Memange sing Entuk Selfi, Gur sing Ayu karo Seksi, tok? - Mojok.co
  • Cara Kirim Artikel
Mojok
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
    • Bertamu Seru
    • Geliat Warga
    • Goyang Lidah
    • Jogja Bawah Tanah
    • Ziarah
    • Seni
  • Kilas
    • Ekonomi
    • Hiburan
    • Hukum
    • Kesehatan
    • Luar Negeri
    • Olah Raga
    • Pendidikan
    • Politik
    • Sosial
    • Tekno
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Uneg-uneg
  • Movi
  • Terminal
  • Kanal Pemilu
  • Esai
  • Liputan
    • Bertamu Seru
    • Geliat Warga
    • Goyang Lidah
    • Jogja Bawah Tanah
    • Ziarah
    • Seni
  • Kilas
    • Ekonomi
    • Hiburan
    • Hukum
    • Kesehatan
    • Luar Negeri
    • Olah Raga
    • Pendidikan
    • Politik
    • Sosial
    • Tekno
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Uneg-uneg
  • Movi
  • Terminal
  • Kanal Pemilu
Logo Mojok
Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Esai
  • Liputan
  • Kilas
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Uneg-uneg
  • Movi
  • Terminal
  • Kanal Pemilu
Beranda Corak Rerasan

Memange sing Entuk Selfi, Gur sing Ayu karo Seksi, tok?

Margaretha Diana oleh Margaretha Diana
27 Juli 2018
0
A A
ilustrasi Ini Pentingnya Kasih Undangan Pernikahan ke Mantan mojok.co
Bagikan ke FacebookBagikan ke TwitterBagikan ke WhatsApp

MOJOK.CO – Sing jenenge selfi apa ya gur nduweke wong ayu tur seksi? Njuk sing ora ayu, ora seksi, ora entuk selfi? Manungsa kok dikon mangan legi-legi wae, ya krasa munek. Kadang nggolek pare sing rada pait, apa lombok sik isa ngrasakne pedes tho?

Ana bocah wedok loro, lagi sibuk selfi nang andingku. Cekrak cekrek nganggo pirang-pirang gaya, njuk ya ora sakdiluk le njupuk foto. Kahanan kaya ngunu iku, uwes kulina ditemukna, nang papan sing diarani tempat wisata, area jalan-jalan berwisata ria.

Rampung njupuk foto, bocah-bocah kuwi njuk lungguh nang sisih tengenku. Do cekikikan karo geguyonan, milihi foto-foto sing bar dijupuk. Aku ya sante wae kaya nang pantai, masiya area wisata sing lagi tak jagongi iku nang nduwur gunung.

Hla ngapa meh dirusuhi, wong ya kuwi hak pribadine bocah wedok loro kuwi. Aku dewe ya mending ngrikiti jagung bakar sing nembe tak tuku, anget-anget pedes legi semlenget, pas banget karo kahanan nang kana, sing hawane adem-adem semribit marai pengen ana sing ngekep. Eh.

Rampung padha milihi foto, bocah loro kuwi njuk lunga, golek panggon liyane kanggo foto-foto. Masiya ya paling foto sing dihasilke, horak ngetokna suasana pemandangan alam sing apik. Ha wong foto-fotone ya gur foto close up jew, kepiye meh ketok panggen-panggen apik sing nang tempat wisata?

Durung suwi bocah loro kuwi mingkur, kok ana mbak-mbak ayu saka rombongan sing padha lagi lingguh nang sisih kiwaku mbuang omongan,

Baca Juga:

100 tahun chairil anwar mojok.co

100 Tahun Chairil Anwar, Ini 3 Fakta yang Jarang Diketahui Orang

15 Juli 2022
ilustrasi Seperti Dendam, Rindu Harus Dibayar Tuntas yang Bajingan mojok.co

Film Seperti Dendam, Rindu Harus Dibayar Tuntas yang Bajingan

30 November 2021

“Halah, wong rupa elek wae selfa selfi tok isine. Ayu ora, seksi ya ora, kok padha kakean nggaya. Paling ya mengko diaplot nang instagram apa efbi, diedit entek-entekan, ben ketok putih, ayu tur seksi. Padahal asline ya ngono kuwi.…”

Mak jleb, rasane aku kudu keselek telo godok, padahal aku iku lagi ngrikiti jagung bakar, lho.

Sakjanne, aku iku rak nate nduwe masalah, karo mbak-mbak ayu model kaya apapun. Justru aku lewih sering gumun tur kagum, nek ana wong wedok sing isa konsisten ayu ora ngenal wektu. Tapi, krungu omongane mbak-mbak ayu siji kuwi mau, rasane kok aku kudu ngejak mbak-mbak kuwi ngopi-ngopi cantik ala Juleha. Dudu Jessica lo ya. Iki gur Juleha, sing kulina ngganti gula pasir, karo uyah alus nek nggawe kopi.

