Ora Netepi Janji Kuwi Beda Ambek Goroh, Bro!

MOJOK.COBala Prabowo nganggep manawa Jokowi ora netepi janjine, lan ya kuwi satemene goroh, apus-apus, utawa kebohongan kang luwih gedhe tinimbang gorohe Ratna Sarumpaet. Sik, iki piye karepe?

Dumadakan ing kacamaya sumebar gambar, foto: praupan bengep lan pating prempul. Enggal dadi viral, merga kang bengep lan pating prempul praupane kuwi dudu wong sembarangan, nanging seniman lan aktivis HAM: Ratna Sarumpaet. Wiwitane, marang Prabowo Subianto, Fadli Zon, Fahri Hamzah, lan embuh sapa maneh, Ratna Sarumpaet ngaku yen mentas dianiaya wong kang ora dikenal.

Kang nampa wadulan banjur pating brengok, gawe siaran pers, nuntut supaya Jokowi lan Kepolisian Republik Indonesia enggal nemokake durjanane. Nanging, ora let suwe Ratna Sarumpaet muncul ing televisi, blaka manawa satemene praupane ora bengep lan pating prempul amarga dianiaya utawa dipulasara, lan njaluk pangapura.

Njuk dadi padudon antarane bala Prabowo karo bala Jokowi. Saka bala Jokowi alok manawa kabeh kuwi mung dhapur reka-daya amrih bisa ngrusak jenenge Jokowi, mung ndilalah jugar tengah dalan. Bala Prabowo ya wegah kalah padu. Dikandhakake, ing prakara gorohe Ratna Sarumpaet kuwi bala Prabowo uga malah dadi kurban, nandhang wirang merga digorohi utawa diapusi dening Ratna Sarumpaet.

Malah isih ana kang nambahi pandakwa manawa lelakon nganeh-anehi kuwi pantes yen disengguh kadidene konspirasi kanggo nyrimpeti Prabowo Subianto kang macung presiden bebarengan karo calon wakile, Sandiaga Uno. Lan, jare kang alok mangkono, bisa wae satamene Ratna Sarumpaet kuwi dhapur paraga saka bala Jokowi kang disusupake ing barisane bala Prabowo.

Muyeg tenan, ta? Kuwi bisa nggo lakon ludruk utawa kethoprak gagrag anyar, lho! Kuwatir diarani wagu merga seniman kok berpolitik praktis? Nanging, isih pengin kepayon? Ya skenarione digawe loro, versi bala Prabowo lan versi bala Jokowi.

Lelakon-kanyatan mangkono kuwi ndadekake siaran pawarta ing televisi kaya sinetron sambung-sinambung kang tansah dienteni. Malah wis wiwit dhek suwe kae wis ana televisi kang gawe acara kayadene politiktainment. Jeneng presise acara kuwi embuh apa, kang cetha wela-wela wis ngejlogake drajate pawarta politik kang rapet sambunge ambek abang-ijone negara dadi mung dhapur: panglipur wuyung.

Ora leren-leren, awan bengi televisi prasasat mung nggiyarake acara: wong padu! Ing desa-desa kang lagi katrajang ketiga dawa, larang banyu, arep cewok we kangelan, para ngepeter (saka tembung ’ngepet’ kang surasane: membiarkan sisa kotoran di lipatan pantat) isih bisa gumuyu nyawang wong padu ing televisi.

Sangsaya rame maneh, pasrawungan kacamaya ya dikebaki padudon antarane bala Prabowo karo bala Jokowi. Sembarang kalir bisa didadekake urup-urup kanggo ngobong-obongi kang lagi sengsem padudon: kacilakan lalu lintas, bencana alam, regane endhog lan tomat, lan liya-liyane. Pokok men, ora ana bab kang ora bisa didadekake prakara.

Eloke, prakara kang miturut pikirane wong lugu kaya wis cetha dhodhok selehe, isih bisa dipuntar-puntir, diengkak-engkuk nut lemese ilate kang omong. Contone, ya prakara kang gegayutan karo Ratna Sarumpaet mau kae. Nalika bala Jokowi alok manawa bala Prabowo nindakake laku apus-apus, bala Prabowo genti alok manawa goroh kang ditindakake Ratna Sarumpaet kuwi kudune dianggep sepele, amarga kang nindakake mung saweneh paraga warga bangsa. Dudu paraga kang nyekel bang-bang pangalum-aluming praja. Dudu paraga kang lagi cekel panguwasa. Cekake: dudu Jokowi. Kamangka, miturut bala Prabowo, gorohe Jokowi luwih akeh lan luwih gedhe jalaran gegayutan lan langsung mrebawani panguripane wong sanegara.

Tibake, kang dianggep goroh dening bala Prabowo kuwi janji-janjine Jokowi, utamane kang kacetha ing Nawacita. Bala Prabowo nganggep manawa Jokowi ora bisa netepi janjine, lan ya kuwi satemene goroh, apus-apus, utawa kebohongan kang luwih gedhe tinimbang gorohe Ratna Sarumpaet.

Sik, Mbak Bro ambek Mas Bro! Kahanan utawa kanyatan dina iki kang durung cocog pleg ambek kang nate dijanjekake dhek arep Pilpres kae loro badhene: (1) durung, (2) ora –kelakon. Bisa diarani durung kelakon, utawa cara utange durung kesaur yen isih ana wektu (nyatane: saiki Jokowi isih nedheng nyambutgawe kadidene presiden). Bisa diarani ora, yen nganti mengko Jokowi ora kepilih maneh gek kahanane isih kaya kang diarani para bala Prabowo kuwi.

Para bala Prabowo sajake rada sembrana, nganggep padha antarane goroh utawa apus-apus karo ora bisa netepi janji. Janji kuwi bisa lan kudune pancen ditetepi utawa dilunasi utawa diluwari, bisa uga durung (gegayutan karo wektune), lan bisa uga ora bisa, senajan wis kaya ngapa olehe mbudidaya, amarga maneka-warna alangan.

Pancene, saweneh janji durung utawa ora bisa diluwari kuwi bisa uga karana kang nibakake janji pancen wis niyat ora bakal netepi janjine. Lha, iku lagi bisa diarani goroh. Nanging, ing kahanan kang mengkono, kejaba pihak kang nibakake janji banjur blaka manawa satemene kuwi mung goroh, ora ana pihak seje kang wenang ndakwa: goroh. Miturut ujare para pinter, angger wis gegayutan ambek niyat, kuwi mung urusane kang kawogan karo Gusti-Allah.

Satemene, kudune kuwi mau kalebu ngelmu nalar tataran sekolah dhasar. Nanging, mbokmanawa kahanane saiki kuwi pancen wis bisa diibaratake perang ing tataran ampyak awur-awur. Wis dianggep ilang kabeh tatanan, wis ora diugemi kabeh aturan. Aja maneh aturan gaweyane pihak seje, selagine nalare dhewe wae wis disulayani.

Pun jelas, nggih? Cekake ngene lho: ora bisa netepi janji kuwi ora padha karo goroh, Bro!

 

Exit mobile version