Ngerteni Karepe Misuh Seng Diomongno Arek Suroboyo

Misuh e arek Suroboyo MOJOK.CO

MOJOK.COGak kabeh pisuhane arek Suroboyo iku berarti ngamok, Cok. Arek Suroboyo lek wes ngamok mung ngejak kon ning pojokan. Paling raimu ditapuki nek kon kebangetan.

Aku gak iso bukak tulisan nganggo basa seng apik, dadi langsung wae yo, rek. Ngene loh, aku duwe cerito pas aku kaet mlebu kuliah (saiki wes pengangguran, gak usah diterusno!). Konco-konco kampus iku sering mikir lek arek Suroboyo, utowo arek jawa timuran, iku gampang ngamuk ambek sering ngomong kasar.

Pas cangkruk karo arek-arek kampus, aku petuk karo koncoku lawas pas SMP. Ndilalah kok sak angkatan, sak universitas pisan.

Terus tak sapa “Heee cooook! Kok ketemu awakmu nang kene?!”

Koncoku nimpali podo “Weh jiancok, piye kabare? Sek iling ae karo aku hahaha….”

“Yo iyolah iling, lah kon arek paling gateli sak SMP biyen.”

Sak marine omong-omongan dilut, koncoku lanjut lungo. Pas aku mbalik nang cangkrukan ono arek takok:

“Eh, iku koncomu?”

“Iyo, koncoku lawas.”

“Oh…kok kanggo ngamuk-ngamuk pisan? Awakmu ono masalah opo karo areke?”

Mak gedubrak! Asline koncoku iki yo gak salah, seh. Ancene pas ngomong, aku nganggo basa seng kasar. Koncoku kampus akeh sing soko njobone Suroboyo, Jawa Timur, dadi krungu “cok” ngono ae wes dipikir ngamuk. Padahal seng koyo ngono iku wes dadi sego jangan ben cangkruk karo arek-arek.

Kanggo arek Suroboyo, ngomong “jancok” guduk perkoro ngamok tok. Mangkane, koyoke perlu dilurusno opo seh seng dimaksud pas arek Suroboyo koyo aku iki misuh? Opo bener awakdewe lek ngamuk pasti bebarengan karo misuh-misuh? Lah iki tak jelasno siji-siji rek.

Misuh gawe ngamuk utawa nesu tingkat nengah

Awakdewe misuh-misuh iku biasane nesu tingkat nengah. Semisal arek Suroboyo pas oleh tugas kuliah wakeh bebarengan kambek deadline seng mepet. Nah nang situasi koyo ngene iki, pasti podo ngomong “Cok…cok…tugas meneh…seng gawe sesuk ae gurung mari, lah kok wes ditambahi.”

Misuh pas keweden (wedi)

Gak mung kanggo ngamuk thok, misuh iku isok moro-moro metu pas awak dewe keweden. Pas ketemu asu nang dalan, pasti podo mbengok “HEEE ASU REK! JANCOK MLAYU, MLAYU!”

Misuh soale seneng

Pas ati seneng, arek Suroboyo yo iso misuh. Semisal koyo pas ndontok dagelan (Jowone stand-up comedy iku dagelan, rek). Ndontok guyone Raditya Dika “Cok, Dobol! Iso ngono ngerasani asune mantanne biyen. Goblok cok! Hahaha.”

Iki koyoke kasar poolll. Tapi, ga ono rek nang njero ati iki niatan kasar utowo ngelekno Raditya Dika, masio kandhane kasar. Dadi ojok kliru ngerteni pisuhan yo, rek.

Misuh gawe bersyukur

Misuh iku pancene multi-fungsi rek, iso pisan digawe bersyukur. Terus biasane, saking senenge, misuhe dibarengi karo omongan-omongan religius malahan. Aneh kan? Ono crita, pas iku koncoku moro mlayu ambek bengok-bengok gak karuan.

“Heee Cok! Dontoken talah! Dontoken disek! Ikiloh nomer togelku tembus cok, alhamdulillah, Ya Allah….”

Iso dibayangno gak? Misuh-misuh karo nyebut jenenge Pangeran, gara-gara menang togel pisan. Ancene sempel arek iku.

Misuh pas ketemu konco lawas

Koyok seng tak bahas nang awal mau rek, arek Suroboyo iku wes biasa ketemu dulur lawas terus misuh-misuh. Crita ketemu karo koncoku SMP iku mau sek rada wagu asline rek. Luwih gateli maneh pas aku ketemu karo koncoku SMA.

“Jancok ndul, yo’opo kabare? Jancok tambah lemu ae kon. Iki mesti gara-gara pacarmu seng anyar susune cocok. Iyo se? hahaha.”

“Raimu cok, iso ae kon hahaha…..”

Ketemu konco lawas iku mesti misuh-misuh disambi guyonan, rek. Endi onok ketemu konco lawas terus ngamuk-ngamuk?

Gawe arek Suroboyo, misuh iku gurung mesti ngamok. Malahan podo ngomong “jancok” iku soale wes seduluran khentel, konco plek lah pokoke. Kewalikane, mung semisal ngomong karo arek e seng durung akrab malah gak metu misuh-misuhe.

Lah terus lek ngamuk temenan yo’opo?

Lah sakdurunge wes tak jelasno misuh gawe ngamuk tingkat nengah. Terus, yo’opo lek ngamok temenan? Arek Suroboyo iku lek ngamok temenan malah gak metu pisuhane. Nek gak meneng ae, tapi ngampet ngamuk.

Lah iki seng kon kabeh kudu ngerteni. Awakmu kabeh iku salah umpamane mikir awak dewe misuh-misuh iku artine ngamuk seng temenan. Yo’opo-yo’opo, awak dewe iki sek wong Jowo, keris yo sek dislobokno nang mburi. Lek arek Suroboyo wes ngamok sak tenane ngamok, iku ngomong ngene:

“Sepurane, loh,” kate ngamuk ae tapi sopan awale es, “tulung dijogo lambemu yo, Cak.” Ngene iki kudu diiling, sepisan iki tok diwenehi peringatan.

Ojok sampe munggah pangkat dadi “Ayo cak melu aku dilut nang pojokan.” Lah seng koyo ngene iki kon kudu waspada. Iki artine awkmu guduk kape diajak mabar Mobile Legend. Iki ngono kapene diantemi raimu!

Nah ngonolah rek karepe arek Suroboyo iku. Gak kabeh pisuhane awak dewe iku berarti ngamok. Malahan lek kon wes dadi koncoku suwi, tambah tak pisui sak bendino. Wes ngono sek yo. Salam Jancok, Long Live Sujiwo Tejo!

WOCONEN TULISAN LIYANE IKI COK Ucapkan Jancuk dengan Fasih Sesuai Tajwid Surabaya nek gak tulisan seko daerah liyane ndik rubrik RERASAN.

Exit mobile version