Ndilalah dina iku, mbuh kepiye, aku kok tumbenan, nduwe bakat alami, isa masang rupa nggapleki komplit sak ekspresine (padahal asline ya pancen nggapleki). Dadine, pas aku mlerok nang mbak-mbak ayu kuwi, dekne isa puwas cenderung kepengen ngepruk aku karo sepatune sing ora kalah ayu karo sing nganggo.

Mbak kuwi pancen ayu, raine mlesnong, alise nanggal sepisan, dudu nanggal tuwa sing marahi kokehan utang. Kulitane resik, rambute ya apik.

Dina iku, mbak-mbak kuwi nganggo make up sing warnane ya apik. Coklat sewarna lemah, ketok sederhana, nanging sedep disawang, marai wong lanang isa lali karo utang. Hihihi….

Masiya ana sing omong, nek mbak-mbak kaya mbak kuwi iku paling ayu jalaran sering dolan nang salon, ning aku tetep wae gumun karo kagum. Amarga, njaga konsistensi dadi wong ayu iku ora gampang, tur ya ora murah.

Padha karo judul bukune Eka Kurniawan, Cantik Itu Luka. Perkoro dadi wong ayu iku pancen akeh lorone, masiya nek disawang ya gur ketok seneng lan nyenengke.

Sing kesiji, dadi wong ayu iku ya kadang dadi korban ‘pelabelan’ alias cap-capan. Bahwa jarene, wong ayu kuwi rata-rata gur ayu rupane, tapi bodho, ora isa mikir dawa. Durung meneh, mbuh seringe, wong ayu ya dadi korban cangkem-cangkem usil sing seneng nggoda, utowa nyelelek colak colek dipadhakne sambel nang cowek.

Sing keloro, macak ayu iku ya ora gampang, kadang butuh pengorbanan. Misale kaya mbak-mbak sing padha wani nyulam alis, apa nyuntik botox nang raine, kuwi ya kudu nduwe mental lan ati sing teteg. Apa meneh nek ana sing njuk nekat operasi plastik mbarang, kuwi jian top tenan nek nahan lara.

Ha piye ora top, ngene ketemu dom suntik nang Puskesmas wae kadang kudu mlayu sipat kucing. Wes mending maturnuwun mboten usah kemawon, bilih mbayangke pipi dientupi dom sing isine cairan botox.

Sing ketelu, ya kuwi mau, dadi wong ayu iku ya ora murah ragate. Jajalo, dolan nang konter kosmetik nang emol-emol kana, apa ana rego lipstik sing padha karo rego akuwa gelas? Apa sampeyan isa nemu wedak sing regone padha karo chiki?

Ora tho?

Ngono iku sebabe kenapa, Cantik Itu Luka, amarga, ora gur nggawe luka nang kulit kanggo nyuntikno botox, tapi uga nggawe ‘luka’ nang dompet karo ATM sak-kemenge. Hehehe….

Balik meneh nang mbak-mbak ayu mau iku.

Pokoke, mbak kuwi pancen ayu, kaya widadari nyasar nang tengah alas. Ning sayange kok komentare nggawe gelo tur ora enak dirungokne. Kok kaya ora ana kalimat liyane wae sing isa diucapke.

Ya masiya bocah wedok loro kuwi mau pancen ora seayu mbak-ke, tapi kan ya ora perlu diomongke. Apa urusane mbak-mbak kuwi kok kudu repot ngurusi ayu orane wong liya. Hawong kuwi kan urus-urusane Gusti Ingkang Murbeng, sing nggawe urip, sing ngekei rupa manungsa. Arep ayu, arep elek, kuwi kan uwes rejeki saka lahir.

Njuk sing jenenge selfi, apa ya gur nduweke wong ayu tur seksi? Njuk sing ora ayu, ora seksi, ora entuk selfi? Aturane sapa tho, sing nggawe nang ndunya iki, nek sing ora ayu tur seksi, ora entuk selfi?

Hambok meh selfi model kaya apa wae. Meh ayu apa ora sing selfi, meh seksi, kuru apa lemu, kuwi kan ya hak pribadi kabeh-kabeh uwong.

Wong ya henpon sing dienggo selfi kuwi henpone dewe. Kuota data sing digawe ngaplot foto nang media sosial, kan ya tuku dewe. Ora nodong apa nyadong. Kena apa kok mesti okeh sing ribut tur iyig komentar ora enak?

Nek ora seneng mbok ya ora usah disawang. Ora perlu njuk ngece apa ngelarang wong liyo kon ora usah selfi. Njuk ya apa media sosial iku gur isa diisi nang foto-fotone wong sing ayu tok? Apa ya ora bakal mboseni?

Hawong manungsa kok dikon mangan legi-legi wae, ya krasa munek. Kadang nggolek pare sing rodo pait, apa lombok sik isa ngrasakne pedes tho?

Wong wedok kuwi, meh pesek apa mancung, kuru apa lemu, elek apa ayu, ki ya sakjane ora perlu saing-saingan. Dudu sapa sing paling, dudu sapa sing luwih linuwih saka liyane.

