Ora senengku karo duren termasuk biasa. Ana kancaku sing kerasa mambune duren wae wis langsung mimisen. Dadi, ijek mending aku. Aku mimisen nak weruh wong wedhok ayu lewat tok.

Kanca-kanca jurusanku, ngerti aku ora seneng duren, ya malah nitip tukokke. Edan. Awale aku nolak, tapi sebagai kanca sing kadang-kadang apikan, aku nuruti. Tak tukokke duren sing lumayan gedhe. Aku tuku telu, soale nek tuku lima, duitku ora cukup.

Aku tuku duren sing ukurane rada gedhe. Asal milih. Aku ora ngerti duren sing isine apik lan enak iku sing kaya apa. Durene tak wadahi kerdus. Untung durene urung terlalu mateng, dadi ora mambu banget.

Pas uwis tekan kos, kanca-kancaku sing nitip ora gelem nggawa bali ing kose dhewe-dhewe. Alesane urung mateng. Akhire kepaksa duren iku kudu “nginep” ing kosku. Tak deleh njaba, wedhi ilang. Tak deleh njero, tapi ambune mesti nyiksa. Akhire tak deleh njero, lan kudu nanggung risiko sing ana ing ngarep cungur.

Kanca-kancaku iku kadang ya apikan. Pas musim pete, misale, kosku mesti siap-siap nampung pete seka ngomahe kanca-kancaku. Ngerti aku seneng pete, aku digawakke rada akeh. Kadang kanca-kancaku protes, aku ora tau nggawa duren seka omah. Ngomong-ngomong, omahku ing Banjarnegara, sing durene lagi naik daun.

“Lha abot, je! Nggawa loro jelas kurang, nggawa sepuluh ya ora isa. Nak kowe-kowe nggawa pete kan simpel. Lebokke tas, urusan rampung.”

Kanca-kancaku, ya wis tahu tak prank. Bar aku muleh ngomah, mereka tak chat siji-siji: “Umatku, wis tak gawakke duren van Banjarnegara. Sapa sing minat, langsung otw lokasi.”

Kancaku teka bebarengan. Aku meneng wae. Ing njero ati, aku wes ngguya-ngguyu mergane kanca-kancaku clingukan nggoleki duren. “Ha ndi durene, Ndes? Kok ora mambu?”

Aku njupuk rambutan seka tas, “Nyoh! Duren mini!”

Exit mobile version