Masiya manungsa iku pancen lucu, kadang gelo, nek weruh wong liya seneng. Mestine jenenge manungsa, nek weruh wong liya seneng, sepanjang ora ngrugikna, ya kudune melu seneng, ora njuk malah gelo keronto-ronto.

Mangan peyek peyeke teri, masiya pesek tapi ngangeni.

Tuku puthu tiba nang kali, masiya ayu kadang ya mboseni.

Mripat belek lali ngobatine, ayu elek padha wedoke.

Entuk blewah nang warunge Pak Salah, nek padha congkrah gur gawe bubrah.

Terakhir diperbarui pada 26 Juli 2018 oleh

Tags: cantik itu lukadadanEka Kurniawanmake-upperawatansalonselfiwedokwong ayuwong elekwong narsis
Margaretha Diana

Margaretha Diana

Ibu dua anak. Tinggal di Semarang,

Artikel Terkait

100 tahun chairil anwar mojok.co
Kilas

100 Tahun Chairil Anwar, Ini 3 Fakta yang Jarang Diketahui Orang

15 Juli 2022
ilustrasi Seperti Dendam, Rindu Harus Dibayar Tuntas yang Bajingan mojok.co
Pojokan

Film Seperti Dendam, Rindu Harus Dibayar Tuntas yang Bajingan

30 November 2021
Eka-Kurniawan-MOJOK Gara-gara Kutipan 'Cantik Itu Luka', Novelis Eka Kurniawan Diserang Akun Kecil
Kilas

Gara-gara Kutipan ‘Cantik Itu Luka’, Novelis Eka Kurniawan Diserang Akun Kecil

6 Oktober 2021
Tere Liye dan Eka Kurniawan Itu Tidak Berbahaya sampai Mereka Membawa Polisi ke Rumah Pembajak Buku MOJOK.CO
Esai

Tere Liye dan Eka Kurniawan Itu Tidak Berbahaya sampai Mereka Membawa Polisi ke Rumah Pembajak Buku

29 Mei 2021
Muat Lebih Banyak
Pos Selanjutnya
Wanita Salihah dalam Kilogram

Terjebak Salah Kaprah Bahasa Indonesia, dari ‘Titip Absen’ Hingga ‘Haru Biru’

Tinggalkan Komentar


Terpopuler Sepekan

ilustrasi Ini Pentingnya Kasih Undangan Pernikahan ke Mantan mojok.co

Memange sing Entuk Selfi, Gur sing Ayu karo Seksi, tok?

27 Juli 2018
tapak suci mojok.co

Mengenal Tapak Suci, Perguruan Silat dari Jogja Gabungan 3 Aliran

5 Juni 2023
po putra remaja

PO Putra Remaja, Bus Legendaris Milik Mantan Kondektur Ramayana

7 Juni 2023
Bus Handoyo Mengawal Setiap Tragedi yang Terjadi di antara Lumajang dan Wonosobo MOJOK.CO

Bus Handoyo Mengawal Setiap Tragedi yang Terjadi di antara Lumajang dan Wonosobo

6 Juni 2023
Perjalanan PO Santoso, Bus Legendaris dari Magelang yang Didirikan Seorang Dokter. MOJOK.CO

Perjalanan PO Santoso, Bus Legendaris dari Magelang yang Didirikan Seorang Dokter

2 Juni 2023
Segini Biaya yang Mesti Disiapkan Kalau Lolos Ujian Mandiri UGM. MOJOK.CO

Segini Biaya yang Mesti Disiapkan Kalau Lolos Ujian Mandiri UGM

30 Mei 2023
Meratapi Tabungan Ratusan Juta dan Uang Pensiun Akibat Tergiur Hunian Murah di Tanah Kas Desa . MOJOK.CO

Meratapi Tabungan Ratusan Juta dan Uang Pensiun akibat Tergiur Hunian Murah di Tanah Kas Desa 

1 Juni 2023

Newsletter Mojok

* indicates required

  • Tentang
  • Kru Mojok
  • Disclaimer
  • Kontak
  • Pedoman Media Siber
  • Kebijakan Privasi
DMCA.com Protection Status

© 2023 MOJOK.CO - All Rights Reserved.

Tidak Ada Hasil
Lihat Semua Hasil
  • Kanal Pemilu 2024
  • Esai
  • Liputan
    • Bertamu Seru
    • Geliat Warga
    • Goyang Lidah
    • Jogja Bawah Tanah
    • Pameran
    • Panggung
    • Ziarah
  • Kilas
    • Ekonomi
    • Hiburan
    • Hukum
    • Kesehatan
    • Luar Negeri
    • Olah Raga
    • Pendidikan
    • Sosial
    • Tekno
  • Konter
  • Otomojok
  • Malam Jumat
  • Uneg-Uneg
  • Movi
  • Terminal Mojok
  • Mau Kirim Artikel?

© 2023 MOJOK.CO - All Rights Reserved.

Welcome Back!

Login to your account below

Forgotten Password?

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In